Quran Suci Jarwa Jawi

Transcription

Quran Suci Jarwa Jawi
QUR’AN SUCI
JARWA JAWI
DALAH TAFSIRIPUN
Maulana Muhammad Ali
www.aaiil.org
SURAT 67
AL-MULK
(Karaton)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(2 ruku’, 30 ayat)
Pathinipun:
Ruku’
Ruku’
1.
2.
Karatoning Allah.
Siksanipun para kafir.
Katerangan gerban
Wiwit surat punika dumugi telas-telasaning Quran wonten sekawandasa wolu surat malih, sadaya
punika kadhawuhaken wonten ing Makkah (Makkiyah), kajawi surat ingkang kaping 10, ingkang
kagolong ing jaman Madinah, sanajan ta surat wau anggènipun katurunaken ugi wonten ing Makkah,
inggih punika nalika Kanjeng Nabi pinuju wonten ing Makkah ing kalanipun tindak ngibadah haji
ingkang pungkasan. Surat-surat wau sadaya isi piweca bab kaluhuran ingkang badhé dipun gayuh
déning Islam tuwin bab cabaripun para mengsah-mengsahipun Islam, wonten ingkang mawi
tetembungan ingkang cetha pratéla, wonten ingkang mawi tetembungan ngibarat. Nadyan ingkang
kathah surat-surat wau kagolong wahyu ingkang katampi déning Kanjeng Nabi nalika jaman wiwitan
piyambak, piweca-piweca ingkang kasebut wonten ing ngriku punika asring sanget magepokan kaliyan
Islam ing tembé wingkingipun ingkang taksih nyamut-nyamut kelampahanipun, sarta mesthi kémawon
boten kawatesan namung sumiyaripun Islam ing tanah Arab kémawon, lan boten kawatesan namung
ing nalika jaman sugengipun Kanjeng Nabi thok. Bab prakawis kawontenanipun piyambak-piyambak
satunggal-tunggaling surat wau, badhé kapratélakaken wonten ing katrangan ingkang mangka
purwakaning saben surat kados adat saben; nanging katerangan ingkang kasebut ing nginggil wau
cekap kanggé anerangaken bab kawontenanipun ingkang umum surat-surat wau lan kanggé nerangaken
sasambetanipun satunggal kaliyan satunggalipun.
Déné namanipun surat punika, punika pipiridan saking pratélan ingkang kasebut ing ayat ingkang
wiwitan piyambak, inggih punika: karaton punika wonten ing astanipun Allah; wosipun, ambuktèkaken
bilih karaton ingkang miturut basanipun piweca kasebut karatoning Allah, punika ing samangké
sampun wiwit dipun jumenengaken wonten ing bumi. Lajenging pangandika wigatos dhawuh
anggatosaken dhateng sampurnaning tumindakipun angger-anggering Pangéran wonten ing alam
wadhag, sarta saking ngriku angsal pupuntoning panglimbang-limbang, bilih awon punika mesthi
atemahan awon, saé ngedalaken woh saé. Ruku’ ingkang kaping kalih mangandikakaken siksa ingkang
calon badhé andhawahi para kafir margi anggènipun boten purun atur panuwun dhateng Pangéran; déné
boten atur panuwun dhateng Pangéran wonten ing ngriki, punika anggènipun para kafir wau boten
purun sami migunakaken indriya paparinging Allah ingkang kanggé ambédakaken antawisipun yakti
lan panggorohan, lan ingkang milujengaken piyambakipun saking barang ingkang sakinten badhé
mahanani karisakan.
_____________
Surat 67
Karatoning Allah
1511
RUKU’ 1
Karatoning Allah
1-2. Karaton sarta pejah gesang punika kagunganipun Allah. 3-5. Kasawijèning
warninipun angger-anggeripuin Allah.6-8. Wawales saé lan awon.
JUZ XXIX
Kalawan
asmaning
Allah
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Mahabarkah Panjenengané,
kang karaton iku ana ing asta-Né,
sarta Panjenengané iku marang
samubarang kawasa,2526
2 Kang anitahaké pati lan urip,
supaya Panjenengané anyoba ing
sira – sapa sing luwih becik
lakuné, lan Panjenengané iku
Ingkang-Kinawasa,
IngkangAparamarta,2527
2526. Surat-surat Makkiyah ingkang celak-celak, punika ingkang kathah-kathah kénging karacak
mesthi kagolong wahyu ingkang tumurun dhateng Kanjeng Nabi Suci ing nalika jaman wiwitan.
Surat-surat wau asring mangandikakaken kalayan sabda pangandika ingkang cumeplos ing bab
kaagunganipun Gusti Allah. Pratélan ing ngriki ingkang mangandikaken bilih karaton punika
kagunganipun Allah tuwin bilih Panjenenganipun punika nguwaosi ing samubarang, punika kados déné
pratélan ingkang ngemu piweca badhé jumenengipun karatoning Islam, ingkang menggah ing sajatosjatosipun punika karatonipun Allah. Kula aturi nyundhukaken dhawuh punika kaliyan pangandikanipun
Kanjeng Nabi ‘Isa ingkang mungel makaten: “karatoning Allah bakal pinundhut saka ing kowé, banjur
kaparingaké marang sawijining bangsa kang angetokaké wohé” (Mat. 21:43).
2527. Angger-angger “gesang lan pejah’ utawi “tumuwuh lan risak,” punika tumindak wonten ing
sagung dumadi. Nanging tumrap manusa, tumindakipun angger-angger wau wonten maksudipun
ingkang mligi, jalaran pejah punika boten dados wekasaning gesangipun manusa, wangsul menggah ing
sajatos-jatosipun pejah punika dados pancadan ingkang wiwitan kanggé murwani gesang énggal tumrap
kamajenganing ruhani. Dados gesang ing ngalam donya, punika tumrap manusa dados
panggemblèngan, inggih punika dados sarana kanggé ambabar sifat-sifatipun ingkang sumingid,
kanggé anindakaken kasaénan. Nanging tumrap manusa, gesang lan pejah wau wonten maksudipun
sanès ingkang langkung lebet, inggih punika gesang lan pejahipun umat utawi bangsa, sarta inggih
gesang lan pejahipun umat punika, ingkang asring kapangandikakaken déning Quran Suci. Umat-umat
ingkang tumindak awon kasirnakaken, umat sanès kajumenengaken minangka gegentosipun, supados
sami nindakaken kasaénan. Umat wau saged gesang namung ing sadangunipun piyambakipun langkung
kathah anggènipun adamel kasaénan dhateng manusa katimbang lan anggènipun adamel pituna;
milanipun samangsa piyambakipun wiwit manggung gesang suka pari suka, gesang tungkul ing
kamuktèn, saha ketungkul nindakaken awon, boten kénging boten mesthi badhé nemahi karisakan.
Ungeling dhawuh punika kula aturi nocogaken kaliyan dhawuh ing 7: 129, ingkang tumuju dhateng
titiyang Yahudi, ingkang mungel makaten “Manawa-manawa Pangéranira karsa anyirnakaké
mungsuhira sarta amisuda sira dadi pamaréntah ing bumi, tumuli Panjenengané bakal amirsani kapriyé
panggawénira.” Lan kula aturi nocogaken kaliyan dhawuh ing 10: 14, ingkang tumuju dhateng titiyang
1512
Ut. sungsunsungsun
Karaton
Juz XXIX
3 Kang anitahaké langit pitu
padha;2528 sira ora andeleng ana
gègèsèhané ing sajroning titahé
Ingkang-Mahamurah; lah delengen
manèh apa sira bisa weruh ana
bléroné?2529
4 Banjur andelenga manèh bolabali; pandelengira bakal kuwur bali
marang awakira sarta kesel.
Ar. diyandiyan
5 Lan sayekti temen Ingsun
angrerengga langit donya kalawan
papadhang-papadhang sarta iki
Ingsun gawé dadi sarana pangiraira tumrap para sétan,2530 lan Ingsun anyepakaké tumrap marang
dhèwèké siksa geni murub.
Muslimin, ingkang mungel makaten: “tumuli Ingsun andadèkaké sira dadi para pamarentah ing bumi
ing sapungkuré dhèwèké, amurih Ingsun amirsanana, kapriyé tindakira.”
2528. Anggèn kula anjarwani tembung thibâqâ béda kaliyan jarwan ingkang sampun kaprah. Déné
jarwan kula punika, awawaton ungel-ungelan ingkang kasebutaken déning LL wonten ing bab tembung
thabq, ingkang awawaton IA’r tuwin ngulami sanès, makaten
Jawinipun: barang iki jodhoné iki, utawi cundhuk utawi cocog karo iki, utawi padhané iki. Langkunglangkung malih teges punika nocogi kaliyan suraosing dhawuh, jalaran ayat punika ing salajengipun
nerangaken kawontenanipun sagung dumadi ingkang nunggil cakrikipun.
2529. Dhawuh punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng angger-angger ingkang tumindak
anyrambahi ing sagung dumadi, ingkang sifatipun sarwa laras saha runtut. Sagung dumadi boten
wonten galap gangsulipun, liripun boten kelampahan wonten barang-barang ingkang nunggil golongan
kerèh ing angger-angger ingkang béda-béda; makaten ugi inggih boten wonten bléronipun (futhur,
ingkang déning Rgh dipun jarwani ikhtilâl, bosah-basih lan tanpa tatanan), liripun, boten kelampahan
wonten angger-angger ingkang tumindakipun boten sarwa laras. Nadyan sampun boten wonten
semang-semangipun malih, bilih ayat punika mengku karsa dhawuh anggatosaken ing wontenipun
Pangéran Ingkang-Mahaluhur, ingkang kaseksèn ing angger-angger ingkang sarwa laras saha sarwa
runtut, ingkang tumindak anyrambahi ing sagung dumadi punika, éwadéné taksih wonten malih
maksudipun ingkang mligi, inggih punika dhawuh migatosaken dhateng angger-angger ruhani, ingkang
tumindakipun inggih sarwa runtut, kadosta awon lan saé mesthi nguwuhaken wawales piyambakpiyambak.
2530. Papadhang ingkang dipun anggé madhangi langit ing donya inggih punika lintang-lintang,
punika sami dipun anggé sarana nginten-inten lalampahan ingkang badhé dhateng déning para tukang
pethèk. Makaten punika suraosipun ingkang cetha dhawuh punika. Tembung rujum punika jama’-ipun
tembung rajam. Nalika nerangaken tegesipun tembung wau, I’As mawi nerangaken makaten “Rajm
tegesipun nginten-inten prakawis ingkang boten kasebutaken déning Gusti Allah.” Salajengipun
panjenenganipun mastani, para munajjîm (para tukang pethèk mirid lampahing lintang-lintang), para
kâhin (para tukang jangka) tuwin para sâhir (para juru-kemayan), punika sagolongan pangandikanipun:
“milanipun panjenenganipun (inggih punika Kanjeng Nabi, ingkang hadits pangandikanipun
katerangaken wonten ing ngriku) nganggep para tukang pethèk palintangan, inggih punika para ingkang
sami nyinau bab lintang-lintang kanggé andhawahaken pancasan, saha ingkang mastani bilih
lintang-iintang andayani awon utawi saé, punika sami tiyang kafir.” Rgh nalika nerangaken tembung-
Surat 67
Karatoning Allah
1513
6 Lan tumrap para kang padha
kafir marang Pangérané, siksa
naraka, lan ala pangungsèn iku.*
7 Samangsané dhèwèké dicemplungaké ing kono, bakal padha
ngrungu pangadhuhé kang seru,
kang sartané umob.
8 Kaya anjeblos-jeblosa saking
muring. Saben ana grombolan dicemplungaké ing kono, sing njaga
takon marang dhèwèké: apa ora
ana juru-pépéling sing nekani
kowé?
Ar. ageng
9 Bakal padha mangsuli: Inggih
saèstu sampun wonten juru-pèpènget andhatengi kawula, ananging
kula sami anggorohaken sarwi
wicanten: Allah boten nurunaken
punapa-punapa: malah sampéyan
punika dumunung ing sasar ingkang sanget.
10 Lan bakal padha calathu:
Mungguh aku biyèn angrungokna
utawa amikir-mikira ora bakal aku
dadi èwoné wong kang padha
manggon ing geni kang murub.
11 Banjur dhèwèké padha ngrumangsani marang kaluputané;
mulané, adoh tumrap para kang
manggon ing geni murub iku (saka
ing kabecikan).
-tembung wau mawi nerangaken makaten: “lan tembung rajm punika sacara éntar dipun anggé kalayan
mengku teges panginten-inten tuwin pangothak-athik.” LL ugi negesi makaten wau tumrap ing ayat
punika, kalayan awawaton Bd tuwin TA makaten: “Ingsun wis andadèkaké iku dadi sarananing
ngira-ira tumrap para sétaning manusa inggih punika para tukang pethèk palintangan.” Dados ingkang
dipun karsakaken wonten ing ngriki punika para tukang pethèk palintangan, ingkang sami ngapusi
tiyang kathah sarana nyariyosi prakawis warni-warni, ingkang manut pangakenipun saged kasumerepan
saking lintang-lintang. Para titiyang wau sami kaparingan dhawuh, bilih sami badhé angsal siksa urub
margi anggènipun ulah panggorohan nginten-inten wau.
*
1514
Karaton
Juz XXIX
12 Wondéné para kang padha
wedi ing Pangérané ing dalem
pasepèn, bakal padha pinaringan
pangapura sarta ganjaran gedhé.
Ar. dhadha
13 Lan sira singidna calathunira
utawa sira wedhara, sayekti Panjenengané iku Angudanèni apa kang
ana sajroning ati.
14 Apa Panjenengané, Kanganitahaké, iku ora uninga? Lan
Panjenengané iku Ingkang-Anguningani sabarang kang lembutlembut, Ingkang-Waspada.
RUKU’ 2
Siksanipun para kafir
15-19. Pidana punika sampun tamtu ananging Allah Ingkang-Mahawelas
anyandhèkaken. 20-22. Anggènipun tanpa daya. 23-24. Kamurahanipun Pangéran. 23-30.
Siksa punika sampun tamtu.
Ar. tangi
Ar. dhèwèké
15 Panjenengan iku kang wus
andadèkaké bumi lètèr tumrap marang sira, mulané padha anjajaha
ing lumahé kang jembar sarta
padha mangana rijekiné, tuwin
marang Panjenengané bali sawisé
mati iku.
16 Apa sira wis rumasa aman
saka kang ana ing langit yèn
Panjenengané angarsakaké bumi
anguntal ing sira? Elo! coba delengen, buminé arep oreg.2531
17 Utawa apa sira wis rumasa
aman saka kang ana ing langit, yèn
Panjenengané anurunaké siksa
marang sira? Lah sira bakal weruh,
kaya apa pépéling-Ingsun.
2531. Kang ana ing langit, punika tegesipun para malaikat ingkang sami tinanggenah
andhawahaken siksa dhateng para mengsahipun yakti (Bd). Utawi ingkang dipun karsakaken ing
dhawuh punika Panjenengané kang ana ing langit, liripun Panjenengané kang dhawuhé kinawasa ana
Surat 67
Ar. anggonIngsun angowahi kahanané
Siksanipun para kafir
1515
18 Lan temen, para (wong) ing
sadurung dhèwèké padha anggorohaké (kasunyatan), banjur kaya
apa ora-sarju-Ningsun.
19 Apa dhèwèké padha ora
anyawang marang manuk-manuk
kang ana ing dhuwuré angegaraké
(suwiwiné) sarta angingkupaké?
Apa sing nahan awaké kajaba
Ingkang-Mahamurah?
Sayekti
Panjenengané amriksani samubarang.2532
20 Utawa sapa ta sing bakal dadi
wadyabala tumrap marang sira,
(sing) bakal mitulungi sira, saliyané Ingkang-Mahamurah? Ora
liya para kafir iku kajaba dumunung ing panasaran.
21 Utawa, sapa ta bakal awèh
rijeki marang sira, manawa Panjenengané anahan rijeki-Né? O,
dhèwèké malah andarung anggoné
anginakaké lan angedohi.2533
Ar. apa
pituduh
Ar. olèh
22 Lah apa wong sing lumaku
andhungkluk, rainé tumungkul, luwih weruh dalan tinimbang wong
sing lumaku jejeg ngambah dalan
bener.2534
ing langit wondéné “dhawuh ingkang wonten ing langit” kasebutaken, punika kanggé anélakaken bilih
Panjenenganipun kawasa andhawahaken siksa, ingkang boten saged dipun singkiri déning sintena
kémawon.
2532. Peksi-peksi katahan, punika mengku teges kamenanganipun Islam kasumenèkaken. Mila
mengku teges makaten, awit peksi punika katembungaken tut wingking wadyabala ingkang menang
(mirsanana 1387). Pandangon ing ayat candhakipun, sinten ingkang badhé mitulungi piyambakipun,
punika angiyataken teges makaten wau.
2533. Punika ugi piweca rejekinipun nyata katahan nalika ing nagari Makkah wonten paceklik
ageng. Piweca-piweca bab prakawis punika kathah sanget wonten ing Quran Suci, sami ugi kasebut
wonten ing wahyu ingkang tumurun kantun. Mirsanana 2269.
2534. Tiyang ingkang lumampah “andhungkluk rainé tumungkul” punika tiyang ingkang
sempoyongan lampahipun sarta kejungkel-jungkel saben anjangkah, margi saking boten katuntun ing
yakti.
1516
Karaton
Juz XXIX
23 Calathua: Panjenengané iku
kang anuwuhaké sira sarta andamelaké sira pangrungu lan pandeleng sarta ati: sathithik anggonira
padha atur panuwun.
24 Calathua: Panjenengané kang
andadèkaké sira babranahan ing
bumi lan marang Panjenengané
anggoné sira bakal diimpun.
25 Dhèwèké bakal padha calathu:
Kapan bakal kalakoné ancaman iki,
manawa kowé iku wong temen.
26 Calathua: kawruh (prakara
iku) mung ana ing ngarsaning
Allah, sarta aku iki mung jurupépéling kang terang.
Ut. ala
27 Ananging bareng dhèwèké
weruh (siksa) iku wis cepak, wong
kang padha kafir padha (katon) susah rainé, sarta bakal padha dicalathoni: yaiki sing koajab adaté kaé.
28 Calathua: apa sira padha
mawas manawa Allah bakal anglebur aku sarta sapa-sapa kang
nyartani aku – malah Panjenengané
bakal kagungan welas marang aku;
banjur sapa sing bakal ngayomi
para kafir saka siksa kang nglarani?2535
29 Calathua: Panjenengané iku
Ingkang-Mahamurah, aku padha
angèstu ing Panjenengané sarta
marang Panjenengané kumandelku; tumuli sira bakal padha weruh
sapa sing dumunung ing sasar kang
terang.
2535. Suraosipun, kalayan sawarnining sarana tiyang duraka badhé kapurih tanggel saha nandhang
wohipun ingkang awon sabarang ingkang sampun katindakaken, sami ugi punapa nalika Kanjeng Nabi
Surat 67
Siksanipun para kafir
1517
30 Calathua: Apa wawasanira,
manawa banyunira ambles mangisor, lah sapa sing anekakaké banyu
ilèn marang sira?
dalah para sahabatipun taksih sugeng punapa sampun séda. Semang-semang dhateng ganjaranipun
tiyang tulus kasirnakaken sami sanalika déning dhawuh ingkang mungel malah Panjenengané bakal
kagungan welas marang aku. Jalaran, au punika tegesipun malah; mirsanana LL ingkang nyebutaken
Mgh.
______________
SURAT 68
AL-QALAM
(Kalam = Pèn)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(2 ruku’, 52 ayat)
Pathinipun:
Ruku’
Ruku’
1.
2.
Sanès ayahanipun tiyang éwah.
Pèpènget tumrap sadaya bangsa.
Katerangan gerban
Nalika Kanjeng Nabi andhatengaken ayahan ingkang kaampil, ing sakawit para titiyang kafir sami
mastani panjenenganipun punika tiyang éwah; lah surat punika gagandhèngan kaliyan pandakwa
makaten wau. Pamangsèn lan kalam lan barang ingkang kaserat dipun anggé pasaksi, bilih sadaya
ingkang kadhawuhaken déning Kanjeng Nabi punika sanès ungelipun tiyang éwah; lah inggih awit
saking kawontenan punika déné surat punika kanamakaken makaten wau. Kados pundi anggènipun
barang-barang wau sadaya suka pasaksi dhateng kayektènipun Kanjeng Nabi, katerangaken wonten ing
2536. Ruku’ ingkang sapisan dipun wekasi kalayan sanépa, ingkang kalayan cetha mecakakaken bilih
sadaya panglawanipun para titiyang Makkah dhateng Kanjeng Nabi punika mesthi badhé boten angsal
damel babar pisan, sarta temahanipun para titiyang wau mesthi badhé keduwung déning sabarang
ingkang sampun katindakaken. Ruku’ ingkang kaping kalih migatosaken seserepan bab prakawis
ingkang badhé kelampahan ing wekdal ingkang badhé dhateng, ingkang kawedharaken lantaran Quran
Suci; Kanjeng Nabi dipun dhawuhi supados panjenenganipun angentosi kémawon kalayan sabar kasil
angsal-angsalaning pakaryanipun; Kanjeng Nabi Yunus kasebutaken kanggé conto, ingkang wigatos
anerangaken bilih cobi lan panandhang, punika tarkadhang sok damel semang-semang dhateng bab
angsal-angsalaning damel wau, sanajan ta sampun genah mesthi badhé kelampahan saèstu; surat punika
pinungkasan kalayan pratélan ingkang nerangaken bilih Kanjeng Nabi punika boten namung sanès
tiyang éwah kémawon, nanging dalasan ayahan ingkang dipun ampil, punika rèhning pèpènget tumrap
sadaya umat, ing wasananipun mesthi badhé ngangkat ing ngaluhur sagung para manusa sadaya. Kedah
dipun pèngeti bilih wonten ing surat punika, ingkang ingakenan salah satunggaling dhawuh ingkang
tumurun nalika jaman wiwitan, ayahanipun Quran Suci punika kadhawuhaken manawi tumrap sadaya
umat.
Titimangsaning tumurunipun
Bab prakawis titimangsaning tumurunipun, pamanggihipun para saged mastani ing wekdal ingkang
wiwitan sanget, ngantos surat punika limrahipun kaanggep surat ingkang kaping kalih menggah ing
urut-urutaning tumurunipun. Nanging rèhning hadits-hadits ingkang kénging pinitados nerangaken bilih
surat ingkang kaping 7 ingkang tumurun angka kalih, mila saged-sagedipun surat punika kapapanaken
ing sasampunipun surat ingkang kaping 7 wau. Tuwan Muir lan para titiyang ingkang ngrujuki
pamanggihipun, anggadhahi pamanggih bilih surat punika tumurunipun nalika ngajengaken pungkasanipun jaman Makkah wiwitan, nanging punika genah klèntu. Sampun boten wonten semang-semangipun
malih bilih pandakwanipun para kafir ingkang wiwitan dhateng Kanjeng Nabi, punika andakwa bilih
panjenenganipun punika tiyang éwah; inggih pandakwa punika, ingkang kapangandikakaken déning
surat punika; bab prakawis punika sampun genah tur mawi sanget, manawi nitik saking ayat ingkang
angka kalih saha ayat ingkang pungkasan piyambak. ingkang makaten wau anedahaken kalayan cetha
bilih surat punika salah satunggaling dhawuh ingkang tumurun rumiyin piyambak.
______________________
Surat 68
Sanès ayahaning tiyang éwah
1519
RUKU’ 1
Sanès ayahanipun tiyang éwah
1-7. Pakartinipun Kanjeng Nabi ingkang luhur dalah pasaksènipun. 8-16. Tiyang
ingkang kumaluhur-luhur badhé dipun asoraken. 17-33. Sanépa ingkang nedahaken, bilih
ingkang ngalang-alangi boten badhé subur.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 (Waspadakna) pamangsèn2536
lan pèn sarta apa kang padha
ditulis,
2 Kalawan kanugrahaning Pangéranira sira iku dudu wong
owah.2537
2536. Nun punika sanès aksara kanggé pangringkesing tembung, nanging tembung, ingkang
tegesipun pamangsén. Az boten nyarujuki katerangan punika wonten ing TA, mawi waton: manawi
ateges wadhah mangsi, nun mesthi kaserat kados déné tembung boten kaserat kados déné aksara.
Nanging ing pinten-pinten panggènan Quran sok boten manut caraning panyerat kados ingkang
limrah-limrah sarta nglastantunaken caraning panyerat kados déné ingkang pinanggih wonten ing
seratan Quran ingkang sakawit, ingkang lajeng dados babonipun sadaya tetedhakan seratan Quran.
Langkung-langkung wonten pasaksènipun mufassir-mufassir ingkang kina piyambak, ingkang nerangaken bilih aksara nun ing ngriki punika tembung nun, awit Hasan lan Qatadah negesi nun wau
pamangsén, déné I’Ab negesi ulam. Nitik suraosing dhawuh, déné nyebutaken kalam lan seratan,
punika nedahaken manawi teges ingkang sapisan wau (pamangsén) langkung mathuk tumrap wonten
ing ngriki (JB).
Kateranganipun tuwan Rodwell tumrap dhawuh punika, bilih “ciri punika saha ciri-ciri saminipun
punika sadaya ingkang wonten ing Quran, boten sami dipun mangertosi menggah ing tegesipun déning
titiyang Muslimin piyambak, nadyan nalika jaman abad ingkang kaping sapisan,” punika anedahaken
bilih panjenenganipun, ing atasipun dados tukang anjarwakaken Quran Suci, kesangeten anggènipun
bodho. Aksara-aksara pangringkesing tembung ingkang pinanggih wonten ing wiwitaning surat, punika
kathah ingkang katerangaken tegesipun déning para sahabatipun Kanjeng Nabi Suci, Ibnu ‘Abbas
minangka pasaksèn ingkang baku piyambak. Qatadah, inggih punika sahabatipun I’Ab, punika sampun
terang sugeng nalika abad ingkang sapisan; sabagéan kathah tafsiranipun sahabat I’Ab ing
dhawuh-dhawuhipun Quran Suci, lumunta ngantos turun-tumurun margi dipun lumuntakaken déning
Qatadah wau.
2537. Pandakwanipun ingkang wiwitan titiyang kafir Makkah dhateng Kanjeng Nabi Suci, punika
andakwa Kanjeng Nabi majnun, éwah. Pandakwa punika karembag wonten ing surat punika, déné
wangsulan ingkang sapisan tumrap pandakwa wau, kasebut wonten ing ayat kakalih ingkang kawitan.
Pamangsén lan sabarang ingkang kaserat kasebutaken, punika menggah ing sajatos-jatosipun, wigatos
dhawuh anggatosaken dhateng pinanggihing kasunyatan, bilih piweca-piwecanipun Kanjeng Nabi ing
bab prakawis badhé kadadosanipun tuwin bab prakawis pepesthèn ingkang badhé dipun sandhang
déning titiyang Makkah, ingkang sadaya wau sampun sami kaserat, punika sampun saged
ambuktèkaken bilih Kanjeng Nabi punika boten éwah; awit kaselak mokal pangomyangipun tiyang
éwah teka netes saèstu. Kedah dipun pèngeti bilih marambah-rambah Quran Suci nantang para
mengsahipun, supados sami nyerati pamecanipun bab Kanjeng Nabi; dados punika ateges anedahaken
bilih piweca-piwecanipun piyambak, sampun kaserat sayektos wiwit wiwitan mila. Dados awit saking
1520
Kalam
Juz XXIX
3 Sayekti, temen sira bakal olèh
ganjaran kang tanpa pedhot.2538
Ar. agung
4 Lan sayekti, temen sira iku
anglungguhi budi pakarti kang
luhur.2539
punika, surat punika, ingkang kagolong kina piyambak, punika dados bukti ingkang cetha, bilih saben
wonten dhawuh Quran ingkang tumurun dhateng Kanjeng Nabi, mesthi lajeng kémawon tumunten
dipun serati. Bab punika kula aturi mirsani ayat angka 47, tuwin 52: 41: “Utawa apa dhèwèké duwé
kawruh marang kang ora katon, kang banjur padha ditulisi?” Dados, pamangsèn lan kalam lan
sabarang ingkang dipun serati, punika ateges piweca-piweca bab Kanjeng Nabi Suci ingkang
kasebutaken wonten ing ayat 3 tuwin piweca-piweca bab para mengsah ingkang kasebut ing ayat
17-33; salajengipun para mengsah wau sami kadhawuhan nyerati piweca-piwecanipun para tukangipun
pethèk piyambak.
Nanging dhawuh punika ugi mengku suraos ingkang langkung jembar malih, inggih punika
anedahaken bilih Quran punika badhé lastantun tansah anglenggahi papan ingkang miyambaki boten
wonten ingkang ngungkuli wonten ing antawisipun kitab-kitab suci ingkang naté kaserat. Dados punika
ateges, bukti papancasan ingkang nélakaken Kanjeng Nabi, ingkang nampèni Quran wau, sanès tiyang
éwah, punika badhé tansah wonten. Wondéné anggènipun Quran Suci ngungkul-ungkuli sadaya kitab
suci ing jagad, punika déné Quran Suci punika kalangkung déning sampurna tuwin jangkep langkep
pangrembagipun ing sawarnining kasunyatan agami, ngantos saben kasunyatan agami punika mesthi
kalebet wonten ing ngriku, sarta saben piwulang ingkang lepat mesthi kadumuk lepatipun wonten ing
ngriku. Mirsanana 1785.
2538. Minangka pasaksènipun prakawis ingkang sampun kadhawuhaken wonten ing ayat ingkang
sampun, Kanjeng Nabi kapangandikanan bilih panyarempengipun mesthi badhé ngangsalaken ganjaran
ingkang tanpa wonten pedhot-pedhotipun; terangipun: panjenenganipun mesthi badhé kadumugèn
anggènipun anjumenengaken agami, tur ingkang kalayan tanpa wonten telas-telasipun, jer tindakipun
tiyang éwah mesthi boten badhé wonten wohipun, nadyan ing jaman salebetipun inggih boten. Dados
dhawuh punika boten namung mecakaken kalayan terang gamblang bab kamenanganipun ingkang
wekasan Kanjeng Nabi dhateng para mengsahipun kémawon, nanging ugi mecakaken, bilih punapa
ingkang kasebutaken wonten ing dalem Quran, punika santosa adegipun, ngantos séwu mokal yèn
wontena dhawuh Quran ingkang boten kabuktèn kanyataanipun.
2539. Kanjeng Nabi netepi budipakerti ingkang luhur, punika ugi dados bukti bilih boten yèn ta
panjenenganipun punika tiyang éwah. Punika boten namung pangaken thok, wangsul menggah ing
luhuring bubudènipun Kanjeng Nabi Suci wau, sampun dipun akeni déning titiyang ingkang sami
milawani wau piyambak, ngantos panjenenganipun dipun juluki Al-amin, inggih punika jujuluk
ingkang boten naté dipun anggé anjuluki sinten kémawon déning bangsa Arab; malah pinanggihipun
wonten ing babading donya, boten naté wonten satunggaling bangsa ing sagemblengipun, anjuluki
satunggaling tiyang, mawi jujuluk wau. Bangsa Arab punika bangsa ingkang watakipun gumedhé tur
remen peperangan antawisipun pancer-pancer tuwin gotrah piyambak; dados ambokmanawi kémawon
tumrap bangsa Arab wau, tangèh yèn puruna ngakeni luhuring bubudènipun satunggaling tiyang,
ingkang boten jumeneng ratu, boten dados sesepuhing pancer, sanès prawira linangkung tuwin sanès
juru-nganggit kidung ingkang misuwur. Dados, manawi bangsa wau ngantos anjuluki panjenenganipun
kalayan jujuluk ingkang tanpa sami wau, kénging katamtokaken mesthi botenipun yèn ta anggènipun
anjuluki wau namung mengku pamrih badhé ngumpak utawi ngonggrong panjenenganipun. Al-amîn
punika tegesipun tiyang ingkang kénging pinitados (LL); dados manawi jujuluk punika kanggé anjuluki
Kanjeng Nabi, punika ateges para titiyang wau ngatingalaken anggènipun sami angakeni lan angurmati
luhuring bubudènipun Kanjeng Nabi wau, ngantos kados-kados ngemungaken panjenenganipun
piyambak, lan namung satunggal thil, (bab punika kabeta wonten ing ater-ater al), tiyang ingkang
kénging pinitados tumrap sadaya prakawis. Siti ‘Aisyah, ingkang menggah ing caketipun kaliyan
Kanjeng Nabi boten wonten ingkang ngungkuli, neksèni luhuring budipakertinipun Kanjeng Nabi
.
makaten
jawinipun budipakertiné Kanjeng Nabi iku Quran. Terangipun,
Surat 68
Sanès ayahaning tiyang éwah
1521
5 Lah sira bakal weruh, sarta
dhèwèké (iya) bakal padha weruh.
6 Sapa sing antaranira kang
kadunungan lara owah.
7 Sayekti Pangéranira iku banget angudanèni marang sapa sing
sasar saka ing dadalan-É, sarta Panjenengané iku banget angudanèni
wong kang ngambah dalan bener.
8 Mulané aja sira ambangun
turut marang wong kang maido.
9 Dhèwèké padha angarep-arep
supaya sira ngembat banjur dhèwèké (iya) bakal padha ngembat.2540
10 Lan aja sira manut marang
sarupaning tukang supata kang
ina,2541
11 Tukang nacad, kang gawéné
nebar pangolok-olok.
12 Tukang nglarangi panggawé
becik, mlangkah wawates dosa,
sadaya gambaring budipakerti luhur ingkang kagelaraken déning Quran Suci, punika menggah ing
sajatos-jatosipun paring gagambaran agunging budipakertinipun Kanjeng Nabi punika kados punapa.
Quran Suci kalayan terang nyebut panjenenganipun punika conto (33: 21). Wonten saprakawis ingkang
murugaken panjenenganipun ngungkuli para nabi sanès-sanèsipun sadaya tuwin para titiyang ageng
sadaya, inggih punika margi luhuring budipakertinipun Kanjeng Nabi punika gumelar wonten ing saben
lalampahaning ngagesang, wangsul saben nabi sanèsipun sugengipun namung suka conto bab
budipakerti luhur tumrap sawatawis lalampahaning ngagesang ingkang tartamtu.
2540. Sampun boten wonten semang-semangipun malih, bilih ing sakawit titiyang Quraisy punika
sami gadhah kajeng, ambok inggih Kanjeng Nabi punika anggènipun nglepataken pandamelipun
ingkang awon para titiyang Quraisy wau sampun sanget-sanget; lah manawi makaten, piyambakipun
inggih boten sanget-sanget anggènipun milawani dhateng panjenenganipun. Wondéné titiyang Quraisy
gadhah kajeng ingkang kados makaten wau, punika saking anggènipun ngaosi dhateng Kanjeng Nabi.
Kawontenan punika ugi anedahaken bilih surat punika kagolong wahyu ingkang kina piyambak, awit
ing taun-taun pawingkingipun anggènipun milawani para titiyang Quraisy saya sakalangkung sanget.
2541. Tiyang ingkang dipun karsakaken inggih punika Walid bin Mugirah (JB), utawi Abu Jahl,
utawi Aswad bin Abdi Yagus, utawi Akhnas bin Syuraiq (Rz). Menggah ing sajatos-jatosipun, nitik
dhawuhing ayat 8 ingkang mungel “Aja sira ambangun turut marang wong kang padha maido,”
sisifatan ingkang kadhawuhaken punika mathuk kaliyan sisifatanipun sadaya panuntun tukang
milawani dhateng Kanjeng Nabi Suci.
1522
Ar. kalok
ala kalakuané
Kalam
Juz XXIX
13 Asor, kajaba saka iku turun
ina.
14 Dumèh kadunungan bandha
lan anak.
15 Samangsa diwacakaké timbalan-timbalan-Ingsun acalathu: dongèngé para kina.
Ut. irungé
sing dhuwur
16 Ingsun bakal anyirèni dhèwèké ana ing irungé.2542
17 Sayekti Ingsun bakal nyoba
dhèwèké kaya anggon-Ingsun
anyoba wong-wong kang duwé
kebon nalikané padha sumpah, temen arep angunduhi wulu wetuné
ing wayah umun-umun.2543
Ut. ora
nganggo
ngèngèh
18 Lan ora anisihaké sapérangan
(kanggo wong kang kasrakat).
19 Wasana bilai saka Pangéranira anglimputi iku, kang sarta
dhèwèké padha turu.
20 Satemah dadi lemah kang
geseng lan cengkar.
2542. Anyirèni irung, punika sami kaliyan adamel ing satunggaling tiyang nandhang camah ing
salami-laminipun (Rgh). Ingkang salugu khurthum punika ateges tlaléning liman (Rgh), utawi
congoring sato galak (TA), utawi irung ingkang ageng utawi ingkang inggil (MA)” (LL). Ing ngriki
tembung wau kanggé nembungaken irunging tiyang, minangka kanggé nedahaken awonipun (Rgh).
Rèhning anf utawi irung punika péranganing rai ingkang wigatos piyambak, mila lajeng kaanggep
ateges al-hamiyyah (Rz), jawinipun pangina. Awit saking punika ugi mila anfatun punika lajeng ateges
ina utawi camah (LL). Para ingkang numrapaken sisifatan punika tartamtu dhateng Walid bin Mugirah,
anggènipun nyuraos nyirèni irung kalayan walaka, inggih punika dumunung piweca, ingkang
katuhonan wahananipun nalika ing prang Badr: ing nalika prang Badr, Walid bin Mugirah wau ketaton
irungipun, ngantos dumugi pejahipun tatu wau lastantun taksih ketawis (Bd, Rz). Bd ugi mewahi
katerangan makaten: tembung wau kagem amedharaken bilih Panjenenganipun badhé adamel asor
ingkang sakalangkung sanget dhateng piyambakipun.
2543. Punika pasemon ingkang kanggé nyanépakaken nasibipun ingkang wekasan para titiyang
Quraisy, inggih punika piyambakipun mesthi boten badhé saged ngundhuh piguna saking barang
ingkang sampun sami katanem. Dhawuh punika golonganipun piweca-piweca ingkang kina piyambak,
inggih punika nalika Kanjeng Nabi Suci dèrèng sakalangkung sanget anggènipun dipun mengsahi
kados nalika jaman Makkah ingkang wekasan; suprandéné piweca punika kadhawuhaken kalayan
tetembungan ingkang terang gamblang cetha awéla-wéla.
Surat 68
Sanès ayahaning tiyang éwah
21 Ing wayah umun-umun dhèwèké wis padha uwuh inguwuh,
22 Calathuné:a Padha mruputa
marang tegalmu manawa kowé
arep padha ngundhuhi (wulu-wetuné)
23 Banjur padha mangkat karo
padha rerembugan sisidheman,
24 Calathuné: Ing dina iki aja
ana wong miskin mlebu mrono
(anggolong) marang kowé.
25 Lan ing wayah ésuk padha
mangkat, kalawan duwé kakuwatan kanggo ngalang-alangi.
26 Ananging bareng weruh tegalé, padha calathu: sayekti aku iki
padha kesasar:
27 O, malah aku iki padha
kélangan.
28 (Wong) kang becik dhéwé
acalathu: Apa aku rak wis kandha
menyang kowé: yagéné kowé ora
padha
Mahasucèkaké
(Gusti
Allah)?
29 Dhèwèké padha angucap:
Mahasuci Pangéran kawula, saèstu
kawula punika sami anganiaya.
30 Nuli kang sawenèh maju
marang sawenèhé, tutuh-tinutuh.
31 Padha ngucap: O, cilaka aku
iki! temen aku padha ambalasar.
32 Mbokmanawa
Pangéranku
bakal aparing liliru marang aku
kang luwih becik tinimbang iku;
1523
1524
Kalam
Juz XXIX
sayekti, marang Pangéranku olèhku padha nyuwun kalawan konjem.2544
33 Kaya mangkono iku siksa
iku, lan sayekti, siksa ing akhirat
iku luwih gedhé, yèn ta dhèwèklé
padha weruha.2545
RUKU’ 2
Pèpènget tumrap sadaya bangsa
34-41. Titiyang tulus kaliyan titiyang awon punika boten sami. 42-47. Weca. 48-50.
Kedah kalayan sabar angentosi wusananipun: Nabi Yunus dados conto. 51, 52. Pèpènget
tumrap sadaya bangsa.
34 Sayekti, para wong kang
padha anjaga dhiriné (saka ing ala)
iku bakal olèh patamanan nugraha
ana ing ngarsaning Pangérané.
35 Lah apa ta para wong kang
sumarah bakal Ingsun dadèkaké
kaya wong duraka?
Ut. pancasanira
Ar. ing
jeroné
36 Sira padha anu apa? Kapriyé
panemunira?
37 Apa sira duwé kitab kang
isiné sira waca,
38 Kang ing jeroné sira temen
éntuk apa kang sira karepaké?
2544. Punika anedahaken bilih kajawi ngancam siksa para titiyang Makkah, Quran ugi mecakaken
bilih ing wasananipun para titiyang Makkah wau mesthi badhé purun nampeni yakti. Watawis kalih
dasanan taun malih, ingkang kawecakaken ing ngriki punika kelampahan saèstu, inggih punika nalika
bedhahipun nagari Makkah. Prakawis-ptakawis ingkang kanggé waton mengsahi Kanjeng Nabi Suci
ngantos pinten-pinten taun, ical atanpa tilas; pambudidayanipun gagal tanpa tanja; panguwaosipun
wonten ing nagarinipun ucul saking tanganipun. Nanging para titiyang wau sami ngrumaosi
anggènipun dumunung ing sasar, lajeng sami ngrasuk Islam, sarta lajeng kadadosaken tiyang ingkang
nyepeng pepréntahanipun kerajan ingkang sakalangkung jembar. Lah kados makaten punika
anggènipun Pangéran maringi dhateng piyambakipun lilintu ingkang langkung saé katimbang lan
ingkang sampun, jalaran para titiyang wau sami adhedhépé dhateng Panjenenganipun.
2545. Siksa ing akhirat kasebutaken piyambak, punika dados pasaksèn ingkang terang, bilih siksa
ingkang kapangandikakaken wonten ing ayat-ayat ingkang sampun, inggih punika ingkang kasebutaken
malih ing wiwitanipun ayat punika wonten ing dhawuh ingkang mungel: kaya mangkono iku siksa iku,
punika siksa ingkang badhé andhawahi piyambakipun wonten ing gesang sapunika punika. Wondéné
siksa wau lajeng dados pasaksèn, bilih siksa ing akhirat punika nyata wonten sayektos.
Surat 68
Pèpènget
1525
39 Utawa apa sira tampa prajanjian saka Ingsun kang dikukuhaké
kalawan sumpah, nganti tumeka
ing dina kiyamat, yèn sira temen
bakal éntuk apa pancasanira?
40 Padha takonana, dhèwèké
sapa sing tanggung tumrap prakara
iku.
41 Utawa apa dhèwèké duwé
sakuthu? Lah cikbèn padha anekakaké sakuthuné, yèn dhèwèké
iku padha wong temen.
Ut. kuwat
42 Ing dina bakal anané bilai
gedhé sarta dhèwèké bakal padha
diuwuh sujud, ananging padha ora
bisa,2546
2546. Tegesipun
manut serat-serat bausastra, sampun katerangaken
sacekapipun wonten ing 1855. Ing ngriki kula badhé mewahi katerangan sakedhik saking kitab-kitab
.
tafsir. Bd anjarwani
punika ateges
jawinipun
ing dinané prakara dadi prakara gedhé (utawi ing dinané ana kasusahan kang abanget). Salajengipun
/
jawinipun: ing dinané
Bd ugi suka teges satunggal malih, inggih punika
kayektèning prakara ginawé ngégla. Kf nerangaken:
/
ateges ngliga kémpol) tuwin
/
(ingkang wantahipun
(ingkang wantahipun ateges ambuka tungkak),
punika paribasan ingkang kanggé maribasakaken satunggaling prakawis ingkang ageng tuwin
kasusahan ingkang sakalangkung sanget; wondéné asalipun paribasan wau, mirid saking
kawontenanipun tiyang èstri ingkang lumajeng sasaran margi saking kagèt lan kuwatos, ngantos
salebetipun lumajeng wau sami nyincingaken sandhanganipun saking kémpolipun, tuwin ngatingalaken
tungkakipun.” Salajengipun, kanggé angiyataken kateranganipun, Kf nyebutaken kidungan kakalih,
/
ingkang lajeng katerangaken makaten:
tegesipun: ing dinané prakara bakal
dadi prakara gedhé lan anggirisi, ing kono ora ana ngégla lan ora kémpol.” IAs nalika nerangaken
/
tetembungan saminipun ingkang kados makaten wau inggih punika
ingkang
kasebut wonten ing Hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci, mèh sami plek kados kateranganipun
Kf wau. Rz nganggep as-sâq punika tegesipun asy-syidah, sarta nyebutaken kidung Arab gangsal
padha, sarwi nulak pamanggihipun titiyang Musyabbihah, ingkang sami nyuraos kalayan walaka
tetembungan wau.
Para mufassirin ugi sami pasulayan ing pamanggih, punapa dadosipun anggirisi wau wonten ing
gesang sapunika-punika, punapa ing gesang sasampuning pejah. Abu Muslim mastani ing gesang
sapunika punika, Rz ngrujuki. Nanging, kados déné ingkang sampun asring kula sebutaken, dadosipun
anggirisi lan kasusahan ingkang kaancamaken dhateng para kafir, punika dhumawah dhateng para kafir
wau wonten ing gesang sapunika; nanging gumelaripun ingkang langkung sampurna malih, badhé
kelampahan bénjing ing gesang sasampuning pejah.
1526
Kalam
Juz XXIX
43 Padha andhingkluk pandelengé, nistha-papa anibani; lan sayekti, biyèn dhèwèké padha diuwuh
sujud, nalikané isih padha slamet.
44 Mulané togna baé Ingsun
sarta sapa-sapa sing padha anggorohaké timbalan iki; kalawan
sarenti Ingsun bakal anukup dhèwèké saka ing panggonan kang
dhèwèké ora weruh.
a. 965
45 Lan Ingsun aparing sumené
marang dhèwèké; sayekti, rancangan-Ingsuna iku kenceng.2547
46 Apa sira anjaluk pituwas
marang dhèwèké nganti dhèwèké
nyangga utang?
47 Utawa apa dhèwèké duwé
(kawruh marang) kang ora katon,
kang banjur ditulisi?2548
48 Mulané di sabar angentèni
pancasané Pangéranira, aja kaya
mitraning iwak, kang angadhuhadhuh nalikané ana sajroning
babaya.2549
49 Yèn ta ora anaa nugraha saka
Pangérané tumeka marang dhèwèké, masthi dhèwèké ngalumpruk
tiba ing lemah kang lagis sarta dadi
wong cinacad.
2547. Piyambakipun sami kaparingan inah, nanging siksanipun sampun genah.
2548. Saben wonten rembag bab prakawis sumerep barang gaib, asring mawi nyebutaken seratan.
Mila makaten awit ngemungaken seratan kémawon ingkang saged ngantebaken, ing kayektèning
piweca. Wontenipun ayat-ayat ingkang kados makaten punika, dados bukti ingkang terang bilih Quran
piyambak, ingkang isi piweca pinten-pinten, punika sampun kaseratan wiwit ing sakawit mila. Jalaran
saupami botena makaten, panantang dhateng para mengsahipun supados sami nyerati sumerepipun
dhateng barang ingkang badhé kelampahan lumantar para tukangipun pethèk, punika jekti atanpa teges;
saya malih manawi angèngeti bilih panantang wau kamot wonten ing dhawah ingkang sepuh-sepuh.
2549. Ing ngriki Kanjeng Nabi Yunus kasebut mitraning ulam, punika margi wontenipun
lalampahan ingkang kasebutaken ing 37: 142.
Surat 68
Pèpènget
1527
50 Tumuli Pangérané amiji dhèwèké sarta didadèkaké golongané
para wong tulus.
51 Lan para kang padha kafir
amasthi padha nalorong sira kalawan pandelengé manawa ngrungu
pépéling, karo padha ngucap:
Temen, dhèwèké iku édan.2550
52 Lan iku ora liya kajaba
pépéling tumrap kabèh bangsa.
2550. Surat punika dipun wekasi sami plek kaliyan wiwitanipun, inggih punika nyebutaken
pandalihipun para titiyang kafir. Wondéné ayat ingkang pungkasan piyambak, lan iku ora lija kajaba
pépéling tumrap para umat, punika dumunung ngringkes bukti-bukti ingkang dipun anggé nulak
pandakwa wau. Menggah ing sajatos-jatosipun, bukti-bukti ingkang dipun gelar wonten ing surat
punika, punika tansah kayektèn wonten ing sadaya jaman tuwin tumrap sadaya bangsa. Kapèngetana,
dalasan dhawuh ingkang tumurun nalika jaman wiwitan pisan, kados déné surat punika, sampun angundhangaken bilih ayahanipun Kanjeng Nabi punika kakersakaken tumrap sadaya umat. Miturut hadits
pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci, inggih ayahan punika ingkang kagelaraken déning Kanjeng Nabi
rumiyin piyambak. Dipun riwayataken Kanjeng Nabi naté mangandikakaken bagéndha Abu Bakr,
inggih punika priya ingkang rumiyin piyambak ngrasuk agami Islam, makaten: “aku andhawuhaken
marang para manusa, aku iku utusané Allah marang kowé kabèh; nanging kowé kabèh padha ngucap:
kowé goroh. Abu Bakr ngucap: Panjenengan ngandika temen” (Bkh. Nalika nafsiri surat 7).
______________
SURAT 69
AL-HÂQQAH
(Bilai ingkang masthi dhumawah)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(2 ruku’, 53 ayat)
Pathinipun:
Ruku’
Ruku’
1.
2.
Siksa.
Pandalih goroh dipun tulak.
Katerangan Gerban
Surat punika cetha manawi langkung kantun tumurunipun katimbang lan surat ingkang sampun,
awit surat punika mangandikakaken pandakwa-pandakwanipun para kafir ingkang kantun-kantun,
inggih punika bilih Kanjeng Nabi punika juru nganggit kidung utawi tukang pethèk, utawi tukang
duracara (ayat 41-44), déné surat ingkang sampun punika ingkang kawarsitakaken pandakawanipun
para kafir ingkang rumiyin piyambak: Kanjeng Nabi tiyang éwah. Al-hâqqah, utawi Bilahi ingkang
mesthi dhumawah, ingkang kaancamaken dhateng para titiyang Quraisy wonten ing ayat ingkang
wiwitan piyambak, sarta ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika, punika siksanipun para
titiyang Quraisy; pèpènget punika dipun sambeti ing pratélan bab nasibipun umat-umat ingkang
rumiyin. Sepalihipun ingkang kantun ruku’ ingkang sapisan punika nyebutaken bilih bilai ingkang
mesthi dhumawah, ateges wekdalipun para angèstu tampi ganjaran tuwin para ingkang sami atindak
awon sami tampi siksa. Ruku’ ingkang kaping kalih nerangaken bilih pandakwa-pandakwanipun para
mengsah, kadosta andakwa bilih Kanjeng Nabi juru nganggit kidung, utawi tukang pethèk utawi
duracara, punika sadaya palsu.
RUKU’ 1
Siksa
1-3. Siksanipun tiyang Quraisy. 4-12. Umat ingkang rumiyin. 13-37. Para mukmin
sarta tiyang awon.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Bilai pinasthi!
2 Apa ta bilai pinasthi iku?
3 Lan apa kang bakal meruhaké
sira, bilai pinasthi iku apa!2551
2551. Al-hâqqah punika karimbag saking tembungipun asal ingkang sakawit: haqq, tegesipun
yakti, sarta kénging dipun werdèni warni-warni ingkang sadaya kémawon taksih sami mengku
Surat 69
Siksa
1529
4 (Bangsa) Tsamud lan ‘Ad
padha anggorohaké marang bilai
kang anggegeteri.2552
5 Wondéné (bangsa) Tsamud,
lah iku dilebur kalawan siksa kang
banget anggegeteri.2553
6 Lan (bangsa) ‘Ad, lah iku
dilebur kalawan angin gedhé anggigirisi,
7 Kang Dikarsakaké anglimputi
tumempuh marang dhèwèké pitung
wengi lan wolung dina tanpa mendha, supaya sira weruha, anggoné
ambalasah bangsa iku ana ing kono,
kaya déné klonthongan wit kurma.
suraosing tembungipun ingkang sakawit. Dados tembung punika sami tegesipun kaliyan tembung
.
haqîqah, ingkang jawinipun kasunyatan, kados déné ing ukara
jawinipun bareng dhèwèké weruh kasunyatan saka aku, dhèwèké banjur lumayu (TA). Tembung wau
ugi ateges bilai ageng ingkang badhé kalampahanipun sampun katamtokaken utawi katetepaken (QLL), utawi sa’at ingkang mesthi kelampahanipun, utawi sa’at, ingkang ing ngriku badhé wonten:
.
jawinipun: bilai-bilai ageng (Rz), utawi sa’at ingkang ing kala punika sabarang
prakawis badhé kasumerepan kalayan yakin (LL), utawi sa’at ingkang ing kala punika pandamel badhé
angsal wawalesipun (Rz). Miturut Az, al-haqqah punika sa’at, ingkang ing kala punika yakti badhé
dipun damel menang; wondéné sababipun mila kasebut makaten, awit yakti badhé saged ngawonaken
sinten kémawon ingkang kalayan boten leres milawani agaminipun Allah.
Para mufassirin sami mastani bilih sa’at wau ingkang dipun karsakaken dinten kiyamat. Nanging
menggahipun kula, manut suraosing tembung ingkang warni-warni kasebut ing nginggil wau sadaya,
boten wonten pakèwedipun manawi sa’at wau kasuraos ugi mengku teges sa’at dhumawahing
siksanipun satunggaling umat ingkang kadhawahaken ing gesang sapunika punika. Menggah ing
sajatos-jatosipun, tuladha bab kaum ‘ad, kaum Tsamud, raja Fir’aun tuwin kaum ing Sadum, punika
sadaya anedahaken, bilih bilai ingkang mesthi dhumawah, ingkang wonten ing ngriki katembungaken
al-hâqqah, punika boten kénging boten mesthi andhawahi para titiyang Makkah. Nyata lan sampun
boten wonten semang-semangipun malih, bilih yakti, wawales, bilai, utawi kamenanganipun yakti
ingkang kelampahan wonten ing gesang sapunika punika, cumethanipun ingkang kalayan sampurna
piyambak bénjing wonten ing akhirat. Rèhipun makaten, mila dados tembung wau rangkep tegesipun,
inggih punika siksaning umat wonten ing gesang sapunika punika, tuwin kiyamat ing bénjing.
2552. Al-qâri’ah punika ririmbangan saking tembung qar’, ingkang jawinipun pamupuhipun
satunggaling barang dhateng satunggalipun (Rgh). Dados al-qâri’ah punika bilai ingkang kumampleng utawi bilai ingkang saged adamel giris dhateng manahing manusa (Rz). Ing ngriki ateges bilai
ingkang sampun dipun pèpèngetaken dhateng kaum ‘Ad lan kaum Tsamud, nanging-déning kaum wau
dipun paiben.
2553. Ath-thâgiyah punika ririmbagan saking tembung asal: thagâ, ingkang jawinipun nglangkungi
wates; dados ath-thâgiyah punika kénging dipun tegesi siksa ingkang sakalangkung déning sanget (Rz
anggènipun merdèni tembung wau kawontenan ingkang langkung ing wates menggah ing sangetipun),
utawi saged ugi ing ngriki punika tembung aran ingkang ateges thugyân, jawinipun andaluya. Ingkang
kasebut angka kalih wau anggènipun merdèni I’Ab tuwin Mjd tuwin Ibnu Zaid (AH).
1530
Bilai ingkang masthi dhumawah
Juz XXIX
8 Lah apa sira andeleng, apa
ana siji sing kari?
a. 1196
9 Apa déné Fir’aun sarta wong
ing sadurungé tuwin kutha-kuthaa
kang padha ambruk iku anglakoni
panggawé luput.
10 Sarta padha ambangkang marang Utusaning Pangérané, mulané
Panjenengané amatrapi dhèwèké
kalawan patrapan kang abot.
b. 1180
11 Sayekti, nalika banyu munggah adhuwur, sira Ingsun emot ing
prau,b
12 Supaya iku Ingsun dadèkaké
pépéling tumrap marang sira sarta
kuping kang rumungu bisa krungu.
c. 789
13 Lan nalikané salompret tiniyup kalawan tiyupan sapisan,c
14 Sarta bumi lan gununggunung padha diangkat tuwin diremuk kalawan pangremuk sapisan,
15 Lah, ing dina iku lalakon
kang gedhé bakal kalakon.2554
16 Lan langit bakal sigar, temahan ing dina iku langit bakal dadi
ringkih,
17 Sarta para malaikat bakal
padha ana ing sisihé kono; lan ing
2554. Temahanipun lalampahan ageng punika katerangaken wonten ing 56: 3; mirsanana 2425
tuwin 2426. Ing ngriku katerangaken bilih lalampahan ageng, al-wâqi‘ah, punika ateges leburipun
titiyang Makkah ing gesang sapunika punika; nanging inggih nyata bilih cumethanipun ingkang
sampurna lalampahan punika badhé kelampahan wonten ing gesang sasampuning pejah. Bumi lan redi
sami sirna lan remuk tegesipun para tiyang alit lan tiyang ageng sami ambruk margi dhumawahipun
karisakan utawi siksa wau.
Surat 69
Ut. karatoning,
kawasaning
Siksa
1531
sadhuwuré dhèwèké, ing dina iku,
wowolu bakal nyangga dhamparing Pangéranira.2555
2555. Kados déné ingkang sampun asring kula terangaken, cumethanipun ingkang kalayan
sampurna kawontenan-kawontenan ingkang kados makaten punika bénjing ing dinten kiyamat, punika
boten teka lajeng ateges bilih kawontenan-kawontenan wau babar pisan boten saged kelampahan
wonten ing gesang sapunika punika, punika boten. Kosokwangsuliipun, cumethanipun kawontenankawontenan wau wonten ing gesang sapunika punika, nadyan namung sawatawis, punika malah saged
ambuktèkaken badhé cumethanipun ingkang langkung ageng.nalih wonten ing akhirat. Sarta inggih
makaten punika sifatipun ingkang miyambaki piweca-piwecanipun Quran ing babagan prakawis
ingkang magepokan kaliyan akhirat. Kadosta, redi bengkah, punika ing dalem sawenèh suraosipun
sampun kelampahan nalika prang Badr (984), sarta para malaikat inggih wonten ing ngriku biyantu
dhateng titiyang Muslimin.
Panguwaos kaampil ing wowolu wonten ing dinten wau, punika prakawis angèl. Sapisan,
sadhuwuré dhèwèké, punika tegesipun sanginggilipun para malaikat ingkang kapangandikakaken
wonten ing ayat ingkang sampun (Rz). Awawaton punika kula sami angsal pupuntoning pamanggih,
bilih tukang ngampil panguwaos cacah wolu, punika manawi boten sawenèh titah ingkang pangkatipun
wonten ing sanginggilipun para malaikat, inggih malaikat ingkang tartamtu, ingkang pangkatipun
wonten ing sanginggilipun para malaikat limrah. Pantes pinengètan bilih tembung tsamâniyah’, utawi
wolu wau boten kasambetan ing tembung punapa-punapa ingkang anedahaken ingkang cacah wolu wau
punapa. Para mufassirin limrahipun sami gadhah panginten, bilih punika para malaikat; nanging para
mufassirin ingkang langkung ngatos-atos boten sami purun mastani punapa-punapa, dalasan mastani
cacahipun kémawon inggih boten purun. Sawenèhipun wonten ingkang mastani bilih saged ugi
tegesipun punika wolung èwu, sanèsipun malih mastani wolung tataran (Kf, déné pamanggih angka
kalih wau pamanggihipun Dk). Kf mewahi katrangan: “sarta saged ugi ingkang wolu wau ruh utawi
sawenèh titah sanèsipun.” Saprakawis perlu dipun èngeti manawi merdèni dhawuh-dhawuh ingkang
mawi tembung ngibarat makaten wau, inggih punika: Pangéran pribadi punika al-qayyumi jawinipun
Ingkang Jumeneng Pribadi sarta Ingkang anggesangi sadaya barang (2: 255). Manawi punika dipun
anggé dhadhasar, lajeng terang manawi barang sanès-sanèsipun punika boten teka dumunung dados
tukang ambiyantu tumrap Pangéran, wangsul sadaya wau titah, sami ugi punapa malaikat punapa titah
sanès sanginggilipun para malaikat ingkang sadaya wau malah dipun gesangi déning Pangéran. Wonten
titimbangan sanès malih ingkang saged mitulungi kula sami kanggé ngertosi punapa ingkang dipun
karsakaken ”para tukang ngampil” punika, inggih punika satunggaling hadits pangandikanipun Kanjeng
Nabi Suci, ingkang dipun riwayataken déning sadaya para mufassirin, ingkang mangandikakaken bilih
ing samangké punika para tukang ngampil wau wonten sekawan (Rz, kf, Bd). Lah, samangké lajeng
tuwuh pitakènan, punapa wonten sifatipun Pangéran sekawan prakawis, ingkang mligi magepokan
kaliyan pangupakaraning jagad punika? Kados déné ingkang sampun katerangaken wonten ing kateranganipun surat Fatihah, surat Fatihah punika pathining Quran Suci ing sagemblengipun. Lah wonten
ing surat Fatihah wau kasebutaken sifatipun Pangéran sekawan prakawis, ingkang magepokan kaliyan
pangupakaranipun al-‘alamîn, jawinipun titah sawegung. Sifat sakawan punika kasebut wonten ing
asma Rabb, Rahmân, Rahîm, tuwin Malik. Manawi kapirsanan wonten ing katrangan tafsiripun
tembung sakawan punika wonten ing surat Fatihah, badhé saged kacetha bilih sifat sekawan wau,
inggih punika sifat paparing rejeki, sifat murah, sifat asih tuwin sifat paring piwales, punika menggah
ing sajatos-jatosipun sifat-sifat ingkang enggel, ingkang nyampurnakaken sagung titah punika,
baboning sifat, punjering sifat sanès-sanèsipun sadaya. Dados sifat sekawan punika sifating dhatipun
Pangéran ingkang mangajengi sadaya samukawis, ingkang ngungkuli sadaya samukawis, ingkang
andadosaken sadaya samukawis saged anggayuh punjering kasampurnan, tuwin ingkang lastantun
wonten, ing sasampunipun sadaya samukawis boten wonten. Awit saking punika, hamalatu-l-‘arsy
sekawan, utawi tukang ngampil panguwaos cacah sekawan, punika inggih sifat sakawan wau. Punika
ingkang magepokan kaliyan ngalam donya punika.
Kados pundi déné lajeng dados wolu wonten ing dinten kiyamat? Ngalam akhirat punika alam
cumethaning kawontenan ruhani ing gesang sapunika punika, ingkang anyar lan ingkang kalayan
sampurna. Awit saking punika mila sifating Pangéran sekawan ingkang kanggé anggesangi jagad,
1532
Bilai ingkang masthi dhumawah
Juz XXIX
18 Ing dina iku sira bakal binuka
(warananira), ora ana wawadinira
kang isih tetep wadi.2556
19 Wondéné sapa sing kitabé
ditampakaké ing tangané tengen,
banjur bakal calathu: Mara, wacanen kitabku;
20 Sayekti aku wus weruh, yèn
aku bakal katemu pétunganku;
21 Banjur dhèwèké dumunung
ing kauripan kang seneng,
22 Ing taman linuhung
23 Wowohané (tumiyung) cepak;2557
24 Padha mangana lan ngombéa
kalawan seneng, amarga saka
panggawénira kang dhisik-dhisik
ing dina-dina kang wis kaliwat.
25 Déné sapa kang kitabé ditampakaké ing tangané kiwa banjur
bakal calathu: O, ambok kitabku
iki aja diparingaké marang aku baé:
26 Lan aku mauné durung weruh
apa bakal pétunganku:
27 O, ambok iki didadèkaké
wekasanku:2558
punika wonten ing ngriku babar anyar malih, sifat sakawan wau babar dados wolu wonten ing dinten
kiyamat. Supados boten nuwuhaken seling-serep, perlu kula wewahi katerangan, bilih ing rèhning
sifatipun Pangéran punika makardinipun ngagem lantaran para malaikat, mila sifat sekawan utawi wolu
ingkang kaanggep tukang ngampil panguwaos, punika gumelaripun mesthi inggih lumantar para
malaikat. Kalayan mengku suraos makaten punika, kula sami kénging anggadhahi panyuraos, bilih para
tukang ngampil panguwaos wau para malaikat sekawan utawi wolu.
2556. Ayat punika mangandikakaken kalayan terang bab cumethanipun kawontenan ingkang
sumingid boten kawistara bénjing wonten ing dinten kiyamat. Ing katerangan ing nginggil sampun kula
sebutaken.
2557. Wowohan punika cumethanipun wohing pandamel tulus, ingkang wonten ing gesang
sapunika sumingid saking mripat limrah.
2558. Piyambakipun kepéngin ambok inggih pejah punika dados telas-telasanipun piyambakipun.
Surat 69
Siksa
1533
28 Bandhaku ora makolèhi marang aku:
29 Kawasaku wus birat saka ing
aku.
30 Dhèwèké cekelen, banjur ranténen,
31 Tumuli cemplungna ing geni
murub,
32 Banjur tlikungen ing ranté
kang dawané pitung puluh asta.2559
33 Sayekti, dhèwèké iku biyèn
ora angèstu ing Allah, IngkangAgung,
34 Sarta ora anggirèkaké marang
angingoni wong miskin.
Iki ing ngriki pejah. Utawi inggih saged ateges ambok iya kahanan iki dadi patiku (Rz). Utawi ambok
iya kauripan donya iku ora ana baé (Bd).
2559. Kedah dipun pèngeti bilih ayat-ayat punika sadaya marsitakaken bilih siksa ruhaniyah ing
donya punika, wonten ing akhirat dados siksa ingkang gumana wadhag. Upaminipun, ranté ingkang
badhé dipun kalungaken ing gulu, punika gumananing pépénginan ing donya punika, inggih punika
pépénginan ingkang tansah andadosaken tiyang tumungkul sirahipun ing siti; sarta inggih pépénginan
punika ingkang badhé maujud dados ranté makaten ugi balenggu ing donya punika, badhé katingal kadi
déné ranté ingkang badhé nyrimpung sukunipun. Manah ingkang mulad-mulad ing donya punika,
badhé katingal ngégla kadi déné urubing latu ingkang makantar-kantar. Dados menggah ing sajatosjatosipun, tiyang duraka punika wonten ing ngalam donya punika ugi sampun sami angsal narakaning
syahwat tuwin ubaling pépénginan donya ingkang boten kénging sinirep wonten ing dalem badanipun,
saha sampun sami ngraosaken urubing naraka wau samangsa piyambakipun boten kadumugèn
kajengipun. Awit saking punika, mila samangsa piyambakipun pinisah saking pépénginanipun ingkang
boten langgeng, salajengipun nyumerepi anggènipun telas pangajeng-ajengipun, tur ingkang kalayan
langgeng, mulad-mulading manahipun tuwin panggresahing prihatosipun margi anggetuni pépénginanipun ingkang sakalangkung dipun tresnani, punika lajeng maujud dados latu ingkang murub. Quran
Suci andhawahaken “Lan saantarané dhèwèké karo barang kang padha dikepingini bakal dipasangi
aling-aling” (34: 54). Sarta inggih punika calon wiwitaning siksanipun.
Katlikung ing ranté ingkang panjangipun pitung dasa asta, punika inggih ambuka prakawis ingkang
sinandi. Watesing umuring nanusa punika kénging dipun racak pitung dasa; tiyang duraka punika saged
gesang ngantos samanten wau wonten ing kadurakanipun. Malah tarkadhang piyambakipun saged
ngalami umur samanten wau, dèrèng mawi kapétang wedalipun dados laré alit tuwin dados tiyang
pikun. Wekdal pitung dasa taun ingkang pancènipun saged dipun pigunakaken kanggé makarya kalayan
tulus, waskitha, tuwin mempeng, punika jebul dipun musprakaken kémawon, karana nemaha
binalenggu ing kadonyan tuwin labet saking anggènipun tansah andurusi syahwatipun ingkang asor.
Piyambakipun boten purun rékadaya nguwalaken awakipun saking pambalengguning ranté syahwat,
mila ing akhirat ranténing pépénginan ingkang dipun anggé suka-suka pari suka ngantos pitung dasa
taun wau, badhé maujud dados ranté ingkang panjangipun pitung dasa asta, (saben saasta minangka
wekdal sataun) ingkang badhé kanggé nyarimpung tiyang duraka.
1534
Bilai ingkang mesthi dhumawah
Juz XXIX
35 Mulané ing dina iki dhèwèké
ing kéné ora duwé mitra tuhu,
36 Sarta ora éntuk pangan kajaba
rereged,2560
37 Ora ana wong mangan
(rereged) iku kajaba wong kang
anglakoni panggawé luput.
RUKU’ 2
Pandalih goroh dipun tulak
38-43. Kanjeng Nabi Suci punika sanès juru-kidung sarta sanès juru pethèk. 44-52.
Quran Suci punika sanès damel-damelan.
a. 2606
b. 2438
38 Lah satuhu,a Ingsun apasaksib
kalawan barang kang sira weruhi,
39 Sarta barang kang ora sira
weruhi.
40 Sayekti, iku temen pangandikané Utusan kang minulya,
41 Lan iku dudu tembungé jurukidung; sathithik anggonira padha
angèstu;
42 Sarta dudu tembungé jurupethèk; sathihik anggonira padha
ngangen-angen.
43 Iku wewedhar (kang dhumawuh) saka Pangéraning ngalam
kabèh.
44 Lan saupama dhèwèké agawégawé sawenèhing tetembungan (diawadaké) atas (saka) Ingsun,
2560. I’Ab, nalika dipun suwuni pirsa gislîn punika punapa, ngandika manawi panjenenganipun
boten uninga (Rz). Mjd nerangaken bilih gislîn punika sawenèh tedhanipun para ingkang sami wonten
ing naraka. Miturut Dk, gislîn punika bangsanipun tataneman ing naraka. Ls mastani gislîn punika
sabarang ingkang sakalangkung déning bentèr (TA-LL) wantahipun gislîn punika wasuhan, ingkang
déning para mufassirin kawewahan katrangan saking awakipun para kafir. Pamanggih kula langkung
cèples dipun jarwani rereged.
Surat 69
Ar. kalawan
(ing) tangan
tengen
Pandalih goroh
1535
45 Amasthi dhèwèké bakal
Ingsun candhak tangan tengené,
46 Banjur bakal Ingsun pedhot
tatalining jantungé.
47 Lah ora ana siji-sijia saka antaranira kang bisa anduwa Ingsun
saka dhèwèké.2561
48 Lan sayekti, temen iku pepéling tumrap wong kang padha
anjaga dhiriné (saka ing ala)
Ut. angemohi
49 Lan sayekti Ingsun temen
angudanèni, yèn sira iku ana kang
padha anggorohaké.
50 Lan sayekti temen iku kasusahan gedhé tumrap para
kafir.2562
Ut. yakin
51 Lan sayekti, iku temen sajatijatining kasunyatan.2563
52 Mulané Mahasucèkna marang
asmaning Pangéranira, IngkangAgung.
2561. Ayat punika tuwin tigang ayat nginggilipun punika, marsitakaken bilih tiyang ingkang
damel-damel wahyuning Pangéran, punika mesthi boten widada. Kula aturi mirsani Pangandharing
Torèt 18: 20, ing ngriku piweca bab badhé rawuhipun satunggaling nabi ingkang kados Kanjeng Nabi
Musa katungka ing tetembungan ingkang makaten ungelipun: “Balik, endi nabi kang duwé patrap
kalawan sumengah, angucapaké pitutur kalawan nyebut asma-Ningsun, mangka pitutur iku ora saka ing
dhawuh-Ingsun, utawa kang duwe pitutur kalawan nyebut Allah liyané, nabi iku mesthi kaukum pati.”
Sasampunipun nyanépakaken nabi palsu kados déné wit ingkang geringen, ingkang boten naté ngedalaken woh ingkang saé, Kanjeng Nabi Isa lajeng ngandika ingkang nunggil suraos kaliyan ingkang
kasebut ing nginggil, makaten: “sarupané wit kang ora angetokaké woh kang becik, iku mesthi kategor
banjur kacemplungaké ing geni” (Mat. 7: 19).
2562. Jalaran siksa ingkang dipun pèpèngetaken déning Quran dhateng piyambakipun, boten
kénging boten mesthi andhawahi piyambakipun sayektos.
2563. Haqqu-l-yaqin utawi jati-jatining kasunyatan ing ayat punika, punika boten béda kaliyan alhâqqah ing ayat bubukaning surat punika. Kapèngetana, bilih ingkang wonten ing ngriki kasebut jatijatining kasunyatan punika siksanipun para titiyang kafir.
______________
SURAT 70
AL-MA’ÂRIJ
(Margining minggah)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(2 ruku’, 44 ayat)
Pathinipun :
Ruku’
Ruku’
1.
2.
Pidana punika saèstu nyata.
Umat énggal badhé dipun degaken.
Katerangan gerban
Namanipun surat punika mendhet saking ayat kaping tiga, ingriku Allah punika kasebut Kangkagungan dadalaning Munggah. Dhumawahing pidana punika barang ingkang sampun mesthi bab
punika dipun dhawuhaken ing surat punika kalayan tetembungan ingkang cetha saha cumeplos.
Ingkang rumiyin piyambak surat punika nerangaken bilih kawusanan ingkang agung punika
kagayuhipun wonten ing salebeting wekdal ingkang dangu sanget, ngantos kasebutaken wekdal utawi
yaum sèket èwu taun; Kanjeng Nabi lajeng dipun dhawuhi supados ingkang sabar angentosi dinten
ingkang mesthi andhawahi para mengsah. Ngajengaken pungkasaning ruku’ ingkang sapisan
andhawuhaken margi utawi sarana tumrap angèstu kanggé anggayuh kepareking Pangéran, sarta saged
ugi ingkang dipun karsakaken wonten ing ayat 3 punika inggih sarana kanggé minggah punika. Ruku’
ingkang kaping kalih mangandikakaken kalayan terang gamblang bilih para mengsah mesthi badhé
nemahi asor, minangka gentosipun umat énggal badhé dipun jumenengaken.
Sadaya para saged mastani bilih tumurunipun surat punika boten langkung akhir kaliyan
pungkasanipun jaman Makkah wiwitan. Sasampunipun marsitakaken pandakwanipun para titiyang
kafir Quraisy wonten ing surat kakalih ingkang sampun, surat punika lajeng andhawuhaken bilih
siksanipun para mengsah, punika sanajan sampun yakin dhumawahipun taksih ing sawatawis wekdal
malih.
RUKU’ 1
Pidana punika saèstu nyata
1-21. Pidana punika dhumawah saèstu, ananging boten kalayan tumunten. 22-35.
Marginipun minggah dhateng pangayunaning Pangéran.
Kalawan
asmaning
Allah
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
Ar. wong
kang anjaluk
1 Sawijining wong, anjaluk
siksa kang masthi bakal tumiba.
2 Tumrap para kafir – ora ana
wong kang bisa nulak iku.2564
2564. Boten wonten waton-watonipun manawi tiyangipun ingkang nyuwun dhumawahing pidana
Surat 70
Pidana punika saèstu nyata
1537
3 Saka ing Allah, kang kagungan dadalaning munggah.2565
4 Para malaikat sarta ruh padha
munggah marang Panjenengané
ing sawijining dina kang ukurané
sèket èwu taun.2566
5 Mulané disabar
sabar kang éndah.
kalawan
6 Sayekti dhèwèké padha ngira,
yèn iku adoh.
7 Lan panyawang Ingsun, iku
wis cepak
8 Ing dina, samangsa langité
kaya jèr-jèran tembaga.
9 Lan gunung-gunung
wiwiran wulu wedhus.
Ar. mira
kaya
10 Sarta ora ana wong tatakon
mitra.
ingkang dipun ancamaken punika katamtokaken tiyang satunggal ingkang mligi. Piweca-piweca bab
menangipun ingkang wekasan Kanjeng Nabi Suci, tuwin piweca-piweca bab leburipun mengsahmengsahipun Kanjeng Nabi, punika wonten ing Quran Suci asring sanget kaundhangaken, ngantos
asring kémawon tuwuh wonten pitakènan ingkang kados makaten punika: “Kapan kalakoné pangancam
iki, manawa kowé iku padha temen?” (36: 48, 67: 25, tuwin sanès-sanèsipun). Panyuwunipun ingkang
nunggil suraos kasebutaken wonten ing 8: 32 makaten: “Lan kalané dhèwèké padha ngucap: Dhuh
Allah! manawi punika barang yakti saking ngarsa Tuwan, lah mugi Tuwan anjawahaken séla saking
langit dhateng kawula, andhatengaken siksa ingkang nyakiti dhateng kawula.”
2565. Warni-warni tiyang anggènipun nerangaken tembung dhi-l-mâ’aridj utawi Kang kagungan
dadalaning munggah punika. Nanging pamanggih kula, ingkang dipun karsakaken punika kaangkatipun ing ngaluhur Kanjeng Nabi akaliyan kasiksanipun para mengsahipun Kanjeng Nabi. Ing ngriki
Pangéran kasebut “kang kagungan dedalaning munggah”: punika minangka kanggé anedahaken, bilih
para mengsahipun Kanjeng Nabi mesthi kapidana, déné para pandhèrèkipun Kanjeng Nabi mesthi
kaparingan sarana ingkang kanggé minggah, utawi sarana kanggé anggayuh kaluhuran. Kula aturi
nyundhukaken kaliyan 56: 3, ing ngriku kapangandikakaken, “kawontenan agung” punika damel ina,
damel luhur. Sarana kanggé anggayuh kaluhuran para angestu wau katerangaken langkung panjang:
mirsanana ayat 22-35.
2566. Kapangandikakaken ing ngriki, sadinten sami kaliyan sèket èwu taun. Rekaos sanget
sagedipun amastani, punapa wekdal samanten wau, wekdal ingkang kanggé nyampurnakaken
kamenanganipun yakti ingkang wekasan ing saindhenging jagad punika, punapa punika giliran 50.000
taun, kados déné giliran 1000 taun ingkang kasebut ing 32: 5. Ing saboten-botenipun, punika
anedahaken bilih Quran Suci boten angrujuki teori, bilih jagad saweg umur pitung èwu taun.
Pangandika punika kasambetan ing dhawuh dhateng Kanjeng Nabi Suci, mulané di sabar kalawan
sabar kang éndah; punika anedahaken bilih badhéa kados punapa kémawon suraosipun, dinten ingkang
kapangandikakaken ing ngriki punika wekdal ing gesang sapunika punika.
1538
Margining minggah
11 (Sanajan) padha diweruhaké
(siji marang sijiné). Wong kang
dosa adreng arep anebusi siksa ing
dina iku kalawan anak-anaké.
12 Sarta rabiné tuwin saduluré.
13 Apa déné sanak kerabaté
kang angayomi dhèwèké.
14 Lan sakabèhé kang padha ana
ing bumi; tumuli (pangarep-arepé,
supaya) iki bisa nyalametaké dhèwèké.
15 Ora pisan-pisan! sayekti, iku
geni mulad-mulad:
16 Anglonyom ing sirah,
Ut. narik
17 Anguwuh-bali wong
ambalik lan maléngos,
kang
18 Sarta anumpuk-numpuk sarta
anyinggahaké (bandha)
Ut. ora
sumèlèh
19 Sayekti, manusa iku tinitah
sarwa angéwohaké;
20 Samangsa
ngresula,
kataman
kojur,
21 Lan samangsa katekan begja,
cethil,
22 Kajaba wong kang padha
salat,
23 Kang tetep olèhé padha salat,
Ar. kinaweruhan
24 Sarta kang ing sajroning
bandhané ana sapérangan kang
tartamtu,
Juz XXIX
Surat 70
a. 2349
Umat énggal badhé dipun degaken
1539
25 Tumrap para kang anjajaluk
sarta wong kang kesrakat,a
26 Apa déné para kang padha
anemenaké marang dina wawales,
27 Tuwin kang padha wedi
marang siksaning Pangérané –
28 Sayekti siksaning Pangérané
iku dudu (barang) kang kudu
rinasa aman –
b. 1714
c. 1715
29 Sarta kang padha angreksa
marang awak-kawirangané,b
30 Kajaba tumrap marang rabiné
utawa kang kadarbé ing tangantengenéc – amarga, sayekti, iki ora
cinacad.
31 Ananging sapa sing ngupaya
sajabané iku, lah iku wong kang
mlangkah wates.
32 Sarta kang padha anjaga
marang titipan tuwin janjiné.
33 Apa déné kang padha jejeg
pasaksiné,
34 Sarta kang padha rumeksa
marang salaté,
35 Yaiku kang bakal padha ana
ing patamanan, kinurmatan.
RUKU’ 2
Umat énggal badhé dipun degaken
36-39. Dhumawahipun asor para mengsah. 40-41. Umat ingkang langkung saé badhé
dipun degaken. 42-44. Dhatenging siksa.
36 Nanging apa ta karanané,
déné para kafir padha gagancangan
mara angadhep sira,
1540
Margining minggah
Juz XXIX
37 Ing sisih tengen lan ing sisih
kiwa, apanthan-panthan?
38 Apa dhèwèké iku siji-sijiné
padha kepéngin dilebokaké ing
taman-kabegjan?
39 Ora pisan-pisan! sayekti Ingsun andadèkaké dhèwèké saka barang kang dhèwèké padha weruh.
40 Nanging, sayekti, Ingsun
sumpah kalawan Pangéraning Wétan lan Kulon, sayekti Ingsun iki
temen kawasa.
41 Anyalini (kalawan liyané)
kang luwih becik tinimbang dhèwèké, lan ora bakal Ingsun kalindhih.2567
Ar. dhèwèké
padha katemu karo
Ut. pathok
tetenger
42 Mulané togna baé, karebèn
padha guneman lalawora sarta
abungah-bungah, nganti tumeka
dinané kang diancamaké marang
dhèwèké;
43 Dinané dhèwèké padha metu
saka ing kuburan kalawan gagancangan, kaya déné amlayoni kang
tinuju,
44 Kalawan tumungkul pandelengé; nistha bakal tumiba marang
dhèwèké; mangkono iku dinané,
sing diancamaké marang dhèwèké.2568
2567. Kula aturi mèngeti piweca ingkang terang gamblang punika; panguwaosipun titiyang
Makkah badhé sinapu tapis, umat sanès (titiyang Muslimin) badhé dipun dadosaken ingkang nyepeng
panguwaosipun nagari minangka gegentosipun.
2568. Boten kirang cetha gagambaran ing dhawuh punika; inggih punika gagambaran ingkang
nyitra kawonipun ingkang wekasan titiyang Quraisy nalika bedhahipun nagari Makkah. Griyagriyanipun kawarna wonten ing dhawuh ngriki kadi déné pakuburan, awit para titiyang wau menggah
ing ruhaniyahipun pancèn tiyang pejah.
____________
SURAT 71
NÛH
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(2 ruku’, 28 ayat)
Pathinipun:
Ruku’
Ruku’
1.
2.
Kanjeng Nabi Nuh mumulang.
Panyuwunipun Kanjeng Nabi Nuh murih leburipun para nerak garis.
Katerangan gerban
Pangancam siksa ingkang kasebutaken wonten ing surat sampun, wonten ing ngriki dipun sambeti
tuladhanipun. Sagemblengipun surat punika dipun anggé marsitakaken piwulangipun Kanjeng Nabi
Nuh – ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika tuwin panyuwunipun Kanjeng Nabi Nuh
supados para murang-yekti katumpes murih awon boten angrembaka ing bumi. Kalih bab punika
kawarsitakaen dados kalih ruku, déné bab titimangsaning tumurunipun, surat punika kénging
kagolongaken kaliyan golonganipun surat-surat panunggalanipun.
RUKU’ 1
Kanjeng Nabi Nuh mumulang
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Sayekti Ingsun wus angutus
Nuh marang kaumé, pangandika
(Ningsun): Pépélingana kaumira,
ing sadurungé siksa kang nglarani
tumeka marang dhèwèké.
2 Calathua: É, kaumku! sayekti
aku iki juru-pépéling kang cetha
marang kowé:
3 Supaya kowé padha ngawulaa ing Allah sarta di tuhu-tuhu ing
(wajibmu marang) Panjenengané
sarta ambangun-turuta marang aku:
4 Panjenengané bakal aparing
pangapura satengah saka kaluputanmu, sarta aparing sumené ma-
1542
Nuh
Juz XXIX
rang sira tumeka wawangen kang
wus tinamtu; sayekti wawangening
Allah iku samangsa wis tumeka,
ora bakal disumenèkaké: yèn ta
kowé padha weruha:
5 Unjuké: Dhuh Pangéran kawula! saèstu rinten sarta dalu
anggèn kawula anguwuh ing kaum
kawula:
6 Ananging panguwuh kawula
malah namung angindhakaken
mlajengipun:2569
7 Sarta saben-saben kawula
anguwuh piyambakipun, supados
Tuwan paringi pangapunten, sami
anyumpelaken darijinipun ing
kupingipun sarta angrukubaken
panganggènipun2570 tuwin sami
ambeguguk sarta sami kamalungkung kalayan gumedhé:
2569. Suraosipun ingkang sajatos makaten: saya sanget anggèn kawula anguwuh piyambakipun,
boten saya celak nanging malah soyo tebih. Ing dhawuh ngriki “panguwuh” kadamel jejer, nanging
boten kok anggènipun sami anggeblas (nebih) wau margi wontenipun panguwuh wau, wangsul margi
saking anggènipun ambeguguk ngutha waton manahipun. Saminipun kados déné sawenèh surating
Quran kapangandikakaken manawi “amewahi jejember” dhateng jejembering tiyang ingkang
manahipun wonten sasakitipun (9 : 125). Ing panggènan sanès wonten malih ingkang nunggil suraos
kaliyan punika wau, inggih punika kapangandikakaken Allah mewahi sasakit dhateng tiyang ingkang
manahipun wonten sasakitipun (2 : 10). Ing dalem ukara ingkang kados makaten wau sadaya, jejer
punika boten kok sayektos ingkang nindakaken pandamel utawi ingkang nyababaken, wangsul
menggah ing sajatosipun namung wonten magepokanipun sakedhik kaliyan kadadosanipun prakawis.
Katrangan makaten punika kateranganipun Quran piyambak wonten ing dhawuh sambetipun ayat
punika, inggih punika “Saben-saben kawula anguwuh piyambakipun, supados Tuwan paringi
pangapunten, sami anyumpelaken darijinipun ing kupingipun sarta angrukubaken panganggènipun
tuwin sami ambeguguk sarta sami kumalungkung kaliyan gumedhé.” Dados sadaya tindak ingkang
anjalari anggènipun saya anggeblas, punika boten wonten sanès kajawi pandamelipun piyambak
ingkang pancèn katemaha katindakaken.
2570. Ukara
punika warni-warni kateranganipun. Rgh suka katrangan
warni kalih. Sapisan, “piyambakipun sami masang panganggénipun kanggé nutupi kupingipun; punika
anedahaken anggènipun boten sami purun mirengaken.” Katrangan satunggalipun, “ngibarat, wigatos
.
nyasmitakaken anggeblas”; minangka tuladha Rgh nyebutaken ukara
tuwin
sarta sasampunipun negesi tegesipun wantah panjenenganipun lajeng mewahi
katrangan, supados piyambakipun boten saged ningali tuwin boten saged mirengaken (LL). Sawenèh
negesi tembung tsiyâb punika manah, kados déné dhawuh ing 74: 4, déné suraosipun: para titiyang wau
sami nutupi manahipun. Liripun sami suthik manah-manah sabarang ingkang kadhawuhaken.
Surat 71
Kanjeng Nabi Nuh mumulang
1543
8 Saèstu, lajeng sami kawula
uwuh kalayan sora:
9 Saèstu, kawula lajeng micanteni piyambakipun kalayan
ngedhèng sarta micanteni piyambakipun wonten ing pasepèn:
10 Sarta kula wicanten: Padha
nyuwuna pangapura Pangéranmu:
sayekti Panjenengané iku Mahaparamarta:
11 Panjenengané angutus mendhung marang dhuwurmu anurunaké udan deres:
12 Sarta aparing pitulung marang kowé kalawan bandha lan
anak apa déné adamel patamanan
tumrap marang kowé sarta adamel
kali-kali tumrap marang kowé.2571
Ut. ora
padha wedi
marang
kahagunganing Allah
Ut. ing dalem pirangpirang
kahanan
13 Apa karanané, déné kowé ora
padha angarep-arep kahagungan
saka ing Allah?2572
14 Lan sayekti, Panjenengané
wus anitahaké sira kalawan angambah pirang-pirang tataran.2573
2571. Piyambakipun sami dipun janjèni badhé pinaringan nugraha warni-warni, manawi sami
purun wangsul dhateng Allah. Punika menggah ing sajatos-jatosipun ateges: leburipun badhé tinulak
boten saèstu kadhawahaken. Awit sampun boten wonten semang-semangipun malih, samangsa umat
punika manggung among suka wonten ing dalem piawon, boten kénging boten mesthi linebur.
Kosokwangsulipun umat wau mesthi subur makmur, manawi sifat-sifatipun ingkang saé gesang
angrembaka.
2572. Dhawuh punika kénging kasuraos tutugipun pamedhar wangsitipun Kanjeng Nabi Nuh utawi
inggih kénging kasuraos dhawuh tumuju dhateng para titiyang Quraisy. Nadyan kasuraos dados
tutuging piwulangipun Kanjeng Nabi Nuh, meksa mengku suraos: titiyang Makkah kaparingan kupiya
wonten ing cariyosipun Kanjeng Nabi Nuh, manawi sami purun andhèrèk ing Kanjeng Nabi,
piyambakipun mesthi badhé dipun dadosaken umat ingkang ageng. Rz angrujuki kateranganipun Kf,
kados déné ingkang kula anggé punika, sarta angemohi katerangan satunggalipun, kados déné ingkang
kula serat wonten ing margin. Kf nerangaken: “Suraosipun: Généa sira ora tansah ngarep-ngarep
marang Allah murih sira didadèkaké gedhé?
2573. Dhawuh punika kénging kasuraos nyasmitakaken madhhabu-l-irtiqa’ (theory of evolotion,
inggih punika teori ingkang mastani bilih dumadosing manusa punika majeng-majeng saking
sakedhik). Para mufassirin limrahipun nyuraos dhawuh punika ngisarahi dhateng kawontenan warniwarni ingkang dipun alami déning jabang bayi ing guwagarba nanging inggih kongang kémawon
1544
Ut. sungsunsungsun
a. 46, 2516
Nuh
Juz XXIX
15 Apa sira ora andeleng, kapriyé anggoné Allah wus anitahaké
langit pitu padha,a
16 Sarta ana ing jeroné kono
agawé rembulan dadi papadhang
lan agawé srengéngé dadi diyan?
17 Lan Allah wus anuwuhaké
sira saka bumi kaya tuwuhan,2574
Ut. kang
lahir
18 Banjur ambalèkaké sira mrono, sarta angetokaké sira dadi titah
(anyar).2575
19 Lan Allah andadèkaké bumi
jembar gumelar tumrap marang
sira,
20 Supaya ana ing kono sira bisa
lumaku ana ing dadalan kang
amba.2576
RUKU’ 2
Panyuwunipun Nabi Nuh amrih lebur para nerak garis
21 Nuh munjuk: Pangéran kawula! saèstu, piyambakipun sami andaga dhateng kawula, sarta manut
dhawuh punika mengku teges, bilih manusa punika ngantos dumugi ing kawontenanipun ing sapunika
punika, menggah ing kasampurnaning jasmaninipun sasampunipun ngalami kawontenan warni-warni.
2574. Lah, kapèngetana malih punika. Katerangaken, manusa punika kathukulaken saking siti kadi
déné thuthukulan liripun kalayan tumuwuh majeng-majeng. Dalasan tumitahipun barang barang sanès,
kados déné ingkang kita alami ing sadinten-dinten, punika inggih kados makaten punika
kawontenanipun. Tanem tuwuh thukul saking siti; saking tanem tuwuh punika manusa angsal tedha;
saking tetedhan ingkang katedha ing manusa lajeng tuwuh wijining gesang; lah punika tumuwuh
majeng-majeng ing salajengipun. Nanging ingkang langkung kathah èmperipun, thukul ing ngriki,
tuwin “tataran” ingkang kapangandikakaken ing ayat 14 punika kamajengan tumuwuh ingkang dipun
alami déning manusa ngantos dados sampurna jasmaninipun kados kawontenanipun ing tataran
samangké punika.
2575 Lahiran énggal punika saged mengku teges jumedhulipun umat énggal ing sasampuning
sirnanipun umat ingkang rumiyin, utawi inggih saged mengku teges kamajengan ruhani énggal ing
gesang sasampuning pejah
2576. Margi wiyar ingkang dipun anggé gesangipun manusa wonten ing bumi, punika dados
pratandha ing wontenipun margi ruhani, ingkang dipun ambah ing tiyang ingkang ajrih ing Pangéran
kanggé anggayuh kasampurnan ruhani.
Surat 71
Panyuwunipun Kanjeng Nabi Nuh
1545
dhateng tiyang ingkang bandhanipun tuwin anak-anakipun boten
ngindhaki punapa-punapa dhateng
awakipun kajawi kapitunan.
22 Sarta piyambakipun sami
angrancang paéka ingkang sanget
ageng.
23 Kaliyan wicantenipun: Aja pisan padha ninggal sesembahanmu,
sarta aja aninggal Wadd lan Suwa’,
apa déné Yaguts sarta Ya’uq tuwin
Nasr.2577
2577. Boten wonten kritik ingkang langkung anèh ngungkuli kritik dhateng sawenèh namanamanipun tiyang utawi brahala, ingkang kasebut wonten ing Quran Suci. Sajakipun mokal sèwu
mokal, manawi nama-nama ingkang wonten nalika jamanipun Kanjeng Nabi Suci, punika inggih
nama-nama ingkang wonten nalika jaman tiga utawi sekawan èwu taun ing sadèrèngipun. Dupèh
bangsa Arab gadhah brahala-brahala sawatawis ingkang dipun namakaken mawi nama-nama wau,
lajeng winastan cawuh anggènipun anggancaraken lalampahan, manawi mastani bilih brahala-brahala
wau nunggil nama kaliyan brahala-brahalaning umatipun Kanjeng Nabi Nuh. Nanging punapa
watonipun mastani cawuh wau? Cobi kula aturi mirsani bangsa utawi umat manembah brahala
sanèsipun upaminipun kémawon titiyang agami Hindu; ing ngriku kula sami mesthi badhé mrangguli
brahala-brahala, ingkang namanipun sampun pinten-pinten èwu taun ajeg boten santun-santun. Mangka
nagari Hindustan makaten dununging papan satunggal kaliyan satunggalipun langkung tebih, manawi
katimbang lan tanah Arab kaliyan papan ingkang dipun dunungi umatipun Kanjeng Nabi Nuh.
Langkung-langkung wonten pratandha sanès-sanèsipun ingkang kénging kita pitados, ingkang
anedahaken bilih brahala-brahala Arab punika ingkang kathah asal saking nagari ngamonca. Kadosta
Hubal, tutungguling brahala Arab ingkang wonten ing Ka’bah, “punika bektan saking Belkah ing tanah
Siriyah, kabekta dhateng tanah Arab déning ‘Amr bin Lohay, cariyosipun supados ngawontenaken
jawah samangsa bangsa Arab ambetahaken jawah.” Kacariyos brahala Usâf tuwin brahala Nâilah
punika ugi bektan saking Siriyah (Sale’s Preliminary Discourse, sec. 1). Awit saking punika boten anèh
manawi brahala brahalanipun bangsa Arab punika pendhetan saking sawenèh bangsa-bangsa ing jaman
kina. Nanging ugi kedah dipun èngeti, bilih ayat 22-25 punika saged ugi parenthetical, tegesipun ukara
ingkang nyelip bawa piyambak, kados déné ayat 13-20: déné ingkang katuju ing dhawuh inggih punika
para manembah brahala Arab. Quran asring ngagem cara makaten punika manawi mangandikani utawi
memèngeti para mengsahipun Kanjeng Nabi Suci, inggih punika kaselipaken wonten ing
tengah-tengahipun andharan cariyosipun satunggaling nabi ing kina utawi umat ing kina. Paham
makaten punika wonten mathisipun, manawi kalaras kaliyan ayat 21, tuwin 26 punika sami binukanan
kalayan pangandika Nûh calathu. Namung wonten pakèwedipun sakedhik, inggih punika ayat 25
mangandikakaken: kelem. Nanging siksa punapa kémawon ingkang nglebur ing satunggaling umat,
punika kénging winastan garq (wantahipun kelem) kados déné ukara
jawinipun
ambles tuwin ical wonten ing nagari utawi pasitèn (TA-LL). Makaten ugi ukara
jawinipun nglebur pandamelipun (sarana nindakaken awon) (TA). Déné fi’il madli (tembung kriya
ingkang nedahaken wekdal ingkang sampun kapengker), kagem wonten ing ayat wau, punika inggih
sampun satrepipun, jalaran ing dalem piweca pancèn asring kagem, inggih punika kanggé anedahaken
bilih kawontenan ingkang kawecakaken punika sampun yakin mesthi badhé kelampahan.
Brahala Wadd punika sinembah kalayan kawujudaken pepethanipun satunggaling tiyang jaler,
Suwâ’ awujud tiyang èstri, Yaguts awujud singabarong (leo), Ya’uq awujud kapal (jaran), tuwin Nasr
awujud peksi garudha (Rz), sarta punika dipun pundhi-pundhi déning titiyang pancer Kalb, Hamdan,
Mazhaj, Murad, tuwin Hamjar (Rz, manawi manut AH Hudhail sanès Hamdan).
1546
Ut. sasar
Nuh
Juz XXIX
24 Lan temen, dhèwèké wis
nasaraké wong akèh sarta ora angundhakaké apa-apa marang wong
atindak dudu kajaba mung karusakan.2578
25 Amarga saka kaluputané
dhèwèké padha dikelem, banjur
dilebokaké ing geni; lan tumrap
dhèwèké ora pisan ana panulung
saliyané Allah.
26 Lah Nuh munjuk: Pangéran
kawula! mugi sampun ngantos
wonten titiyang kafir ingkang
manggèn ing bumi ngriki:2579
27 Amargi, manawi piyambakipun Tuwan-togaken kémawon,
badhé nasaraken para kawulaTuwan sarta boten sanès kajawi
namung badhé anglairaken (anak)
ingkang murang tata tuwin boten
sumerep ing panarimah:
28 Pangéran kawula! mugi aparing pangapunten dhateng kawula
saha dhateng tiyang sepuh kawula
tuwin dhateng tiyang ingkang
lumebet ing griya kawula kalayan
mukmin, punapa déné dhateng para
mukmin jaler tuwin mukmin èstri;
saha para atindak dédé mugi sampun Tuwan indhaki punapa-punapa
kajawi karisakan.
2578. Warni-warni para saged anggènipun anjarwani tembung dlalâl. Kf negesi khudhlân
jawinipun linirwakaen déning Allah, utawi hilâk, jawinipun kapitunan tuwin karisakan; teges ingkang
angka kalih punika dipun kiyataken déning ayat-ayat ing wekasaning surat punika. Ibnu Bahr negesi
.
‘adhâb, jawinipun siksa, kados déné pangandika ing
ingkang kasebut ing 54:24
tuwin 47. Ngulami sanès malih negesi pituna, sanèsipun malih negesi sasar wonten ing dalem
upayanipun (AH). Tembung dlalâl dipun tegesi karisakan punika ugi wonten waton-watonipun saking
kitab bausastra (S, Q-LL).
2579. Kedah dipun pèngeti bilih ingkang dipun pangandikakaken déning Kanjeng Nabi Nuh
punika umatipun piyambak. Sarta ingkang dipun dongakaken awon punika inggih namung umatipun
piyambak. Pratélan tuwin panyuwunipun Kanjeng Nabi punika sadaya tumuju dhateng umatipun wau,
boten dhateng saindhenging jagad. Dados tembung al-ardl punika mengku teges nagari ingkang dipun
dunungi umat wau, boten ateges bumi.
SURAT 72
AL-JINN
(Jin)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(2 ruku’, 28 ayat)
Pathinipun:
Ruku’
Ruku’
1.
2.
Titiyang mukmin manca.
Wahyuning Pangéran Kareksa.
Katerangan gerban
Surat punika mangandikakaken pangayoman ingkang kaparingaken dhateng para andika nabi
lumawan mengsah-mengsahipun. Bab prakawis punika, ingkang kasasmitakaken wonten ing ayat 8 ing
ruku’ ingkang sapisan, kacethakaken malih wonten ing ruku’ ingkang kaping kalih. Déné namanipun
punika pipiridan saking ayat 1, ingkang nyebutaken sawenèh para ingkang sami angèstu dhateng
kayektènipun Kanjeng Nabi, ingkang kasebut jinn.
Déné tumurunipun surat punika limrahipun dipun wastani nalika jamanipun Kanjeng Nabi wangsul
saking Thaif, ingkang kelampahan nalika kalih taun sadèrèngipun hijrah, dados surat punika kagolong
ing jaman nalika ndados-ndadosipun panglawan. Bagéndha Abu Thalib tuwin Siti Khadijah sampun
sami séda; Kanjeng Nabi lan titiyang trah Hasyim tuwin trah Abdul Mutthalib kasébrataken; para
mukminin sami lumajeng dhateng nagari Habasyah, ingkang sami kantun sami dipun kaniaya
sakalangkung sanget; para titiyang Quraisy babar pisan boten purun anggapé sawernining piwulang
tuwin pèpènget wasana tindakipun Kanjeng Nabi dhateng Thaif boten ngangsalaken damel punapapunapa kajawi namung malah saya amewahi tuwuhipun kawontenan-kawontenan ingkang tumrap
tiyang limrah boten kénging boten mesthi murugaken nglokro, katelasan pangajeng-ajeng. Ing
salebeting ngalami kawontenan ingkang makaten punika, dhawuh ingkang saged paring kayakinan
dipun betahaken sanget, sarta dhawuh ingkang paring kayakinan wau, tur ingkang kalayan cumeplos
sanget, punika nyata kaparingaken saèstu, inggih ing surat punika. Nanging kajawi dhawuh ingkang
ngyakinaken wau surat punika ugi andhawuhaken bilih wonten malih para angèstu sanèsipun, dados
manawi bangsa Arab puguh ing dalem kakafiran, Islam angsal kamenangan ruhani sanès, ingkang
sampun genah manawi punika dados cacala tumrap kamenanganipun Islam ingkang sakalangkung
jembar wonten ing sajawinipun tanah Arab.
RUKU’ 1
Titiyang mukmin manca
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Calathua: Wewedhar-sabda
wus diparingaké marang aku, yèn
ana sapantha jin2580 angrungokaké,
2580. Bab prakawis wontenipun jinn, utawi titah bangsa alus kadi déné malaikat (jinn punika titah
1548
Jin
Juz XXIX
lan padha calathu: Temen aku wus
padha ngrungu Quran, kang angéram-éramaké,
2 (Kang) nuntun marang dadalan bener, mulané, iku dakèstokaké
sarta aku padha ora nyakuthokaké
sawiji-sawiji karo Pangéranku:
3 Lan, Panjenengané iku – linuhurna kahagungané Pangéranku –
ora mundhut garwa lan ora mundhut putra:
4 Sarta, kéné, kang padha
cubluk, adaté padha angucapaké
barang kang lacut tumrap Allah:
5 Lan, aku padha nyana, yèn
manusa karo jin ora padha angucap goroh tumrap marang Allah:
bangsa alus awon, malaikat titah bangsa alus saé), punika prakawis sanès malih; nanging sampun
terang manawi jinn ingkang kapangandikakaken wonten ngriki punika boten kagolong ing golonganing
titah wau. Gogrombolaning jinn punika ugi kasebutaken wonten ing 46: 29-31, ing ngriku kasebutaken
bilih sami wicanten: “O, kaumku! aku mentas angrungokake kitab, kang kadhawuhaké ing sapungkuré
Musa, ambeneraké apa kang ana sangarepé.” Punika anedahaken bilih para jinn wau para titiyang
Yahudi. Para mufassirin sami nyebutaken satunggaling hadits ingkang asuraos makaten wau. Rz ngandikakaken: “dipun riwayataken bilih titiyang punika para titiyang Yahudi.” Malih Rz ngandharaken
satunggaling riwayat déning IMsd, pangandikanipun bilih panjenenganipun midhanget para jinn wau
.
sami nabuh trebang-trebangipun.
sarta
panjenenganipun pirsa para jin wau sami rumeksa Kanjeng Nabi Suci wonten ing tengah-tengahipun
Andharan punika nedahaken bilih para jin wau ing dalem
sadaya samukawisipun sami kaliyan tiyang sanès-sanèsipun. Malih, tembung jinn punika ugi kanggé
nembungaken tiyang. LL methik Ham: “Bangsa Arab nyanépakaken satunggaling tiyang ingkang
wegig saha prigeling prakawis warni-warni punika kados déné jinn.” Nanging wonten malih ingkang
ngungkuli anèhipun inggih punika para ahli basa sami angakeni manawi tembung jinn punika ateges
/
(Q, TA tuwin sanès-sanèsipun) jawinipun manusa kathah (LL). Lah sapunika
punapa maksudipun manusa kathah punika? Tumrap bangsa Arab, inggih punika bangsa ingkang
anggadhahi panganggep bilih awakipun piyambak punika béda kaliyan bangsa sanès-sanèsipun ing
jagad punika, manusa kathah punika boten sanès ateges bangsa ngamanca. Pamanggih kula inggih
teges punika tegesipun tembung jinn ing ngriki punika. Punapa sababipun déné bangsa ngamanca
winastan jinn? Awit sami sumingid saking mripatipun tiyang Arab: tembung jann (ingkang lajeng
karimbag dados jinn) punika tegesipun ingkang sakawit nyingidaken utawi nutupi (Rgh). Awit saking
punika mila golonganipun titiyang Yahudi Nisibus ingkang sami sowan ing Kanjeng Nabi Suci punika
wonten ing ngriki kasebut jinn, jalaran sanès bangsa Arab. Inggih sabab saking punika ugi déné titiyang
Amalekites tuwin titiyang sanès-sanèsipun ingkang boten kagolong bongsa Bani Israil, ingkang sami
kapeksa kapurih nyambut damel déning Kanjeng Nabi Sulaiman angedegaken padaleman suci, punika
wonten ing 34: 32 kasebut jinn. Mirsanana 2027.
Surat 72
Ut. olèh
atindak
salah
a. 2101
Ut. lintang
kang gumebyar
b. 2104
c. 2102,
2103
Tiyang mukmin manca
1549
6 Sarta déné wong-wong saka
antaraning para manusa iku gawéné padha amèk pangayoman wongwong saka golongané jin, mulané
padha diundhaki bodhoné:
7 Sarta déné dhèwèké padha
nyana kaya panyanamu, yèn Allah
iku ora bakal anangèkaké wong
siji-sijia:2581
8 Lan, déné aku padha arep
angunggahi langit,2582 ananging ing
kono tinemu kebak pangawala kang
kuwat sarta urub:b
9 Sarta, déné kang adat-sabené
aku padha lungguh ing palungguhan-palungguhan ing kono amurih
bisané rumungu, ananging saiki,
sapa sing arep ngrungokaké, bakal
kapethukaké urub(-ing geni) kang
ngadhang dhèwèké:c
10 Sarta, déné aku padha ora
weruh, apa ala kang dikarsakaké
tumrap para kang ana ing bumi,
apa Pangérané karsa anuntun ing
dalan kang bener.
Ut. dudu
11 Sarta, déné sawenèhing golonganku padha wong tulus lan sawenèhé ora mangkono: aku iki papanthan kang padha séjé-séjé dalané:
12 Sarta, déné aku padha weruh,
yèn aku padha ora bisa ngoncati
Allah ana ing bumi, sarta ora bisa
ngoncati Panjenengané sarana
mlayu:
2581. Punika ateges jumenengipun satunggaling nabi utawi gesangipun malih titiyang ingkang
pejah ruhaniyahipun. Bangsa Yahudi wonten sagolongan ingkang boten ngandel dhateng kiyamat.
2582. Nginggahi langit tegesipun badhé nyumerepi wados-wadosipun langit utawi pawartosipun
wekdal ingkang badhé dhateng. Punika anedahaken bilih ing antawisipun para titiyang wau wonten
tukangipun pethèk tuwin titiyang ahli palintangan, inggih punika titiyang ingkang sami anggadhahi
panganggep bilih piyambakipun saged nyumerepi wados-wadosipun wekdal ingkang badhé dhateng
saking lintang-lintang. Mirsanana 2530.
1550
Jin
Juz XXIX
13 Sarta, déné bareng aku padha
ngrungu pituduh, iku aku padha
angèstu; lan sapa sing angèstu ing
Pangérané, ora bakal kuwatir kapitunan sarta ora bakal tumiba asor:
14 Sarta, déné sawenèhing golonganku padha wong sumarah, lan
sawenèhé padha wong nyimpang;
lah sapa sing sumarah, iku sing
nuju marang dalan kang bener:
15 Wondéné wong kang padha
nyimpang, iku urub-urubing naraka:
16 Déné, manawa dhèwèké padha tetep angambah dalan (bener),
masthi bakal padha Ingsun paringi
ngombé banyu sapirang-pirang,
17 Minangka panyoba-Ningsun
marang dhèwèké ing dalem prakara iku: lan sapa sing maléngos
saka éling maring Pangérané, iku
bakal dilebokaké marang siksa
kang nusahaké banget:2583
18 Lan déné masjid-masjid iku
kagunganing Allah; mulané aja
padha anguwuh sawiji sartané
Allah:
19 Sarta, déné nalika kawulaning Allah menyat anguwuh Panjenengané, (banjur) padha prasasat
ngebyuk-ngepung dhèwèké.2584
RUKU’ 2
Wahyuning Pangéran kareksa
2583.
Tegesipun ingkang wantah siksa ingkang sakalangkung nusahaken,
ngantos tiyang ingkang kataman boten kiyat nandhang.
2584. Kawulané Allah punika Kanjeng Nabi Suci Muhammad. Saged ugi dhawuh punika
nyasmitakaken anggènipun Kanjeng Nabi dipun kroyok titiyang ing Thaif.
Surat 72
Wahyuning Pangéran
1551
20 Calathua: Aku mung anguwuh
Pangéranku, lan aku ora nyakuthokaké sawiji-wiji karo Panjenengané.
21 Calathua: Aku iki ora nguwasani kojur mujur tumrap marang
kowé.
22 Calathua: Sayekti ora ana
wong kang bisa angayomi aku saka
Allah, sarta saliyané Panjenengané
aku ora bakal olèh pangungsèn:
a. 1201
23 (Iku) mung anekakaké (timbalan-timbalan) saka ing Allah
sarta ayahan-É; lan sapa sing nglirwakaké Allah lan utusan-É, lah
sayekti bakal olèh geni naraka,
manggon ana ing kono lawas.a
24 Nganti samangsané padha
andeleng apa kang diancamaké
marang dhèwèké, banjur bakal
padha weruh sapa sing panulungé
luwih apes sarta luwih sathithik
cacahé.2585
25 Calathua: Aku ora weruh, apa
kang diancamaké marang kowé iku
wis cepak, apa Pangéranku bakal
namtokaké waktuné.
2585. Tiyang ingkang ijèn tanpa kanca tanpa kanthi, tanpa wonten ingkang mitulungi, wonten ing
panggènanipun piyambak dipun emohi ing ngakathah, ing panggènan sanès dipun siya-siya (kados déné
nalika Kanjeng Nabi wonten ing Thaif, nunggil jaman kaliyan tumurunipun surat punika), mesthi
botenipun saged ngucapaken tetembungan ingkang kados makaten punika. Nalika nandhang
kawelasasih wau Kanjeng Nabi angesokaken raosing panggalihipun wonten ing ngarsaning Pangéran
Gustinipun makaten: “Dhuh Pangéran kawula! keparenga kawula amadulaken wonten ing ngarsa
paduka ing bab ringkihing kakiyatan kawula tuwin asor kawula tumrap para manusa. Paduka punika
Pangéranipun para titiyang ringkih, sarta paduka punika Pangéran kawula. Badhé paduka pasrahaken
dhateng sinten jasad kawula punika? Punapa dhateng tanganipun titiyang sanès ingkang sami ngepang
ing kawula? Punapa mengsah ingkang sampun paduka paringaken duk wonten ing griya punika badhé
nguwaosi ing kawula? Kawula ngungsi wonten ing ngarsa paduka .......... “ (Muir). Lah, mangga punika
kula aturi nandhing kaliyan wahyu ingkang dipun tampi déning Kanjeng Nabi nalika punika, ingkang
anerangaken bilih mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi punika ringkih lan sakedhik cacahipun, sarta
tumunten badhé dipun damel asor; lah ing ngriku tamtu badhé terang jingglang lir péndah raina, bilih
sumber ingkang ngetukaken wahyunipun Kanjeng Nabi Suci punika mesthi boten wonten ing dalem
1552
Jin
Juz XXIX
26 Ingkang-Anguningani barang
tan-katon! Panjenengané ora amedharaké wawadi-Né marang sapasapa,
27 Kajaba marang sapa kang
pinilih dadi utusan;2586 lah sayekti
Panjenengané anglampahaké pangawal ing sangarepé dhèwèké lan
saburiné,
28 Amurih Panjenengané angudanènana, yén dhèwèké temen
anekakaké ayahaning Pangérané,
lan Panjenengané iku anglimputi
apa kang ana ing dhèwèké, sarta
Panjenengané iku anyathet wulanganing samubarang.2587
panggalihipun Kanjeng Nabi piyambak, jalaran manahipun tiyang satunggal mesthi boten sagedipun
angedalaken raos nalangsa margi nandhang kawelasasih tuwin apes, sasarengan kaliyan raos yakin
ingkang kalangkung déning sanget dhateng kamenanganipun ingkang wekasan.
2586. Para juru-pambangun ingkang kajanjèkaken dhateng kaum Muslimin badhé rawuh ing saben
wiwitaning abad, punika rèhning wakiling para utusan, inggih ugi kaparingan wahyu ing bab wadoswadosipun wekdal ingkang badhé dhateng; hikmahipun, supados anjumenengaken iman ingkang sajati
wonten ing manahipun manusa, akalayan tandha-tandha yekti ingkang kagelar lumantar para
juru-pambangun wau. Nanging kapèngetana bilih gaib (utawi wawados) ingkang kapangandikakaken
wonten ing ngriki punika, ingkang dipun karsakaken khusus dhateng wedharing karsanipun Pangéran,
ingkang wonten ing ayat candhakipun kasebut risalah utawi ayahaning Pangéran, awit punika dhawuh
pangandika ingkang kawahyokaken lumantar para andika nabi. Nanging wawados ingkang kawedharaken dhateng para juru-pambangun ing dalem Islam, punika awujud piweca-piweca sanès risalah utawi
ayahan, awit Quran Suci punika wedharing karsanipun Pangéran ingkang sampurna sarta sampun
mengku sadaya prakawis ingkang perlu kanggé nuntun ing para manusa, dados wontenipun risalah
utawi ayahan anyar sampun boten dipun betahaken. Wondéné piweca-piweca ingkang kawedharaken
dhateng para Muslimin ingkang tulus, punika namung mengku maksud kanggé anetepaken kayektèning
ayahan ingkang wekasan inggih punika Quran Suci.
2587. Mangga kula aturi mèngeti ceplosipun tetembunganipun wahyu punika; mangka wahyu
punika tumurunipun nalika jaman Kanjeng Nabi ngalami kawontenan ingkang ngalitaken manah, kados
ingkang sampun katerangaken ing 2585. Kaselak mokal manawi tetembungan makaten punika boten
mijil saking Pangéran ingkang-mahakawasa. Ayahan boten kénging boten mesthi dhumawah, Allah
anglimputi sadaya barang.
______________
SURAT 73
AL-MUZZAMMIL
(Ingkang akekemul)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(2 ruku’, 20 ayat)
Pathinipun:
Ruku’
Ruku’
1.
2.
Kanjeng Nabi kadhawuhan salat.
Salat, tiyang Islam dipun wajibaken.
Katerangan gerban
Surat punika kanamakaken mirid pratélan ingkang kasebut wonten ing ayat ingkang wiwitan
piyambak, ingkang nerangaken Kanjeng Nabi: kang akekemul. Tegesipun ingkang warni-warni
tembung wau, kapratélakaken wonten ing tafsiripun ayat wau, nanging nitik bab ingkang
kawarsitakaken wonten ing surat punika dhawuh sembahayang, dados mèmperipun tembung
Muzzammil punika ateges tiyang ingkang cacawis badhé sembahyang. Surat punika dipun bukani
dhawuh dhateng Kanjeng Nabi supados sembahyang ing wanci dalu, dipun pungkasi kalayan dhawuh
umum dhateng sadaya para mukmin, supados tansah sami kèmutan sembahyang. Péranganipun ingkang
wingking ruku’ ingkang kaping sapisan wau, dhawuh dhateng Kanjeng Nabi supados sabar nandhang
panganiayaning mengsah-mengsahipun ingkang sampun mesthi tumunten badhé nampèni siksanipun
ingkang satrepipun, kados déné raja Fir’aun nalika milawani Kanjeng Nabi Musa. Surat ingkang
sampun punika boten namung anjanjèkaken pangayoman kémawon, nanging kados déné ingkang
kacetha kalayan terang wonten ing ayat 9, Kanjeng Nabi punika kadhawuhan nyuwun pangayoman
sarana tansah sembahyang.
Tumurunipun surat punika kagolong jaman Makkah wiwitan, sarta para mufassirin umumipun
sami amastani bilih surat punika salah satunggaling dhawuh ingkang sepuh piyambak. Nanging
pamanggih ingkang limrah mastani manawi ayat ingkang wekasan piyambak, inggih punika ruku’-ipun
ingkang kaping kalih surat punika, punika tumurun-ipun ing Madinah, awit ing ngriku nyebutaken
perang ing marginipun Allah. Mirsanana ugi 2595, ing ngriku katerangaken bilih pratélan wau saged
ugi piweca, awit saking punika saged ayat wau ugi kagolong nunggil ing jaman wiwitan.
RUKU’ 1
Kanjeng Nabi kadhawuhan salat
1-9. Salat ing wanci dalu punika perlu. 10-19. Mengsah (ingkang ngalang-alangi
salat) dipun pèpèngeti.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 É, sira kang akekemul!2588
2588. Ing ngriki Kanjeng Nabi kasebut Muzzammil tiyang ingkang akekemul. Katrangan ingkang
limrah nerangaken sababipun Kanjeng Nabi kasebut makaten wau jalaran nalika mentas tampi wahyu
1554
Ar. kajaba
Ingkang akekemul
Juz XXIX
2 Tangia salat ing wengi kuranga ya sathithik,
3 Saparoné, utawa kurangana
sathithik saka samono,
4 Utawa iku wuwuhana, sarta
macaa Quran kalawan runtut
abecik,
5 Sayekti Ingsun bakal andhawuhaké sabda antep marang
sira.2589
6 Sayekti, tangi bengi iku dalan
kang kukuh dhéwé kanggo ngidak,
sarta laku kang jejeg dhéwé kanggo
ambeneraké pangucap.2590
7 Sayekti, sira iku ing wayah
awan panyambut gawénira suwé.
8 Lan diéling marang asmaning
Pangéranira sarta disumungkem
marang Panjenengané kalawan
tuhu-tuhu.
9 Pangéraning wétan lan kulon
– ana sesembahan kajaba Panjenengané – mulané sira alapa Panjenengané minangka pangayoman.
ingkang sapisanan, utawi mentas kajumenengaken rasul, Kanjeng Nabi ngemuli sariranipun, nanging
wonten malih katranganipun ingkang warni-warni. Rgh nerangaken bilih punika tembung silihan
ingkang nyanépakaken tiyang ingkang nganggep gampil dhateng satunggaling prakawis. Kalbi tuwin
Farra nerangaken bilih tembung wau mengku teges cacawisan badhé sembahyang (Rz). ‘Ikramah
nerangaken bilih ateges tiyang ingkang kasangkutan ing prakawis ageng, awit zaml punika tegesipun
‘amal (Rz). Kalayan suraosipun sadaya, langkung-langkung ingkang kasebut kantun piyambak punika,
sadhéngah pandhèrèk sami dipun tuju ing dhawuh lumantar Kanjeng Nabi Suci.
2589.
utawi sabda anteb, punika gathukipun kaliyan tegesing tembung
muzzammil manut anggènipun negesi Ikramah kasebut ing nginggil. Margi kasangkulan ing wajib
nuntun jagad sawegung, nyata punika sabda ingkang anteb.
2590. Ing ngriki kasebutaken punapa sababipun déné ing wanci dalu kadhawuhaken anjungkung
sembahyang. Inggih punika margi sembahyang ing wekdal dalu makaten margi ingkang mitayani
piyambak kanggé angidak, inggih punika ngidak angicak-icak sawarnining awon, tuwin lampah
ingkang jejeg piyambak kanggé angleresaken pangucap. Dados anjungkung sembahyang ing wanci
dalu makaten mengku hikmah ngleresaken pandamel tuwin ngleresaken pangucap.
Surat 73
Kanjeng Nabi kadhawuhan salat
1555
10 Lan disabar marang apa calathuné, sarta dhèwèké singkirana
kalawan sumingkir kang pantes.
Ar. lan
11 Lan Ingsun tokna baé mangkono uga wong kang padha anggorohaké kang sarwa mubra-mubru
sarta dhèwèké padha sumenèkna
sadhéla.
12 Sayekti, Ingsun kagungan
balenggu gedhé sarta geni murup,
13 Tuwin pangan kang nyereti
lan siksa kang nglarani.
14 Ing dinané bumi lan gununggunung gonjang-ganjing, sarta gunung-gunung dadi (kaya) undhukundhukan wedhi longsor.2591
15 Sayekti Ingsun wus angirimaké utusan marang sira, saksi
tumrap marang sira, kaya déné
anggon-Ingsun wus angirimaké
utusan marang Fir’aun.2592
16 Ananging Fir’aun ora ambangun-turut marang utusan mau,
mulané dhèwèké Ingsun patrapi
kalawan patrapan kang abot.
2591. Manawi ayat 12-14 punika dipun cundhukaken kaliyan ayat 11, ingkang andhawuhaken
dhateng Kanjeng nabi supados maringi inah dhateng para andaga ing sawatawis wekdal kanggé
nglajeng-nglajengaken anggènipun sami adamel wisuna, tétéla manawi ayat-ayat wau wigatos
mangandikakaken kawontenan sangsara ingkang badhé dipun sandhang déning para titiyang, ingkang
ing samangkénipun kaparingan inah ing sawatawis wekdal, ngraosaken kamuktèn lan kawibawanipun;
lan ugi wigatos mangandikakaken, bilih rekaos ingkang mesthi kasandhang selebetipun mencaraken
yakti, punika mesthi badhé sirna larut samangsa yakti sampun wiwit jumeneng. Mirsanana ugi 1604.
2592. Wonten ing ayat punika – inggih punika èwoning wahyu ingkang sepuh piyambak –
saminipun Kanjeng Nabi Suci kaliyan Kanjeng Nabi Musa kasebutaken kalayan tetembungan ingkang
terang gamblang. Dados da’wah utawi pangakenipun Kanjeng Nabi jumeneng nabi kados ingkang
kajanjèkaken wonten ing Pangandharing Torèt 18: 18, ingkang wonten ing ngriku kalayan ceplos
kasebutaken “kaya” Kanjeng Nabi Musa, punika wontenipun sampun wiwit nalika Kanjeng Nabi
winisuda jumeneng utusan. Punapa punika boten nama anggumunaken ingatasipun Kanjeng Nabi
punika boten naté maos kitab Torèt? Lah inggih awit saking punika mila Quran Suci punika wonten ing
dhawuh-dhawuh ingkang tumurun ing pawingkingipun, kasebut kang ambeneraké barang kang
sadurungé, liripun rawuhipun anjangkepi wahananing piweca ing kina, ingkang kayektènipun
katetepaken kados makaten wau.
1556
Ingkang akekemul
Juz XXIX
17 Lah kapriyé olèhmu bakal anjaga awakmu, manawa kowé padha
maido, ing dinané, kang andadèkaké bocah-bocah padha uwanen?
18 Langit dadi sigar marga saka
iku; janjining Panjenengané iku
salawasé masthi kalaksanan.2593
19 Sayekti iki pépéling, mulané
sapa sing gelem, angalapa dalan
marang pangérané.
RUKU’ 2
Salat tiyang Islam dipun wajibaken
Ar. lan
20 Sayekti Pangéranira angudanéni, yèn sira iku anindakaké salat
mèh rong prateloning wengi, lan
(kala-kala) saparoné, lan (kala-kala)
saprateloné, mangkono uga sapérangané para kang nyartani sira; lan
Allah iku angukur wengi lan rina.
Panjenengané uninga, yèn sira ora
2593. Kula aturi mèngeti kados punapa terang lan ceplosipun tetembunganipun ayat-ayat punika.
Ing jaman wiwitan mila (kados déné jaman tumurunipun dhawuh punika), titiyang Quraisy sampun
dipun paringi pèpènget bab prakawis nasib awon ingkang mesthi badhé dipun sandhang. Anggènipun
anggigirisi dinten wau kapangandikakaken ngantos kados saged adamel laré-laré alit sami uwanen
tuwin langit sigar-biyak. Nadyan dipun anggepa pangandika punika namung mligi nerangaken
kawontenan ing dinten kiyamat, pratélan ingkang angka satunggal wau boten saged dipun suraos
kalayan walaka, jalaran ing dinten kiyamat laré-laré boten badhé kadamel uwanen rambutipun.
Milanipun para mufassirin sami angakeni manawi pratélan wau istingarah, ingkang nyanépakaken
anggènipun anggigirisi dinten wau. Ing basa Arab manawi nerangaken dinten ingkang anggigirisi
/
punika wonten ingkang makaten ungelipun:
dina kang bisa
andadèkaké bocah-bocah padha uwanen kuncungé (Rz). Pratélan istingarah (sanépa) kakanthèkaken
kaliyan pratélan langit sigar, punika dados bukti ingkang cetha bilih pratélan langit sigar punika ugi
kedah kasuraos éntar. Malah menggah ing sajatos-jatosipun, manawi makaten punika anggènipun
nyuraos, pratélan wau lajeng saged mathuk mengku kalih-kalihipun, inggih punika dinten kiyamat
tuwin leburipun para mengsah ing gesang sapunika punika. Kosokwangsulipun, manawi kasuraos
kalayan wantah, salah satunggal kémawon boten saged mathuk. Tetembungan bangsanipun langit
ginulung (21: 104), langit sigar (kados déné ing ngriki tawin ing 82: 1), langit binuka tutupipun (81:
11), tuwin sapanunggilanipun, punika menggah ing sajatos-jatosipun mangandikakaken sirnanipun
barang-barang lami ginantosan ing barang-barang anyar, ingkang sinartan ing kawontenan ingkang
anggigirisi tuwin kawontenan ura-uru. Dados pratélan wau mathuk kanggé nembungaken leburipun
satunggaling bangsa ing jagad punika, tuwin inggih mathuk kanggé nembungaken barang-barang
gagrag ingkang anyar babar pisan, ingkang badhé dipun wontenaken sasarengan kaliyan kiyamat.
Mirsanana ugi 1665 tuwin 2677.
Surat 73
Ar. iku
Salat dipun wajibaken
1557
bisa mangkono iku, mulané Panjenengané bola-bali (wilasa-Né)
marang sira;2594 lah sira padha
macaa Quran apa kang gampang
(tumrapé sira). Panjenengané anguningani, yèn sawenèhira masthi
ana sing lara, lan sawenèhé manéh
lulungan ing bumi angupaya nugrahaning Allah, tuwin sawenèhé
manèh perang ing dadalaning
Allah2595 mulané padha macaa
Qurân apa kang gampang (tumraping sira), lan anjumenengna salat,
lan awèha zakat, lan angaturana
marang Allah atur-atur kang becik,a
lan sabarang kabecikanmu kang
dhisik-dhisik kang tumrap marang
awakira, iku bakal sira temu ana
ing ngarsané Allah, iku pituwas
kang luwih becik lan luwih gedhé;
lan padha nyuwuna pangapura
marang Allah; sayekti Allah iku
Aparamarta-Mahaasih.
2594. Péranganipun ingkang sapisan ayat punika boten mengku dhawuh paréntah dhateng para
angèstu supados anjungkung sembahyang ing wanci dalu kalayan katamtokaken dangunipun; wangsul
namung nyebutaken, bilih Kanjeng Nabi Suci tuwin para ingkang sami nyartani panjenenganipun sok
anjungkung sembahyang ing wanci dalu ngantos kalih pratigan dalu. Tarkadhang sapalih dalu, tuwin
tarkadhang sapratigan dalu. Dados nama boten teges manawi winastan bilih péranganipun ingkang
sapisan ayat punika kasuwak déning peranganipun ingkang angka kalih. Satunggaling pratélan boten
saged winastan kasuwak. Wondéné péranganipun ayat ingkang kantun, punika namung anyebutaken,
bilih nadyan Kanjeng Nabi Suci lan para sahabatipun ingkang sami nyarempeng anjungkung
sembahyang ing wanci dalu ngantos sapérangan ageng (boten kados para mengsah, manggung langen
suka), suprandéné boten sadaya titiyang Muslimin saged nulad tindak wau; milanipun titiyang
Muslimin kapangandikan, kénging sami sembahyang ing wanci dalu namung ing sakacunggahipun
sarta boten dados sasanggèn. Sira ing dhawuh ingkang mungel “sira ora bisa mangkono iku,” punika
ingkang dipun karsakaken titiyang muslimin umumipun. Kapèngetana bilih ing ngriki wonten tembung
taba (kriyanipun tembung taubah), ingkang jawinipun Panjenengané bali wilasané, mangka boten
wonten rembag prakawis dosa ingkang tumrap tiyang ingkang sami kaparingan wilasa déning Pangéran
wau. Punika anedahaken bilih tembung taubah punika wonten ing Quran Suci anggadhahi teges
langkung jembar katimbang tembung tobat ing basa jawi.
2595. Pepérangan kasebutaken wonten ing dhawuh punika, punika ingkang cepak kémawon
dumunung pratélan ingkang asifat piweca, kados déné ingkang pinanggih ing pinten-pinten panggènan
wonten ing Quran Suci. Dados kasebutipun prakawis punika, punika boten teka lajeng dados bukti bilih
ayat punika boten tumurun ing Makkah.
_____________
SURAT 74
AL-MUDDATSTSIR
(Ingkang manganggé)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(2 ruku’, 56 ayat)
Pathinipun:
Ruku’
Ruku’
1.
2.
Kanjeng Nabi kadhawuhan aparing pèpènget.
Pèpèngetipun.
Katerangan gerban
Surat ingkang sampun mangandikakaken Kanjeng Nabi, kados pundi anggayuh kasampurnan
punika. Ing ngriki Kanjeng Nabi dipun dhawuhi medal saking anggènipun miyambak perlu
nyampurnakaken ing sanès. Para mufassirin sami sarujuk amastani bilih surat punika dhawah angka
kalih menggah ing urut-urutan ing tumurunipun, sarta kawontenan-kawontenan ingkang gagandhèngan
kaliyan tumurunipun surat punika kasebut wonten ing hadits-hadits ingkang kénging pinitados.
Dangunipun letipun antawising tumurunipun wahyu ingkang rumiyin piyambak kaliyan tumuruning
wahyu ingkang ongka kalih punika ngantos watawis wekdal nem wulan, sarta wekdal punika
misuwuripun kasebut fathrah utawi komplang. Pantes pinèngetan, jaman nem atusan taun sadèrèngipun
rawuhipun Kanjeng Nabi, punika inggih jaman fathrah utawi komplang, awit nem abad kapétang wiwit
jaman rawuhipun Kanjeng Nabi Isa dumigi jaman rawuhipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. ing jagad
punika boten wonten nabi ingkang rawuh; fathrah-ipun Kanjeng Nabi ingkang boten dangu wau saged
ugi minangka pèpènget-ènget jaman nem abad sadangunipun jagad sawegung ngentos-entosi rawuhing
panutupipun para nabi lan agung-agunging para nabi, Kanjeng Nabi Suci Muhammad saw. inggih
punika nabinipun sadaya umat saha sadaya jaman dados boten namung nabining umat satunggal utawi
jaman satunggal kémawon. Wekdal fathrah punika sakalangkung anggènipun angregiyeg tumrapipun
Kanjeng Nabi, sarta Panjenenganipun sakalangkung sungkawa margi wahyu komplang boten tumurun
wau. Nanging sapisan malih sasampunipun wekdal komplang wau pundhat wawangenipun, malaikating
Pangéran ngrawuhi panjenenganipun malih; Kanjeng Nabi ngemuli sariranipun kalayan
pangagemanipun; nanging sanès karsaning Pangéran panjenenganipun lastantun miyambak, sami nalika
panjenenganipun kadhawuhan jumeneng saha memèngeti. Tiyang ingkang manganggé wau tansah
ngrasuk busana meleng dhateng Pangéran; ing sapunika panjenenganipun kadhawuhan ngèndeli
anggènipun remen miyambak. Surat punika ing sagemblengipun terang manawi kagolong ing jaman
Makkah wiwitan nanging inggih cetha boten katurunaken sapisan rampung, namung kémawon boten
wonten titikanipun manawi wonten péranganipun ingkang tumurunipun wonten ing Madinah.
Hadits satunggal thil ingkang nerangaken pahamipun Jabir, riwayat Abu Salamah bin
Abdirrahman, bilih surat punika wahyu ingkang tumurun rumiyin piyambak, punika sampun boten
wonten semang-semangipun manawi klèntu. Leres “rumiyin piyambak”, nanging rumiyin piyambak
ing sasampunipun Fathrah, ing sasampunipun wekdal komplanging wahyu, boten kok ingkang rumiyin
piyambak ing antawising wahyu ingkang katampi déning kanjeng Nabi sadaya. Wondéné wahyu
ingkang tumurun rumiyin piyambak, punika sampun umum dipun akèni ayat-ayat ing wiwitaning surat
ingkang kaping 96.
_____________
Surat 74
Kanjeng Nabi kadhawuhan amèmèngeti
1559
RUKU’ 1
Kanjeng Nabi kadhawuhan aparing pèpènget
1-7. Kanjeng Nabi kedah pèpènget sarta kedah sabar. 8-31. Para ingkang milawani
sarta kados pundi pandumipun.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 O, sira kang-manganggo!2596
2 Ngadega lan apépélinga,2597
3 Sarta angegungna Pangéranira,
4 Tuwin angresikna sasandhanganira,2598
5 Apa déné angedohna jejember,
6 Lan aja wèwèh akanthi
pangarah tampa pakolèh kang
luwih akèh2599
7 Lan tumrap
Pangéranira disabar.
prakaraning
8 Amarga samangsa salumprèt
tiniyup,
2596. Al-Muddatstsir punika tiyang ingkang manganggé ditsâr, panganggé (LL). Sawenèh
ngulami anggènipun nyuraos tembung punika walaka, sawenèhipun malih éntar. Manut ingkang sami
nyuraos éntar tegesipun tiyang ingkang manganggé busana kenabian utawi tiyang ingkang mempen,
kados déné kawontenanipun Kanjeng Nabi nalika wonten ing guwa Hira’ (Rz).
2597. Kula aturi nyundhukaken kaliyan dhawuh ingkang kamot wonten ing surat ingkang sampun;
ing ngriku Kanjeng Nabi Suci kadhawuhan anjungkung ngibadah, murih panjenenganipun saged
anggayuh kasampurnan ing ngriki panjenenganipun dipun dhawuhi andhatengaken ayahan saha
maringi pèpènget, dados adamel sampurna ing tiyang sanès.
2598. Nucèni panganggé punika boten namung ingkang magepokan kaliyan susuci kalayan patrap
lahir kémawon, nanging ugi susucining manah, kados déné ingkang katerangaken ing ayat
candhakipun, ingkang andhawuhaken supados panjenenganipun sumingkir saking sawarnining
jejember. Katerangan makaten punika dipun ajengi déning para mufassirin ingkang kathah-kathah (Rz).
2599. Utawi: manawa sira mènèhaké pawèwèh, poma sira aja ngarep-arep bakal tampa kang luwih
akèh saka wong kang kepotangan kabecikan karo sira; utawi: barang satitik kang sira tindakaké iku aja
sira étung akèh.
1560
Ingkang-Manganggé
Juz XXIX
9 Lah ing kono dina iku dina
rekasa
10 Tumrap para kafir
(dina) kang gampang,
dudu
11 Togna baé Ingsun dhéwé karo
wong kang wus Ingsun-titahaké,
12 Lan wus Ingsun
bandha kang ombèr,
paringi
13 Apa déné anak-anak kang
ketungkulan,
14 Tuwin prakarané Ingsun tata
sarwa tumata;
15 Éwadéné dhèwèké isih angajap Ingsun wuwuhana.2600
16 Ora pisan-pisan! sayekti dhèwèké iku amilawani timbalan-timbalan-Ingsun.
17 Ingsun bakal anibakaké siksakang-nusahaké
marang
dhèwèké.2601
2600. Pratélan punika mathuk kasuraos umum, nanging mèh sadaya para mufassirin sami mèngeti
lalampahanipun Walid bin Mugirah mligi magepokan kaliyan pangandika punika. Rz nyebutaken
hadits ingkang ngandharaken lalampahanipun Walid wau. Abu Jahl tuwin para panuntuning panganiaya
dhateng Kanjeng Nabi Suci sanès-sanèsipun sami kalempakan perlu ngrembag nama punapa ingkang
badhé kanggé anjuluki Kanjeng Nabi Suci, awit ing mangsa haji, titiyang kathah boten sami golongrembagipun jujuluk punapa ingkang mligi kanggé anjuluki ing panjenenganipun. Sawenèh tiyang usul
supados Kanjeng Nabi dipun juluki: juru-nganggit-kidung, nanging Walid mangsuli bilih pangandikanipun Kanjeng Nabi punika boten maya-maya kados ginemipun juru-nganggit-kidung. Tiyang
sanèsipun usul supados dipun wastani juru-tenung, nanging Walid inggih ambantah, dupèh Kanjeng
Nabi Muhammad boten naté dora pangandikanipun, mangka para juru tenung, asring goroh. Tiyang
sanès malih usul supados panjenenganipun dipun sebut tiyang éwah, nanging punika ugi boten cocog
kaliyan kawontenaning sugengipun Kanjeng Nabi. Walid lajeng madal pasilan, kanca-kancanipun
nginten manawi piyambakipun badhé ngrasuk Islam. Abu Jahl nututi perlu badhé pitakèn dhateng
piyambakipun bab prakawis punika; Abu Jahl dipun cariyosi bilih sasampunipun kamanah lebet,
piyambakipun angsal pupuntoning pamanggih, bilih Kanjeng Nabi punika satunggaling sâhir,
jawinipun: juru kemayan, cariyosipun: jalaran “inggih juru-kemayan, ingkang sok amisahaken bapak
kaliyan anak, sadhèrèk kaliyan sadhèrèkipun, tiyang jaler kaliyan rabinipun.” Urut margi-marginipun
kitha Makkah lajeng dipun undhang-undhangaken bilih Kanjeng Nabi punika sâhir. Lah inggih
lalampahan punika ingkang dipun karsakaken wonten ing ayat-ayat candhakipun punika.
2601.
tegesipun aku andadèkaké dhèwèké nindakaké barang kang angèl
Surat 74
Kanjeng Nabi kadhawuhan amèmèngeti
1561
18 Sayekti, dhèwèké mikir-mikir
sarta anetepaké,
19 Ananging muga siniku, kapriyé anggoné netepaké,
20 Manéh, muga siniku, kapriyé
anggoné netepaké;
21 Banjur angawasaké,
22 Tumuli mrengut sarta nyawang sumengit,
23 Banjur mungkur sarta gumedhé,
24 Banjur calathu: Iki ora liya
kajaba kemayan tutur-pinajaraké;2602
25 Iki ora liya kajaba mung
guneming wong.
26 Dhèwèké bakal Ingsun cemplungaké naraka
27 Lan apa kang meruhaké sira,
naraka iku apa?
28 Ora ana sabarang sing diisihaké, lan ora ana kang ora linebur.
Ut. anggesengaké
29 Iku angowahaké kaananing
manusa.
30 Ing kono ana sangalas (sing
anjaga).2602A
utawi kang ngrekasakaké. Ingkang dipun karsakaken nasib ingkang dipun sandhang déning Walid;
anakipun jaler ingkang tiga ngrasuk Islam, sanèsipun sami tilar donya, kasugihanipun wiwit susut,
wasananipun piyambakipun piyambak pejah kalayan nandhang camah ingkang sanget tuwin nandhang
kemlaratan.
2602. Sihr ing ngriki mengku teges sami kados déné ingkang kawengku wonten ing pangandika-
nipun Kanjeng Nabi
inggih punika wicara luwes katranganipun ingkang
panjang bab tembung punika kula aturi mirsani ing 148. Mila Quran winastan kemayan awit Quran
punika kagungan daya panarik ingkang adamel kélu.
2602A. Kedah dipun pèngeti bilih wonten ing ayat candhakipun punika kasebut sanépa apa kang
1562
Ar. mitra
Ar. kalawan
a. 44, 1099,
1297, 1312
Ingkang-Manganggé
Juz XXIX
31 Lan ora liya kajaba malaikat
kang Ingsun dadèkaké panjaganing geni, sarta wilangané ora liya
kajaba mung Ingsun dadèkaké
coba tumrap para kang padha kafir,
supaya para kang padha kaparingan Kitab padha yakin, sarta para
kang padha iman padha wuwuh
imané, apa déné (supaya) ora padha semang-semang para kang kaparingan Kitab lan para mukmin,
sarta supaya para kang sajroning
atiné ana lalarané sarta para kafir
padha calathu: Apa ta karsaning
Allah adamel sanépa iki? Iya kaya
mangkono iku anggoné Allah
andadèkaké sasaré sapa kang dadi
karsa-Né, sarta aparing pituduh
(marang) sapa sing dadi karsa-Né,a
lan ora ana kang weruh wadya
balané Pangéranira kajaba Panjenengané; lan iki ora liya kajaba
pépéling tumrap para manusa.*
RUKU’ 2
Pèpèngetipun
Ut. dhemi
a. 2099
32 O, pramanaknab rembulané,
33 Sarta wengi nalikané oncat,
34 Tuwin gagat-bangun, nalikané sumilak;
35 Sayekti, iki salah sawijining
(kacilakan) kang gedhé
36 Pépéling tumrap para manusa,
dikarsakaké Allah kalawan sanépa iki? Quran namung mangandikakaken ing kono ana sangalas. Para
mufassirin anggadhahi pamanggih bilih sangalas punika malaikat sangalas utawi golongan sangalas,
utawi tataran sangalas (Rz). Déné mila cacahipun katamtokaken samanten wau, punika miturut
pahamipun margi saking tiyang kalayan boten saleres leresipun anggènipun migunakaken anggota
sangalas, ingkang paprincènipun kasebutaken déning para mufassirin wau (Rz).
*
Surat 74
Pèpèngetipun
1563
37 Tumrap sira apa sing arep
maju utawa (arep) kèri.2603
38 Sarupaning jiwa iku kaiket
karo sabarang panggawéné
39 Kajaba para kang ana ing
tangan tengen,
40 Ana sajroning patamanan,
bakal padha takon-takonan.
41 Prakara wong kang padha
dosa:
42 Punapa marginipun sampéyan wonten ing salebeting naraka?
43 Bakal padha mangsuli: Kula
punika sami sanès golonganipun
tiyang ingkang sami salat;
44 Lan kula boten naté nyukani
tedha tiyang miskin;
45 Sarta damel kula omong lalahan kaliyan tiyang ingkang damelipun omong lalahan.
46 Tuwin damel kula anggorohaken dinten wawales,
Ar. yakin
47 Ngantos dhatengipun pejah
kula.
2603. Wulan utawi qamar punika kados déné ingkang sampun kula terangaken wonten ing 2388,
minangka pasemoning panguwaosipun bangsa Arab. Dalu ing ayat candhakipun punika minangka
pasemonipun kabodhoan ingkang anglimputi bangsa Arab. Kabodhoan Punika badhé sirna, nanging
sareng kaliyan sirnanipun kabodhoan wau, badhé sirna ugi panguwaosipun titiyang Makkah.
Papadhanging yakti badhé sumunar anelahi, nanging boten kok atanpa kacilakan ageng tumrap para
titiyang ingkang boten purun majeng; lah punika minangka pèpènget. Kosokwangsulipun, titiyang
ingkang purun majeng, boten badhé kedayan punapa-punapa, boten badhé ketaman kacilakan ingkang
sakalanglung ageng wau, awit para titiyangipun tangan tengen sami badhé wonten ing taman, margi
saben jiwa mesthi nanggel sabarang ingkang katindakaken. Piweca sacara makaten wau, inggih punika
ingkang mecakaken badhé leburipun titiyang Makkah, punika taksih kalajengaken ngantos dumugi ing
wekasaning surat.
1564
Ingkang-Manganggé
Juz XXIX
48 Mulané safangaté para jurusafangat ora bakal maédahi marang
dhèwèké.
49 Lah apa ta karanané, déné
dhèwèké maléngos saka pépéling.
50 Kaya déné kuldi kang kagèt,
51 Kang anggeblas
singa barong?
angoncati
52 Balik dhèwèké, siji-sijiné,
padha angajab padha diparingana
dhéwé-dhéwé lembaran kang ginelar.2604
53 Ora pisan-pisan! balik dhèwèké padha ora wedi marang
akhirat.
54 O, Sayekti, iku sawijining
pépéling.2605
55 Lah sapa sing gelem, angélingana iku.
56 Lan ora bakal padha angélingi, kajaba sing dadi kaparenging
Allah.2605A Panjenengané iku pantes kinawedèn lan pantes aparing
pangapura.
2604. Saben tiyang saking èwonipun para titiyang wau akajeng ambok inggih piyambakipun tampi
wahyu piyambak saking langit. Bab prakawis punika sampun marambah-rambah kaucapaken déning
para titiyang wau: Généa Allah ora ngandika marang aku? (2: 118).
2605. Quran punika kasebut tadhkirah. Déné tegesipun sami kémawon kaliyan dhikr inggih punika
pépéling, nanging mengku suraos ingkang langkung lebet malih, inggih punika nedahaken kaluhuran
lan kamulyan tumrap para ingkang sami andhèrèk Quran.
2605A. Quran sampun marambah-rambah andhawuhaken, bilih Pangéran boten meksa ing manusa
nganggé margi punika utawi punika. Quran namung maringi ancer-ancer pundi margi ingkang leres
pundi ingkang lepat. Ing salajengipun gumantung ing pamilihipun satunggal-satunggaling tiyang.
Dalasan ing ngriki ugi kasebutaken kalayan terang gamblang: Lah sapa sing gelem, angèlingana iku
(ayat 55). Ing 76: 3 wonten dhawuh pangandika: Sayekti Ingsun anuduhaké dadalané, apa dhèwèké
arep sukur apa arep angafiri, sakarepé. Ing Quran Suci kathah ayat-ayat ingkang kados makaten
punika. Manawi makaten, lah kados pundi tegesipun dhawuh pratélan ingkang mungel lan ora bakal
padha angélingi kajaba sing dadi kaparenging Allah punika? Pratélan punika teluk dhateng
Surat 74
Pèpèngetipun
1565
angger-anggering Pangéran ingkang sampun naté katerangaken. Tiyang ingkang kinarsakaken ing
Allah katuntun dhateng margi ingkang leres tuwin kinarsakaken “éling,” punika tiyang ingkang purun
ambikak manahipun purun anampèni. Mangga kula aturi mèngeti, kirang gamblang punapa
kateranganipun ayat-ayat nginggilipun ingkang anggambaraken kawontenanipun ingkang mligi titiyang
ingkang mirengaken kémawon dhateng juru-pèpènget boten purun: Lah apa ta karanané déné dhèwèké
maléngos saka pépéling, kaya déné kuldi kang kagèt, kang anggeblas angoncati singa barong ? (ayat
49-51). Keparengipun Allah piyambak, punika sampun angger-angger, sanès barang ingkang éwah
gingsir, molah-malih, dados boten panjenenganipun angénggokaken tiyang saking “éling,” manawi
tiyang wau pancèn purun sayekti nampèni kasunyatan. Asring kasebutaken ing Quran Suci, Pangéran
karsa anuntun ing sawenèh tiyang lan ngèndelaken sawenèhipun dumunung ing sasar, punika cocog
kaliyan angger-anggeripun Pangéran. Menggah ing sajatos-jatosipun dhawah punika satunggaling
piweca, bilih Allah badhé kepareng andadosaken tiyang ingkang ing sapunika sami maléngos punika
sami purun émut, sarta bab punika taksih kalajengaken wonten ing surat candhakipun.
Kateranganipun pratélan saminipun punika ingkang kasebut ing 76: 30, kula aturi mirsani 2633A.
____________
SURAT 75
AL-QIYÂMAH
(Kiyamat)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(20 ruku’, 40 ayat)
Pathinipun:
Ruku’
Ruku’
1.
2.
Kanyataanipun Kiyamat.
Titiyang pejah sami badhé tangi.
Katerangan gerban
Surat punika taksih nglajengaken bab ingkang kawarsitakaken wonten ing telas-telasaning surat
ingkang sampun, inggih punika: Quran punika pèpènget ingkang badhé nyengkakaken ing ngaluhur
dhateng para ingkang sami andhèrèk. Minangka buktinipun, dinten gesangipun malih ruhani, utawi
Kiyamat, ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika, lan jiwa ingkang netah awakipun piyambak,
kagem sumpah ingkang wigatos mengku teges bilih kaluhuranipun para angèstu punika badhé
tinengeran ing gesangipun malih sadaya para titiyang ingkang ing sapunikanipun pejah menggah ing
ruhaniyahipun sarta netahipun dhateng awakipun piyambak para titiyang ingkang boten sami purun
ngalap piguna dhateng pèpènget. Kalayan ingkang makaten wau, surat punika wigatos mangandikakaken gesangipun malih tiyang pejah.
Déné tumurunipun surat punika, punika kagolong ing jaman Makkah sepuh, sarta kénging katamtokaken ing kiwatengenipun taun ingkang kaping sakawan wiwit Kanjeng Nabi tetep dados utusan.
RUKU’ 1
Kanyataanipun Kiyamat
1-5. Buktinipun kiyamat. 16-19. Anggènipuna angempalaken Quran tuwin panataning
urut-urutanipun punika pakaryaning Wewedharipun sabdaning Pangéran. 20-30.
Kasusahan ageng.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
a. 2438
b. 1219,
2732
1 Sayekti, Ingsun apasaksia dina
kiyamat
2 Lan sayekti, Ingsun anguwuh
saksi osik-piduwungb,2606
2606. Kiyamat ing ngriki ateges kiyamatipun ruhani bangsa Arab, tuwin ugi ateges kiyamat ageng.
Tegesipun ingkang sakawit qiyâmah punika tangi. Rgh nerangaken makaten: “Al-qiyâmah punika
Surat 75
Kanyatasnipun kiyamat
1567
3 Apa manusa ngira, yèn Ingsun
ora bakal anglumpukaké babalungé?
Ut. awaké
sakojur
4 O, iya malah drijiné pisan
Ingsun bisa agawé sampurnané.2607
5 Nanging manusa iku niyaté
arep anggorohaké barang kang ana
ngarepé.
6 Dhèwèké takon: Kapan ta
dina kiyamat iku?
7 Nanging nalika pandelengé
wus baliwur,2608
asalipun ateges tanginipun satunggaling tiyang kalayan sami sanalika.” Sapunikanipun Al-qiyâmah
punika dados istilah utawi basanipun agami, tegesipun kiyamat ageng, nanging tegesipun ingkang
asal boten ical, sarta ugi mengku teges gesangipun malih tiyang ingkang pejah ruhaniyahipun. Lâ
ingkang wonten ing wiwitaning ayat punika lan ayat candhakipun, punika nunggil teges kaliyan
/
ingkang wonten ing
4 : 65, tuwin ing kidungipun Imraul Qais:
Miturut Kf,
lâ tumrap ingkang kados makaten makaten punika kanggé
jawinipun kanggé
ngantebaken sumpah. Waw tumrap tumrap wonten ing ukara warni kalih ing ngiggil punika, punika
mengku suraos uqsimu, dados rarangkèn warni kalih wau sami.
2607. Atanpa waton babar-pisan manawi para mengsah maiben dhateng kuwaosipun Allah adamel
satunggaling umat dados umat ingkang ageng. Panjenenganipun rak inggih kuwaos ta anggesangaken
malih balung aking? (inggih punika sanépanipun Kanjeng Nabi manut panyawangipun para mengsah).
Malah langkung malih, panjenenganipun kuwaos andadosaken tiyang saged anggayuh kasampurnan,
nyampurnakaken sadaya anggotaning badanipun, dalasan ngantos dumugi pucuking drijinipun pisan.
Tembung banân punika ingkang sakawit namung ateges driji, utawi pucuking driji; nanging tembung
punika ugi kanggé nembungaken sadaya anggotaning badan (Abu-Ishaq, M-LL), mila lajeng kénging
dipun jarwani ugi badan sakojur. Suprandéné nadyan dipun lastantuna pisan tegesipun ingkang
sakawit, inggih punika driji, suraosipun taksih tetep sami, jalaran kalangkunganipun manusa punika
gumanthung wonten ing tanganipun, langkung-langkung wonten ing wawanguning driji-drijinipun,
ingkang saumpamia tanpa punika, tangèh lamun manusa saged majeng. Tetembunganipun ingkang
angsal banâ punika tegesipun dudunung; mila driji kasebut banân, miturut Msb: “jalaran sadaya
kawontenan ingkang dipun anggé nglajengaken gesangipun manusa, punika tumatanipun sarana drijidriji wau” (LL), utawi manawi miturut Rgh tuwin TA, jalaran kalayan driji-driji wau manusa umangsah
prang tuwin rumeksa awakipun. Dados ayat kakalih punika wigatos mecakaken lalampahan wigatos ing
wekdal ingkang badhé dhateng tumrap Kanjeng Nabi Suci, ayat sambetipun nyethakaken bab prakawis
punika: Nanging manusa iku niyaté arep anggorohaké barang kang ana ing ngarepé, terangipun,
piyambakipun boten purun ngandel bilih ingkang makaten punika saged kelampahan.
2608. Lah ing ngriki kasusulan sawenèh tandha-tandhanipun dinten kiyamat
tegesipun pandeleng dadi blawur, utawi manawi miturt Rz, dhèwèké dadi bingung; sarta tembung
bariqa thok, tanpa karaketan tembung sanès, punika inggih sampun ateges kados makaten wau, inggih
punika dhèwèké dadi bingung lan ora bisa weruh dadalané kang bener, utawi dhèwèké dadi giris (Q,
TA-LL). Dados sawenèh bilai ageng ingkang saged adamel bingungipun mengsah, punika kawengku
1568
Kiyamat
Juz XXIX
8 Lan rembulané wus surem,2609
9 Sarta srengéngéné lan rembulané wus dikumpulaké,2610
10 Ing dina iku manusa bakal
padha calathu: mlayu menyang
ngendi?
11 Ora pisan-pisan! ora bakal
ana pangungsèn!
12 Ing dina iku bakal mung
marang Pangéranira dununging
palereman. 2611
13 Ing dina iku manusa iku
bakal diwartani sabarang panggawéné kang didhisikaké lan (sabarang) kang dikèrèkaké.2612
wonten ing tembung wau. Sawenèh mufassirin wonten ingkang gadhah paham, bilih ingkang makaten
punika tandha-tandhanipun tiyang ingkang sampun celak kaliyan ngajalipun (Rz).
2609. Rembulan surem, punika mengku teges sirnaning panguwaosipun titiyang Makkah (nalika
lumawan Kanjeng Nabi Suci) utawi sirnaning panguwaosipun bangsa-bangsa Semetic umumipun (ing
jaman pawingkingipun); mirsanana 2388.
2610. Surya lan rembulan dipun kempalaken, mengku teges surya lan rembulan sirna cahyanipun
(Rz), manawi punika dipun suraos risakipun ingkang wekasan solar system (planit-planit ingkang
kagolong dhateng surya kita, dalah surya lan rembuan kita), lajeng sampun terang tegesipun. Nanging
kajawi punika sajakipun taksih mengku teges sanèsipun malih sacara ngibarat, inggih punika sirnaning
panguwaosipun nagari Persi, ingkang mawi pesamon surya, sasarengan kaliyan sirnaning
panguwaosipun titiyang Makkah. Mirsanana 1930, ing ngriku katerangaken bilih ambrukipun titiyang
Makkah lan titiyang Persi punika wiwit lan wekasanipun sarengan (nunggil jaman). Kedah dipun
pèngeti bilih ayat-ayat punika sadaya ugi mengku karsa mangandikakaken Kiyamatipun tiyang pejah
ing saumumipun; nanging kanyataaning wahananipun, ingkang sacara ngibarat kelampahan ing gesang
sapunika ugi, punika kakarsakaken dados tandha kayektèning janji bab akhirat; sarta bab punika
kacethakaken wonten ing dhawuh sambetipun. Para mufassirin ingkang sami nganggep tandha-tandha
punika dados tandha-tandhanipun pejah ingkang sampun andungkap, sami gadhah panyuraos surya lan
rembulan kakempalaken punika mengku teges pecating jiwa dhateng akhirat (jiwa kasanépakaken
rembulan, akhirat kasanépakaken surya, awit ing gesang ingkang badhé dhateng sawarnining semangsemang sampun boten wonten malih).
2611. Ayat punika, lan ayat kakalih ingkang sampun, punika kénging kanggé titikan bilih ingkang
dipun karsakaken punika terang bab prakawis ambrukipun babar pisan para mengsah; jalaran ayat wau
andhawuhaken dhateng mengsah ingkang kiyat, bilih dintenipun sampun dhateng, samangsa
piyambakipun sampun boten angsal palereman malih kajawi marang Pangéranira, inggih punika
ngayom dhateng Kanjeng Nabi Suci.
2612. Kang didhisikaké ingkang dipun karsakaken pandamel awon ingkang sampun dipun lampahi,
mangka kedahipun boten kénging dipun lampahi. Kang dikèrèkaké, pandamel saé ingkang boten dipun
lampahi mangka kedahipun dipun tindakaken.
Surat 75
Kanyatasnipun kiyamat
1569
14 O, manusa iku saksi-premati
tumrap marang awaké dhéwé,
15 Sanajan ta angandhakaké alangané,2613
16 Aja sira ngobahaké lidhahira
kanggo anggégé iku.2614
17 Sayekti anggoné angumpulaké iku sarta pamacané, iku tanggungan-Ingsun.2615
2613. Manusa punika mesthi saged ambédakaken antawising leres lan lepat; éwadéné manusa ajegajegan pijer “damel pawadan” kanggé anilar margi ingkang leres tuwin nganggé margi ingkang boten
leres.
2614. Déning sawenèh tiyang ayat 16-19 punika kanggep boten wonten sambetipun kaliyan
dhawuh ing ngiggil lan ing ngandhapipun. Tuwan Rodwell nganggep ayat 16-19 punika parenthetical
(ukara ingkang sumesel). Nanging kados déné ingkang sampun kula terangaken nalika nafsiri ayat
ingkang wiwitan ing surat punika, menggah ing sajatosipun ingkang dados jejering rembag punika bab
prakawis Quran. Déné mawi nyebutaken dinten kiyamat, punika namung kanggé pasaksèn, bilih para
ingkang sami andhèrèk Quran, punika mesthi badhé dipun tangèkaken lantaran Quran wau, lan badhé
menang kaliyan mengsah-mengsahipun. Déné sasambetanipun pangandika, melokipun mawi cara
sanès. Ayat-ayat ingkang sampun mangandikakaken rekaos ingkang mesthi dipun sandhang déning
para titiyang ingkang boten purun nebihi margi ingkang boten leres. Mesthi kémawon Kanjeng Nabi
kepéngin sanget sageda para titiyang wau sami langkung dhamang dhateng prakawis punika, awit
saking punika panjenenganipun ngantos-antos sanget supados tumunten dipun paringana dhawuh
pèpènget ingkang mawi tembung ingkang langkung cetha malih. Milanipun Kanjeng Nabi lajeng
kaparingan dhawuh sampun ngantos anggégé punika, jalaran sapisan para titiyang wau inggih saged
ambédakaken antawisipun leres lan lepat, kaping kalihipun, Kanjeng Nabi kedah narimah dhateng
dhawuh-dhawuh ingkang saben-saben kawahyokaké dhateng panjenenganipun. Milanipun lajeng
wonten pratélan kados déné ing ayat-ayat candhakipun, inggih punika pamaosipun lan klempakanipun
Quran ing sagemblengipun, miwah kateranganipun ingkang cumeplos tumrap para mengsah, punika
prakawis ingkang sampun katamtokaken déning Allah mesthi badhé kelampahan; Kanjeng Nabi
kedahipun boten prihatos margi saking punika. Pratélan ing ngriki punika kacocogna kaliyan 20 : 113,
114 mangké rak dados cetha katrangan punika. “lan kaya mangkono anggon-Ingsun anurunaké Quran
basa Arab sarta ing jeroné Ingsun amijang-mijangaké pangancam-pangancam, supaya dhèwèké padha
anjaga dhiriné saka ing ala utawa supaya dadia pépéling tumrap marang dhèwèké ....... Lan aja anggégé
marang Quran ing sadurungé sampurna kawedharé marang sira, sarta calathua: Pangéran kawula! mugi
Tuwan aparing wewah kawruh dhateng kawula.” Kedah dipun pèngeti ugi bilih sareng panglawan
dhateng Kanjeng Nabi saya sanget, pèpènget saya langkung cetha.
2615. Boten wonten pasaksèn ingkang langkung cetha malih ngungkuli dhawuhing ayat punika,
bilih manut pangakening Quran ingkang nglempakaken ayat-ayating Quran dados surat, surat dados
sagemblenging kitab, punika boten prabéda lan tumurunipun, katindakaken piyambak déning Kanjeng
Nabi Suci atas tuntunananipun Pangéran. Dados Kitab Quran punika wiwit sakawit mila, kakarsakaken
badhé tinata tuwin kinlempakaken dados satunggal. Tuwan Rodwell, ingkang dhateng panatanipun
Quran ingkang asli, ingkang sampun urut boten patosa purun anggatosaken, nalika nafsiri ayat punika
kapeksa suka katerangan makaten: "Badhéa kados pundi kémawon kita mesthi lajeng angsal
pupuntoning pamanggih, bilih wiwit ing sakawit mila Muhammad sampun damel rancangan badhé
ngundhangaken satunggaling Kitab ingkang sampun sinerat.” Nanging dhawuhing Quran mengku
suraos langkung jembar malih, inggih punika nglempakipun Quran punika badhé katindakaken kalayan
sampurna atas tuntunanipun Pangéran, sarta “klempakan”, punika mesthi mengku ugi bab panataning
1570
Kiyamat
Juz XXIX
18 Mulané samangsa iku wus
Ingsun waca, lah sira turuta wacan
iku.
19 Tumuli, sayekti tanggunganIngsun anggoné nerangaké iku.
20 O, ananging sira iku padha
anresnani urip ing donya iki,
21 Lan anglirwakaké akhirat.
22 Ing dina iku rai-rai ana kang
padha mancorong,
23 Anyawang marang Pangérané;2616
24 Lan, ing dina iku, rai ana
kang padha suntrut,
25 Padha weruh, yèn bilai gedhé
ditibakaké marang dhèwèké.2617
26 O, nalikané wus tumeka ing
tenggok,
Ut. juru
tenungé
27 Sarta dicalathoni: sapa tukangé nambani?2618
urut-urutaning pépéranganipun. Cekakipun, Quran punika boten kénging winastan kitab, manawi
pépéranganipun ingkang pinten-pinten punika boten tinata kaurutaken dados satunggal.
Kosokwangsulipun, manawi uruting tumurunipun dhawuh dipun anggé guru nalika nata ngurutaken
pepéranganipun dhawuh, klempakanipun mesthi boten kapangandikakaken mligi, kadamel béda kaliyan
bab prakawis tumurunipun, kados déné ingkang kawengku wonten ing dhawuh ingkang mungel
pamacané punika.
2616. Ing dina iku punika ateges dintening kamenanganipun yakti tuwin dinten kiyamat. Tembung
anyawang marang pangérané punika inggih anggadhahi teges warni kalih; tumrap ingkang sapisan
mengku suraos nyuwun ganjaranipun dhateng Pangéran, tumrap ingkang ongka kalih punika nugraha
ingkang luhur piyambak, inggih punika nyumerepi dhateng Pribadinipun Pangéran wonten ing akhirat.
Kedah dipun pèngeti, nyawang dhateng Pangéran, punika boten teka lajeng ateges bilih Pangéran badhé
ngaggem badhan wadhag, punika boten. Sanès mripat wadhag ingkang badhé kanggé ningali dhateng
Pangéran, nanging sarana mripat ruhani ingkang badhé dipun paringaken dhateng para titiyang tulus
bénjing ing dinten kiyamat.
2617. Kapèngetana bilih bilai ageng punika ugi andhawahi piyambakipun wonten ing gesang
sapunika; ingkang makaten punika ugi minangka mintonaken kayektèning bilai ing akhirat.
2618. Man Râqin punika gadhah teges warni kalih. Sapisan dipun tegesi sapa kang munggahi
kalawan iku?, terangipun: malaikating sih wilasa apa malaikating siksa kang munggah kalawan iku?
Surat 75
Titiyang pejah badhé tangi
1571
28 Sarta dhèwèké yakin yèn iki
(wayahé) pisah,
29 Tuwin bilai (ing donya iki)
dikumpulaké karo bilai (ing delahan);2619
30 Ing dina iku, marang Pangéranira tujuning playu.
RUKU’ 2
Titiyang pejah sami badhé tangi
31 Dhèwèké ora gelem nampani
kasunyatan sarta ora salat,2620
32 Ananging anggorohaké lan
maléngos,
33 Banjur lumaku marang pandhèrèké kalawan kumalungkung.
Ut. cilaka
Ut. cilaka
34 Cedhak marang sira (kabilaèn) lan cedhak (temenan),
35 Manèh (saiba ta) cedhaké
marang sira lan cedhak (temenan).2621
(TA-Rz). Kaping kalihipun kénging dipun tegesi: endi juru-tenungé kang saiki bisa nulak karusakan?
Jalaran para titiyang wau sami kumandel sanget dhateng para jurunipun tenung tuwin para dhukun
préwangan, bilih nyata sami saged nulak karisakan ingkang badhé andhawahi piyambakipun.
Satunggaling juru-kidung anggubah kidung makaten:
“Dhemi Kang Mahamulya, Kang Langgeng, temen kowé weruh temenan yèn dhukun préwangan kang
peng-pengan iku ora bisa nulak ing pepesthèn.” Ingkang kula pilih teges ingkang angka kalih, awit bilai
lan kasusahan ingkang kapangandikakaken punika terang manawi mengku karsa siksanipun para
titiyang ingkang sami nindakaken awon nalika sami ngalami leburipun.
2619. Kateranganipun tembung sâq ingkang ateges bilai, kula aturi mirsani 1855. Teges punika
cocog kaliyan suraosing dhawuh ing ngriki.
2620. Para mengsah kapangandikakaken kados déné tiyang satunggal, ngantos saterusipun. Punika
boten ateges bilih ingkang dipun sasmitakaken ing pangandika punika satunggaling tiyang ingkang
tartamtu, kados pangintenipun sawenèh tiyang saged. Pratélan kados makaten punika mathuk tumrap
sadhéngah mengsah.
2621. Dipun riwayataken bilih Abu Jahl naté wicanten dhateng Kanjeng Nabi bilih panjenenganipun lan Pangéranipun boten kuwaos damel pituna punapa-punapa dhateng piyambakipun (Rz).
Mengsah ingkang gumedhé punika dipun paringi pèpènget, bilih bilai sampun celak sanget. Utawi,
1572
Kiyamat
Juz XXIX
36 Apa manusa ngira yèn
dhèwèké ditogaké baé nglambrang
tanpa sedya?2622
37 Apa dhèwèké mauné dudu
nutfah wijining urip kang tinètèsaké
38 Banjur dadi getih anjendhel;
tumuli Panjenengané anitahaké
(dhèwèké) sarta andadèkaké sampurna.
39 Banjur Panjenengané andadèkaké iku dadi rong jinis, jinis
lanang lan jinis wadon.
40 Apa Panjenengané ora bisa
anguripaké wong mati.2623
tegesipun punika, Cilaka kowé! Ing ngriki para mufassirin sami angakeni bilih dhawuh ngantos ambal
kaping kalih punika nedahaken bilih para mengsah kaancam kalayan siksa tikel kalih, inggih punika ing
gesang sapunika punika tuwin ing akhirat (Rz). Menggah ing sajatos-jatosipun, siksa tikel kalih punika
kapangandikakaken wonten ing sagemblengipun surat punika, kados déné ingkang sampun kula
terangaken wonten ing tafsiripun ayat-ayat ingkang sampun; ing dhawuh ngriki bab prakawis punika
kadhawuhaken langkung cetha malih.
2622. Dhawuh punika wigatos dhawuh anggatosaken, bilih gesang punika boten teka baèn-baèn
sarta manusa punika tanggel dhateng pandamelipun – piwulang ingkang ing jaman sapunika ugi
pinaiben, kados déné pamaibenipun titiyang Arab kala samanten.
2623. “Anggesangaken tiyang pejah” punika boten namung ateges gesang sasampuning pejah
kémawon, nanging ugi ateges gesangipun malih bangsa ingkang sampun pejah menggahing
ruhaninipun.
____________
SURAT 76
AL-INSÂN utawi AD-DAHR
(Manusa)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(2 ruku’, 31 ayat)
Pathinipun:
Ruku’
Ruku’
1.
2.
Panggayuhing kasampurnan
Golongan sanès badhé dipun degaken.
Katerangan gerban
Surat ingkang sampun, sampun anerangaken kayektènipun kiyamat ingkang ateges gesangipun
ruhaniyahipun manusa; lah surat punika marsitakaken panggayuhipun manusa dhateng kasampurnan,
inggih ingkang dados maksudipun ingkang sajati tumrap gesang wau. Awit saking punika, surat punika
kanamakaken Manusa, malah tembung punika kasebut ing ayatipun ingkang wiwitan piyambak. Ruku’
ingkang sapisan nerangaken kados pundi anggènipun manusa katitahaken saking kamulanipun “boten
wonten”, lajeng piyambakipun katedahaken dhateng margining kasampurnan. Salajengipun
katerangaken bilih tumrap panggayuhing kasampurnan, punika wonten tataran kalih. Tataran ingkang
sapisan nyirep babar pisan sadaya tumiyungipun dhateng awon utawi tataran kagayuhipun suci saking
dosa; nanging punika sanès pantoging purug ingkang kedah katuju déning para ingkang sami lalampah
wonten ing margining ruhani. Déné pantoging purug wau taksih wonten ing ngrikanipun malih. Lah
inggih punika ingkang wonten ing panggènan sanès katembungaken “margi ingkang nyengkrèk” sarta
ingkang wonten ing ngriki kasasmitakaken kalayan cekak. Ingkang sami lalampah kedah samekto
ngrampungi damel sakalangkung déning angèl tuwin nindakaken pandamel pangurbanan wonten ing
margining Allah ingkang ngédab-édabaken. Tataraning kasampurnan warni kalih wau, ingkang
satunggal sinebut kâfûr,déné satunggalipun sinebut zanzabîl. Ruku’ ingkang kaping kalih nerangaken,
manawi para ingkang dipun pangandikani Kanjeng Nabi punika boten sami purun nampèni wasitanipun
lan sami purun ambudidaya badhé anggayuh kasampurnan ingkang kasuprih déné Kanjeng Nabi
supados samia anggayuh, Allah mesthi badhé yasa umat ingkang kadhawuhan anggentosi para titiyang
wau; jalaran Quran, punika rèhning wahyuning Allah ingkang Maha Luhur ingkang sampurna, mesthi
inggih badhé kadumugèn sedyanipun ingkang katuju. Déné sedya wau boten sanès kajawi mamrih ing
manusa sageda anggayuh kasampurnan.
_____________
1574
Manusa
Juz XXIX
RUKU’ 1
Panggayuhing kasampurnan
1-4. Dumadosing manusa sarta panedah dhateng margi leres. 5-16. Kasampurnan
tataran wiwitan; ing ngriku awon dipun tindhes. 17-37. Kasampurnan tataran kaping kalih;
ing ngriku satuhu manusa adamel saé.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Temen wus tumeka marang
manusa sawijining waktu, nalikané
dhèwèké dudu barang kang kocap.
Ut. pilih
angungkuli
titah liyané
Ut. angarepi
angemohi
2 Sayekti Ingsun anitahaké manusa saka nutfah kang campur:
Dhèwèké bakal Ingsun coba, mulané Ingsun dadèkaké bisa ngrungu,
bisa andeleng.
3 Sayekti Ingsun anuduhaké
dalané, apa dhèwèké arep sukur
apa arep angafiri, sakarepé.2624
4 Sayekti, Ingsun anyadhiyakaké ranté lan balenggu sarta geni
murub tumrap para kafir.2625
5 Sayekti, para wong tulus
padha ngombé saka pinggan kang
campurané kafur,2626
2624. Margi ingkang leres sampun ketedahaken kalayan cetha awéla-wéla; gumanthung ing
manusa piyambak, punapa piyambakipun purun ngambah margi wau, dadosipun nama purun
ngaturaken panuwun, punapa nebihi margi wau, nama boten purun ngaturaken panuwun. Utawi teges
ingkang kasebut wonten ing margin punika ugi kénging dipun anggé.
2625. Kados pundi gathukipun ranté-ranté punika kaliyan pandamelipun manusa piyambak,
katranganipun kula aturi mirsani 2559.
2626. Tembung kafur, punika manawi dipun anggé tumrap prakawis ingkang gagandhèngan
kaliyan kawontenanipun tiyang tulus, punika ririmbagan saking tembung kafr, tegesipun nutupi utawi
nyirep. Déné maksudipun: nyirnakaken babar pisan katresnan donya saha nyirep ingkang kalayan
sampurna sawarnining pépénginan donya tumrap para titiyang ingkang sampun necep pingganing
katresnan dhateng Allah, tuwin kalayan setya tuhu lan ikhlas medhot saking sawarnining sasambetan
sanèsipun. Tiyang, punika manawi saya tumiyung dhateng Allah mesthi inggih saja tebih saking
pépénginan ingkang asor; milanipun tiyang tulus, ingkang ngemungaken dhateng Allah suméndhénipun, punika manahipun mesthi suci saking hawa nafsu ingkang murub angalad-alad, sarta pépénginanipun ingkang asor dados sirep babar pisan lir péndah wisa sirna déning kapur barus (camphor).
Surat 76
Panggayuhing kasampurnan
1575
6 Tuk, kang dadi ombènombèné para kawulaning Allah;
dhèwèké padha angilèkaké iki
kalawan ili (kang becik).
7 Dhèwèké padha anetepi ubaya sarta wedi marang dina, kang
alané sumebar angambra-ambra.
8 Sarta awèh pangan, amarga
saka tresnané ing Panjenengané,
marang wong miskin sarta bocah
yatim apa déné wong tawanan:
9 Anggonku awèh pangan marang kowé iku mung karana Allah,
sarta ora angarep-arep piwales sarta panarima saka ing kowé:
10 Sayekti aku iki padha wedi
marang Pangéranku tumrap dina
kang kebak bilai lan kasusahan.
11 Mulané Allah bakal angayomi dhèwèké saka alaning iku sarta
andadèkaké dhèwèké nemu kepènak lan seneng,
12 Sarta aparing ganjaran taman
lan sutra marang dhèwèké, amarga
saka anggoné padha sabar,
Ar. ana ing
kono ora
13 Ana ing kono padha aléléyangan ana ing katil dhuwur: ora
andeleng (panasing) srengéngé
sarta adem kang anjekut.
14 Lan ayomé angeyubi dhèwèké sarta woh-wohé dipantiyungaké
acedhak, gampang rinanggèh,
Tumrap kamajenganipun ruhani manusa, ingkang makaten punika saweg tataran ingkang wiwitan;
awit manusa boten saged minggah dhateng tataraning kasampurnan ruhani ingkang langkung inggil
malih, manawi piyambakipun dèrèng saged nyirep ingkang kalayan ambabar pisani tumiyungipun
dhateng awon. Suci ing dosa, punika miturut Quran Suci, sanès pantoging kasampurnan, nanging saweg
tataran ingkang sapisan tumraping margi ingkang ngener dhateng pantog wau.
1576
Manusa
Juz XXIX
15 Sarta dilarihi nganggo wadhah salaka tuwin pinggan kang
bakalé gedhah,
16 (Bening kaya) gedhah kang
bakalé salaka; ukurané manut
ukuran.2627
17 Lan ana ing kono diparingi
ombèn kang campurané jaé,2628
18 (Saka) sumberan ing kono
kang dijenengaké Salsabil.
a. 2360
Ar. kowé
ngira dhèwèké
19 Nonoman kang tetep enoméa
(kang) bakal anglarihi dhèwèké;
iki, yèn kosawang, prasasat mutiara sinebar.2629
20 Samangsa sira andeleng ing
kono, sira andulu sarwa-nugraha
sarta karaton kang gedhé.2630
2627. Terangipun, satunggal-satunggaling tiyang badhé angsal punika manut wawrating
pandamelipun.
2628. Zanjabîl punika camboraning tembung zana-a tuwin tembung jabal. Pérangan ingkang
sapisan ateges minggah, ingkang angka kalih redi. Dados tembung camboran zanjabîl punika tegesipun
minggah redi. Lah samangké kawuningana; wiwit nandhang sakit sanget margi ketaman ing sasakit
ingkang mawa wisa, dumugi wangsul pulih waluya jati, punika wonten tataran kakalih. Ing tataran
ingkang wiwitan, wijining wisa kasirnakaken babar pisan, kimatipun sasakit ingkang anggigirisi
suda-suda, babaya ingkang ngancam gesang sirna. Nanging ringkihipun margi nandhang sakit, dèrèng
saged ical sasarengan kaliyan icalipun wisa. Milanipun samangsa tiyang ingkang sakit wau pulih
kakiyatanipun, wangsul waluya jati, punika nama ngambah tataran ingkang kaping kalih. Badanipun
seger malih lan kiyat, piyambakipun boten namung wonten ing papan ingkang radin kémawon
keconggahipun lumampah kalayan jejeg, nanging dalasan minggah redi ingkang andeder piyambakipun
wantun lan kiyat, sarta kalayan gembira lan seneng piyambakipun minggah ngantos mencit tanpa mawi
ajrih-ajrih. Pangéran Ingkang-Mahaluhur mangandikakaken bab tiyang ingkang tulus sayektos, bilih
sami kaparingan ombèn-ombèn pinggan ingkang cinampuran zanjabil, punika ingkang dipun
karsakaken inggih tataran punika. Déné terangipun, sasampunipun para tulus sami angsal kakiyatan
ruhani ingkang anyekapi, para tulus wau lajeng kawasa nginggahi margi ing paredèn ingkang
nyengkrèk andeder, saged ngrampungi ing damel tumrap pandamelan ingkang sakalangkung déning
angèl, tuwin nindakaken pandamel pangurbanan ingkang angédab-édabaken wonten ing marginipun
Allah. Gagandhèngan kaliyan bab prakawis punika, perlu dipun èngeti ugi bilih zanjabil (jaé) punika
oyodipun satunggaling tataneman ingkang sakalangkung migunani sanget kanggé mewahi angeting
badan. Dipun namakaken makaten wau ingkang katuju anggènipun gadhah daya makaten punika,
jalaran jaé makaten suka kakiyatan saha ngangetaken badan ingkang ringkih, ngantos kados déné
anjalari ing tiyang saged minggah andeder.
2629. Bab prakawis tegesipun mukhalladun, mirsanana 2430. Éwah gingsir lan risak, punika
wontenipun namung ing gesang sapunika punika.
2630. Karaton ageng kaparingaken dhateng para sahabatipun Kanjeng Nabi Suci wonten ing
gesang sapunika punika.
Surat 76
Turunan sanès badhé dipun degaken
1577
21 Dhèwèké dienggon-enggoni
sandhangan sutra alus ijo sarta
sutra kandel sinulam benang mas,
apa déné bakal rinengga ing gelang
salaka, lan Pangérané aparing
ngombé dhèwèké ombèn-ombèn
kang suci.2631
22 Sayekti iki pituwas tumrap
marang sira, lan budi-dayamu bakal
winales.
RUKU’ 2
Turunan sanès badhé dipun degaken
23 Sayekti, Ingsun andhawuhaké
Quran marang sira kalawan dhumawuh saka sathithik.
24 Mulané disabar angentèni
pancasaning Pangéranira,2632 sarta
aja manut marang wong dosa
utawa wong kang ora weruh ing
panarima ing antarané dhèwèké.
25 Lan élinga marang asmaning
Pangéranira ésuk lan soré.
26 Sarta sujuda marang Panjenengané ing sapéranganing wengi,
tuwin mahasucékna Panjenengané
ing (sapéranganing) wengi kang
suwé.
Ut. kang
owah gingsir
Ut. nusahaké
27 Sayekti, dhèwèké iki padha
dhemen marang kauripan donya
iki lan anglirwakaké dina kang
abot ing pamburiné.
2631. Wontenipun ing donya ngriki sami gesang suci, milanipun wonten ing akhirat sami badhé
angsal ombèn-ombèn ingkang suci.
2632. Punika anedahaken bilih nugraha ingkang kasebutaken wonten ing ruku’ ingkang sampun,
punika badhé wonten ugi gumelaripun wonten ing gesang sapunika punika. Pancasaning Pangéran
badhé adamel ambrukipun sagolongan lan badhé anjumenengaken golongan sanèsipun.
1578
Manusa
Juz XXIX
28 Ingsun anitahaké dhèwèké
sarta Ingsun anguwataké kadadéané, lan samangsa Ingsun angarsakaké, bakal Ingsun salini kaum
sapadhané dhèwèké.2633
29 Sayekti, iki pépéling, mulané
sapa sing gelem, angalap dadalan
marang Pangérané.
30 Lan ora bakal sira gelem,
kajaba yèn Allah angarsakaké;2633A
sayekti, Allah iku Angudanèni,
Wicaksana.
2633. Ayat ingkang sampun nyebutaken dinten ingkang nusahaken, ayat punika nyebutaken umat
sanès badhé dipun dadosaken gegentos; cetha manawi piweca tumrap ing gesang sapunika. Inggih awit
saking punika mila wonten ing ayat sambetipun, ingkang makaten wau kasebut pèpènget.
2633A. Nitik suraosing dhawuh, terang manawi ingkang kapangandikakaken wonten ing ngriki
punika para angèstu. Ayat ingkang sampun nyebutaken bilih sapa sing gelem, angalap dadalan marang
Pangérané; ayat candhakipun mangandikakaken para angèstu: Panjenengané anglebokaké sapa sing
dadi karsa-Né marang sajeroné wilasa-Né. Suraosipun: rèhning para angèstu ingkang sajati saha murni
punika sampun sumarah ingkang kalayan ambabarpisani dhateng karsanipun Pangéran, sarta sampun
suméndhé sayektos, mila piyambakipun punika sampun boten gadhah kakajengan piyambak, sarta
sadaya pépénginanipun sarwa laras kaliyan kaparenging karsanipun Allah. Inggih awit saking punika
mila para angèstu wau sami kalebetaken dhateng wilasanipun Pangéran.
Nadyan dipun anggepa pratélan umum, tegesipun ingkang sajatos dhawuh wau meksa terang. Surat
punika binukanan kalayan pratélan ingkang terang gamblang makaten: Sayekti ingsun anuduhaké
dalané apa dhèwèké arep sukur apa arep angafiri, sakarepé. Dados manusa makaten boten kok dipun
peksa déning Pangéran supados nganggé margi salah satunggal ingkang tartamtu, awon utawi saé,
punika boten. Wekasaning surat inggih terang: Sayekti iki pépéling, mulané sapa sing gelem, angalap
dadalan marang Pangérané. Suprandéné nadyan sampun wonten pratélan ingkang terang gamblang
wau, meksa wonten pangandika malih: Lan ora bakal sira gelem kajaba yèn Allah angarsakaké;
punika rak sami kémawon kaliyan andhawuhaken bilih pamilihipun manusa punika mesthi atanpa guna
manawi boten dados karsanipun Allah. Prakawis angka satunggal ingkang kedah dipun èngeti inggih
punika ayat kakalih jèjèr boten saged jèn ta acecengkahana. Ayat angka 29 sampun cetha lan gumathok,
bilih manusa punika boten kapeksa nganggé satunggaling margi: Sapa sing gelem, angalap dadalan
marang Pangérané. Awit saking punika dhawuh sambetipun pratélan punika, boten saged yèn ta dipun
werdèni ingkang ngantos ngorakaken (saking lingga ora) pratélan ingkang rumiyin. Pantes pinèngetan
ugi, pangandika ingkang mèh sami tetembunganipun kaliyan punika kesebutaken malih wonten ing
surat 81, sarta ing ngriku ugi karumiyinan kalayan dhawuh saminipun ingkang wonten ing ngriki
punika. Ing 81 wau ayat angka 27 lan 28 makaten: iku ora lija kajaba pépéling tumrap sakèhing
bangsa-bangsa, tumrap sapa-sapa ing antaranira kang kepéngin alaku becik. Dhawuh pangandika
punika kasambetan dhawuh pratélan: Lan ora bakal sira padha kapéngin, kajaba yèn Allah,
Pangéraning ngalam kabèh, angarsakaké (81 : 29).
Dhawuh ambalan-ambalan punika amratandhani bilih dhawuh ingkang mungel sapa sing gelem
angalap dadalan marang Pangérané punika boten kénging dipun supèkaken samangsa merdèni
dhawuh pratélan ingkang mungel ora bakal sira gelem kajaba yèn Allah angarsakaké. Menggah ing
sajatos-jatosipun pratélan ingkang angka kalih punika kawengku déning ingkang sapisan, lan inggih
sebab saking punika déné ngantos ambal kaping kalih pratélan ingkang angka kalih wau karumiyinan
ing pratélan ingkang sapisan. Kalayan gampil kula sadaya saged nyumerepi bilih wonten prakawis
Surat 76
Turunan sanès badhé dipun degaken
1579
31 Panjenengané anglebokaké
sapa sing dadi karsa-Né marang
sajroning wilasa-Né; lan tumrap
marang nganiaya Panjenengané
anyedhiyakaké siksa kang nglarani.
kakalih ingkang kabetahaken kanggé nuntun manusa: sapisan, pèpènget wau katampi déning manusa.
Saupami boten wonten keparenging Allah anurunaken pèpènget, yekti manusa boten saged gadhah
pamilih punapa-punapa. Lah inggih punika ingkang dipun karsakaken ing dhawuh ora bakal sira gelem
kajaba yèn Allah angersakaké punika; terangipun, pamilihipun manusa nganggé margi ingkang pundi
kémawon mesthi atanpa guna, manawi Allah boten langkung rumiyin kepareng nedahaken margi tuwin
nurunaken pèpènget.
Perlu katerangaken pisan bilih ing Quran Suci sawarnining barang saé punika kasebut asli saking
Allah. Kadosta wonten dhawuh ingkang makaten: “Sabarang becik kang tumeka ing sira, o, manusa!,
lah iku saka ing Allah, lan sabarang ala kang tumeka ing sira, lah iku saka ing sira dhéwé” (4 : 79).
Pangandikanipun Kanjeng Nabi Ibrahim kasebutaken makaten: “sarta manawa aku lara lah
Panjenengané iku ingkang maringi waras aku” (26 : 80); ing ngriku Kanjeng Nabi Ibrahim mastani
sasakit punika asal saking pandamelipun piyambak, nanging nyarasaken, sinebut saking Allah. Dados,
nadyan dhawuh ingkang saweg karembag punika dipun suraos pisan mengku teges bilih pamilihing
manusa nampèni pèpènget punika boten kelampahan wonten manawi boten atas keparengipun Allah,
pratélan makaten punika meksa namung mengku teges, bilih kasaénan ingkang kagayuh ing manusa
wau, winastan saking Allah. Mirsanana ugi 2650A.
______________
SURAT 77
AL-MURSALÂT
(Ingkang kautus)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(2 ruku’, 50 ayat)
Pathinipun:
Ruku’
Ruku’
1.
2.
Temahanipun angemohi.
Temahanipun angemohi – tutugipun.
Katerangan gerban
Surat punika kénging winastan wewahanipun surat ingkang sampun, awit bab ingkang katerangaken
wonten ing surat ingkang sampun punika: kados pundi anggènipun para tulus anggayuh kasampurnan –
margi piyambakipun punika sami purun nampèni ayahan – déné ing surat punika ingkang kacethakaken
bab nasibipun para titiyang ingkang sami angemohi. Kang Kautus punika para rusul (utusan); manawi
ayahan ingkang kaampil dipun emohi, mesthi badhé mahanani temahan kang awon. Tembung AlMursalât utawi Ingkang kautus ingkang kasebut wonten ing ayat ingkang wiwitan piyambak, punika
lajeng kanggé namakaken surat punika.
Kirang langkung ing taun ingkang kaping sakawan ing sasampunipun Kanjeng Nabi jumeneng dados
Utusan, tumurunipun surat punika.
RUKU’ 1
Temahanipun angemohi
1-6. Para utusan kautus, supados anucèni sarta aparing pèpènget. 7-40. Tiyang
ingkang angemohi dipun pidana.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
a. 2099
1 Amramanaknaa para kang diutus kalawan (anggawa) kabecikan,
2 Tumuli para kang padha ambuncang cangkok (panggorohan),
Ut. anguripaké, nyegeraké
3 Sarta para kang anyebaraké
(wijining kabecikan),
4 Tuwin kang padha anyilahnyilahaké,
Surat 77
Temahanipun angemohi
1581
5 Apa déné para kang padha
awèh pépéling,
6 Kanggo anucèni utawa apépéling:
7 Sayekti, apa kang diancamaké marang sira, temen bakal
kalakon.2634
Ut. ilang
soroté
8 Lah, samangsa lintang-lintang
wus disirnakaké,
9 Lan samangsa langit wus
sinigar,
10 Lan samangsa gunung-gunung
wus binuncang kaya lebu,2635
2634. Kados déné ingkang sampun katerangaken wonten ing 2099, sumpah punika wigatos
dhawuh anggatosaken dhateng sawenèh wutah gumelaring kawontenan ingkang sampun boten kénging
pinaiben malih, ingkang mangka kanggé pipiridan dumugining wosing rembag. Déné tumrap ing
ngriki, ingkang dados wos: barang ingkang kaancamaken dhateng mengsah, inggih punika leburipun
mengsah (kados déné ingkang kasebutaken wonten ing ayat 12), punika boten kénging boten mesthi
badhé kelampahan saèstu. Déné sisifatan ingkang katerangaken wonten ing nem ayat ingkang wiwitan,
punika mathuk tumrap para andika nabi ingkang mengsah-mengsahipun inggih dipun lebur. Bab punika
cethanipun nithik ing ayat 11 kasebutaken bilih para rasul punika sami tinamtu ing wanci, ingkang
tegesipun titimangsaning leburipun para mengsah-mengsahipun rasul-rasul wau. Para mengsahipun
Kanjeng Nabi Suci sami kadhawuhan supados sami nglimbang-nglimbang kados pundi anggènipun
para andika nabi ingkang sampun-sampun sami mencaraken yakti. Ing ayat ingkang sapisan para utusan
wau kapangandikakaken kautus kalayan ambekta ma’ruf, kasaénan. Ing ayat ingkang angka kalih,
kalayan “ambuncang cangkok” panggorohan ingkang wonten ing ngajengipun. Ing ayat ingkang angka
tiga, kalayan nyebar-nyebaraken wijining kasaénan utawi anggesangaken bumi ingkang pejah. Ing ayat
angka sakawan, ing wasananipun saged anjumenengaken panyilah (farq utawi furqâan) ingkang
anyilahaken antawising kasanyutan lan panggorohan, sarta sami maringi pèpènget bilih sagolongan
wonten ingkang kénging pinuwung lan sagolongan malih dipun pèpèngeti. Panglimbang-limbang bab
prakawis para andika nabi ingkang sampun-sampun makaten punika, kedahipun mahanani para
mengsah lajeng angsal pupuntoning pamanggih, bilih rèhning angger-anggering Pangéran kados
ingkang tumindak nalika jamanipun para nabi wau ugi tumindak tumrap Kanjeng Nabi Suci, mila
leburipun para mengsah wau rak inggih prakawis ingkang sampun mesthi kelampahanipun, boten
prabéda lan ingkang kasandhang déning para titiyang ing sadèrèngipun ingkang sami mengsahi nabinabinipun.
2635. Lintang-lintang sami sirna (ayat 8), punika tumrap bangsa Arab tandha badhé dhumawahing
bilai (2371). Langit sigar (ayat 9) ugi nedahaken ingkang makaten wau, awit langit punika kaanggep
pangayoman. Kula aturi mirsani 21 : 32, Lan Ingsun wus andadèkaké langit minangka payon kang
rineksa. Lan mirsanana 2593. Redi-redi binuncang, tegesipun sirnaning titiyangipun ageng saking ing
antawisipun para titiyang wau, mangka titiyang ageng wau sami dipun tedhani pangayoman samangsa
sami nandhang kasusahan. Kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat candhakipun, sadaya wau
kelampahanipun manawi sampun dumugi titining mangsanipun para andika rasul, inggih punika
samangsa sampun dumugi wahyaning masakalanipun leburing para mengsahipun.
1582
Ingkang kautus
Juz XXIX
11 Lan samangsa para utusan
ginawé wus tumeka wayahé kang
tinamtokaké,
12 Marang dina endi pancasan
iku tinamtokaké?
13 Marang dina putusan.
14 Lan apa kang ngertèkaké ing
sira, dina putusan iku apa?
15 Bilai ing dina iku tumrap
wong kang padha anggorohaké.
16 Apa Ingsun ora wus anglebur
umat kang dhisik-dhisik?
17 Banjur Ingsun tungka umat
kang kèri-kèri.
18 Para wong dosa bakal Ingsun
gawé kaya mangkono uga.
19 Bilai ing dina iku tumrap
wong kang padha anggorohaké.2636
20 Apa sira iku ora Ingsun titahaké saka banyu kang ina?
21 Banjur Ingsun papanaké ana
ing palereman kang aman,
22 Tumeka mangsa kang tinamtu.
23 Lan Ingsun anamtokaké ukurané – saiba ta sampurnané anggon-Ingsun anamtokaké ukurané
samubarang.
2636. Kula aturi mèngeti tetembunganipun ayat punika lan ayat titiga ingkang sampun, kirang
cetha punapa. Turunan utawi bangsa ingkang sampun-sampun sami dipun lebur, margi saking
durakanipun, turunan sanès dipun tetepaken dados gegentosipun. Nasib kados makaten punika ugi
mesthi badhé dipun sandhang déning para titiyang Makkah ingkang duraka. Dinten leburipun, punika
dinten pancasan.
Surat 77
Temahanipun angemohi
1583
24 Bilai ing dina iku tumrap
wong-wong kang anggorohaké.
25 Apa Ingsun ora andadèkaké
bumi kanggo angumpulaké.
26 Kang urip lan kang mati,2637
27 Lan andadèkaké ana ing kono
gunung kang dhuwur-dhuwur sarta
Ingsun aparing ngombé sira banyu
tawa?
28 Bilai ing dina iku tumrap
wong-wong kang anggorohaké.
29 Lungaa marang apa kang sira
gorohaké.
30 Lungaa marang aling-aling
kang acawang telu,
31 Ora angayomi lan ora maédahi tumrap panulaké urubing
geni.
Ut. wit
gedhé
32 Sayekti, iku anyiprataké paletik prasasat kadhaton.
Ut. wit
kurma
33 Iku kaya déné unta kuning.2638
2637. Punika anedahaken bilih sadaya manusa wadhag, punika pejah punapa gesang sami
kémawon, mesthi tetep wonten ing bumi; dados pangandel bilih Kanjeng Nabi Isa minggah dhateng
langit sap ingkang kaping sakawan, punika pangandel klèntu.
2638. Kathah èmperipun cawang titiga aling-alinging naraka, punika ingkang dipun karsakaken
sisifatan tigang prakawis ingkang kasebutaken wonten ing ayat-ayat sambetipun. Ing dhawuh ngriki
sinebut dzill, ingkang limrahipun ateges ayang-ayangan, nanging ambok manawi kémawon langkung
cèples kaliyan suraosing dhawuh manawi dipun tegesi aling-aling (naraka). Déné sisifatan tigang warni
wau inggih punika: boten angayomi, boten saged nulak urub lan malah anyiprataken pletik
tegesipun barang ingkang dipun anggé ngaling-alingi utawi ngayomi satunggaling barang (M-LL).
‘
Mila ukara punika lajeng ateges Si Suta uripé ana ing pangayo-
mané si Naya (S, Q, Msb-LL). Dados barang ingkang pancènipun kénging dipun anggé pangayoman
déning para titiyang wau tétéla manawi atanpa guna (boten saged angayomi) tuwin ugi boten saged
nulak bilai malah kapara dados tuking kasusahan. Pletik kasanépakaken kados déné qasr, kadhaton
tuwin unta ingkang ulesipun kuning, punika mengku teges bilih katresnan ingkang langkung ing wates
dhateng barang-barang wau, ingkang badhé maujud dados pletik bénjing ing dinten kiyamat.
1584
Ingkang kautus
Juz XXIX
34 Bilai ing dina iku tumrap
wong-wong kang anggorohaké.
35 Iki dina sing dhèwèké ora
bakal guneman.
36 Lan idin ora bakal diparingaké marang dhèwèké, mulané prasaben alangan.
37 Bilai ing dina iku tumrap
wong-wong kang anggorohaké.
38 Iki dina pancasan: Ingsun
angumpulaké sira karo umat kang
dhisik-dhisik.
39 Lah manawa sira duwé
upaya, tamakna upayanira marang
Ingsun.2639
40 Bilai ing dina iku tumrap
wong-wong kang anggorohaké.
RUKU’ 2
Temahanipun angemohi
41 Sayekti para kang anjaga
dhiriné (saka ing ala) (bakal dumunung) ing (panggonan kang) ayom
lan akèh sumber-sumberané.
42 Sarta wowohan, endi kang
dikapéngini.
43 Padha mangana lan ngombéa
kalawan énak, amarga saka apa
kang wus padha sira lakoni.
44 Sayekti kaya mangkono iku
anggon-Ingsun angganjar wongwong kang nglakoni kabecikan.
2639 . Sampun wiwit jaman wiwitan mila (kados jaman tumuruning dhawuh punika) para mengsah
tinantang ngecakaken upayanipun dhateng kanjeng Nabin Suci. Kaid ugi ateges perang utawi
campuhan dados dhawuh punika kénging dipun tegesi mulané manawa kowé padha arep merangi, lah
perangana aku saiki.
Surat 77
Temahanipun angemohi
45 Bilai ing dina iku tumrap
wong-wong kang anggorohaké.
46 Padha mangana lan angrasakna bungah sawatara suwéné;
sayekti sira iku wong dosa.
47 Bilai ing dina iku tumrap
wong-wong kang anggorohaké.
48 Lan nalikané padha didhawuhi: Padha tumundhuka, dhèwèké
padha ora tumundhuk.
49 Bilai ing dina iku tumrap
wong-wong kang anggorohaké.
50 Lah, sawisé iki, marang
pawarta endi dhèwèké bakal padha
angèstu.
_____________
1585
SURAT 78
AN-NABA’
(Bayawara)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(2 ruku’, 40 ayat)
Pathinipun:
Ruku’
Ruku’
1.
2.
Dinten pancasan.
Dinten pancasan.
Katerangan gerban
Margi siksanipun para kafir punika sampun mesthi, para kafir sami pitakèn: Bénjing punapa
dhumawahipun? Lah inggih siksa wau, Bayawara punika, ingkang lajeng kanggé namakaken surat
punika sarta ingkang dados rembag wonten ing surat punika. Surat punika kaanggep salah satunggaling
dhawuh ingkang sepuh tumurun ing jaman Makkah wiwitan.
RUKU’ 1
Dinten pancasan
1-5. Pawartos. 6-16. Kamurahan ingkang kaparingaken dhateng manusa. 17-20.
Ngalamatipun dinten pancasan. 21-30. Naraka.
JUZ XXX
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Padha takon-tinakon prakara
apa dhèwèké?
Ut. ayahan
2 Prakara
agung,2640
bayawara
2640. Tembungipun ingkang asli
kang
ingkang ugi kasebut wonten ing 38: 67
sampun katerangaken wonten ing 2150, bayawara ageng punika piweca ambrukipun babarpisan
mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi Suci. Sawenèh mufassirin nyuraos punika ateges Quran Suci;
mufassir sanèsipun kanabianipun Kanjeng Nabi Muhammad, sanèsipun malih dinten kiyamat (Rz)
teges ingkang kantun piyambak punika cocog sanget kaliyan ingkang angka satunggal, déné teges
sanèsipun ingkang kalih, punika inggih sampun terang. Miturut Rgh, naba’ punika pawartos ingkang
migunani sanget ingkang saged ngangsalaken seserepan utawi panginten-inten. Teges punika ugi
cocog kaliyan katrangan warni tiga ing nginggil wau sadaya.
Surat 78
Dinten pancasan
1587
3 Kang ing dalem prakara iki
dhèwèké padha pasulayan?
4 O, tumuli dhèwèké bakal
padha weruh;
5 O, sayekti dhèwèké bakal
tumuli padha weruh.
6 Apa Ingsun ora wus andadèkaké bumi gumelar,
Ut. papathok, papantèk
7 Sarta gunung-gunung minangka gegeneng (ing kono)?2641
8 Lan Ingsun anitahaké sira
ajodhon-jodhon,
9 Lan Ingsun andadèkaké turunira dadi ngaso(-nira),
10 Lan Ingsun andadèkaké wengi
minangka tutup,
11 Lan Ingsun andadèkaké rina
dadi wayahé ngupa-jiwa
12 Lan Ingsun angedegaké ana
ing dhuwurira pipitu kang kukuh,
13 Lan Ingsun agawé diyan kang
sumorot,2642
.
2641. Bumi kasebut mihâd, redi kasebut autâd. Rgh nerangaken Mihâd punika papan ingkang
kadamel waradin kanggé lumampah; lan panjenenganiun nerangaken tetembungan
punika ateges aku nyadhiyakaké iku lan ngrata iku. Panjenenganipun ugi nerangaken bilih tembung
punika sami kaliyan ingkang kadhawuhaken ing 2 : 22, ing ngriku bumi kapangandikakaken dados
firâsy, papan jembar. Watid (manawi jama’ autâd), punika pathok ingkang katanjebaken ing siti utawi
ing tembok; redi kasanépakaken kados déné pathok ing lumahing bumi. Menggah ing sajato-jatosipun
watid punika sadhéngah barang ingkang nyongat saking lumah; kadosta untu, punika winastan:
(wantahipuin pathoking cangkem). Watid ugi ateges anggota ingkang nongol
sanèsipun sirah (LA-LL).
2642. Pipitu kang kukuh ing ayat ingkang sampun, punika ambokmanawi kémawonn planitinipun
solar system pipitu ingkang ageng-ageng. Tembung saduwurira punika cetha anedahaken bilih bumi
punika piyambak, punika kalebet golonganipun; déné surya, punjering solar system kapangandikakaken
wonten ing tembung diyan kang sumorot.
1588
Bayawara
Juz XXX
14 Lan Ingsun anurunaké banyu
saka ing mendhung kalawan gumrojog,
15 Perlu Ingsun anggo angetokaké wiji-wiji lan tutuwuhan,
16 Apa déné pakebonan kang
ketel.
17 Sayekti, dinané pancasan iku
(dina) kang tinartamtu waktuné:2643
a. 789
18 Dinané slomprèt tiniyup,a
banjur sira bakal padha teka byukbyukan.
19 Sarta langit bakal dibedhah,
dadi banjur ana lawang-lawangé.
20 Lan gunung-gunung bakal
binuncang, dadi kaya endheg
amun-amun.2644
21 Sayekti, naraka wis sumadhiya,
22 Pangungsèn tumrap wongwong kang andaluya,
23 Padha manggon ana ing kono
lawas.2645
2643. Dinten pancasan punika sampun dipun alami déning mengsah ing gesang sapunika wonten
ing papan paprangan ing Badr; dados punika dumunung mintonaken kayektèning dinten pancasan ing
gesang ing bénjing.
2644. Pratélan ingkang kasebut wonten ing ayat 18 dumugi ayat 20 punika pratélan ingkang
mengku piweca ingkang adiluhung, bab tempukipun wadyabala (ayat 18) wonten ing paparangan Badr,
bab jawah deres (ayat 19) tuwin bab tiwasipun para gugununganipun titiyang Quraisy (ayat 20). Déné
sadaya punika inggih badhé kelampahan bénjing ing dinten kiyamat ageng, punika prakawis ingkang
sampun genah, boten perlu dipun rembag malih langit dipun bikak, kalayan éntar ateges tumurunipun
siksa ingkang dipun ancamaken.
2645. Huqub, ingkang jama’-ipun ahqâb, punika mengku teges wolung dasa taun, utawi pitung
dasa taun, utawi setaun, utawi pinten-pinten taun, utawi wekdal ingkang dangu (mirsanana LL, ingkang
nyebutaken wawaton warni-warni tumrap satunggal-tunggalipun teges wau). Badhéa nganggé teges
ingkang pundi kémawon, tembung punika mratandhakaken kalayan cetha lan sampun boten wonten
semang-semangipun malih, bilih siksa naraka punika boten teterusan tanpa wangenan, punika boten.
Tembung ingkang mengku teges wekdal ingkang winates dipun agem mangandikakaken tumraping
siksa naraka, mangka tembung bangsanipun ingkang kados makaten wau boten naté kagem mangandi-
Surat 78
Dinten pancasan
1589
24 Ana ing kono ora bakal
ngrasakaké adhem sarta ombènombèn,
25 Kajaba wédang mulak-mulak
sarta banyu adhem anjekut kang
banget,
26 Wawales kang trep (karo
dosané).2646
27 Sayekti dhèwèké iku padha
ora wedi marang pétungan,
28 Sarta anggorohaké marang
timbalan-timbalan-Ingsun kalawan
banget.
29 Lan samubarang iku Ingsun
cathet ana ing tulis;
30 Mulané padha rasakna! amarga Ingsun ora amuwuhi apa-apa
marang sira, kajaba siksa.2647
kakaken tumrap nugrahanipun gesang kasuwargan, punika cetha anedahaken manawi nugrahanipun
gesang kasuwargan punika boten wonten telas-telasipun, wangsul siksa naraka wonten pungkasanipun.
Sawenèh mufassir, karana badhé nyingkiri pakèwed, déné siksa naraka teka namung ing salebetipun
wekdal ingkang ingkang winates, mastani manawi ayat punika kasuwak. Mufassir sanèsipun gadhah
pamanggih bilih pratélan wau boten tumrap para titiyang kafir, wangsul namung tumrap titiyang
Muslimin ingkang gadhah dosa (nanging punika pamanggih ingkang boten kénging dipun ugemi
manawi kacundhukaken kaliyan ayat 27 lan 28). Wonten malih ingkang mastani, bilih ingkang wonten
ing salebetipun wekdal ingkang winates punika anggènipun sami boten ngraosaken asrep tuwin ombèn.
Nanging katrangan wau sadaya boten wonten perlunipun lan boten maremaken, jalaran siksa ing naraka
winates dangunipun, punika sampun laras sanget kaliyan ruhipun Quran Suci ing sagemblengipun
tuwin inggih sampun laras kaliyan pratélan-pratélanipun Quran wonten ing panggènan sanès.
Mirsanana 1201.
2646. Pratélan bilih siksa naraka punika wawales kang trep, punika suka papadhang ingkang nelahi
ing babagan piwulangipun agami Islam bab naraka. Prayogi dipun pèngeti bilih narakanipun piyambak,
punika sampun warni-warni anggènipun namakaken, sarta siksa punika inggih warni-warni anggènipun
mangandikakaken. Cekakipun, kawontenanipun siksa ingkang béda-béda, punika kabekta saking dosa
ingkang inggih béda-béda kawontenanipun dados rèhning menggah ing sajatos-jatosipun siksa punika
wohing dosa, milanipun siksa punika inggih laras utawi timbang kaliyan dosanipun. Minangka tuladha
upaminipun siksa ingkang kapangandikakaken ing ngriki, punika tumrap para tiyang ingkang sinebut
andaluya utawi tiyang ingkang nglangkungi wates anggènipun andaga (LL). Siksaning anggènipun
nglangkungi wates, inggih trep, inggih punika ombèn-ombèn utawi swasana ingkang bentèr sanget
utawi ingkang asrep sanget, terangipun malih: laduk ing bentèr tuwin laduk ing asrep.
Prayogi katerangaken pisan bilih tembung gassâq punika ateges barang ingkang kalangkung
déning asrep ngantos boten kiyat sinandhang (Rz). Tembung punika ugi dipun werdèni sanès malih,
nanging teges ingkang kula anggé punika langkung cocog kaliyan suraosing dhawuh.
2647. Rèhning para titiyang punika salebetipun sami andaluya tansah wewah-wewah awonipun,
1590
Bayawara
Juz XXX
RUKU’ 2
Dinten Pancasan
31-36. Ganjaranipun para angèstu. 37-39. Pangungsèn punika namung Gusti Allah
piyambak. 40. Para kafir badhé sami kaduwung.
31 Sayekti, kadarbé para kang
anjaga dhiriné, (saka ing ala)
kabegjan iku,2648
32 Patamanan lan kebon anggur,
a. 2148A
Ut. kebak
33 Sarta kang anom-anom aseger2649 apapantaran umuré,a
34 Lan pinggan kang suci.2650
35 Ana ing kono ora bakal padha
ngrungu tembung lalahan sarta
gogorohan.
36 Ganjaran saka Pangéranira,
apaparing kang trep pétungé:2651
mila piyambakipun inggih badhé angsal siksa ingkang satrepipun, inggih punika siksa ingkang tansah
wewah-wewah. Dhawuh punika boten kok anyebutaken bilih ingkang makaten punika tumindak ing
salami-laminipun, jalaran ing panggènan sanès kadhawuhaken: “Lan sing sapa atindak ala, dhèwèké
mung winales sapadhane iku, sarta dhèwèké bakal ora padha kinaniaya” (6 : 161). Dados siksa ingkang
wewah-wewah punika namung ing sadanguning pandamelipun awon tiyang ingkang atindak awon wau
dèrèng telas.
2648. Kapèngetana, kados déné ingkang katerangaken ing Quran Suci marambah rambah,
ganjaraning kasaénan punika kabegjan. Inggih punika kabegjan déné sampun saged anggayuh
maksuding gesang ing sapunika punika, tuwin anggayuh èsthi ageng ingkang dados tujuan ing akhirat.
Inggih kabegjan punika ingkang lajeng dados suwarga tumrapipun manusa.
2649. Tembung Ka’aba punika manawi kanggé nembungaken payudaranipun laré èstri: wantahipun mengku teges tumuwuhipun dados ageng (menter-menter), samangsa laré èstri wau ngajengaken
ngancik diwasa. Laré èstri winastan Kâ’ib (manawi jama’ Kawâ’ib) samangsa laré èstri wau
ngajengaken ngancik diwasa, utawi mèh diwasa, tuwin payudaranipun wiwit mindhak ageng (LL).
Nanging kedah dipun pèngeti bilih tembung kawâ’ib utawi atrâb wau boten karumiyinan lan boten
kasambetan ing tembung jâriyak (jawinipun laré èstri); milanipun, dados tembung sifat, tembung
kawâ’ib punika namung mengku teges ingkang asuraos kang anom-anom aseger. Sampun naté kula
terangaken wonten ing 2356, punapa sababipun déné sawenèh nugrahanipun suwarga katerangaken
mawi tetembungan ingkang limrahipun kanggé nembungaken wanita; nanging rèhning nugraha wau
wohing pandamel tulus, kula sadaya boten wenang nyariyosaken punapa menggah ing sajatos-jatosipun
nugraha wau. Wondéné pratélan ing ngriki punika ambokmanawi kémawon mengku teges bilih wohing
pandamel punika badhé maujud kalayan sampurna kamurnènipun.
2650. Dihâq punika saged ateges suci, awawaton kateranganipun ‘Ikramah, tuwin saged kebak,
manut anggènipun merdèni I’Ab (Rz).
2651. Kula aturi mèngeti, siksanipun pandamel awon kasebut piwales kang trep, mila ganjaranipun
Surat 78
Dinten pancasan
1591
37 Pangéraning langit-langit lan
bumi sarta apa kang ana ing
saantarané, Ingkang-Mahamurah;
dhèwèké ora bakal padha bisa
matur marang Panjenengané.
38 Dinané ruh lan para malaikat
padha ngadeg ababarisan; ora
bakal padha calathu, kajaba kang
diparingi idin Ingkang-Mahamurah, sarta acalathu bener.
39 Iku dina kang satuhu; mulané
sapa sing gelem, angalapa pangungsèn marang Pangérané.
40 Sayekti Ingsun aparing pépéling marang sira siksa kang
cepak:2652 dinané manusa andeleng
apa panggawéning tangan-loroné
kang dhisik-dhisik, sarta bakal
padha angucap: O, mbok aku iki
dadia lebu baé!
pandamel saé, punika ugi kasebut paparing kang trep karo pétungé, terangipun manut pandamel saé
ingkang sampun katindakaken.
2652. Siksa ingkang dipun pèpèngetaken dhateng para kafir wonten ing sagemblengipun surat
punika, punika siksa kang cepak. Boten prabéda lan siksa kang luwih cedhak ing 32: 21, tembung wau
mengku teges siksa ing gesang sapunika punika.
______________
SURAT 79
AN-NÂZI’ÂT
(Ingkang sami menthang)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(2 ruku’, 46 ayat)
Pathinipun:
Ruku’
Ruku’
1.
2.
Gegeter ingkang gesang.
Bilai ageng.
Katerangan gerban
Namanipun surat punika pipiridan saking pratélan ingkang nerangaken kawontenanipun para
mukmin: menthang sakatogipun; déné ingkang dipun karsakaken: peperangan-peperangan ing tembé
wingkingipun tuwin anggènipun sami menthang langkap, dados nerangaken manawi ambrukipun para
kafir, siksanipun para kafir ingkang kawarsitakaken wonten ing surat ingkang sampun, punika badhé
kelampahan wonten ing paprangan-paprangan. Nasibipun raja Fir’aun, ingkang kelem nalika ngelud
para titiyang Israil kasebutaken; déné ruku’ ingkang kaping kalih sasampunipun nyebutaken
nugrahanipun Pangéran, lajeng mangandikakaken bilih siksa punika sampun mesthi, inggih ing ngriki
inggih ing akhirat.
Déné bab prakawis titimangsanipun nalika katurunaken, kénging winastan kalayan yakin bilih
surat punika kagolong ing jaman Makkah sepuh.
RUKU’ 1
Gegeter ingkang ageng
1-14. Kuwasaning mengsah badhé remuk wonten ing paprangan. 15-26. Wuwulang
ing pandumipun Fir’aun.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
a. 2099
1 Mramanaknaa
sarosa menthang,
para
kang
2 Lan kang padha mesat maju
kalawan gambira,
3 Lan kang padha ambalap
rikat,
4 Banjur kang padha andhisiki
lumaku ana ngarep,
Surat 79
Ut. pangrancang
angrancang
perang
Gegeter ingkang ageng
5 Banjur para kang
mranata ing rèh,2653
padha
6 Ing dina nalikané
oregan bakal geter,2654
oreg-
1593
7 Apa kang masthi bakal kalakon, bakal nungka.2655
2653. Langkung rumiyin mangga sami nglimbang-nglimbang tegesipun lugu ayat gangsal punika.
Nâzi’ât punika jama’-ipun tembung Nâzi’ rimbagan saking tembung naza’a tegesipun nyendhal,
/
Tegesipun menthang gandhéwa (Q-LL). Garqan mengku teges sakayangipun, ugi
manawi gagayutan kaliyan gandhéwa, awit ukara
makaten ateges menthang
gandhéwa sakayangé (LL). “Miturut ISh igrâq punika ateges nglepasaken jemparing ngantos tebih
sarana mentang (gandhéwanipun) ing sakayangipun. Miturut Usaidu-l-Ganawi, ateges menthang
gandhéwa ngantos tangsul ingkang dipun ubet-ubetaken wonten ing mripat-itikipun jemparing,
ngantos dumugi sirahipun ingkang saking tosan, punika dumugi pérangan ingkang kagepok ing tangan
(LL). Nasyatha tegesipun cukat ing damel (trengginas), utawi medal (TA-LL). Sabh ateges plajengipun
kapal, suku ngajeng kadlojoraken mangajeng (kados déné tanganipun tiyang manawi nglangi)
(TA-LL), lan ateges tandang ingkang cukat (Mft-LL). Tembung sanès-sanèsipun boten sisah
katerangaken. Ing wiwitanipun surat-surat Makkiyah ingkang sepuh-sepuh asring sanget nyebutaken
sacara piweca lalampahan-lalampahan ingkang kelampahan ing Madinah ing pawingkingipun, kalayan
mengku karsa kanggé pasaksèn ing kayektèning pratélan-pratélan ingkang kapangandikakaken. Para
kang sarosa menthang punika tiyang ingkang manah, kang padha mesat maju kalawan gambira punika
panahipun, kang padha ambalap rikat tuwin kang padha andhisiki lumaku ana ngarep punika kapal.
Kang padha mranata ing rèh punika para malaikat utawi para panuntun tukang ngawat-awati, déné
prakara punika sampun boten wonten semang-semangipun malih manawi punika kamenanganipun
titiyang Muslimin tuwin leburipun mengsah, kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat-ayat
tutugipun. Sabagéan kathah katrangan punika cocog kaliyan kateranganipun Abu Muslim, kados déné
ingkang kasebutaken déning Rz, sarta katerangan punika ingkang langkung cocog kaliyan suraosing
dhawuh lan kaliyan wiwitaning surat sanès-sanèsipun ingkang nyebutaken panunggilanipun punika.
2654. Rajafa tegesipun gègèr utawi oreg (Q-LL), nanging
tegesipun kaum
utawi papanthan sampun samapta badhé perang (Lth, O, Q-LL). Rèhning tembung radjifah punika
boten kasambetan kaliyan tembung sifat punapa kémawon, mila inggih saged tembung wau mengku
teges papanthan ingkang sampun samapta perang lan ateges bumi oreg. Teges ingkang sapisan punika
langkung cocog kaliyan suraosing dhawuh, punapa malih manawi dipun èngeti bilih ing ayat-ayat
ingkang sampun mawi nyebutaken tukang nglepasaken jemparing tuwin kapal-kapal; suprandéné teges
wau cekap kula dèkèk wonten ing margin. Wondéné teges ingkang dipun anggé, punika inggih ngener
dhateng pupuntoning pamanggih, bilih ingkang kapangandikakaken sacara mecakaken wonten ing
dhawuh ngriki, punika inggih perang, jalaran bumi geter utawi bumi gègèr punapa oreg, punika
suraosipun inggih gègèr utawi oregipun ingkang ngenggèni. Perang, punika langkung adamel oreg
wonten ing bumi katimbang lan lindhu. Mirsanana 33: 11 ing ngriku titiyang Muslimin kapangandikakaken manawi digonjingaké kalawan gonjing kang abanget, margi titiyang Muslimin sami dipun
perangi tur perang ageng-agengan.
2655. Tembung ingkang dipun jarwani apa kang mesthi kelakon, punika namung satembung,
inggih punika ar-râdifah, awit inggih teges wau tegesipun ingkang wantah lingganing tembung, asal
saking tembung radifa, ingkang jawinipun teka ing sapungkuré utawi nungka ing saburiné (LL). Malah
sajatosipun râdifah punika wonten ing bab tembung ridf dipun tegesi temahanipun satunggaling
prakawis déning para saged ahli kawruh basa (S, O, Q-LL). Déné barang ingkang mesthi kelampahan
ing pawingkingipun, punika icaling panguwaosipun golongan mengsah ing Makkah, utawi leburipun
mengsah; sarta inggih punika sajakipun, maksudipun ingkang sajatos piweca-piweca ingkang kamot
1594
Ingkang sami menthang
Juz XXX
8 Ati ing dina iku bakal padha
trataban,
9 Mripaté padha andhingkluk.
10 Padha calathu: apa aku iki
bakal padha dibalèkaké temenan
marang kahanan(-ku) wiwitan?2656
11 Apa! nalika aku wis padha
dadi balung kang gapuk?
12 Padha calathu: yèn mangkono,
iku rak bali sing agawé kapitunan.
13 Ananging iku mung petak
sapisan baé,
14 Lah mara delengen, dhèwèké
padha tangi.
15 Apa ora wus tumeka marang
sira caritané Musa?
Ut. ping
pindo
a. 1579
16 Nalika Pangérané anguwuh
dhèwèké ana ing jujurang suci
Thuwa:a
17 Lungaa menyang (enggoné)
Fir’aun; sayekti, dhèwèké iku dadi
ambalasar.
18 Banjur calathua: Punapa paduka kagungan kepéngin anucèni
sarira paduka:
19 Sarta kula badhé anuntun
paduka dhateng Pangéran paduka,
supados paduka ajriha.
20 Banjur panjenengané angatonaké tandha kang gedhé marang
dhèwèké.
wonten ing ayat-ayat punika, nitik ayat kakalih sambetipun punika mawi nyebutaken manah sami
trataban lan mripat sami andhingkluk.
2656. Padha calathu, punika mengsah ingkang wicanten. Punika boten ateges bilih anggènipun
sami wincanten kados makaten wau samangsa sadaya, wangsul anggènipun wicanten makaten wau ing
sapunika punika ugi, awit para titiyang wau sami tukang maiben ing wontenipun kiyamat.
Surat 79
Bilai ageng
1595
21 Ananging dhèwèké anggorohaké (kasunyatan) sarta ora ambangun turut.
22 Tumuli dhèwèké bali kalawan ririkatan.
23 Banjur angumpulaké (wongwong) tumuli anguwuh,
24 Calathuné: Aku iki pangéranira kang-mahaluhur.
25 Ananging Allah amatrapi dhèwèké kalawan pidana ing akhirat
sarta ing uripé kang dhisik.2657
26 Sayekti ing dalem (prakara)
iku temen ana wuwulang tumrap
wong kang wedi.
RUKU’ 2
Bilai ageng
27-33. Kamurahanipun Pangéran dhateng manusa. 34-41. Dhatengipun bilai. 42-46.
Wancining pancasan.
27 Apa sira kang luwih kuwat
dumadiné, apa langit? Iki kang
yasa Panjenengané.
28 Panjenengané andhuwuraké
dhuwuré2658 banjur anyampurnakaké kadadéané.
2657. Quran Suci tansah anyethakaken dhadhawuhanipun sarana nyebutaken nasib ingkang
kasandhang déning umat ingkang sampun-sampun. Kawontenanipun calon siksanipun titiyang Makkah
kacethakaken sarana nyebutaken tuladhanipun raja Fir’aun, mengsahipun Kanjeng Nabi Musa, ingkang
sarupinipun kaliyan kanjeng Nabi Suci kasebutaken wonten ing 73:15, tuwin ing panggènan sanès.
Cetha sanget Quran anggènipun nyebutaken siksanipun raja Fir’aun, inggih punika: siksa akhirat tuwin
siksa ing gesang ingkang rumiyin (donya). Inggih kados makaten ugi calon siksanipun golongan
mengsah ing Makkah, milanipun nasibipun raja Fir'aun wau kedahipun dados wuwulang ingkang
cumeplos tumrap para titiyang Makkah, kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat candhakipun.
2658. Samk tegesipun jembaring satunggaling barang wiwit dhasar dumugi ing pucakipun,
kosokwangsulipun ‘umq, ingkang tegesipun: jembaring satunggaling barang wiwit puncak dumugi ing
dhasaripun (Rz). Milanipun samk makaten ateges inggilipun, déné ‘umq, lebetipun. Manut Rz,
nginggilaken inggilipun, punika ngisarahi inggilipun ingkang kalangkung déning sanget.
1596
Ingkang sami menthang
Juz XXX
29 Sarta adamel peteng wenginé
lan angedalaken padhanging(-rainané).
30 Lan bumi sawisé iku, digelar.2659
31 Saka ing kono Panjenengané
angedalaké banyuné sarta (tutuwuhaning) pangonané.
32 Lan gunung-gunung, Panjenengané (sing) angukuhaké,
33 Pasadhiyan tumrap marang
sira lan tumrap marang rajakayanira.
34 Ananging samangsa
gedhé2660 tumeka;
bilai
35 Dinané manusa padha éling
apa kang wus ditindakaké,
36 Lan
naraka
dipintonaké
tumrap sapa sing andeleng.
37 Wondéné wong kang ambalasar,
2659. Punika pratélan ingkang cetha, bilih bumi punika katitahaken sasampunipun langit. Pratélapratélan ingkang kasebutaken ing panggènan sanès boten kénging dipun werdèni ngantos cecengkahan
kaliyan pratélan ingkang terang gamblang punika.
2660. Thâmmah punika ateges bilai ingkang ngungkuli sanès-sanèsipun (Q, Har-LL), utawi ateges
barang ingkang sakalangkung ageng utawi sakalangkung anggirisi (TA-LL). Limrahipun ath-thâmmah
punika namung kasuraos Kiyamat thok, nanging yektinipun ath-thâmmah punika ugi mathuk dipun
suraos ateges sadhéngah bilai ageng, upaminipun kémawon, bilai ageng ingkang andhawahi satunggaling umat ing sagemblengipun. Kados déné ingkang sampun kula terangaken, tembung bangsanipun
ingkang kados makaten punika, manawi kagem wonten ing Quran Suci, mengku teges rangkep, ateges
bilai ingkang klampahan wonten ing gesang-gesang sapunika punika tuwin bilai ingkang langkung
ageng malih, ingkang badhé kalampahan wonten ing akhirat. Malah sajatosipun ayat 36 anedahaken
bilai ingkang dipun karsakaken punika langkung anteb dhateng bilai ing gesang sapunika, jalaran ing
ngriku kapangandikakaken bilih ing dinten wau naraka badhé dipun damel gumelar tumrap tiyang
ingkang ningali, boten tumrap sadaya tiyang, dados punika naminipun namung gumelar sapérangan,
kados déné ingkang sok asring kelampahan ing gesang punika. Wondéné nerakanipun gesang ing
bénjing, ing akhirat, kapangandikakaken wonten ing ayat 39.
Surat 79
Bilai ageng
1597
38 Sarta milih kauripan donya,
39 Lah sayekti naraka – iku
panggonan(-é).
40 Déné wong kang wedi anggoné ngadhep ing ngarsaning
Pangéran sarta anahan jiwané saka
pépénginan asor,2661
41 Lah sayekti suwarga – iku
panggonan(-é).
Ut. kapan
kalakoné
42 Dhèwèké padha takon marang sira prakara wayahé endi
katemtuané?
43 Tumrap prakara apa? sira iku
wong kang angélingaké prakara
iku.
44 Marang Pangéranira pantoging tujuné prakara iku.
45 Sira iku mung juru pépéling
tumrap wong kang wedi marang
prakara iku
46 Ing dinané dhèwèké andeleng
iku, kaya-kaya olèhé manggon ora
liya kajaba sasoré utawa saésuk.
2661. Mekak andurusi pépénginan ingkang asor, punika tuk ingkang baku piyambak kanggé
angetukaken suwarga.
____________
SURAT 80
‘ABASA
(Panjenenganipun mrengut)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(42 ayat)
Katerangan gerban
Surat punika kawiwitan kalayan nerangaken satunggaling lalampahan ingkang nrenyuhaken
manah, inggih punika satunggaling tiyang wuta ingkang nyaru wuwus Kanjeng Nabi, nalika
panjenenganipun saweg nengah-nengahi ngandikakaken kaliayan para pinisepuh Quraisy sawatawis,
ingkang lajeng mahanani Kanjeng Nabi mrengut nalika dipun saru wuwus wau. Punika lajeng kanggé
namanipun surat punika. Menggah ing sajatos-jatosipun surat punika nerangaken, bilih para pandhèrèk
ingkang mlarat-mlarat tur asor, punika margi saking anggènipun purun nampèni yakti mesthi badhé
sinengkakaken ing ngaluhur, milanipun Kanjeng Nabi kedah boten prihatos manawi para titiyang luhur
boten sami purun anggapé piwulangipun, jalaran para Muslimin ingkang asor punika sami badhé
sinengkaaken ing ngaluhur, déné para titiyang luhur ingkang sami angemohi piwulang mesthi badhé
dhumawah asor. Dados surat punika wigatos mangandikakaken kaluhuran ingkang kasuprih déning
Quran badhé ginayuh ing para pandhèrèkipun, tuwin kemengan-kemenanganing para pendhèrèkipun
ing tembé wingkingipun. Surat punika kaanggep salah satunggaling dhawuh ingkang sepuh piyambak,
sarta rèhning makaten pawartos ingkang kaundhangaken ingkang magepokan kaliyan prakawis ingkang
badhé kelampahan ing wekdal ingkang badhé dhateng, punika pantes pinèngetan ingkang kalayan
mligi.
RUKU’ 1
1-10. Mrengutipun Kanjeng Nabi dhateng tiyang wuta. 11-16. Para ingkang nampeni
kasunyatan badhé dipun dadosaken minulya. 17-32. Kamurahanipun Pangéran dhateng
manusa. 33-42. Petak ingkang sakalangkung banter.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Dhèwèké mrengut lan maléngos,
2 Amarga ana wong
nekani dhèwèké.2662
wuta
2662. Tetembunganipun ayat-ayat punika piyambak sampun anedahaken, bilih ayat-ayat wau
nyariyosaken satunggaling lalampahan ingkang nyata kelampahan saèstu. Cariyosipun tiyang wuta
punika kasebut wonten ing hadits ingkang kénging pinitados sanget, dados sampun boten wonten
sababipun malih semang-semang dhateng wontenipun lalampahan wau. Déné tiyang wuta wau Ibnu
Ummi Maktum (Abdullah bin Syuraih), ingkang sowan dhateng Kanjeng Nabi nalika Kanjeng Nabi
Surat 80
Panjenenganipun mrengut
1599
3 Lan apa ta kang meruhaké
sira, yèn dhèwèké iku arep anucèni
jiwané.
saweg nengah-nengahi nerangaken piwulangipun agami Islam wonten ing kalempakanipun para
panuntun Quraisy, kalayan kagungan pangajeng-ajeng manawi tiyang ageng-ageng punika purun
ngrasuk Islam, lajeng mahanani alangan-alangan ingkang makèwedi Islam sirna. Tiyang wuta wau
nyaru wuwus nyela-nyela nyuwun dipun wulangi barang ingkang sampun kawahyokaken Allah
dhateng Kanjeng Nabi Suci. Kanjeng Nabi boten rena dipun rigoni makaten punika, panjenenganipun
mrengut lan maléngos. Kanjeng Nabi lajeng tampi wahyu punika.
Lalampahan punika anedahaken bilih wahyu ingkang katampi déning Kanjeng Nabi Suci punika
boten mijil saking panggalihipun Kanjeng Nabi piyambak; jalaran sapisan Kanjeng Nabi boten
anindakaken pandamel ingkang kénging winastan pangrengkuh ingkang kirang saé dhateng tiyang
sanès ingkang murugaken panjenenganipun lajeng rumaos kaduwung, (kados déné pangintenipun
tuwan Rodwell), punika boten. Yektinipun Kanjeng Nabi boten migatosaken dhateng tiyang ingkang
nyaru wuwus ing kalaning panjenenganipun dèrèng rampung anggènipun medhar pangandika, punika
rak nama namung samesthinipun kémawon. Kanjeng Nabi boten andukani tiyang ingkang nyela-nyela
wau margi saking tindakipun, wangsul Kanjeng Nabi namung boten rena lan boten maringi wangsulan
dhateng tiyang wau, kados déné ingkang kacetha kalayan terang wonten ing dhawuhipun Quran punika.
Kaping kalihipun, saupami inggih panjenenganipun punika rumaos kaduwung déné boten maringi
wangsulan dhateng titiyang wuta, cekap panjenenganipun punika lajeng nimbali kémawon tiyang wuta
lan nyrawungi ingkang langkung saé dhateng piyambakipun. Saboten-botenipun, saupami prakawis
makaten punika kasarahaken wonten ing pamanggihipun tiyang, rak inggih boten teka panjenenganipun
piyambak malah nacad tindakipun tur kalayan ajeg-ajegan. Badhéa kados punapa kémawon boten
sarjunipun tiyang dhateng pandamelan piyambak ingkang sampun katindakaken, mesthi botenipun
piyambakipun remen panacad dhateng tindakipun wau dipun damel cacariyosan ingkang rinten dalu
kawaos marambah-ramah déning titiyang ingkang manut piyambakipun. Dados awit saking punika
tétéla bilih wahyu ingkang katampi déning Kanjeng Nabi, punika boten mijil saking panggalihipun
Kanjeng Nabi piyambak. Kanggé nedahaken ikhlas, murni saha luhuring panggalihanipun Kanjeng
Nabi, cekap kaaturaken bilih panjenenganipun boten naté kagungan panggalih badhé ngunthet dhawuh
ingkang kados makaten punika, wangsul malah angundhangaken dhawuh punika, boten prabéda lan
anggènipun angundhangaken dhawuh-dhawuh ingkang ngemot pangalembana dhateng panjenenganipun.
Prayogi dipun pèngeti bilih bubudènipun Kanjeng Nabi ingkang baku piyambak punika tresna
dhateng tiyang miskin. Kathah lalampahan-lalampahan ingkang kasebut wonten ing dalem hadits,
kadosta panjenenganipun kepareng nindakaken padamelanipun satunggaling tiyang èstri ingkang
sampun sepuh, sarta dalasan nalika panjenenganipun sampun jumeneng dados pangagengipun nagari
Madinah, panjenenganipun taksih karsa ambektakaken bebektanipun tiyang ingkang kawratan boten
kiyat ambekta piyambak. Siti Khadijah, ingkang garwa Kanjeng Nabi, priyantun putri ingkang
sakalangkung raket kaliyan Kanjeng Nabi wiwit duk kalanipun panjenenganipun taksih taruna, nyebutaken bubudènipun Kanjeng Nabi punika wonten ing pangandikanipun ingkang wigatos nglipur
dhateng Kanjeng Nabi, makaten: “Gusti Allah boten badhé ngasoraken jengandika, jalaran jengandika
setya dhateng tatangsuling gotrah, jengandika remen mulyakaken tatamu tuwin jengandika remen
ngupaboga kanggé para ingkang sami kikirangan sarta jengandika remen mitulungi sadaya tiyang ing
nalikanipun nandhang kasusahan ingkang sanget (Bkh). Panjenenganipun punika wiwit duk kalanipun
taksih timur dumugi yuswa sepuh, lan wiwit duk kalanipun panjenenganipun taksih dados tiyang limrah
ing Madinah ngantos dumuginipun jaman panjenenganipun ngasta papréntahan ingkang ngerèh
saindhenging tanah Arab, sakalangkung tresna dhateng tiyang pakir miskin. Malah boten namung
kandheg samanten kémawon, nanging panjenenganipun piyambak punika milaur dipun golongaken
kaliyan titiyang miskin, inggih nalika sugengipun, inggih nalika sédanipun. Dalasan nalika
bandhanipun tanah Arab umpuk-umpukan wonten ing sangandhaping sampéanipun Kanjeng Nabi, sarta
nalika para garwanipun kepéngin angsal bagéan saking bandha ingkang umpuk-umpukan wau,
panjenenganipun tetep sumedhiya ngurbanaken sawarnining kasenengan, waton panjenenganipun
lastantun dados tiyang miskin.
1600
Panjenenganipun mrengut
Juz XXX
4 Utawa arep angalap éling,
nganti pépéling iku maédahi
marang dhèwèké?
5 Déné wong sing rumasané
ora butuh (marang sira),
6 Lah sira malah angadhepaké
dhèwèké.
7 Lan ora cacad ing atasé sira
yèn dhèwèké ora anucèni jiwané.2663
8 Wondéné wong kang anekani
sira, iku nyrempeng,
9 Lan dhèwèké wedi,
10 Lah marang dhèwèké, apa
sira bakal anglirwakaké?
11 O, sayekti, iku (sumbering)
kaluhuran.
12 Mulané sapa sing gelem,
angalapa éling marang iku.
13 Ing sajroning Kitab kang
minulya,
14 Linuhuraké, sinucèkaké.
15 Ing tangané para juru tulis,
16 Minulya, tulus.2664
2663. Manawi para panuntun Quraisy boten sami luwar saking jejembering dosa, sanès lepatipun
Kanjeng Nabi; milanipun boten kénging, karana para panuntun Quraisy wau, panjenenganipun lajeng
nglirwakaken tiyang papa, ingkang sowan panjenenganipun kanthi tuhu-tuhu nyuwun dipun luwari
saking babandaning dosa.
2664. Ayat nenem wiwit ayat 11 dumugi 16, punika menggah ing sajatos-jatosipun panglipur
dhateng Kanjeng Nabi Suci, gandhèng kaliyan prakawis ingkang kasasmitakaken wonten ing sadasa
ayat ingkang wiwitan, inggih punika, bilih para panuntun boten badhé purun manah pèpèngetipun
Kanjeng Nabi tuwin boten purun nganggep kautusipun Kanjeng Nabi, mila Kanjeng Nabi kedah
nengenaken tiyang miskin, ingkang badhé sinengkakaken ing ngaluhur déning Quran. Ayat-ayat punika
Surat 80
Panjenenganipun mrengut
1601
17 Binendon manusa iku! saiba
ta olèhé ora weruh ing panarima!
18 Saka barang apa ta kadadéané?
Ut. angruntutaké karo
19 Saka nutfah, Panjenengané
(kang) andadèkaké lan aparing
kakuwatan marang dhèwèké.2665
20 Déné (prakara) dalan – Panjenengané anggampangaké tumrap
dhèwèké,
21 Tumuli Panjenengané amatèkaké dhèwèké banjur anamtokaké kuburé,
22 Tumuli, samangsa Panjenengané angarsakaké, (banjur) anangèkaké dhèwèké.
23 O, dhèwèké iku ora anindakaké apa kang didhawuhaké
marang dhèwèké.
mangandikani Kanjeng Nabi bilih Quran punika tadhkirah, ingkang limrahipun dipun jarwani pépéling;
nanging mangga kula aturi mirsani 855, ing ngriku katerangaken bilih tembung dhikr, ingkang menggah ing sajatosipun sami kaliyan tembung tadhkirah, punika mengku teges tuking kaluhuran. Menggah
ing sajatos-jatosipun, suraosing dhawuh ing ngriki punika nyethakaken teges punika. Awit ayat 15 lan
16 kalayan terang nyebutaken bilih calon ingkang nyerati Quran punika sami tiyang tulus ingkang
badhé ingaji-aji wonten ing jagad. Bab prakawis punika boten namung kenyataan wonten ing
sariranipun para titiyang ingkang sami nyerati Quran Suci ing jaman wiwitan kémawon, kadosta
Bagéndha Abu Bakr, Bagéndha ‘Umar, Bagéndha ‘Utsman lan Bagéndha ‘Ali, nanging dalasan ing
babadipun Quran ing pawingkingipun wonten ugi para nata gung binathara ingkang mengkoni karajan
ageng-ageng sami ngupaboga sarana nyerat kitab Quran. Dados piweca wau minangka panglipur
dhateng Kanjeng Nabi, murih panjenenganipun boten sungkawa margi para titiyang ingkang
sugih-sugih tuwin para panuntun boten purun nganggep panjenenganipun, awit tiyang miskin ingkang
purun nganggep panjenenganipun punika badhé sinengkakaken ing ngaluhur alantaran Quran Suci.
2665. Qaddarahu punika tarkadhang sok mengku teges sami kaliyan tegesipun tembung aqdarahu,
inggih punika ngiyataken, ndamel kiyat, suka kekiyatan (Msb, Q, LL). Ambokmanawi ing ngriki
mengku teges, bilih Gusti Allah boten namung anitahaken kémawon ing manusa, nanging ugi maringi
kekiyatan lan kasagedan, murih piyambakipun saged majeng-majeng manawi piyambakipun purun.
Utawi inggih kénging dipun tegesi kados déné ingkang kasebut ing margin. Manawi nganggé teges
punika, suraosipun Gusti Allah mrenahaken manusa dumunung wonten ing sawenèh laladan, ingkang
wonten ing ngriku piyambakipun saged tumuwuh majeng-majeng, kados déné anggènipun Allah
mrenahaken titah sanès-sanèsipun. Punika boten lajeng ateges, bilih Allah namtokaken pun anu lan pun
anu nindakaken pandamel saé punika utawi punika, pun anu lan pun anu nindakaken pandamel awon
punika utawi punika, punika boten.
1602
Panjenenganipun mrengut
Juz XXX
24 Lah, bok manusa iku andeleng marang pangané.
Ar. Déné
25 Rak Ingsun angesokaké banyu
gumlogok
26 Tumuli Ingsun amecah bumi
asigar,
27 Banjur ing kono
anukulaké wiji-wiji,
Ingsun
28 Lan anggur sarta woh kang
mupangati
29 Sarta zaitun lan kurma,
30 Lan pakebonan kang kakayoné ketel
31 Sarta woh-wohan lan pasuketan,
32 Pasadhiyan tumrap marang
sira lan marang rajakayanira.
33 Ananging samangsa
jumalerit tumeka,2666
petak
34 Dinané wong aninggal lumayu saduluré,
35 Lan biyungé sarta bapakbapaké,
36 Tuwin rabiné sarta anakanaké lanang –
37 Sarupané wong-wong iku ing
dina iku padha duwé urusan
dhéwé-dhéwé.
2666. Shakhkhah punika rimbagan saking
ingkang tegesipun (suwanten) adamel
budheging kuping margi saking serunipun, mila wantahipun tembung wau ateges pambengok ingkang
ambudhegaken margi saking serunipun (SQ-LL). Awit saking punika tembung wau lajeng kanggé
nembungaken dinten kiyamat. Nanging tembung wau ugi ateges sadhéngah bilai utawi kacilakan
(Q-LL), utawi bilai ageng (TA-LL).
Surat 80
Panjenenganipun mrengut
1603
38 Rai-rai ing dina iku (akèh
kang) padha bingar,
39 Gumuyu, gambira.
40 Lan (akèh) ing dina iku rai
kang padha reget anjalebut,
41 Peteng
iku.2667
anglimputi
(rainé)
42 Yaiki wong-wong kang para
kafir lan padha duraka.
2667. Rai-rai bingar ingkang kapangandikakaken ing ngriki punika ateges bingah; déné rai
kalimputan pepeteng utawi cemeng punika ateges susah utawi prihatos.
_____________
SURAT 81
AT-TAKWÎR
(Anglempit)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(29 ayat)
Katerangan gerban
Namanipun surat punika mirid saking pratélan ingkang kasebut ing ayat ingkang wiwitan
piyambak: surya ginulung (tegesipun kula aturi mirsani 2668). Surat punika ugi mangandikakaken
kalayan dhapur piweca bab kaluhuran ingkang badhé ginayuh déning Islam, tuwin ambrukipun babar
pisan sadaya ingkang milawani Islam. Kathah prakawis-prakawis ingkang kelampahan nalika jaman
sugengipun Kanjeng Nabi, ingkang kapangandikakaken ing surat punika; nanging ugi kathah prakawisprakawis ingkang kelampahanipun taksih bénjingipun ing jaman ingkang badhé dhateng ingkang
kasebutaken, makaten ugi prakawis-prakawis ingkang sinipatan kalayan cetha wonten ing jaman kita
samangké, inggih kasebutaken déning surat punika. Wosipun anyebutaken sadaya wau, wigatos
mangandikakaken bilih menangipun ingkang wekasan Islam wonten ing tanah Arab, sarta lumèbèripun
dhateng saindhenging jagad, punika prakawis ingkang yakin piyambak. Surat punika èwonipun dhawuh
ingkang katampi Kanjeng Nabi ingkang sepuh piyambak. Bab prakawis tumurunipun ing jaman
wiwitan wau, sampun boten wonten semang-semangipun malih. Pratélan ingkang wingking piyambak,
ingkang andhawuhaken bilih Quran punika pèpènget tumrap ngalam sadaya, liripun tumrap sadaya
umat tuwin sadaya jaman, punika pantes pinèngetan kalayan mligi.
Kalawan
asmaning
Ingkang-Mahamurah,
Mahaasih.
Ut. linempit
Allah,
Ingkang
1 Samangsa sréngéné tinutupan.2668
2668. Tigawelas ayat ingkang wiwitan punika ngemot tandha-tandha kalihwelas warni ingkang
limrahipun kasuraos tandha-tandhanipun kiyamat. Nanging paham kula punika pratélan-pratélan
ingkang rnengku piweca, kalayan tetembungan ngibarat, wigatos mangandikakaken telukipun ingkang
wekasan mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi ingkang kiyat-kiyat (kalebet ugi titiyang ingkang
nunggil jaman kaliyan panjenenganipun, ingkang sami ngawaki piyambak milawani dhateng
panjenenganipun, tuwin titiyang ingkang tebih letipun kaliyan jaman sugengipun, ingkang sami asikep
mengsahi dhateng yakti ingkang kawulangaken déning panjenenganipun). Wosipun kasebutaken
wonten ing dhawuh ingkang mungel sayekti iku temen tembungé utusan kang minulya, kang
kasinungan kakuwatan, kang kudu dienut. Wiwit ayat 19 saterusipun mengku suraos, bilih
kelampahanipun sadaya punika mesthi badhé saged anetepaken manawi Kanjeng Nabi punika pranyata
utusan ingkang minulya lan boten ringkih kados pangintenipun mengsah, wangsul kasinungan
kakiyatan, sarta panjenenganipun punika mesthi badhé tinurut. Surya ginulung punika mengku teges
bilih wekdal mujuripun para mengsahing Islam badhé telas, sarta lajeng badhé dumunung wonten ing
salebeting pepetengipun rekaos tuwin kasusahan.
Surat 81
Anglempit
1605
2 Lan samangsa lintang-lintangé
dadi peteng,2669
3 Lan
samangsa
gununggunungé padha ginuncang,2670
4 Lan samangsa unta-unta linirwakaké,2671
5 Lan samangsa sato galak
padha dibuyaraké,2672
Ut. sagarasagara
Ut. digawé
rob
6 Lan samangsa nagara-nagara
padha diobong,2673
2669. Lintang-lintang dados peteng punika ateges peteng ndhedhet lilimengan, awit samangsa
surya surup, cahyanipun lintang-lintang mitulungi manusa. Nanging ing ngriki kadhawuhaken bilih
boten namung papadhanging raina kémawon ingkang badhé sirna, nanging dalasan papadhang ingkang
alit-alit, ingkang dipun alap papadhang déning para ingkang sami lalampah ing wanci dalu ingkang
peteng ndhedhet, inggih badhé surem, ngantos para titiyang wau boten sami angsal papadhang
sakedhik-kedhika.
2670. Redi-redi binuncang tegesipun titiyang ageng para panuntunipun mengsah sami sirna.
Mirsanana 1604.
2671. Punika pipiridan kawontenanipun perang ingkang anggigirisi, suraosipun samangsa wonten
peperangan ageng, unta-unta dipun umbar kémawon tanpa wonten juru pangènipun. Tembung:
.
tegesipun aku ngeculaké unta tanpa ana juru-pangoné kang ngulat-ulataké
(Msb-LL). Utawi, margi saking ‘isyâr utawi unta èstri (ingkang sampun wawrat sadasa wulan) punika
bandha ingkang sakalangkung kathah aosipun tumrap ingkang gadhah, manawi ngantos dipun umbar
kémawon, punika nandakaken wonten bilai ingkang anggigirisi; utawi margi saking ingkang dipun
betahaken wonten ing paprangan punika kapal, sanès unta. Nanging inggih prayogi dipun terangaken
pisan, bilih tetembungan saminipun ingkang kados makaten punika ugi kasebut wonten ing
satunggalmg hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci, ingkang miturut pangandika hadits wau
unta-unta linirwakaken punika dados salah satunggaling tandha-tandhanipun dinten akhir, inggih punika ing kalanipun Islam nemahi asor, sarta nalikanipun Masih dipun jumenengaken saking antawisipun
tiyang Muslimin, perlu supados anjumenengaken kamenanganipun Islam kaliyan agami sanès-sanèsipun
ing jagad. Tembungipun pangandika hadits wau makaten
jawinipun unta-unta yekti bakal linirwakaké banjur ora dinggo lumaku rikat (dhateng pundi-pundi).
Sajakipun terang manawi ingkang dipun karsakaken wonten ing pangandika hadits punika jaman
wontenipun tutumpakan ingkang langkung rikat kanggé tiyang kekésahan. Wontenipun kréta latu
(sepur) ing jagad punika, langkung-langkung ing tanah Arab piyambak inggih wonten, punika tétéla
mratandhani bilih piweca punika sampun katuhonan wahananipun. Dados kados sampun terang
manawi piweca-piweca ingkang kaundhangaken wonten ing ngriki punika magepokan kaliyan jamanipun Kanjeng Nabi Suci tuwin ugi jaman ingkang badhé dhateng. Prayogi dipun pèngeti bilih unta-unta
linirwakaken punika boten yèn ta kelampahan ing dinten kiyamat.
2672. Hasyarahu tegesipun ambuyaraké (LL). Sato galak sami kabuyaraken punika ugi gagayutan
kaliyan perang, awit samangsa tiyang kathah nglempak badhé tempuk perang wonten ing
saganten-wedhi, sato galak mesthi sami lumajeng sasaran.
2673. Ing ngriki kula boten nganggé jarwan ingkang limrah-limrah, teges ingkang kelimrah dipun
anggé déning para tukang anjarwani kula sukakaken wonten ing margin. Suprandéné badhé kula
terangaken langkung rumiyin. Manawi dipun tegesi mawi teges ingkang sampun kelimrah, prayogi
1606
Anglempit
Juz XXX
7 Lan samangsa wong-wong
padha kinumpulaké,2674
8 Lan samangsa kang dipendhem urip-uripan dinangu;
dipun pèngeti tembung ingkang dipun agem punika mèh sami kaliyan ingkang kagem wonten ing 52: 6;
.
ing ngriku kasebutaken
saganten rob, ingkang mengku suraos ambrukipun
panguwaosing mengsahipun Kanjeng Nabi Suci, kalayan mendhet pipiridan nasib ingkang kasandhang
déning mengsahipun Kanjeng Nabi Musa, inggih punika sami kelem wonten ing samodra rob.
Béda malih kaliyan ingkang sampun, tembung bahr punika wonten ing paribasan Arab ateges
sirna; sababipun déné ateges makaten awit sirna ingkang boten saged dipun kinten-kintenaken
langkung rumiyin, punika langkung asring pinanggih wonten ing saganten katimbang ing dharatan,
jalaran ing saganten boten wonten pitulungan ingkang sumadhiya ing sawanci-wanci, kejawi punika
tumrap ing jaman kina tiyang ingkang lalayaran wonten ing saganten punika sakedhik sanget
pangajeng-ajengipun saged wangsul kanthi wilujeng, dados saganten rob punika tumrap piyambakipun
mèh sami tegesipun kaliyan “mesthi sirna.” Ing basa Arab wonten ungel-ungelan makaten:
déning TA ungel-ungelan wau dipun jarwani
makaten: É, juru-pituduhing wengi kowé nyalèwèng saka dadalan sing bener, sirna sing ana, yèn ora
/
iya bangbang wétan (LL). Makaten ugi tembung
ing 82: 3 punika ugi saged
dipun terangaken plek kados makaten punika, déné tembungipun fujjirat sami tegesipun kaliyan
tembung sujjirat ing ngriki. Katranganipun Ka’b bilih al-bîhar utawi saganten ing ngriki ateges naraka
(LL), punika ngiyataken pamanggih ingkang kagelar ing ngriki, inggih punika: manawi teges wau
dipun anggé, saganten rob punika ateges sirnanipun mengsah. Katranganing teges sanèsipun malih
(mirsanana tegesipun tembang sujjirat ing wingking) makaten: nalika sagara-sagara padha diobong;
déné suraosipun nyasmitani latu ageng angalad-alad ing pundi-pundi panggènan ing saganten, ngantos
saganten wau kados dipun besmi. Latu ageng wau kelampahan wonten ing tanah Arab nalika jaman
sugengipun Kanjeng Nabi, sarta ing jaman sapunika ugi jagad ketaman latu ageng ingkang kados
makaten wau, ingkang nyata saèstu saganten kados tinunu, inggih punika nalika prang Éropah (lan
prang donya ingkang kaping kalih. Peny.).
Déné jarwan ingkang kula anggé, punika inggih sami déné adhadhasar kateranganing teges
ingkang wantah. Tembung bihâr punika jama’-ipun tembung bahr sarta tembung bahrah (TA-LL);
déné bahrah punika sami kaliyan tembung baldah, utawi ardl (S, Q, TA, I’As) jawinipun nagari utawi
kitha utawi désa, “sarta jama’-ipun, inggih punika bihâr punika dipun anggé nembungaken nagari,
kitha utawi dhusun” (TA-LL). Kula aturi mirsani ugi IAs, panjenenganipun nerangaken:
jawinipun bangsa Arab mastani nagari-nagari lan
kitha-kitha punika bihâr. Tembung bahrah (inggih punika mufrad-ipun bihâr) lan tembung buhairah
(tasgir-ipun bahrah), punika wonten ing hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi ugi kanggé nyebut
nagari Madinah. Dados sampun terang, bilih nagari punika ugi dados tegesipun ingkang wantah
tembung bihâr, boten prabéda lan saganten, punika tegesipun wantah bihâr wau. Wondéné tembung
sujjirat dipun tegesi diobong (LL) punika dipun rujuki déning para mufassirin; latu punika minangka
pasemonipun peperangan ingkang tumunten badhé kelampahan wonten ing nagari-nagari Arab margi
saking anggènipun sarosa milawani yakti. Katranganipun latu ingkang dados pasemonipun peperangan,
mirsanana 5: 64. Tegesipun sujjirat satunggalipun inggih punika dicampur; déné maksudipun inggih
campuripun dados satunggal wonten ing paprangan, kados déné ingkang kacetha ugi wonten ing
dhawuhing ayat candhakipun bab ngempalipun tiyang dados satunggal. Katranganing teges ingkang
pundi kémawon ingkang dipun anggé, meksa mengku teges salah satunggal, sirnanipun mengsah
ingkang kiyat, utawi peperangan.
2674. Maksudipun, nalika saben golongan sami badhé dipun kempalaken kaliyan ingkang dipun
enut (TA-LL) nalika cacawis badhé peperangan.
Surat 81
Anglempit
1607
9 Amarga saka dosa-dosa apa
dhèwèké pinatènan,2675
10 Lan samangsa
sinebar,2676
kitab-kitab
11 Lan samangsa langit binuka
tutupé,2677
12 Lan samangsa naraka diurubaké,2678
13 Lan samangsa taman dicedhakaké,2679
2675. Ingkang dipun karsakaken ing ngriki inggih punika adat tata-cara ingkang kelimrah wonten
ing antawisipun titiyang Arab sadèrèngipun jaman Islam, inggih punika mendhem gesang-gesangan
anakipun ingkang medal èstri, margi kuwatos kalirèn utawi kuwatos nandhang ina. Déné pandhangan
punika mengku karsa mangandikakaken wekdal sirnanipun adat tata-cara ingkang biadhab wau, margi
tanah Arab kawradinan Islam.
2676. Shuhuf punika jama’-ipun tembung shahifah, ingkang jawinipun dlancang utawi wacucal
ingkang dipun serati. Sajakipun ingkang dipun karsakaken punika bab sumiyaripun Quran Suci
ingkang kaserat dados sakitab utawi sapérangan-sapérangan, awit inggih punika ingkang kasebut kitab
kang minulya ing 80: 13 punika. Murih kelampahanipun punika, perlu langkung rumiyin kekiyatanipun
mengsah sinapu tapis. Punika ugi saged mengku karsa mecakaken wekdal ingkang badhé dhateng ing
tembé wingkingipun. Nalika jaman majeng-majengipun jagad Islam, boten sakedhik lalabetanipun
jagad Islam anggènipun mencaraken serat-serat (literature), sarta sadaya fihak sami angakeni bilih
gesangipun malih kawruh ing Éropah, ingkang mahanani sumiyaripun serat-serat lan dlancang ngantos
kathah sanget, punika inggih wohing panyurungipun Islam nyinau kawruh. Dados sajakipun piweca
punika mengku maksud warni kalih, inggih punika sapisan mecakaken jamanipun Kanjeng Nabi Suci,
kaping kalihipun mecakaken jaman, ingkang wonten ing basanipun piweca sinebut jaman akhir.
Kelampahanipun ingkang kalayan angédab-édabi piweca-piweca punika ing jaman kita samangké,
punika dados pasaksèn ingkang sampun boten kénging pinaiben malih, bilih Quran Suci punika
pranyata asli saking Pangéran, awit ngemungaken Allah Ingkang-Mahawikan Pribadi, ingkang saged
amedharaken wawadosing wekdal ingkang badhé dhateng ingkang sakalangkung lebet punika, tur
kanthi terang gamblang anggènipun mahyakaken, kawimbuhan malih anggènipun mahyakaken wau ing
wekdal ingkang taksih nyamut-nyamut kaliyan jaman kelampahanipun.
2677. Katranganipun ukara punika saha ukara-ukara saminipun punika, mirsanana 2593. Langit
binuka tutupipun punika tegesipun: siksa binuka ngeblak. Mila mengku suraos makaten, awit langit
makaten kénging winastan minangka pangayoman murih boten ketaman ing kacilakan; utawi margi
bilai ingkang ageng-ageng punika winastan tumurun saking langit. Suraos kados makaten punika ugi
,
tumrap ing ukara-ukara bangsanipun ingkang kados makaten punika, kadosta
jawinipun nalika langit wus belah (82: 1) tuwin
nalika langit (utawi mendhung)
sigar (84: 1). Kula aturi nyundhukaken kaliyan 21: 32 lan 105, lan kula aturi mirsani 1665.
2678. Naraka dipun urubaken, punika ateges kadamel samekta nampèni para ingkang sami
milawani ing yakti, ingkang sami badhé dipun siksa wonten ing gesang sapunika utawi mengku teges
mubaling peperangan, ingkang boten kénging boten mesthi badhé nglebur mengsah-mengsahipun
yakti.
2679. Suwarga dipun celakaken, punika ateges kelampahanipun sapérangan piweca-piweca bab
ganjaranipun para angèstu, awit para angèstu sami kaparingan janji bilih badhé angsal suwarga ing
gesang sapunika tuwin ing gesang ing bénjing. Menangipun kaliyan para kafir, punika dados pratandha
bilih suwarga ingkang kajanjèkaken punika sampun celak
1608
Anglempit
Juz XXX
14 (Lah ing kono) sarupaning
jiwa bakal weruh apa kang wus
dicepakaké dhéwé.2680
a. 2438
b. 2606
15 Lah, temen,a Ingsun apasaksib
kalawan lintang-lintang,
16 Kang lumaku turut dalané
(lan) andhelik,2681
17 Lan wengi nalikané angoncati,
18 Sarta gagat-bangun nalikané
sumirat,2682
19 Sayekti, iku temen tembungé
utusan kang minulya,
20 Kang kasinungan kakuwatan,
(sarta) adrajad kinurmatan ana
ngarsané Kang-kagungan-singangsana,
Ut. panutan
Ut. tuhu
pinracaya
21 Wong kang kudu dienut, sarta
tinuhu-tuhu marang apa kang
dipracayakaké (marang awaké).2683
2680. Sabda pangandikanipun Kanjeng Nabi ingkang katujokaken dhateng titiyang kafir ingkang
tiwas wonten ing paprangan Badr, saged suka katrangan dhateng dhawuh punika ingkang tumrap
gesang samangké: “Sayekti aku kabèh wis padha nyipati yèn sabarang kang dijanjèkaké déning
Pangéran marang aku kabèh iku nyata. Apa kowé kabèh iya wis nyipati kanyataané barang kang
dijanjèkaké déning Pangéran marang kowé kabèh?”
2681. Al-khunnas punika jama’-ipun khanis (saking tembung khanasa, jawinipun bali), tegesipun
bali, mengku teges lintang-lintang ing saumumipun, awit lintang-lintang wau sami singidan samangsa
serap, utawi margi lintang-lintang wau sami boten katingal manawi raina (S-LL), utawi ateges planitplanit (Saturnus, Yupiter, Mars, Venus, tuwin Mercurius), margi munduripun planit-planit wau (S, QALL). Alkunnus punika jama’-ipun kânis (saking tembung kanasa, jawinipun: ménda wanan lumebu
ing kinas, inggih punika ing papan pandhelikanipun), tegesipun wedhus alasan kang lumebu ing papan
pandhelikané (S-LL), mengku teges lintang-lintang ingkang sami singidan wonten ing panggènan
serapipun (TA-LL), utawi ateges planit-planit, inggih margi kados makaten kawontenanipun wau
(TA-LL). Sumpah mawi lintang-lintang ingkang lumampah turut marginipun tuwin ingkang sami
andhelik, punika ugi wigatos, dhawuh anggatosaken dhateng kacilakaan-kacilakaan ingkang badhé
andhawahi para ingkang sami milawani ing yakti. Kula aturi mirsani 2371.
2682. Dalu angoncati tuwin gagat bangun sumirat punika sampun terang, inggih punika
pepetenging kabodhoan sirna, gentos surya Islam sumorot nyunaraken cahyanipun.
2683. Limrahipun para mufassirin sami nyuraos bilih ingkang dipun karsakaken ing ayat 19-21
punika malaikat Jibril, awit manut pahamipun, ingkang kapangandikakaken wonten ing 23 punika
Surat 81
Anglempit
1609
22 Lan ora pisan mitranira iku
wong owah.
23 Lan sayekti temen Panjenengané andeleng sarirané dhéwé ana
ing cakrawala kang cetha.2684
24 Lan ora pisan Panjenengané
iku angumpetaké barang ghaib,2685
25 Sarta ora pisan iku tembungé
sétan kang dibendoni,2686
26 Lah menyang endi anggonira
arep padha lumayu?2687
27 Iku ora liya kajaba pépéling
tumrap sakèhing bangsa-bangsa,
Jibril. Nanging pangandikanipun Quran punika kados sampun boten wonten malih suraosipun kajawi
nuding Kanjeng Nabi Suci piyambak, ingkang kalayan cetha kapangandikakaken kancanira.
Panjenenganipun punika wonten ing tanah Arab nyata sampun misuwur al-amin, jawinipun kang
pinracaya. Anggènipun Kanjeng Nabi inggih mutha’, kang tinurut, punika inggih sampun
kapangandikakaken wonten ing panggènan sanès, inggih punika ing 4: 64, “anggon-Ingsun angutus
utusan iku ora liya kajaba supaya dienut kalawan idining Allah.” Kanjeng Nabi kasinungan kekuwatan
tuwin minulya, punika asuraos mecakaken sugengipun ing wekdal ingkang badhé dhateng lan
menangipun ingkang wekasan kaliyan mengsah-mengsahipun.
2684. Kanjeng Nabi nguningani sariranipun piyambak wonten ing cakrawala ingkang terang,
punika ngisarahaken prabanipun ingkang gumebyar anelahi; bab punika kula aturi nyundhukaken
kaliyan 53: 7, lan kula aturi mirsani ugi 2376.
2685. Kanjeng Nabi (sanès malaikat Jibril) ingkang ing ngriki kadhawuhaken sanès tukang
ngumpetaken gaib ingkang cukeng punika, wigatos anedahaken bilih sabarang ingkang sampun
kelampahan rumiyin-rumiyin punika mengku piweca-piweca adiluhung babagan wekdal ingkang badhé
dhateng. Kados déné ingkang sampun kula terangaken ing ngajeng, sajatosipun surat punika binukanan
kalayan piweca-piweca bab kacilakan ingkang calon badhé andhawahi para mengsah, déné
péranganipun ingkang wekasan mangandikakaken kalayan cetha kamenangan saha kaagungaipun
Kanjeng Nabi ing wekdal ingkang badhé dhateng.
2686. Punika sanès tembungipun sétan, terangipun: punika sanès pethèkipun juru tenung;
terangipun malih: piweca-piwecanipun Quran punika mesthi badhé dipun tetepi punapa mesthinipun.
Katranganipun tuwan Sale pantes pinèngetan: “Ayat punika minangka wangsulan dhateng pangawonawonipun para titiyang kafir, ingkang sami mastani bilih Quran punika namung panunggilanipun
pethèk utawi kemayan; awit para titiyang Arab sami gadhah panginten bilih para juru-tenung utawi
juru-kemayan punika sami angsal katerangan saking sétan-sétan, jalaran sétan-sétan wau tansah sami
mireng-mirengaken ing sakacunggahipun saking para titah ingkang sami dudunung wonten ing langit.”
Kedah dipun èngeti, samangsa Quran mangandikakaken sétan mireng-mirengaken kalayan salinthutan,
punika ingkang dipun karsakaken namung mangandikakaken piyandel Arab jaman kina wau. Wonten
ing panggènan pundi kémawon Quran boten naté nyebutaken piyandel punika kalayan pangandika
ingkang anedahaken bilih Quran tumut angakeni pangandel Arab kina wau. Kosok wangsulipun, malah
kathah pasaksèn-pasaksèn ingkang nedahaken bilih Quran nulak piyandel wau.
2687. Samangsa piweca-piweca iku dituhoni wahanané, sira ora bakal oleh pangayoman.
1610
Anglempit
Juz XXX
28 Tumrap sapa-sapa ing antaranira kang kapéngin alaku bener.2688
a. 2633
29 Lan ora bakal sira padha
kapéngin kajaba yèn Allah, Pangéraning ngalam kabèh, angarsakaké.a
2688. Mangga, punapa boten éndah lan terang temenan dhawuhipun Quran punika? Quran punika
tuking kamulyan tumrap sadaya bangsa ing jagad, suprandéné sagedipun kados makaten punika
manawi manusa purun andhèrèk pitedahipun; milanipun lajeng sinambetan ing dhawuh: tumrap
sapa-sapa ing antaranira kang kapéngin alaku bener.
_______________
SURAT 82
AL-INFITHÂR
(Belah-Sigar)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
Katerangan gerban
(19 ayat)
Surat punika namanipun mirid saking pratélan ing ayat-ayat ingkang wiwitan: langit belah (sigar),
sarta kénging winastan surat punika jodhonipun surat ingkang sampun. Awit surat ingkang sampun,
sasampunipun nyebutaken sawenèh tandha-tandha, lajeng nyaring wosipun, inggih punika menangipun
Islam ingkang wekasan; déné surat punika, nyebutaken kamenangan wau wonten ing ayat-ayatipun
ingkang wiwitan, sarta mangandikakaken ugi para mengsah badhé tanpa daya babar pisan margi saking
kamenangan wau. Déné titimangsaning tumurunipun surat punika, boten kathah bédanipun kaliyan
surat ingkang sampun.
Kalawan
asmaning
Ingkang-Mahamurah,
Mahaasih.
Ut. mendhung
Allah,
Ingkang
1 Samangsa langité wis belah,
2 Lan
samangsa
lintanglintangé wis pating salebar,
Ut. sagarasagara
3 Lan samangsa kali-kali padha
dibludagaké,
4 Lan samangsa kubur-kubur
binukak,2689
2689. Kawan ayat ingkang wiwitan punika mangandikani kula sami, kados pundi anggesangaken
ruhani punika. Langit belah punika ateges dhumawahipun pidana dhateng mengsah (mirsanana 2593),
utawi manawi samâ ing ngriki dipun tegesi mendhung, kados déné teges ingkang kaserat wonten ing
margin punika, saged mengku teges: nalika mendhung wis belah lan anurunake banyu marang bumi
kang mati; déné suraosipun: wahyu, ingkang dipun sanépakaken kados déné jawah punika.
Lintang-lintang wis pating salebar punika saged mengku suraos sirna; manawi makaten lajeng mengku
maksud bilai andhawahi para mengsah (mirsanana 2371); utawi saged mengku suraos mangandikakaken sumebaripun guru-guru Islam, ingkang kasanépakaken kados déné lintang-lintang. Maksudipun:
boten kénging boten mesthi badhé dhateng masakalanipun para tukang mulang-mulangaken yakti sami
sumebar wonten ing tanah Arab, salajengipun lajeng mradini saindhenging jagad. Kali-kali padha
dibludagaké punika cocok kaliyan ingkang kasebutaken kalayan sanépa wonten ing panggènan sanès
ing Quran Suci, inggih punika ing 13: 17 “Panjenengané anurunaké banyu saka ing méga, banjur
jurang-juranging kali padha mili banyu samurwaté ......... kaya mangkono Allah anggoné damel
sanépa.” Lèpèn-lepèn ambludag punika para pandhèrèkipun Kanjeng Nabi ingkang tulus, ingkang
1612
Ut. dilakoni,
dilirwakaké
Belah-Sigar
Juz XXX
5 Sarupaning jiwa bakal weruh
apa kang didhisikaké lan kang
dikèrékaké.2690
6 O, manusa! apa kang anyinthung sira saka Pangéranira,
Ingkang- Minulya,
7 Kang anitahaké sira banjur
anyampurnakaké sira banjur andadèkaké sira sarwa timbang?
8 Panjenengané amangun sira
ing dalem rupa apa kang dadi
karsa-Né.
9 O, nanging sira padha anggorohaké marang pancasan,
10 Lan sayekti, temen ana kang
padha anjaga marang sira,
11 Para juru nulisi minulya,
12 Padha meruhi apa kang padha
sira lakoni.2691
margi kapenuhan ngélmu kapangéranan, lajeng ambanjiri pasiten ingkang garing ing tanah Arab lan ing
sajawinipun tanah Arab kalayan ngélmunipun wau. (Nanging kula aturi mirsani ugi 2673).
Kubur-kubur sami kabikak punika mengku suraos kiyamat ruhani badhé katindakaken déning Kanjeng
Nabi, awit kalayan cetha sampun kadhawuhaken bilih tiyang ingkang risak budipakertinipun punika
dumunung ing kubur (35: 22). Dados ayat sakawan punika sadaya wigatos mangandikakaken
éwah-éwahan ageng, ingkang badhé kelampahan wonten ing tanah Arab déning piwulangipun Kanjeng
Nabi. Déné dhawuh-dhawuh wau ugi mengku maksud ingkang lebet malih, inggih punika wigatos
mangandikakaken kiyamat ageng, kiyamatipun tiyang pejah, punika sampun genah, boten perlu
pinaiben malih.
2690. Ayat punika ngiyataken prakawis ingkang sampun katerangaken wonten ing tafsir ingkang
sampun. Qaffal gadhah paham bilih sumerepipun jiwa ingkang kapangandikakaken wonten ing ngriki
punika badhé wewah-wewah samangsa sampun ngajengaken dinten kiyamat (Rz). Nanging gumelaripun ingkang langkung sampurna malih badhé kelampahan wonten ing gesang sasampunipun pejah.
2691. Pandamelipun manusa dipun serati lan angedalaken woh, punika salah satunggaling
piwulangipun agami Islam ingkang mangka tatales. Mesthi kémawon ingkang makaten punika boten
teka ateges bilih para malaikat sami lenggah ngadhep méja ingkang wonten wadhahipun mangsi, sarwi
ngasta kalam, kados déné juru-serat makaten, lajeng anyatheti bilih pun anu nalika wanci makaten
nindakaken pandamel saé anu utawi pandamel awon anu, punika boten. Punika nama damel kisruh
dhateng piwulangipun Quran. Tembung nulis, kitab, lan juru-nulisi, punika namung kanggé anedahaken bilih sadhéngah pandamel punika rineksa lan rinimatan murih wontena tabetipun; déné mila dipun
tembungaken makaten wau, jalaran sasumerepipun manusa, seratan punika cara ingkang saé piyambak
kanggé ngrimati barang ingkang sampun kelampahan. Kados pundi caraning anggènipun nyerat lan
Surat 82
Belah-Sigar
1613
13 Sayekti, para tulus iku temen
bakal padha ana sajroning nugraha,
14 Lan sayekti, para duraka
temen bakal padha ana sajroning
geni murub,
15 Bakal padha mlebu mrono
ing dinané pancasan
16 Lan ora bakal dhèwèké padha
oncat saka ing kono.
17 Lan apa kang meruhaké ing
sira, apa dina pancasan iku?
18 Manèh apa kang meruhaké
ing sira, dina pancasan iku apa?
19 Dinané ora ana sawijining
jiwa bisa andayani sathithik-thithika marang jiwa (liyané); lan ing
dina iku sagunging préntah ana
astaning Allah.
ngrimati, sinten malaikatipun ingkang tinanggenah ing wajib nyerati lan ngrimati wau, punapa déné
kados punapa badhé wujuding kitab ingkang badhé dipun anggé pasaksi lumawan tiyang ingkang lepat
punika sadaya kawontenan ingkang mrojol saking pangawruh kita ing samangké punika. Nanging bab
prakawis sadaya tindak kita rinimat, ingkang wohipun mesthi kita seksèni kalayan jangkep langkep
punika kasunyatan ingkang sampun boten saged pinaiben malih. Manawi ponogram (gramapun) saged
mèngeti tetembungan kula plek kados nalika kula ucapaken, kathik kanthi cara ingkang kala
rumiyin-rumiyinipun dèrèng kasumerepan, punapa nama anèh manawi anggènipun nyatheti tindak kita
punika katindakaken mawi sawenèh cara ingkang ing samangké dèrèng saged kita kantak-kantakaken?
______________
SURAT 83
AT-TATHFÎF
(Ingkang sami nglirwakaken)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(36 ayat)
Katerangan gerban
Surat punika nglepataken para titiyang ingkang sami lirwa ing wajib, mila lajeng kanamakaken
makaten wau. Kosokwangsulipun, para titiyang ingkang sami netepi kawajiban-kawajibanipun, mesthi
badhé jinunjung ing ngaluhur. Dados surat punika taksih nglajengaken bab-bab ingkang
kawarsitakaken wonten ing surat-surat ingkang sampun. Punapa sababipun para tulus sami raharja?
Jalaran para tulus wau sami netepi kawajiban-kawajibanipun tuwin nuhoni prajanjian-prajanjianipun.
Punapa sababipun para tiyang lepat sami kapitunan tuwin risak? Awit para titiyang wau sami tiyang
ingkang lirwa ing wajib tuwin boten nuhoni prajanjian-prajanjianipun. Surat punika mulangaken jejeg
saha adil ing dalem bab prakawis sasatungan kaliyan tiyang sanès. Tumurunipun kagolong ing jaman
Makkah wiwitan.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Cilaka tumrap kang padha
nglirwakaké,2692
2 Kang samangsa naker saka
wong liya, (tumrap awaké dhéwé),
panakeré genep,
2692. Al-muthaffifîn punika boten namung ateges titiyang ingkang nyuda taker utawi migunakaken
timbangan lan takeran palsu kémawon. Muthaffif (rimbagan mufrad, manawi ingkang kagem wonten
ing dhawuh ngriki jama’) punika isim fa’il (kriya wacaka) asli saking tembung kriya thaffafa,
jawinipun ngurangi (TA-LL) kalayan mengku suraos ing saumumipun, mila lajeng wonten ukara
‘
jawinipun dhèwèké ngurangi krabaté kang tunggal saomah utawi
dhèwèké nyuda waragading krabaté kang tunggal saomah (TA-LL). Makaten ugi tetembungan
,
tegesipun dhèwèké menèhi wong mau luwih sathithik katimbang olèh-olèhané
dhèwèké saka wong mau (TA-LL). Pangandikanipun Bagéndha ‘Umar ingkang dipun riwayataken
déning IAs, saged suka papadhang bab panganggénipun tembung thaffafa. Wonten satunggaling tiyang
nindakaken sembahyang boten wonten ing wekdalipun; nalika dipun dangu déning Bagéndha ‘Umar
piyambakipun lajeng ngaturaken sabab-sababipun; Bagéndha ‘Umar lajeng ngandika thaffafta, ingkang
déning IAs katerangaken mengku teges naqashta jawinipun: kowé wis nglirwakaké barang kang
mesthiné kudu kok tindakaké. Dados muthaffifîn punika tiyang ingkang lirwa, inggih punika
nglirwakaken kawajibanipun. Naker saka wong liya tuwin naker tumrap wong liya, ing ayat kakalih
candhakipun, punika ugi kedah kasuraos ing saumumipun.
Surat 83
Ingkang sami nglirwakaken
1615
3 Lan samangsa anaker utawa
nimbang tumrapa wong liya dikurangi,
4 Apa iku padha ora ngira, yèn
dhèwèké bakal tinangèkaké.
5 Tumrap dina kang gedhé,
6 Dinané manusa padha ngadeg
angadhep Pangéraning ngalam
kabèh?
7 O, Sayekti, kitabé para duraka
iku temen ana ing pakunjaran.2693
8 Lan apa kang meruhaké sira,
pakunjaran iku apa?
9 Kitab kang katulis.
10 Cilaka ing dina iku tumrap
para kang anggorohaké,
11 Kang padha anggorohaké
marang dina pancasan.
12 Lan ora bakal anggorohaké
iku kajaba sarupané kang mlangkah wates, wong dosa;
2693. Déning sawenèh ngulami sijjîn punika dipun anggep namanipun satunggaling panggènan
ingkang sakalangkung asor kawontenanipun; nanging kasebutipun tembung punika wonten ing
satunggaling hadits kalayan dipun ater-ateri al, punika mratandhani bilih tembung punika tembung aran
ingkang boten tartamtu dados namanipun satunggaling barang utawi kawontenan ingkang sampun
,
gumathok
(IAs). LA nerangaken sijjîn
punika sami kalayan sijn, jawinipun pakunjaran. Lan inggih teges punika ingkang dipun pilih déning
Zy, A’Ub tuwin Mubarrad (Rz). Nanging pakunjaran punika kedah boten kasuraos griya pakunjaran
(sepiran utawi buèn), awit Quran piyambak sampun anerangaken wonten ing ayat-ayat candhakipun,
punapa ta pakunjaran punika. Kapangandikakaken bilih punika kitab kang katulis. Wondéné sababipun
déné kitab kang katulis, utawi pèngetan ingkang minangka kanggé nyatheti pandamelipun para ingkang
atindak awon winastan pakunjaran, jalaran kitab wau ngunjara anggota nindakaken kasaénan ingkang
kanggé kados déné wonten ing salebeting pakunjaran, lan malih wohing tindakipun ingkang awon
punika ngalang-alangi kamajenganipun. Kula aturi mirsani ayat 14 lan 15, ing ngriku
kapangandikakaken bilih tindakipun para ingkang sami atindak awon punika dados bolot wonten ing
rnanahipun, lan ing salajengipun para titiyang wau sami kasebutaken manawi sami kaling-kalingan
saking Pangéranipun.
1616
Ingkang sami nglirwakaken
Juz XXX
13 Samangsa dhèwèké diwacakaké timbalan-timbalan-Ingsun calathuné: Dongèngan wong kuna.
14 O, balik malah apa kang
sabené ditindakaké, dadi kaya
bolot ing atiné
15 O, sayekti ing dina iku
dhèwèké padha kaling-kalingan
saka Pangérané.2694
16 Sayekti, banjur padha lumebu
ing geni murub.
17 Banjur didhawuhaké: Iki
kang padha kogorohaké biyèn.
18 O, sayekti, kitabé para tulus
iku temen ana ing panggonan kang
luhur.2695
19 Lan apa kang meruhaké sira,
panggonan kang luhur iku apa?
20 Kitab kang katulis,
21 Para kang kaparek (ing Allah)
bakal aneksèni iku.
2694. Ing ngriki katerangaken siksanipun tiyang duraka punika kaling-kalingan saka Pangérané.
Ingkang makaten wau inggih menggah ing siksanipun wonten ing gesang sapunika punika, lan inggih
menggah ing nerakanipun ing akhirat, kados déné ingkang kasebutaken kalayan terang wonten ing ayat
candhakipun.
2695. Sawenèh amastani bilih ‘illiyyun punika jama’-ipun ’illiy, sawenèhipun malih mastani
jama’-ipun ‘illiyyah, sawenèhipun malih mastani bilih tembung wau boten wonten mufrad-ipun
(TA-LL). Boten prabéda lan tembung sijjin, sawenèh ngulami nganggep manawi tembung, ‘illiyyin
punika tembung aran ingkang sampun gumathok namanipun satunggaling barang. Nanging ngulami
sanès malih gadhah paham (paham ingkang leres), bilih tembung punika mengku teges: (saking tembung
‘alâ, jawinipun inggil)
jawinipun dhuwur-dhuwuré panggonan lan mulya-mulyané pangkat lan kang abanget dhéwé anggoné
nyedhakaké (manusa) marang Allah ana ing omah akhirat (IAs). Nanging kapèngetana, bilih boten
prabéda lan tembung sijjin, tembung ‘illiyyûn wau sanès namanipun satunggaling panggènan, nanging
namanipun seratan (ayat 20); Q tuwin Az inggih kados makaten punika anggènipun nerangaken. Dados
panggonan kang luhur, punika cathetaning pandamel saé, ingkang murugaken manusa saged sumengka
ing ngaluhur lan ngrantasi ranté ingkang ngiket piyambakipun kaliyan pépénginan ingkang asor.
Surat 83
Ingkang sami nglirwakaken
1617
22 Sayekti, para tulus iku temen
bakal padha ana sajroning nugraha,
23 Ana ing katil dhuwur (kambi)
anyawang-nyawang;
Ar. sira
weruh
24 Katon ing rainé cahyaning
nugraha.
25 Padha pinaringan ngombé
ombèn-ombèn bening, kang diecap.
Ut. lak
26 Tutupé (mawa) kasturi; mulané para sing nyrempeng angarah,
lah angaraha iku.
27 Lan campurané arupa banyu
kang turun marang dhèwèké saka
ing dhuwur,2696
28 Tuk kang dadi ombènombèné para kang kaparek (maring
Allah).
29 Sayekti, para kang padha
dosa iku gawéné angguguyu para
kang padha angèstu.
30 Lan samangsa padha angliwati dhèwèké, padha kedhèpkinedhèpan.
31 Lan samangsa padha bali
marang golongané, baliné kalawan
agiyak-giyak.
2696. Limrahipun tasnîm punika kaanggep tembung aran ingkang dados namanipun satunggaling
barang ingkang tertamtu. Nanging manawi angèngeti rembagipun tembung sijjin lan ‘illiyyûn ing
ngajeng, anggènipun negesi Zy: banyu kang tumurun marang dhèwèké saka ing dhuwur (LL), punika
langkung prayogi. Toya ingkang tumurun saking nginggil, punika menggahing ruhani ateges ma’rifat
ing Allah (Rz), jalaran inggih saking tuk punika, ombèn-ombèn ingkang dipun ombé déning titiyang
ingkang keparek dhateng Allah (ayat 28). Wondéné kawontenanipun ombèn-ombèn tuwin toya ing
akhirat, punika boten saged katerangaken, margi nugraha ing suwarga punika kapangandikakaken
déning Kanjeng Nabi Suci: “Durung kasumurupan ing mripat, durung rinungu ing kuping, lan durung
kumrenteg ana ing ati.”
1618
Ingkang sami nglirwakaken
Juz XXX
32 Lan samangsa angingetaké
dhèwèké, acalathu: Satuhu iki
padha sasar.
Ar. lan
33 Mangka ora padha diutus
supaya angreksa marang dhèwèké.
34 Ananging ing dina iki para
kang angèstu padha angguguyu
para kafir;2697
35 Ana ing katil dhuwur (kambi)
anyawang-nyawang.
36 Sayekti, para kafir kaparingan pituwas miturut apa kang wus
padha dilakoni.
2697. Para angèstu anggugujeng punika boten kénging kasuraos walaka. Tembung dlâhikah,
ingkang tegesipun wantah gumujeng, punika ugi kasebut wonten ing panggènan sanès tumrap rairainipun para titiyang tulus (80: 39), sarta namung ateges sumunaring pangajeng-ajeng wonten ing
rainipun. Dados tumrap ingkang makaten punika, gumujeng punika namung medharaken kawontenan
bingah, ingkang mesthinipun anjalari tiyang lajeng gumujeng. Kawontenanipun titiyang mukmin lan
titiyang kafir ingkang gilir-gumantos, punika menggah ing sajatos-jatosipun kelampahan wonten ing
gesang sapunika punika, sarta sanadyan titiyang Muslimin punika gadhah wewenang anggugujeng
titiyang, ingkang ing sawatawis wekdal anggugujeng dhateng para titiyang Muslimin, suprandéné
titiyang Muslimin boten purun tumindak makaten, nanging malah mintonaken sihipun dhateng
piyambakipun. Punika anedahaken bilih pangandika ingkang mangandikakaken para angèstu wonten
ing akhirat sami anggugujeng, punika inggih mengku suraos éntar. Maksudipun kaluhuranipun para
angèstu, punika kados déné para mengsah-mengsahipun, nalika sami ngalami kaluhuran, inggih punika
nalika sami anggugujeng para angèstu.
_____________
SURAT 84
AL-INSYIQÂQ
(Sigar)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(25 ayat)
Katerangan gerban
Surat punika ugi kanamakaken mirid pratélan ing ayat ingkang wiwitan piyambak, inggih punika:
mendhung sigar. Ingkang kawarsitakaken sami kaliyan ingkang kawarsitakaken ing surat ingkang
sampun, inggih punika ganjaranipun para tulus, sarta kawontenanipun ingkang awon para ingkang sami
manggung wonten ing dalem awon, ugi kadhawuhaken. Surat punika kaanggep salah satunggaling
dhawuh ingkang sepuh sanget.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
Ut. langité
1 Samangsa mendhung sigar,2698
2 Sarta angéstokaké marang
Pangérané tuwin dinadèkaké bisa
(mangkono).2699
Ut. diratakaké
3 Lan nalika buminé ginelar,2700
2698. Gangsal ayat ingkang wiwitan surat punika mangandikakaken kawontenan limrah ing dalem
ngalam punika, inggih punika tumurunipun jawah tuwin tumuwuhipun thuthukulan, minangka kanggé
kupiya bab pambangunan ingkang badhé dipun wontenaken déning wahyuning Pangéran.
Kateranganipun tembung as-samâ’ ingkang ateges mendhung, kula aturi mirsani 33. Ing Quran Suci
samangsa as-samâ’ lan al-ardl punika kapangandikakaken sareng, asring sanget mengku suraos
dhawuh anggatosaken dhateng kawontenan-kawontenan ing ngalam kados makaten punika; milanipun
tegesipun ingkang limrah cekap kula serat wonten ing margin; déné manawi teges ingkang wonten ing
margin punika ingkang dipun anggé, suraosipun kados déné ingkang sampun katerangaken wonten ing
2593.
2699.
tegesipun angéstokaké dhèwèké (LL). Mendhung utawi langit angéstokaken
dhateng Pangéranipun ing ayat punika, sarta bumi angéstokaken dhateng Pangéranipun ing ayat 5,
punika tegesipun ambangun-turut dhateng dhawuh-Ipun. Pangandika warni kalih wau kasambetan ing
tembung huqqat, suraosipun bilih sadaya wau dipun damel saged angéstokaken tuwin ambangun-turut
dhateng dhawuh-dhawuhipun Pangéran, terangipun: pancèn sampun dados kudrat tumitahipun déné
sami sumarah ingkang ambabar pisani dhateng dhawuhipun Pangéran punika.
2700. Maddahu tegesipun nyènèng, anggelar, anjèmbrèng, njèrèng (LL). Bumi dipun gelar
tegesipun sami kaliyan ébah lan mbedhodhok ing 22: 5 tuwin 41: 39, “Lan sawenèhing tandha-tandhaNé, yaiku déné sira andeleng bumi iku meneng baé, nanging samangsa Ingsun anurunaké banyu ing
1620
Sigar
Juz XXX
4 Lan angetokaké apa isiné
sarta dadi kosong,
5 Sarta angèstokaké marang
Pangérané tuwin didadèkaké bisa
(mangkono).
6 O, manusa! sayekti sira iku
kudu nyarempeng kang mantheng
(supaya tumeka) marang Pangéranira, nganti sira katemu (karo)
Panjenengané.2701
7 Ana déné wong kang kitabé
diparingaké
marang
tangané
tengen,
Ar. dhèwèké
8 Iki bakal diétung kalawan
pétungan kang gampang,
9 Sarta bakal bali marang
wargané kalawan seneng.
10 Wondéné wong kang kitabé
diparingaké ing saburining gegeré,
Ar. dhèwèké
11 Iki bakal angundang-undang
(tekaning) bilai,
12 Sarta malebu ing geni murub.
kono, banjur obah sarta mbedhodhok” (41: 39). Mirsanana 2210, ing ngriku katerangaken bilih
tegesipun punika nukulaken thuthukulan; déné maksudipun tumrap ing ngriki lan dhawuh nginggil wau,
kalayan éntar mengku teges bilih wahyuning Pangéran punika kawasa anggesangaken ruhaniyahipun
manusa. Tegesipun bumi dipun gelar punika kacethakaken wonten ing ayat sambetipun: lan angetokaké
apa isiné lan dadi kosong, inggih punika: bandha ingkang sumimpen wonten ing dalem bumi
kawedalaken margi saking tumuruning jawah. Manawi teges satunggalipun ingkang kasebut wonten
ing margin punika ingkang dipun anggé, bumi dipun waradin punika ateges titiyang ageng ingkang
sami nganggep awakipun piyambak santosa kados déné redi, dipun sirnakaken ngantos tapis; déné
bumi angéstokaken dhateng Pangéran, punika mengku teges bilih ing wasananipun para manusa sami
badhé ambangun-turut dhateng dhawuh-dhawuhipun Pangéran. Makaten punika manawi dhawuh
pratélan punika kita suraos mengku teges ingkang tumrap gesang ing sapunika punika. Déné bab
prakawis risakipun ingkang wekasan bumi lan langit, sampun boten perlu katerangaken malih.
2701. Punika bobontosanipun prakawis angsal-angsalaning panglimbang-limbang dhateng
suraosing dhawuhipun ayat gangsal ingkang wiwitan wau. Tiyang punika kedah nyarempeng murugi
dhateng Pangéranipun. Tiyang ingkang tumindak makaten punika, wekasanipun badhé manggih
kabingahan (ayat 9), déné tiyang ingkang manggung andurusi kasenenganipun dhateng gesang
sapunika (ayat 13), ing tembé wingkingipun mesthi badhé manggih kasusahan (ayat 11).
Surat 84
Sigar
1621
13 Sayekti, dhèwèké iku biyèn
ana ing (kalangané) para wargané
padha seneng.
14 Sayekti, dhèwèké
nyana, yèn ora bakal bali.
padha
15 O! sayekti Pangérané iku
tansah amirsani marang dhèwèké.
a. 2438
16 Lan temen, Ingsun apasaksia
kalawan méga layung,
17 Lan wengi sarta apa kang
dibereg.
18 Tuwin rembulan,
dadi purnama,2702
nalikané
19 Sayekti sira bakal lumebu ing
sawijining kahanan saka ing kahanan liyané.2703
20 Lah, apa ta karanané, déné
dhèwèké padha ora angèstu,
b. 978
21 Sarta samangsa diwacakaké
Quran padha ora sumungkem?b
22 O, para kang padha kafir
padha anggorohaké.
2702. Ayat 16-18 wigatos andhawuhaken migatosaken dhateng kawontenanipun kudrat sanèsipun
malih, ingkang lèrègipun nedahaken sirnaning panguwaosipun bangsa Arab. Syafaq, utawi méga layung
ing ngriki punika ateges surupipun suryaning panguwaosipun bangsa Arab, daluning kasangsaran
ingkang ing samangké badhé andhawahi piyambakipun, ngukut kakantunaning papadhang ingkang
taksih wonten tilas-tilanipun ing nalika punika. Nanging piyambakipun boten teka lastantun ing salamilaminipun klelep wonten ing salebeting pepeteng, awit rembulan (Kanjeng Nabi) sampun andhadhari
sarta tumunten badhé ngancik purnama, samangsa bangsa Arab medal aneluk-nelukaken jagad.
2703. Dhawuh punika nyethakaken malih suraosipun ayat titiga ingkang sampun. Kawontenanipun
ingkang sapisan: kawontenan kuwaos, ingkang ing samangké susut déning rawuhipun Kanjeng Nabi;
sanépanipun kados déné layung, ingkang wontenipun namung ing sawatawis wekdal lajeng sirna.
Lajeng tinungka ing daluning sangsara, ingkang anyirnakaken babar pisan papadhang, liripun
anyirnakaken tilas-tilasing panguwaos ingkang taksih wonten. Punika lajeng tinungka malih ing
kawontenan anyar, ing ngriku rembulan (pralampitanipun bangsa Arab), andadari kalayan cahyanipun
ingkang gumebyar anelahi. Para mufassir sami nyuraos ayat punika dados piweca ingkang mecakaken
kamenanganipun Kanjeng Nabi ingkang wekasan (Rz).
1622
Sigar
23 Lan Allah iku luwih udani
marang apa kang disingidaké.
24 Mulané padha
siksa kang anglarani,
wartanana
25 Kajaba para kang padha
angèstu lan anglakoni panggawé
becik; iki padha olèh ganjaran
kang tanpa pedhot.
_______________
Juz XXX
SURAT 85
AL-BURÛJ
(Lintang-lintang)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(22 ayat)
Katerangan gerban
Surat punika namanipun mirid saking pratélan ing ayat ingkang wiwitan piyambak, inggih punika
langit kebak lintang-lintang, kanggé nyasmitakaken suburipun bangsa Arab. Babad lalampahan ing
kina nedahaken, manawi piyambakipun angemohi nabinipun, lintanging kabegjanipun mesthi surem
sareng kaliyan anggènipun angemohi wau. Wonten ing antawisipun jaman Makkah wiwitan surat
punika kénging kagolongaken wahyu ingkang sepuh.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
a. 2099
1 Amramanaknaa langit, kebak
lintang-lintang,
2 Sarta dina pangancam,
3 Apa déné saksi lan kang
sinaksènan2704
Ar. mitraning
4 Tiniban bebendu para kang
ana jugangan.2705
2704. Ayat titiga ingkang minangka bubuka punika nandhing kawontenaning mengsahipun
Kanjeng Nabi ingkang sakawit kaliyan kawontenanipun ingkang wekasan kados déné ingkang sampun
kawecakaken déning Kanjeng Nabi. Langit kebak lintang-lintang, punika maksudipun umat utawi
bangsa ingkang subur makmur; kateranganipun kula aturi mirsani 2371. Dina Pangancam, punika
kosokwangsulipun kawontenan subur makmur tumrap bangsa wau, inggih punika dinten ambruking
panguwaosipun, awit inggih prakawis punika ingkang marambah-rambah dipun ancamaken punika.
Saksi, punika nabinipun umat, déné kang sineksènan punika titiyang ingkang angemohi Nabi wau (Rz).
Dados pangandika punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng nasib ingkang kasandhang déning
mengsah-mengsahipun para andika Nabi ingkang sampun-sampun, sarta wigatos mangandikani titiyang
Arab, bilih lintanging kabegjanipun pinasti badhé sirna.
2705. Para mufassirin nyariyosaken cacriyosan warni tiga, ingkang miturut pahamipun katuju ing
dhawuhing ayat punika. Ingkang misuwur piyambak inggih punika bab panganiaya ingkang
katindakaken déning Dhu Nuwas, ratu ing Yaman ingkang nganggé agami Yahudi, dhateng titiyang
Nasrani sawatawis (Rz). Nanging Al-Bagawi gadhah paham bilih ingkang dipun karsakaken punika
anggènipun sang raja Nebukhadnezar nyemplungaken ing pawon murub Syadrakh, Mesyakh tuwin
Abednego (Dan. 3: 19-21) nanging pamanggih kula inggih saged ingkang dipun karsakaken dhawuh
1624
Lintang-lintang
Juz XXX
5 Ing geni kang dipakani uruburub,
Ut. ngadhepaké
6 Nalikané padha lungguh ana
ing kono,
Ut. dadi
saksi meruhi
7 Sarta padha nungkuli apa
panggawéné tumrap marang para
wong mukmin.
8 Lan olèhé anandukaké wawales iku ora liya kajaba amarga
saka déné dhèwèké padha angèstu
ing Allah-Ingkang-Kinawasa, Ingkang-Pinuji,
9 Kang-kagungan karatoning
langit-langit lan bumi; lan Allah
iku marang samubarang: Saksi.
10 Sayekti, para kang anguber
anganiaya para mukmin lanang lan
mukmin wadon, (sarta) ora banjur
mratobat, bakal padha olèh siksa
naraka sarta bakal padha olèh siksa
obong.
Ar. ngisoré
11 Sayekti, para kang padha
angèstu sarta anglakoni panggawé
becik, bakal padha olèh patamanan
kang ing jeroné kaliné padha mili,
iku pakolèh kang gedhé.
12 Sayekti kawasané Pangéranira iku temen gedhé.
13 Sayekti, Panjenengané iku
Kang-amurwani (jagad) sarta (banjur) andadèk-dadèkaké (sabarang).
punika mecakaken wontenipun wadyabala Arab ingkang sakalangkung ageng, ingkang merangi kaum
Muslimin, ngantos kaum Muslimin kapeksa pacak baris wonten ing salebeting jugangan karana
rumeksa dhiri, inggih punika nalika perang Ahzab utawi perang Khandaq. Dhawuhipun ayat 7,
langkung-langkung malih ayat 10, nedahaken kalayan terang, bilih ingkang dipun karsakaken ing
dhawuh punika mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi Suci, ingkang sami nganiaya para angèstu, jaler
lan èstri. Latu murub ingkang tansah dipun pakani urub-urub punika boten kedah dipun suraos walaka,
jalaran latu punika ateges peperangan.
Surat 85
Lintang-lintang
1625
14 Lan Panjenengané iku Ingkang-Aparamarta, Ingkang-Mahatresna.
Ut. Gustining
a. 895
15 Ingkang-kagungan singangsana,a Ingkang-Minulya,
16 Ingkang-kawasa-Anindakaké
sabarang karsa-Né.
17 Apa ora wus tumeka marang
sira caritaning wadyabalané
18 Fir’aun lan Tsamud?
19 O, para kang padha kafir
padha anggorohaké.
20 Lan Allah iku anglimput
dhèwèké saka sarupaning sisihé.
21 O, Iku Quran Minulya,
22 Ing blèbèkan kang rineksa.2706
2706. Tembung lauh, utawi blèbèkan ing ngriki punika sami kaliyan alwâh (manawi mufrad: lauh)
ingkang kagem nyebutaken kitab ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Musa (7: 145, 150,
154). Nanging ingkang tumrap kitabipun Kanjeng Nabi Musa kasebutaken namung wonten ing
blèbèkan, wangsul ingkang tumrap kitab Quran kapangandikakaken bilih wonten ing blèbèkan kang
rineksa, sarta ing ngriku “Quran” dipun raketi ing tembung sifat minulya, ingkang mengku suraos bilih
tiyang ingkang sami andhèrèk ing Quran badhé dipun damel luhur saha minulya. Déné tegesipun
dhawuh, inggih punika: Quran Suci badhé rineksa saking sawarnining panyerang. Ing ngriki tuwin ing
pundi kémawon ing Quran Suci boten wonten ingkang nyebutaken bab prakawis lauh mahfûdz ingkang
isi seratan pepesthènipun Pangéran. Suprandéné nadyan inggih dhateng lauh mahfûdz ingkang makaten
wau ingkang dipun karsakaken ing dhawuh punika, suraosipun tetep sami kémawon, inggih punika:
Quran badhé rineksa sawetahipun. Dados salah satunggaling surat Makkiyah ingkang sepuh-sepuh
sampun nyebutaken janji bab rineksanipun Quran Suci saking sawarnining karisakan. Rz ugi gadhah
.
paham bilih makaten punika suraosipun
jawinipun iki Quran kang minulya, kang rineksa saka owah-owah lan saka gonta-ganti.
________________
SURAT 86
AT-THÂRIQ
(Ingkang dhateng ing wanci dalu)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(17 ayat)
Katerangan gerban
Surat punika nerangaken sapinten genging rekaos ingkang dipun panggih déning Kanjeng Nabi
nalika paring papadhang dhateng bangsanipun ingkang kalimput ing pepeteng punika, ingkang inggih
awit saking punika mila panjenenganipun sinebut tiyang ingkang dhateng ing wanci dalu wonten ing
ayat ingkang wiwitan piyambak (ingkang lajeng kanggé namanipun surat punika); wondéné
maksudipun inggih punika: tiyang ingkang dhatengipun nyarengi wekdal peteng ndhedhet lilimengan
tuwin tiyang ingkang kedah nothok kori ingkang katutup. Nanging panjenenganipun dipun paringi
panglipur, bilih kiyamat ruhani mesthi badhé kelampahan. Jaman sadèrènging rawuhipun Kanjeng
Nabi, jagad sawegung punika klelep wonten ing salebeting kabodhoan, sarta wanci dalu punika ngantos
nem atus taun dangunipun, mila sanès pakaryan gampil-gampilan, badhé anggigah jagad saking
anggènipun tilem kepatos ngantos samanten dangunipun punika. Surat punika kagolong dhawuh
ingkang tumurun ing jaman wiwitan sanget, sarta surat punika mratandhani bilih Kanjeng Nabi uninga
bilih pakaryanipun punika awrat temenan. Déné ayat 15 lan 16 nyebutaken upaya, punika boten teka
anedahaken bilih ayat wau tumurunipun ing wekdal ingkang langkung akhir, awit kajawi upaya badhé
nyédani Kanjeng Nabi punika pancèn sampun wonten nalika jaman wiwitan sanget, ayat-ayat wau
saged mengku suraos piweca.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
a. 2099
1 Mramanaknaa langit lan kang
teka ing wayah bengi;
Ar. apa
2 Lan apa kang bakal meruhaké
sira kaya apa agungé kang teka ing
wayah bengi iku?
3 (Yaiku) lintang kang padhangé nembus pepeteng;2707
2707. Thâriq (saking tembung tharq ingkang tegesipun ingkang sakawit thothok-thothok) punika
asalipun mengku teges ingkang dhateng ing wanci dalu, jalaran tiyang ingkang dhateng ing wanci dalu
punika mesthi ketutupan kori, dados kedah nothoki kori wau (IAs). Kang teka ing wayah bengi punika
Kanjeng Nabi. Tumurunipun Quran punika kapangandikakaken ugi kelampahan ing dalu ingkang
binarkahan (24: 3 tuwin 97: 1). Déné sababipun, awit Kanjeng Nabi Suci punika rawuhipun ing nalika
peteng ndhedhet lilimengan wradin ing salumahing bumi, sarta ing kalanipun sagung para manusa
Surat 86
Ingkang dhateng ing wanci dalu
1627
4 Siji-sijining jiwa iku ora ana
kang tanpa pangawal.2708
5 Mulané, manusa amaspadakna, awaké iku apa sing digawé.
6 Sing digawé saka banyu kang
mancrut,
7 Metu saka ing antaraning
geger lan iga.2709
8 Sayekti, Panjenengané iku temen kawasa ambalèkaké iku (dadi
urip).
ambetahaken sanget nothok konten ingkang tinutup rapet tur sinlorokan kiyat tumrap piyambakipun.
Pantes pinèngetan bilih Kanjeng Nabi ‘Isa nyanépakaken rawuhipun kados déné dhatengipun pandung:
“Saupama kang duwé omah weruha ing wayah giliraning kemit ping pira mesthi tekané maling, tamtu
dielèki ...... Mulané kowé uga padha dirumanti, awit bakal rawuhé putraning manusa ing wayah kang
ora konyana” (Mat. 24: 4l, 44). Prayogi ugi dipun wewahi katrangan bilih ath-Thâriq punika ugi dipun
anggé namakaken lintang panjer énjing (S, O, Q-LL), awit lintang wau jumedhulipun ing wanci
wekasaning dalu. Nanging nadyan nganggéa teges punika tembung punika ugi kanggé nembungaken
tiyang ageng utawi sesepuhing pancer, kados déné susumbaripun Hindun nalika prang Uhud, ingkang
nirokaken susumbaripun Az-Zarqa Al-Iyadiyah ingkang sampun dados sekar lathi, nalika Sang Kisra
.
merangi Iyad, makaten:
jawinipun: “Aku kabèh padha anaké wadon lintang panjer ésuk, aku padha ora teluk marang kang
agandrung, aku padha lumaku ana sadhuwuré babantal. Tegesipun aku kabèh padha anaké wadon
tutawaning pancer, sesepuhing pancer dipun sanépakaken kados déné lintang menggah ing luhuring
kalenggahanipun” (O, TA-LL).
Ing ayat ingkang angka tiga, “kang teka ing wayah bengi” punika kasebut
jawinipun lintang kang padhangé nembus pepeteng (ingkang dipun karsakaken tegesipun aththâriq
satunggalipun), maksudipun: ingkang rawuh ing wanci dalu punika lintang ingkang prabanipun
gumebyar anelahi, ngantos sawarnining pepeteng sirna déning cahyanipun.
2708. Sanajan dhawuh punika dhawuh umum, ingkang mengku suraos bilih pandameling manusa
rinumat murih manusa boten saged sumingkir saking wohing tindakipun wau, nanging dhawuh punika
ugi mengku panglipur tumrap dhateng Kanjeng Nabi, inggih punika bilih para mengsahipun boten
badhé saged adamel pituna dhateng panjenenganipun, sarta manawi sampun dumugi masakalanipun
mesthi sami badhé lebur. Bab punika kacethakaken malih wonten ing wekasaning surat.
.
2709.
ingkang tegesipun banyu kang mancrut, punika tirta pulanghyun.
Tetembungan antarané geger lan iga punika tetembungan kanggé ambasakaken prakawis ingkang
kirang prayogi kasebut kalayan barès-kurès. Tetembungan saminipun punika ugi kasebut wonten ing
satunggaling hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci makaten:
sing sapa bisa mènèhi aku tanggungan ing bab prakara barang kang ana ing antarané uwangé loro lan
barang kang ana ing antarané sikilé loro, aku iya mènèhi tanggungan suwarga tumrap dhèwèké. Ing
ngriki tetembungan antarané sikilé loro punika tetembungan ingkang kanggé ambasakaken barang
ingkang boten prayogi kasebut barès-barèsan. Prakawis pagedhongan ingkang magepokan kaliyan
saluluting jalu lan wanita utawi ingkang magepokan kaliyan pépénginan dhateng karonsih, wonten ing
Quran Suci boten naté kasebut kalayan tetembungan ingkang walaka barès-kurès.
1628
Ingkang dhateng ing wanci dalu
Juz XXX
9 Ing dinané barang-barang
kang sumingid bakal ginelar,2710
10 Ora bakal dhèwèké duwé
kakuwatan lan ora bakal duwé
panulung.
a. 2099
11 Mramanaknaa mendhung kang
ngesokaké udan,2711
12 Sarta bumi kang mlethèk
(metu thukulané);
13 Sayekti, iku temen sabda
pancasan,2712
14 Lan dudu guguyon iku.
Ut. mangun
perang
Ut. mangun
perang
15 Sayekti, dhèwèké
ngrancang rancangan,
padha
16 Lan Ingsun (iya) ngrancang
rancangan.
17 Mulané para kafir srantèkna,
dimèn sumené sawatara suwéné.2713
2710. Kula aturi mèngeti katrangan gagambaranipun dinten kiyamat punika. Barang-barang
ingkang sumingid punika wohing pandamelipun tiyang, awon utawi saé: sadaya wau badhé dipun
damel cumetha awewentahan awujud taman lan wowohan utawi awujud ranté lan latu.
2711. Raj’ tegesipun mathor, utawi jawah (Zy-Rz), sarta murad punika dipun rujuki déning para
mufassirin ingkang kathah-kathah. Déné gathukipun teges punika kaliyan asalipun tembung, ingkang
jawinipun bali, warni-warni kateranganipun: “Jalaran Pangéran anurunaken jawah wau wongsalwangsul, utawi jalaran mendhung punika nginggahaken toya saking saganten lajeng dipun wangsulaken
dhateng bumi” (Bd-LL).
2712. Tembung kang mutus punika Quran Suci. Boten prabéda kados déné toya jawah, saben
tumurun mesthi anjalari bumi saged anukulaken thuthukulan, lah makaten ugi tumuruning wahyunipun
Pangéran, punika tinamtu kawasa anggesangaken malih bangsa ingkang sampun pejah sarta
sawarnining pambudidaya ingkang milawani wahyuning Pangéran wau mesthi boten badhé angsal
damel saged ngalang-alangi kamajenganipun. Dhawuh ing ayat angka 10 ora bakal dhèwèké duwé
kakuwatan lan ora bakal duwé panulung, punika ugi mengku karsa mangandikakaken leburipun para
titiyang kafir.
2713. Sawarnining semang-semang ing bab suraosipun surat punika saged sirna déning ayat titiga
ing nginggil, inggih punika ayat ingkang mangandikakaken upayanipun mengsah sumedya nglebur
Kanjeng Nabi, tuwin janjining Pangéran bilih para mengsah tumunten badhé linebur.
____________
SURAT 87
AL-A’LÂ
(Ingkang Mahaluhur)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(19 ayat)
Katerangan gerban
Sasampunipun dhawuh anggatosaken dhateng rekaos-rekaos ingkang dipun alami ing Kanjeng
Nabi, surat punika anjanjèkaken bilih rekaos wau sadaya badhé dipun damel gampil; Ingsun bakal
anggampangaké dadalanira marang kahanan kang gampang. Namanipun surat punika mirid saking
dhawuh ingkang maréntahaken Kanjeng Nabi supados mahasucèkaken Pangéran Ingkang-Mahaluhur,
minangka anedahaken bilih panjenenganipun badhé anggayuh kaluhuran. Ayat ingkang wekasan
nyebutaken kitab sucinipun Kanjeng Nabi Ibrahim lan Kanjeng Nabi Musa, punika boten namung
nedahaken bilih Quran Suci punika menggah ing piwulangipun ingkang baku cocog kaliyan kitab suci
ingkang rumiyin-rumiyin, nanging ugi anedahaken bilih kitab suci wau sami nyebutaken piwecapiweca bab rawuhipun Kanjeng Nabi. Surat punika kagolong wahyu ingkang katampi Kanjeng Nabi
ing Makkah nalika jaman wiwitan.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Mahasucèkna asmaning Pangéranira, Ingkang-Mahaluhur, 2714
2 Kang anitahaké banjur nyampurnakaké,
3 Lan Kang agawé (sabarang)
kalawan mawa ukuran, banjur
anuntun (tumuju marang sedyaning dumadiné),2715
2714. Mahasucèkaken Ingkang-Mahaluhur punika ngisarahi bilih Kanjeng Nabi piyambak badhé
sinengkakaken ing ngaluhur.
2715. Nyampurnakaken titah ing ayat-ayat punika mengku teges bilih titah wau anggènipun
katitahaken kalayan manut sarat-saratipun kawicaksanan; lan inggih punika tegesipun ingkang sajati
tembung sawwâ. Ayat ingkang angka tiga nyebutaken bilih sadaya barang punika katitahaken manut
pepesthèn (ukuran) kalayan trep, ngantos boten saged yèn ta nglangkahana saking wates wau. Allah
lajeng nedahaken sadaya titah dhateng margining kasampurnan ingkang tinamtu tumrap titah wau.
Sagemblenging dhawuh mengku karsa ingkang mligi, bilih Kanjeng Nabi pranyata sampun saged
anggayuh pantoging kasampurnanipun, déné ayat kakalih candhakipun marsitakaken wutah gumelaring
1630
Ingkang-Mahaluhur
Juz XXX
4 Lan Kang angetokaké thuthukulan,
5 Iku banjur didadèkaké garing
amblabuk warnané.
6 Ingsun bakal agawé sira
maca, banjur sira ora bakal lali,
7 Kajaba barang kang dikarsakaké déning Allah;2716 sayekti
Panjenengané iku angudanèni kang
gumelar lan sabarang kang sumingid.
8 Lan Ingsun bakal anggampangaké dadalanira marang kahanan kang gampang,2717
kawontenan, bilih boten prabéda lan thuthukulan punika ing sasampunipun sawatawis wekdal lajeng
dados garing, lah makaten ugi mengsahipun Kanjeng Nabi ugi badhé sinapu ngantos tapis.
2716. Illa (kajaba) ing ngriki punika
suraosipun: Kanjeng Nabi Suci
mesthi boten badhé nglirwakaken (utawi kesupèn) dhateng sabarang ingkang sampun kawulangaken
déning Allah dhateng panjenenganipun, wangsul panjenenganipun badhé nglirwakaken barang-barang
ingkang manut karsanipun Allah kedah dipun lirwakaken. Nis-yân punika boten namung ateges
kesupèn kémawon, nanging ugi ateges nglirwakaken kalayan jaragan. Rgh nerangaken bilih nis-yân
punika kénging kanggé nembungaken barang ingkang katindakaken kalayan jaragan. Panjenenganipun
nerangaken bilih nis-yân punika wonten warni tiga, ingkang kantun piyambak katerangaken makaten
.
jawinipun: kalayan jaragan, ngantos sumingkir
babar pisan saking manah. Sarta nadyan nis-yân dipun tegesana kesupèn, ayat angka 6 punika, kados
déné pamanggihipun Rgh, tanggelan saking ngarsanipun Allah, bilih Kanjeng Nabi sampun pinasthi
boten badhé kesupèn dhateng kasunyatan ingkang sampun dipun piyarsakaken. Dados tembung kang
dikarsakaké déning Allah, punika ingkang dipun karsakaken boten kok barang ingkang sampun dipun
mangertosi déning Kanjeng Nabi saking ngarsanipun Allah, nanging barang ingkang pancèn kedah
dipun supèkaken, utawi dipun lirwakaken déning Kanjeng Nabi, margi wahyuning Pangéran sampun
maringi barang ingkang langkung saé malih minangka gegentosipun. Ing dhawuh ngriki boten wonten
ingkang nyebutaken piwulang bab nasikh-mansukh (suwak-sinuwak). Kula aturi nyundhukaken kaliyan
2: 106, lan mirsanana 152.
Saya lepat sanget manawi kakinten, bilih pundi ayat ingkang kedah dipun supèkaken Kanjeng
Nabi, punika ugi lajeng kasingkiraken saking seratanipun (seratan ingkang kaserat tumunten kémawon
ing sasampunipun ayat-ayat wau katurunaken), utawi kasingkiraken saking pangènget-èngetipun para
sahabat ingkang boten sakedhik cacahipun, ingkang sami ngapilaken ayat-ayat wau lan maos ayat-ayat
wau wonten ing salebetipun sembahyang. Menggah ing sajatos-jatosipun, surat punika kagolong
dhawuh ingkang tumurun ing jaman wiwitan, dados nadyan dipun anggéa dalil bilih ing jaman
pawingkingipun suwak-sinuwak badhé dipun betahaken, ing jaman tumurunipun surat punika
suwak-sinuwak boten kabetahaken.
2717. Dhawuh punika mecakaken kamenanganipun Kanjeng Nabi tuwin icalipun rekaos ingkang
dipun alami déning Islam.
Surat 87
Ingkang-Mahaluhur
1631
9 Mulané pépélinga, sayekti
pépéling iku migunani.2718
10 Sapa-sapa sing wedi, bakal
ngalap pépéling.
11 Lan wong kang cilaka bakal
angedohi,
12 (Yaiku) kang bakal nyemplung geni gedhé;
13 Ana ing kono banjur ora mati
lan ora urip.2719
14 Sayekti bakal begja sapa sing
anucèni dhiriné,
15 Lan angegungaké asmaning
Pangérané sarta salat.
16 Nanging kowé malah padha
milih kauripan donya iki,
17 Mangka akhirat iku luwih
becik lan luwih lawas.
18 Sayekti, iki temen (kasebut)
ana ing kitab kuna-kuna,
19 Kitabé Ibrahim lan Musa.2720
2718. Kateranganipun tembung in, ingkang ateges qad, jawinipun sayekti, mirsanana LL. Ing
ngriku dipun sukani tuladha kathah, saking Quran, saking kitab-kitab Arab lan saking kidung-kidung
Arab.
2719. Ing naraka boten wonten ingkang nama gesang, jalaran gesang punika ngemungaken tumrap
para tulus kémawon. Pejah inggih boten wonten, awit pejah punika tegesipun satunggaling kawontenan
lerem babar pisan.
2720. Nengenaken milih kasaénan ing akhirat katimbang kaliyan sawatawis wekdal ing gesang
sapunika punika, punika kasunyatan agung ingkang kawulangaken déning sadaya para Nabi. Nanging
ing ngriki mengku karsa nuding piweca-piweca bab Kanjeng Nabi Suci, ingkang kalayan cetha
pinanggih wonten ing wahyu ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi Ibrahim tuwin Kanjeng
Nabi Musa; mirsanana 168 tuwin 70. Utawi, ingkang katuding ing dhawuh punika tatalesing agami
ingkang énggal, ingkang umum dados sadaya agami ingkang ageng-ageng.
_____________
SURAT 88
AL-GÂSYIYAH
(Lalampahan ingkang sanget ribed)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(20 ayat)
Katerangan gerban
Lalampahan ingkang sanget ribed, ingkang kasebutaken ing ayat 1, tuwin ingkang kanggé
namanipun surat punika, punika siksanipun para mengsah ing donya punika tuwin siksanipun ing
akhirat. Titimangsaning tumurunipun ing kiwa-tengenipun taun ingkang kaping sakawan sasampunipun
Kanjeng Nabi dados utusan. Saged-sagedipun mastani ingkang kalayan radi patitis namung
anggolongaken surat punika èwonipun wahyu Makkiyah jaman wiwitan.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Apa ora wus tumeka marang
sira wartané lalakon kang banget
ribedé?2721
2 (Sawenèhing) rai ing dina iku
padha andhingkluk,
3 Alaku rekasa, kangèlan,
4 Lumebu ing geni murub,
5 Diombèni
umob.
saka
sumberan
6 Ora bakal olèh pangan, kajaba
eri.
7 Kang ora marakaké lemu lan
ora marakaké luwé.
2721. Sampun boten wonten semang-semangipun malih bilih “Lalakon kang banget ribedé” punika
kiyamat. Nanging ugi nyata bilih siksanipun mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi, punika ugi
lalampahan ingkang sanget ribed ing gesang sapunika punika. Gagambaranipun golongan kakalih ing
dhawuh candhakipun, punika mathuk kanggé anggambaraken mengsah ingkang remuk tan mangga
puliha lan boten angsal damel, kaliyan para angèstu ing kalanipun angsal kamenangan.
Surat 88
Ut. seneng
Lalampahan ingkang sanget ribed
1633
8 (Sawenèhing) rai ing dina iku
padha bingar,
9 Banget senengé amarga saka
anggoné tumandang,
10 Ana ing taman kang linuhung,
11 Ana ing kono sira ora bakal
ngrungu gunem lalahan,
12 Ing kono ana tuké kang mili,
Ut. kathilé
panglinggihané
13 Ing kono ana dhamparé kang
tinata dhuwur,
14 Sarta pinggan-pangunjukan
kang wus tumata,
15 Tuwin bantal kang
tumata ababanjengan,
wus
16 Apa déné babut kang wus
gumelar.
Ut. unta
17 Lah apa ta dhèwèké padha
ora angawasaké marang mendhung,
kapriyé anggoné tinitahaké?2722
18 Lan marang langit, kapriyé
anggoné ginawé dhuwur,
Ut. anyeblokaké
19 Sarta marang gunung, kapriyé anggoné ingedegaké dhuwur,
20 Apa déné marang bumi,
kapriyé anggoné ginawé gumelar.
2722. Ibil, punika miturut Abu ‘Amr Ibnu ‘Ala ateges méga ingkang ngandhut toya jawah (TALL). Rèhning teges punika langkung cocog kaliyan suraosing dhawuh, mila inggih teges punika
ingkang kula anggé, dados boten nganggé teges ingkang sampun kelimrah, inggih punika unta.
Mendhung kasebutaken sareng kaliyan langit, inggih punika panggènanipun mendhung, tuwin kaliyan
redi-redi, ingkang ngasrepaken uwab ngantos saged andhawahaken toya, tuwin bumi ingkang angsal
piguna saking toya wau, punika cocog kaliyan ingkang sampun kapangandikakaken wonten ing
panggènan sanès pinten-pinten.
1634
Lalampahan ingkang sanget ribed
21 Mulané apépélinga, amarga
sira iku mung juru-pépéling.
22 Sira dudu pangawal tumrap
marang dhèwèké;
23 Ananging sapa-sapa
ambalik sarta angafiri,
sing
24 Allah bakal aniksa dhèwèké
kalawan siksa kang gedhé.
25 Sayekti, marang Ingsun paraning baliné,
26 Banjur, pétungané dhèwèké,
sayekti pengétungé atas tanggungan-Ingsun.
_____________
Juz XXX
SURAT 89
AL-FAJR
(Gagat-bangun)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(30 ayat)
Katerangan gerban
Gagat-bangun ingkang wigatos, ingkang lajeng kanggé namanipun surat punika, punika énjingipun
tanggal kaping sapisan wulan Dhulhijjah, utawi wulan haji, awit wontenipun jiyarah haji punika
andadosaken wigatosipun kitha Makkah anggènipun dados pusering dadagangan tuwin andadosaken
para ingkang sami dudunung ing ngriku sami gesang kalayan seneng, déning dadagangan ing
saindhenging tanah Arab nglempak wonten ing ngriku. Ing ngriki pèpènget kaparingaken bilih kitha
wau mesthi badhé kadhawahan siksa kados déné kitha-kithanipun umat ingkang sampun-sampun,
kadosta kitha-kithanipun kau ‘Ad, Tsamud lan sanès-sanèsipun ingkang sampun kalebur. Surat punika
èwonipun wahyu ingkang sepuh, sanajan meksa inggih wonten satunggaling pengarang ingkang
anggadhahi pamanggih bilih surat punika wahyu Madaniyah.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
a. 2099
1 Maspadaknaa gagat bangun,
2 Lan wengi sapuluh,
3 Sarta kang ganep lan kang
ganjil,
4 Apa déné wengi nalikané
oncat.2723
2723. Wonten pamanggih warni-warni, punapa ingkang dipun karsakaken gagat-bangun, dalu
sadasa, tuwin jangkep lan ganjil punika. Paham kula punika nyebutaken wigatosipun nagari Makkah
(ingkang wonten ing wiwitaning surat candhakipun dipun sebut kutha iki), awit nagari Makkah
makaten déning para ingkang sami ziyarah mriku saking saindhenging tanah Arab dipun dadosaken
punjer, ingkang lajeng mahanani kitha Makkah dados pusering dadagangan. Gagat bangun lajeng
ateges gagat bangunipun tanggal sapisanipun wulan Dhulhijjah; dalu sadasa ateges sadasa dalu
ingkang wiwitan, dinten ingkang kaping sadasa dados dinten riyadi kurban; ganep ateges kalih dinten
sasampunipun dinten ingkang kaping sadasa wulan Dhulhijjah, ingkang ing wekdal punika kanggé
nindakaken sawenèh saking upacaranipun ngibadah haji; ganjil ateges dinten ingkang kaping tigawelas,
ingkang ugi dados dinten ingkang kanggé nindakaken sawenèh upacaranipun haji, nanging kasebutaken
piyambak kalayan mligi, jalaran sinten ingkang purun kénging bidhal ing sontenipun dinten ingkang
kaping kalihwelas. Mirsanana 2: 203. Nagari Makkah, punika margi dados ajanging ngibadah haji,
lajeng boten namung dados kitha pusering agami ing tanah Arab kémawon, nanging ugi dados pusering
1636
Gagat bangun
Juz XXX
5 Sayekti ing kono ana supatané tumrap kang padha duwé akal.
6 Apa sira ora andeleng, kapriyé garapé Pangéranira marang
(bangsa) ‘Ad,
Ar. awaké
gedhé-gedhé
a. 1819
7 (Bangsa) Irâm,2724 kang duwé
yayasan dhuwur-dhuwur,a
8 Kang ing nagara (liyané)
sapadhané iku ora dianakaké?
b. 914
9 Lan (marang bangsa) Tsamud,
kang anatah watu ing jujurang,b
c. 2132
10 Lan (marang) Fir’aun), kang
andarbèni wadyabala,c
11 Kang atindak ambalasar ana
ing nagara-nagara,
12 Sarta ana ing kono agawé
karusakan gedhé?
13 Mulané Pangéranira andhawahaké sapéranganing siksa ma-
rang dhèwèké.2725
14 Sayekti Pangéranira iku temen
angawasaké.2726
dadaganganipun tanah Arab, awit saking punika makmuripun gumantung ing wontenipun ngibadah haji
wau. Lah inggih prakawis punika ingkang dipun pèpèngetaken dhateng titiyang Makkah punika; ing
ayat-ayat candhakipun piyambakipun sami dipun pangandikani kawontenanipun umat ingkang sampunsampun, ingkang langkung kiyat katimbang piyambakipun, sami dipun lebur margi saking durakanipun.
2724. Miturut satunggaling cacriyosan, Iram punika namanipun embahipun ‘Ad, ingkang ing
salajengipun lajeng dados namanipun pancer (mirsanana 903). Miturut cacriyosan sanès malih, Iram
punika namanipun kitha ingkang dipun dunungi (Rz).
2725. Sauth punika ingkang sakawit ateges campuripun satunggaling barang kaliyan sanèsipun
(Rgh). Lajeng ateges pecut, nanging ing ngriki ateges pérangan utawi panduman (S, Q-LL), déné
suraosipun: para titiyang wau sami angsal siksa sapérangan wonten ing donya ngiki, sapérangan
sanèsipun badhé andhawahi piyambakipun bénjing ing sasampunipun pejah (akhirat). Utawi cocog
kaliyan tegesipun ingkang sakawit, tembung wau kénging dipun muradi teges campuripun siksa warniwarni ingkang kasadhiyakaken tumrap piyambakipun (LL).
2726. Pangéran mirsani, punika mengku suraos nyebataken siksa ingkang calon badhé dipun
patrapaken dhateng titiyang Makkah; Pangéran mirsani pandamelipun para titiyang Makkah wau sarta
tumunten badhé matrapi piyambakipun.
Surat 89
Gagat bangun
1637
15 Wondéné manusa iku, samangsa Pangérané anyoba marang
awaké, nuli amaringi kamulyan lan
kamuktèn, banjur calathu: Pangéranku amulyakaké aku.
16 Nanging samangsa dicoba
(liyané) banjur rijekiné dicumpi,
banjur calathu: Pangéranku anginakaké aku.2726A
17 Ora! nanging kowé padha ora
ngregani bocah yatim,
18 Sarta padha ora akon awèh
pangan wong miskin,2727
19 Lan kowé padha mangan
warisan kalawan angebèki.2728
20 Lan kowé padha dhemen
bandha kalawan dhemen kang
kaliwat-liwat.
21 O! samangsa bumi rinemuk
ajur-mumur,
2726A. Ingkang kapratélakaken wonten ing ayat 15 punika kawontenanipun mluwah-mluwah
titiyang Makkah, déné ing ayat 16 punika asoripun titiyang Makkah wau, ingkang badhé kelampahan
ing gesang sapunika punika ugi, jalaran kados déné ingkang kapratélakaken wonten ing ayat-ayat
sambetipun, para titiyang wau sami atindak dédé dhateng tiyang miskin utawi tiyang ingkang ringkih,
saking anggènipun ngangsa badhé angumpuk-umpuk bandha.
2727. Ayat 17 lan 18 (tuwin ayat 19 ugi) punika anedahaken kados punapa anggènipun mrihatosaken Kanjeng Nabi dhateng laré yatim, tiyang miskin, tuwin para ringkih, ngantos panjenenganipun
memèngeti mengsahipun ingkang kiyat saha sugih-sugih, bilih anggènipun sami boten mraduli dhateng
para laré yatim tuwin para titiyang miskin punapa déné anggènipun sami atindak dédé dhateng titiyang
ingkang ringkih, punika mesthi badhé mahanani piyambakipun sami kadhawahan ing pancasanipun
Pangéran wau. Wiwit-wiwitan ngantos dumugi wekasan, kados makaten punika kawontenanipun
Kanjeng Nabi, dados juru-ambélani para ringkih tuwin para kinaniaya ingkang sajati. Nalika
panjenenganipun sampun ngasta panguwaos, téori ingkang sampun kawulangaken ing sadèrèngdèrèngipun wau lajeng kémawon dipun tindakaken saèstu, inggih punika sarana nyudhiyakaken
papancèn tumrap para laré yatim tuwin para titiyang miskin saking bandhaning praja (Baitul Mal),
dados punika kaliyan wontenipun Angger-angger ingkang mranata ingonipun para titiyang miskin
tuwin para titiyang pikun (Poor Laws and Old Age Pension) ateges ngrumiyini tigawelas abad.
Mirsanana 9: 60.
2728. Ing antawisipun bangsa Arab, tiyang èstri lan laré alit punika boten angsal panduman saking
bandha warisan, jalaran para èstri lan para laré alit wau sami boten saged merangi mengsah.
1638
a. 268
Gagat bangun
Juz XXX
22 Lan Pangéranira rawuha
akanthi para malaikat ajèjèr-jèjèr,
23 Sarta ing dina iku naraka
dicedhakaké.2729 Ing dina iku wong
bakal éling, nanging apa gunané
éling iku?2730
24 Dhèwèké bakal calathu: O,
mbok aku iki biyèn duwéa ngamal
kanggo urip aku saiki.
25 Ananging ing dina iku ora
ana wong siji-sijia, kang niksa
kalawan (apa-apa kaya) siksa-Né.
26 Lan ora ana wong siji-sijia,
kang nalèni kalawan (apa-apa
kaya) tatali-Né.2731
27 É, jiwa kang anteng!
28 Balia marang Pangéranira,
rena (marang Panjenengané), angrenakaké (Panjenengané).
29 Mulané lumebua ing golonganing kawula-Ningsun,
30 Lan lumebua ing
Ingsun.2732
taman-
2729. Bumi remuk ajur mumur, Pangéran rawuh kadhèrèkaken para malaikat, naraka dipun
katingalaken, punika sami déné wigatos anyebutaken péranganing siksa ing gesang sapunika tuwin ing
gesang ing bénjing. Bumi remuk, malaikat sami rawuh, lan naraka dipun katingalaken, punika sampun
sami kelampahan wonten ing paprangan-paprangan ageng, ingkang dipun wiwiti déning titiyang kafir
piyambak, nanging ingkang wasananipun malah anjalari remukipun babar pisan para kafir wau, lan
sirnanipun saking lumahing bumi. Kedah dipun pèngeti bilih para malaikat sami rawuh perlu biyantu
dhateng titiyang Muslimin wonten ing paprangan-paprangan punika marambah-rambah kapangandikakaken wonten ing Quran Suci. Latu tegesipun peperangan.
2730. “Éling” punika sakedhik sanget gunanipun tumrap tiyang, manawi barang ingkang dipun
pèpèngetaken dhateng piyambakipun punika sampun dhumawah.
2731. Saben tiyang mesthi tinangsulan déning wohing pandamelipun; sampun boten wonten
semang-semangipun malih, bilih punika pranyata siksa ingkang boten wonten ingkang ngungkuli lan
“tatangsul” ingkang boten wonten ingkang nyamèni.
2732. Ayat-ayat ingkang minangka panutupipun surat punika marsitakaken tataran ingkang luhur
piyambak tumrap kamajenganipun ruhani manusa, inggih punika tataranipun manusa tentrem marem
Surat 89
Gagat bangun
1639
kaliyan Pangéranipun, lan ngemungaken wonten ing ngarsa-Nipun kémawon piyambakipun saged
manggih katentreman, kabingahan lan kasenengan. Inggih tataran punika, tataraning gesang ingkang
kita tembungaken gesang kasuwargan. Kaikhlasan, katemenan lan katulusanipun tiyang ingkang mulus
saha sampurna, dipun paringi ganjaranipun déning Pangéran Ingkang-Mahaluhur, sarana maringi tiyang
wau suwarga wonten ing bumi punika. Tiyang sanès ngajeng-ajeng suwarga ingkang kacalonaken
badhé dipun paringaken ing bénjing, nanging piyambakipun lumebet suwarga ing gesang sapunika
punika ugi. Lah inggih tataran punika ugi, tiyang rumaos lan kraos saèstu bilih sembahyang saha
panembah ingkang ing sakawit katingal kados déné sasanggèn, punika menggah ing sajatos-jatosipun
tedha ingkang dipun betahaken sanget tumrap kamajenganing jiwanipun, sarta bilih punika tatalesing
kamajenganipun ruhani. Piyambakipun lajeng sumerep, bilih wohing panyarempengipun punika boten
namung badhé dipun undhuh wonten ing gesang ing tembé (ing akhirat) kémawon. Ruh ingkang nalika
wonten ing tataran ingkang kaping kalih namung saged netah tiyangipun ingkang gesangipun boten
suci, boten gadhah daya mekak utawi nyirnakaken babar pisan tumiyungipun tiyang dhateng awon,
sarta dèrèng kawasa anetepaken tiyang tetep teguh wonten ing tatalesing katulusan, ing sapunika
dumugi wonten ing tataraning kamajengan ingkang wonten ing ngriku panyarempengipun saged angsal
damel tur boten sakedhik. Peperangan kaliyan tumiyungipun dhateng dosa sampun boten wonten malih,
wawatekanipun tiyang lajeng santun babar pisan, sarta pangadatanipun ingkang sampun-sampun
kabangun kalayan sampurna.
_____________
SURAT 90
AL-BALAD
(Kitha)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(20 ayat)
Katerangan gerban
Kitha ingkang kasebutaken wonten ing ayat ingkang sapisan, ingkang lajeng kanggé namanipun
surat punika, punika kitha Makkah, inggih punika kitha ingkang wonten ing surat ingkang sampunsampun kaparingan pèpènget badhé kadhawahan siksa kados déné ingkang andhawahi umat ingkang
sampun-sampun. Nanging kitha Makkah wau calon kithanipun Kanjeng Nabi, sarta ing ayat ingkang
angka kalih wonten piweca ingkang terang, bilih badhé dhateng masakalanipun para Muslimin boten
dipun kaniaya malih wonten ing kitha ngriku, wangsul malah sami badhé uwal saking sawarnining
sasanggèn; punika terang manawi ingkang dipun karsakaken punika: papréntahanipun para Muslimin
badhé jumeneng wonten ing ngriku. Dados ing ngriki punika wonten piweca ingkang terang bab badhé
bedhahipun kitha Makkah déning Kanjeng Nabi, sarta ingkang makaten punika perlu, jalaran Kanjeng
Nabi punika tiyang ingkang mamrih kabegjanipun para mlarat, para ingkang kinaniaya tuwin para laré
yatim. Sadaya kémawon sami sarujuk amastani bilih surat punika salah satunggaling dhawuh ingkang
sepuh sanget, ngantos kaanggep tumurun nalika taun ingkang sapisan sasampunipun Kanjeng Nabi
tetep dados utusan.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
a. 2606
b. 2438
1 Sayektia
kutha iki2733 –
Ingsun
apasaksib
2 Lan sira iku bakal linuwaraké
saka ing kawajiban ana ing kutha
iki2734 –
2733. Kutha iki punika ingkang dipun karsakaken kitha Makkah (Rz), ingkang nalika jaman
tumurunipun surat punika Kanjeng Nabi dudunung wonten ing ngriku. Wontenipun kitha Makkah
punika piyambak, sampun dados saksi ing mahakawasa tuwin mahawikanipun Pangéran, langkunglangkung tumrap tiyang Arab, awit piyambakipun mangertos tur kalayan yakin bilih maèwu-èwu taun
kapengker Kanjeng Nabi Ibrahim sampun nyuwun dipun paringi kitha ing ara-ara samun wau, ingkang
wonten ing ngriku panjenenganipun nilar tedhak turunipun satunggal cawang. Kajawi punika kitha
Makkah punika ugi dados saksi ing kayektènipun Kanjeng Nabi Suci, awit jumenengipun satunggaling
nabi saking tedhak turunipun Kanjeng Nabi Isma’il, punika ugi kalebet salah satunggaling barang
ingkang dipun suwun déning Kanjeng Nabi Ibrahim. Mirsanana 168.
2734. Tembung
punika ukara seselan (parenthetical). Hill punika tembung
tembung lingga, tegesipun sami kaliyan tembung halâl, ingkang jawinipun dumunung wonten ing
Surat 90
Kitha
1641
3 Sarta ana kang duwé anak lan
kang dianakaké.2735
Ar. ing
dalem angèl
Ut. prakosa
4 Sayekti Ingsun nitahaké
manusa supaya angalahaké kang
angèl-angèl.2736
5 Apa dhèwèké ngira, yèn ora
ana kang nguwasani awaké?
6 Bakal calathuné: Aku ngemos-emos bandha akèh.2737
kawontenan kosokwangsulipun haram, dados ateges mardika saking kawajiban utawi tanggelan
dhateng satunggaling barang.
Limrahipun para tukang anjarwani Quran ing basa sanès anggènipun anjarwani ayat punika
béda-béda, kadosta: sira dudunung ana ing kutha iki, sira manggon ana ing nagara kéné lan
sapiturutipun. Nanging jarwan makaten punika boten leres, awit tembung halla ingkang tegesipun
nazala, mampir, utawi manggèn, utawi mondhok wonten ing satunggaling panggènan, punika
lingganipun hulul utawi hull (LL), sanès hill, kados déné ingkang wonten ing ngriki punika. Sawenèh
mufassir ugi wonten ingkang nemahi lepat makaten punika. Déné teges ingkang kula anggé punika
.
cocog kaliyan tegesipun tembung hill ingkang sajati, awit ukara
punika
jawinipun kowé luwar saka kawajiban utawi tanggungan marang bab prakara iku. Manawi makaten
pratélan punika lajeng mengku suraos piweca, ingkang mecakaken bilih Kanjeng Nabi badhé dipun
uwalaken saking kawajiban ing babagan kasucianipun tanah Makkah, awit panjenenganipun dipun idini
lumebet mriku kalayan rudapeksa (Bd), kados déné ingkang kelampahan nalika bedhahipun nagari
Makkah. Pancèn menggah ing sajatos-jatosipun dhawuh punika nyebutaken lalampahan punika.
Wonten satunggaling hadits dhawuh pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci ingkang ngiyataken paham
punika, inggih punika nalika mangandikakaken bab kasucianipun nagari Makkah Kanjeng Nabi
/
ngandika makaten
jawinipun lan nadyan silih aku diluwaraké
saka kawajiban ing bab prakara iku, iku iya mung sadhéla ing wayah awan.
Sawenèh mufassir gadhah paham tegesipun ayat wau: sira ginawé kaidèn ana ing kutha iki.
Suraosipun: Kanjeng Nabi dipun anggep kalal (kénging) dipun kaniaya wonten ing tanah suci Makkah,
mangka wawaleripun tanah suci Makkah boten kénging katerak, ngantos dalasan satonipun galak boten
kénging dipun bedhag lan tatanemanipun boten kénging dipun pecoki (Bd).
2735. Kang duwé anak punika boten sanès kajawi Kanjeng Nabi Ibrahim, luluhuripun bangsa
Arab; déné kang dianakaké punika manawi boten Kanjeng Nabi Isma’il, ingkang nalika masang tatalesing padaleman suci ing Makkah ngréncangi ingkang rama, Kanjeng Nabi Ibrahim, inggih Kanjeng
Nabi Suci piyambak, awit panjenenganipun punika ingkang kasuwun wonten ing donganipun Kanjeng
Nabi Ibrahim. Kanjeng Nabi Ibrahim lan Kanjeng Nabi Isma’il, sami dados pasaksi ing kayektènipun
Kanjeng Nabi Suci.
2736. Kabad tegesipun kasusahan utawi rekaos. Sajakipun dhawuh punika ngisarahi kawontenanipun para mengsah ingkang kiyat, ingkang wonten ing ayat sambetipun kapangandikakaken kalayan
tetembungan ingkang langkung umum, ingkang lèrègipun sami, inggih punika sami gadhah
panganggep bilih “boten wonten satunggal punapa ingkang nguwaosi” piyambakipun. Dados dhawuh
punika nyebutaken sacara amecakaken bab prakawis kasusahan ingkang calon badhé dipun sandhang
déning para titiyang wau, sarta inggih prakawis punika jatos-jatosing prakawis ingkang katuju wonten
ing surat punika. Nanging dhawuh punika ugi kénging dipun suraos sacara umum, maksudipun: bilih
tumitahipun manusa wonten ing gesang sapunika punika boten kénging boten mesthi mawi
cacampuhan kaliyan rekaos warni-warni, suprandéné sampun kados makaten kémawon, piyambakipun
meksa gadhah panganggep bilih boten wonten satunggal punapa ingkang nguwaosi piyambakipun.
2737. Ingkang dipun maksud pratélan punika kawontenanipun ingkang wekasan para mengsah,
1642
Kitha
Juz XXX
7 Apa dhèwèké ngira, yèn ora
ana sing meruhi?
8 Apa Ingsun ora wis maringi
mripat loro marang dhèwèké,
9 Sarta ilat siji lan lambé loro,
10 Apa déné wus nuduhaké
dadalan loro marang dhèwèké?2738
11 Ananging dhèwèké ora niyat
njajal munggah ing dalan pagunungan kang sumengka,
12 Lah apa ta kang ngertèkaké
sira, dalan pagunungan kang
sumengka iku apa?
13 (Ya iku) mardikakaké kawula,
14 Utawa awèh
dinaning paceklik,
pangan
ing
15 Marang bocah yatim kang
isih ana alurané,
16 Utawa marang wong miskin
kang nglesod ing lebu.2739
inggih punika ing kalanipun para titiyang wau sami nyipati bilih prakawis ingkang dipun labuhi
Kanjeng Nabi pranyata angsal kamenangan. Mangka sampun kathah sanget bandha ingkang dipun
awut-awut déning para titiyang wau kanggé milawani panjenenganipun. Dadosipun lajeng sami
wicanten bilih anggènipun sami mengsahi ing Kanjeng Nabi punika menggah ing sajatos-jatosipun
namung nama ambucal bandha blaka. Ing 8: 36 ugi wonten pratélan ingkang kados makaten punika:
“Sayekti kang padha kafir iku padha nanjakaké bandhané kanggo ngalang-alangi (wong akèh) saka
dadalané Allah; mulané dhèwèké iya bakal padha nanjakaké iku, tumuli iku, dadi kesusahan kang
abanget ingatasé dhèwèké.”
2738. Najd punika tegesipun
(Rgh) utawi miturut ngulami sanès
(Rz), jawinipun margi ingkang pratéla. Miturut satunggaling hadits
pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci, sarta para mufassirin sami sarujuk amastani bilih margi kakalih
.
ingkang pratéla punika
lan
tegesipun marginipun saé tuwin marginipun
awon (Rz). Margi kakalih punika dipun tedahaken dhateng manusa, piyambakipun mardika milih pundi
ingkang dipun senengi mripat kakalih (ayat 8) kénging dipun anggé déning manusa kanggé amilahaken
antawisipun awon lan saé, makaten ugi piyambakipun saged migunakaken ilat lan lambé kakalih (ayat
9) kanggé pitakèn, manawi piyambakipun piyambak boten sumerep.
2739. Tindak saé dhateng para ingkang sami sangsara, para miskin lan para laré yatim, punika
winastan dalan pagunungan kang sumengka. Déné sababipun, jalaran nindakaken pandamel wau angèl
Surat 90
Kitha
1643
17 Sabanjuré dhèwèké iku wilangané para kang padha angèstu
sarta weling-wineling alaku sabar
tuwin weling-wineling welasan.
18 Ya
tengen.
iki
wonging
tangan
19 Déné para kang angafiri
marang timbalan-timbalan-Ingsun,
iku wonging tangan kiwa.
20 Geni nungkeb angrukub dhèwèké.
sanget. Mitulungi tiyang miskin tuwin laré yatim punapa déné mardikakaken réncang tumbasan asring
dipun sebat-sebutaken, punika ngatingalaken bubudènipun Kanjeng Nabi ingkang sajati, ingkang
déning satunggaling tiyang ingkang nyumerepi panjenenganipun kanthi raket winastan tiyang ingkang
madosaken tedha tumrap titiyang ingkang boten gadhah tedha. Ngemungaken agami Islam piyambak,
agami ingkang majibaken mardikakaken kawula réncang tumbasan, lan ngemungaken Kanjeng Nabi
Muhammad saw. piyambak, pendhirining agami ingkang mintonaken conto ingkang minulya bab
mardikakaken sadaya réncang tumbasan kagunganipun lan mitulungi mardikanipun réncang tumbasan
sanès-sanèsipun. Para guru-guruning agami Nasrani bengak-bengok nyariyosaken bilih agami Nasrani
tukang milawani pangawulan lan nacad agami Islam déné boten tumandang nyirnakaken pangawulan.
Malah wonten tiyang ingkang mastani, bilih dhawuh-dhawuh bab kautamènipun mardikakaken kawula
ingkang wonten ing surat-surat Makkiyah punika kasuwak déning dhawuh-dhawuh ingkang tumurun
kantun (mirsanana Wherry). Pranyata punika rembag ingkang sulaya blejed kaliyan nyatanipun, awit 9:
60 (èwoning dhawuh ingkang tumurun kantun piyambak) nyebutaken pranatan-pranatan ingkang cetha,
sawenèhipun inggih punika nanjakaken sapéranganipun bandha Baitu-l-Mal kanggé nebus kamardikanipun réncang tumbasan.
______________
SURAT 91
AS-SYAMS
(Surya)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(15 ayat)
Katerangan gerban
Kanjeng Nabi punika Surya-nipun para titiyang tulus (tembung punika lajeng kanggé namanipun
surat punika), ingkang sareng malethèk manusa lajeng angsal pitedah dhateng marginipun
kasampurnan; nanging ngemungaken tiyang ingkang purun nucèni awakipun piyambak kémawon,
ingkang saèstu angsal kabegjan, déné tiyang ingkang dados bandhanganing karisakan, mesthi boten
badhé saged anggayuh ingkang kasedya. Minangka tuladha katerangaken kawontenanipun kaum
Tsamud. Boten prabéda lan surat ingkang sampun, surat punika èwonipun dhawuh ingkang sepuh.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahasih.
a. 2099
1 Mramanaknaa srengéngé lan
padhangé,2740
2 Sarta rembulan nalika angalap papadhangé,2741
Ut. srengéngé
3 Sarta raina nalika amlethèkaké iku,2742
2740. Asy-syams utawi surya punika wonten ing basa Arab muannats (kaanggep barang ingkang
asifat èstri wonten ing dalem paramasastra), déné al-qamar, rembulan, punika mudhakkar (jaler), dados
kaliyan basa Inggris, upaminipun, kosokwangsul. Dluha, nadyan limrahipun kanggé mastani wanci
énjing ing sasampunipun mlethèk surya, nanging ugi ateges papadhang, sarta inggih punika tegesipun
dluha ing ngriki.
2741. Talâ-hâ punika wantahipun ateges manut dhèwèké; nanging miturut Rgh (tumrap
satunggaling barang ingkang manut satunggalipun) ingkang makaten punika tarkadhang menggah ing
awak-awakanipun, lan tarkadhang ing dalem anggènipun niru ing kawontenanipun. Mila anggèning
panjenenganipun nerangaken talâ-hâ ing ayat punika ateges: manut sarana niru utawi ing dalem
pangkatipun, awit rembulan punika ngalap papadhang saking surya. Farra nganggep teges makaten
punika tegesipun ingkang sajatos tembung wau, awit panjenenganipun nerangaken makaten: satunggal
manut satunggalipun ing dalem satunggaling prakawis, tegesipun anjupuk saka dhèwèké (Rz). Dados
tegesipun ingkang sajatos dhawuh wau: nalika dhèwèké (rembulan) ngalap papadhang saka srengéngé.
2742. Para mufassirin sami sarujuk amastani dlamir (tembung purusa) ingkang wonten ing jallâ-hâ
punika wangsul dhateng ad-dunyâ, donya, sanajan ta boten kasebutaken wonten ing ngriki: awit kados
déné kateranganipun Kf, tumrap ingkang kados makaten punika sampun cetha suraosipun, kados déné
Surat 91
Ut. srengéngé
Ut. Ingkangyasa
Ut. Ingkanganggelar
Ut. Ingkangnyampurnakaké
Surya
1645
4 Tuwin wengi nalika anutupi
iku,2743
5 Lan langit sarta yasané,
6 Sarta bumi tuwin gumelaré,
7 Apa déné jiwa tuwin sampurnané,2744
8 Banjur Panjenengané aparing
weruh kalawan ilham nyimpangé
saka ing bener sarta Panjaganing
dhiriné (saka ing ala);2745
ukara
jawinipun: adhem banget, suraosipun ésuk iki adhem banget, sanajan
tembung “ésuk” wau boten kasebutaken wonten ing tetembungan wau (Rz).
2743. Dlamir ingkang wonten ing tembung yagsyahâ punika ugi wangsul dhateng ad-dun-ya
(donya) sanajan inggih wonten sawenèh mufassir ingkang merdéni dlamir wau wangsul dhateng surya.
2744. Mâ ing ayat 5-7 kula suraos mashdariyah, milanipun kula jarwani kados makaten wau.
Pakèwed ingkang dipun cungulaken déning Kf punika sajatosipun sanès pakèwed saèstu, awit
alhamahâ ing ayat 8 punika kénging kasuraos jejeripun: Pangéran. Malah dipun anggepa mâ wau mâ
mausûlah, meksa inggih sampun genah manawi tegesipun punika inggih kados ingkang kaserat wonten
margin punika; ing tiga-tiganipun ayat wau mâ wangsul dhateng Pangéran, jalaran wonten ing basa
Arab mâ punika boten namung asring dipun pigunakaken kados déné man kémawon, kados déné ing 4:
22, nanging mâ punika malah mengku suraos mratélakaken luhuripun jejer ingkang dipun sebut, dados
dhawuh pratélan wau sami kaliyan makaten ungelipun: dhemi langit lan Dhat Ingkang-Mahakawasa
Kang gawé iku.
Ing ayat punika, inggih punika ayat 7, punika ingkang dipun dhawuhaken supados dipun gatosaken
bab kasampurnanipun jiwa, makaten ugi kabetahanipun ruhani lan budipakerti pun jiwa. Wondéné nem
ayat ingkang wiwitan, punika ingkang dipun pangandikakaken bab kabetahanipun wadhag pun jiwa.
Pangéran Ingkang-Mahaluhur sampun anitahaken surya tuwin papadhangipun, rembulan, raina lan
dalu, langit ingkang inggil tuwin bumi ingkang jembar, sadaya murih dipun alap piguna déning
manusa. Suprandéné sadaya wau namung dumunung kanggé nyampedi kabetahanipun wadhag manusa.
Kanggé kasampurnanipun jiwa, kabetahanipun ruhani inggih kedah dipun jangkepi; bab punika
kasebutaken wonten ing ayat 8-10.
2745. Ayat punika gathukipun pratélan ingkang kasebut ing ayat ingkang sampun bab prakawis
kasampurnanipun jiwa, awit ayat wau nedahaken dhateng margining kasampurnan. Sasambetanipun
wau kapratélakaken kalayan fâ, ingkang dipun pigunakaken minangka ta’qîb. Nyampurnakaken jiwa
punika asarana ilham, awit ilham punika adamel cetha pratélanipun margi kakalih, fujur, utawi
marginipun panyimpang saking yakti, inggih punika margi awon tuwin taqwâ utawi marginipun bekti
(marginipun panjagi saking awon), inggih punika margi saé. Sagedipun kasampurnan kagayuh, punika
kedah sarana nebihi margi awon lan ngambah margi saé. Tuwan Rodwell lan tuwan Palmer anggènipun
anjarwakaken ayat punika klèntu. Tuwan Rodwell anggènipun anjarwakaken makaten: sarta aniyupaké
marang dhèwèké durakané lan bektiné. Tuwan Palmer: sarta mulang ing dhèwèké dosané lan bektiné.
Kula wastani klèntu awit pratélan kados makaten punika boten namung cengkah kaliyan Quran ing
sagemblengipun kémawon, nanging ugi cecengkahan piyambak aliyas boten mantuk sarta boten teges.
Manawi cara jarwan wau dhawuh punika lajeng mengku suraos, manawi tiyang tilar pandamel awon
lan nindakaken saé, punika Gusti Allah ingkang niyup (ngajani) piyambakipun tumindak makaten wau;
makaten ugi manawi piyambakipun nilar saé lan nindakaken awon, punika inggih Allah ingkang
mulang piyambakipun supados tumindak kados makaten punika; lah punika cetha nglengkara sanget.
Ayat kakalih sambetipun ugi anggorohaken pratélan makaten wau. Makaten ugi dhawuh punika boten
perlu dipun wewahi tetembungan sagedipun kasumerepan tegesipun ingkang saèstu, kados déné lekas-
1646
Surya
Juz XXX
9 Sayekti begja sapa-sapa sing
ngresiki jiwané,
10 Lan temen kapitunan sapasapa sing angregedi jiwané.2746
11 Bangsa Tsamud anggorohaké
kasunyatan kalawan pambalasaré,2747
12 Nalika wongé kang cilaka
banget jumedhul (anggawa piala),
13 Banjur utusaning Allah calathu marang dhèwèké: Unta wadon
kagunganing Allah iku (togna baé)
sarta ombènana.
ipun, tuwan Sale, mawi nyeselaken tetembungan indriya kang bisa amilah-milahaké lan kakuwatan
kanggo milih, ingkang boten kasebut wonten ing dhawuhipun ingkang asli. Al-hama-ha tegesipun niyup
marang dhèwèké (LL), dados dhawuh wau cocog kaliyan dhawuh ing 90: 10, “Lan Ingsun wus
anuduhaké dadalan loro marang dhèwèké.” Kula amewahi tembung ilhâm (wisik) jalaran ilhâm
makaten tegesipun mesthi wisik ingkang dipun isarahaken utawi dipun tiyupaken déning Pangéran,
kados déné kateranganipun Rgh: “punika namung tartamtu isyarah ingkang dipun isyarahaken déning
Allah.” Rz nerangaken niyupaken wisik saé lan awon punika tegesipun mangertosaken lan nyumerepaken manusa dhateng kakalihipun wau, sarta panjenenganipun inggih anerangaken bilih katerangan
makaten punika dipun ajengi déning Ibnu ‘Abbas tuwin para mufassirin ingkang kénging pinitados
sanget.
2746. Zakkâ-hâ punika saking zakâ, tegesipun wewah, dados asalipun tembung wau ateges
ngundhakaké utawi ngrembakakaké iku (Msb, TA-LL), déné dassâ-hâ punika saking tembung
dassa-hû, asalipun ateges ngumpetaké utawi nyingidaké iku. Zakkâ-hâ tegesipud ingkang kaping kalih
ngresiki iku, dassâ-hâ ngrusak iku. Tembung kakalih punika dipun agem, punika menggah ing
sajatos-jatosipun anedahaken bilih indriya-indriya ingkang perlu kanggé anggayuh kasampurnan punika
sampun kaparingaken dhateng saben tiyang, nanging sawenèh tiyang wonten ingkang purun
nuwuhaken indriya-indriya wau sarana anggegesang indriya-indriya wau, sawenèhipun malih, wonten
ingkang ngrisak indriya-indriya wau sarana ngèndelaken kémawon indriya-indriya wau lastantun
sumingid, boten purun ambabar indriya-indriya wau kanggé kasaénanipun piyambak.
Kapèngetana, angger-anggeripun Quran bab karahayon punika makaten: ingkang murugaken
manusa dumugi ing punjer ingkang katuju, punika manawi manusa purun ngresiki jiwanipun saking
sawarnining rereged; kosokwangsulipun sinten ingkang ngrisak jiwanipun sarana manggung wonten
ing dalem piawon, mesthi boten badhé saged anggayuh maksuding gesangipun ingkang sajati. Ayat
punika paring pitedah ingkang terang, bab kawontenanipun ingkang sajati panggalihipun Kanjeng Nabi.
2747. Ayat punika maringi conto bab kawontenanipun para titiyang ingkang ing wekasanipun
boten angsal damel margi risaking gesangipun, sarwi maringi pèpènget dhateng para titiyang Makkah,
manawi piyambakipun sami kelajeng-lajeng anggènipun ngambah margi ingkang awon sarta boten
purun wangsul dhateng katulusan, boten purun nanggapi pangajakipun Kanjeng Nabi, nanging malah
nyiya-nyiya Kanjeng Nabi kados déné kaum Tsamud nyiya-nyiya Nabinipun, wekasanipun mesthi
badhé nemahi nasib kados déné ingkang dipun sandhang déning kaum Tsamud wau. Manawi
piyambakipun purun manut miturut dhateng Kanjeng Nabi, piyambakipun mesthi badhé saged
anggayuh ing kasampurnan; nanging manawi sami nulayani panjenenganipun, piyambakipun mesthi
badhé nandhang karisakan kados déné umat ingkang sampun-sampun, ingkang sami manggung wonten
ing dalem awon, nglirwakaken pèpèngeting Nabinipun.
Surat 91
Ar. dhèwèké
Ar. dhèwèké
Ar. Pangérané
Ar. dhèwèké
Surya
1647
14 Ananging bangsa Tsamud
anggorohaké dhèwèké sarta matèni
untaning Allah; mulané Pangéran
anumpes bangsa Tsamud amarga
saka dosané, sarta digawé lèsèh
(padha karo lemah).
15 Lan Panjenengané ora kuwatir marang wasanané.2748
2748. Allah boten badhé mraduli angsal-angsaling siksa ingkang andhawahi satunggaling umat,
manawi umat wau pancèn sampun mungguh kadhawahan ing siksa wau. Kalebet wasananing siksa,
inggih punika anak-anakipun sami tinilar anggana tanpa wonten ingkang ngayomi lan ingkang
rumeksa.
_____________
SURAT 92
AL-LAIL
(Dalu)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(21 ayat)
Katerangan gerban
Maksudipun surat punika badhé anedahaken bilih Daluning kakapiran lan kabodhoan (ingkang
lajeng kadadosaken irah-irahanipun surat punika) badhé sumisih lan kagentosan ing papadhanging
raina; awit tumrap panyarempengipun manusa dhateng maksud ingkang mawarni-warni, punika wonten
pipilahanipun makaten: para ingkang nyarempeng badhé anjumenengaken kasaénan mesthi badhé
manggih sakéca, déné ingkang sami andurusi awon mesthi badhé manggih rekaos. Surat punika ugi
èwoning dhawuh ingkang tumurun nalika jaman wiwitan. Katrangan ingkang nyariyosaken bilih
tumurunipun surat punika margi lekasipun Bagéndha Abu Bakr tuwin Umayyah bin Khlaf, punika
namung saged dipun anggep kalayan mengku suraos bilih sahabat Abu Bakr lan Umayyah wau wonten
ing babading Islam jaman wiwitan conto ingkang melok minangka tuladhanipun tiyang ingkang
nyarempeng dhateng kasaénan (Bagéndha Abu Bakr) lan tiyang ingkang nyarempeng dhateng awon
(Umayyah bin Khlaf).
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
a. 2099
1 Mramanaknaa wengi nalika
ametengi,
2 Lan raina nalika padhang
sumilak anelahi,
3 Sarta tumitahing lanang lan
wadon,
4 Sayekti jangkahira iku (tumuju marang ancas) warna-warna.2749
2749. Ayat ingkang angka sakawan punika nerangaken angsal-angsalaning panglimbang-limbang
kawontenan ingkang kasebutaken wonten tigang ayat ingkang wiwitan wau. Dalu nutupi sadaya
barang, raina madhangi sadaya barang wau; kakalih punika dados minangka pasaksèn, bilih boten
prabéda lan gilir gumantosipun pepeteng lan papadhang punika mahanani kawusanan ingkang
béda-béda, lah makaten ugi panyarempengipun manusa dhateng kasaénan – kasanépakaken
papadhanging raina – lan panyarempengipun dhateng awon – kasanépakaken pepetenging dalu –
punika mesthi inggih ngawontenaken woh ingkang boten sami. Tumitahipun jaler lan èstri – ingkang
mengku teges tumitahipun sagung titah ingkang asifat gesang, awit sadaya titah ingkang asifat gesang
Surat 92
Dalu
1649
5 Ana déné wong kang wèwèh
sarta anjaga dhiriné (saka ing ala),
6 Tuwin amisinggihaké kang
becik,
7 Lah iku bakal Ingsun gampangaké marang kawusanan kang
gampang.
8 Déné wong kang kumed sarta
rumasa ora butuh (marang Allah),
9 Apa déné anampik marang
kang becik,
10 Lah iku bakal Ingsun gampangaké marang kawusanan kang
angèl.
11 Lan bandhane ora bakal makolehi marang dheweke samangsa
dhèwèké rusak.2750
12 Sayekti nuduhaké dalan iku
tanggungan Ingsun,
13 Lan sayekti akhirat sarta donya iku Ingsun kang kagungan,2751
14 Mulané Ingsun apépéling
marang sira, geni kang muladmulad;
punika mesthi jaler lan èstri tumitahipun – punika ugi dados pasaksi tumrap kasunyatan ingkang
makaten wau, jalaran ing ngriku satunggal-satunggalipun ugi nyarempeng dhateng satunggaling tuju
ingkang dipun ener, sarta satunggal-satunggalipun ngundhuh wohipun miturut panyarempengipun
2750. Conto kakalih ingkang kawarsitakaken wonten ing ayat-ayat punika anggambaraken tiyang
ingkang purun nampèni lan tiyang ingkang angemohi ing Kanjeng Nabi Suci. Ingkang angka satunggal
angsal-angsalanipun sakéca, ingkang angka kalih rekaos, aliyas kacilakan. Manawi kasuraos ayat-ayat
punika mengku karsa mangandikakaken Bagéndha Abu Bakr lan Umayyah bin Khalf, kados déné
kateranganipun Qaffal, kakalihipun wau namung minangka conto; kawusananipun ingkang angka
satunggal: sakéca, Bagéndha Abu Bakr kajumenengaken khalifah ingkang ngasta papréntahanipun
tanah Arab; ingkang angka kalih cetha cilaka wasananipun bandhanipun boten migunani punapapunapa dhateng piyambakipun nalika pancasanipun Pangéran dhumawah.
2751. Akhirat ing ngriki punika mengku teges gesang sasampuning pejah tuwin gesang ing
sapunika ing tembé wingkingipun; déné donya ing ngriki gesang sapunika ing wekdal ingkang
sampun-sampun.
1650
Dalu
Juz XXX
15 Ora bakal mlebu mrono
kajaba kang banget cilaka,
16 Kang anggorohaké (kasunyatan) sarta amaléngos.
17 Lan bakal diedohaké saka ing
iku wong kang anggoné anjaga
dhiriné (saka ing ala),
18 Kang mèwèhaké bandhane,
anucèni dhiriné.
19 Ora (karana) ana wong kang
duwé panggawé becik kang masthi
diganjar.
20 Kajaba angupaya pirenaning
Pangérané,2752 Ingkang-Mahaluhur
21 Lan dhèwèké bakal tumuli
seneng.
2752. Ngemungaken pirenaning Pangéran thok nugraha ingkang kedah dipun ajeng-ajeng déning
manusa, awit saking punika mila punika dados maksud tujuanipun gesang tumrap tiyang Islam, sami
ugi punapa ingatasing suwarganipun ing bénjing, punapa suwarganipun ing gesang sapunika punika.
Punika cocog kaliyan dhawuh ing 9: 72 èwoning dhawuh ingkang tumurun kantun piyambak: “Sarta
kabèh iku kang becik dhéwé yaiku pirena saka ing Allah; mangkono iku pakolih kang gedhé.” Para
ingkang sami kagungan pakareman nedah-nedahaken sulayanipun wahyunipun Kanjeng Nabi ingkang
tumurun ing jaman wiwitan kaliyan ingkang tumurun ing jaman ingkang kantun-kantun, samia manah
dhawuh punika. Maksud lan tujuanipun Islam, punjer ingkang kadhawuhaken supados dados ener. Ing
tujuanipun manusa, tetep namung satunggal lan boten sontan-santun, sanajan sugengipun Kanjeng Nabi
ngalami kawontenan ingkang warni-warni cakrikipun.
______________
SURAT 93
ADL-DLUHÂ
(Wanci énjing)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(11 ayat)
Katerangan gerban
Surat punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng pencaring papadhangipun surya Islam, awit
saking punika mila surat punika kanamakaken adl-dluhâ, jawinipun wanci énjing. Kalih surat ingkang
sampun mangandikakaken sacara ngibarat, bab rawuhipun Kanjeng Nabi Suci kadi déné malethèkipun
surya. Ngibarat wau taksih dipun lajengaken wonten ing ngriki. Boten prabéda lan soroting surya
punika anggènipun sumorot penuh ambalerengi boten sami sanalika ing sasampunipun surya malethèk,
lah makaten ugi yakti, punika sumorotipun ingkang kalayan penuh anelahi inggih kalayan sarenti.
Sadaya fihak nganggep bilih surat punika kalebet panunggilanipun surat ingkang tumurun nalika jaman
wiwitan.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
a. 2099
1 Mramanaknaa wayah ésuk,
2 Lan wengi nalika kalimputan
ing peteng.
Ut. ninggal
3 Pangéranira ora négakaké sira
sarta ora rengu,2753
2753. Nadyan soroting surya ing wanci énjing punika dèrèng penuh ambalerengi, suprandéné
manawi dipun tandhing kaliyan pepetenging dalu, nama sampun wonten éwah-éwahan. Makaten ugi
kawontenanipun Kanjeng Nabi Suci. Nalika Kanjeng Nabi énggal-énggalan jumeneng dados utusan,
nadyan kayektènipun punika sampun cetha pratéla katitik saking wontenipun papadhang ingkang
sumorot ing tanah Arab déning rawuhipun, suprandéné manawi katandhing kaliyan pepeteng ndedhet
lilimengan ingkang nglimputi jazirah Arab ing nalika jaman sadèrènging panjenenganipun rawuh,
kayektènipun wau nama dèrèng sumorot kados surya ing wanci tengangé; kados déné ingkang kacetha
wonten ing ayat candhakipun, sumoroting papadhangipun Kanjeng Nabi ingkang kalayan gumebyar
anelahi punika calon kelampahanipun boten sami sanalika, nanging kalayan sarenti saking sakedhik.
Para mufassirin sami ngandharaken hadits warni-warni, ingkang suraosipun kémawon nerangaken,
Bilih tumurunipun ayat punika nalika Kanjeng Nabi boten katurunan wahyu ngantos sawatawis dangu,
miturut Bkh kalih utawi tigang dinten, miturut salah satunggalipun hadits-hadits wau, para titiyang kafir
sami wicanten bilih Allah wis téga karo Muhammad lan wis ora remen marang dhèwèké (Rz). Bab
prakawis tumurunipun wahyu dhateng Kanjeng Nabi mawi antawis, punika nyata: sarta saged ugi
tumurunipun ayat punika minangka panglipur dhateng panjenenganipun, bilih komplanging wahyu
punika boten teka margi Pangéran boten rena. Utawi saged ugi dhawuh punika mengku suraos umum,
1652
Wanci énjing
Juz XXX
4 Lan sayekti, kang bakal kalakon iku luwih becik tumrap ing
sira tinimbang sing wis kalakon.2754
5 Lan Pangéranira bakal énggal
apaparing marang sira, supaya sira
rena.
Ut. anguningani
6 Apa Panjenengané ora nemu
ing sira iku bocah lola,2755 banjur
aparing pangayoman?
Ut. anguningani
7 Sarta (apa ora) anemu ing sira
ora bisa weruh, banjur anuduhaké
dalan?2756
bilih Kanjeng Nabi mesthi boten badhé dipun tégakaken, wangsul pakaryanipun saya dangu malah saya
kiyat lan menang wekasanipun, kados déné ingkang kacetha wonten ing ayat-ayat candhakipun punika.
2754. Kados makaten punika yakti, inggih punika, nadyan majengipun punika kalayan anggremet,
tur mawi cacampuhan ingkang anderpati kaliyan wadyabalaning panggorohan, yakti wau mesthi terus
majeng-majeng. Saben angsal damel énggal, punika mesthi langkung saé tumrap Kanjeng Nabi
katimbang lan ingkang sampun, sarta bab punika boten namung pinanggih nyata nalika jaman
sugengipun Kanjeng Nabi kémawon, nanging nadyan dumugi ing dinten sapunika ugi inggih tetep
nyata, sarta badhé tansah tetep nyata ing salami-laminipun.
2755. Bagéndha ‘Abdullah, ingkang rama Kanjeng Nabi, séda nalika kirang langkung tigang wulan
sadèrèngipun Kanjeng Nabi miyos. Siti Aminah, ingkang ibu, séda nalika Kanjeng Nabi yuswa nem
taun. Ingkang éyang, Bagéndha ‘Abdul Muththalib, inggih punika ingkang ngitik-itik Kanjeng Nabi ing
sasampunipun séda ingkang ibu, séda let kalih taun malih. Wiwit ing wekdal wau Kanjeng Nabi dipun
itik-itik déning Bagéndha Abu Thalib, pamanipun, ingkang sugengipun meningi nalika Kanjeng Nabi
tampi ayahaning Pangéran ambagun sagung para manusa.
2756. Tumrap para juru-nyebaraken agami Nasrani ayat punika dados bukti pamungkas, bilih
Kanjeng Nabi punika “dosa.” Babar pisan piyambakipun boten purun manah dhawuhipun Quran Suci
ing panggènan sanès. Dlall ing ngriki punika boten ateges sasar; bab punika kacetha ing dhawuh ing
53: 2 ingkang mungel makaten: “ora sasar mitranira.” Tiyang ingkang kapangandikakaken boten naté
sasar wonten ing satunggaling panggènan, tangèh lamun wonten ing panggènan sanès kasebut sasar,
mangka dhawuh kakalih wau kagolong dhawuh ingkang tumurunipun kirang langkung nunggil jaman,
namung surat 93 langkung sepuh katimbang lan surat 53. Makaten ugi ayat kakalih wau inggih boten
cecengkahan. Ingkang murugaken klèntu, punika manawi suraosing tembung ingkang momot boten
dipun gatosaken saèstu, sarta puguh mathok bangkrong anggènipun negesi tembung wau, boten praduli
punapa laras kaliyan suraosing dhawuh punapa boten. Déné katrangan ingkang nyariyosaken bilih
nalika Kanjeng Nabi dèrèng jumeneng Nabi dados tukang nembah brahala, punika dora. Kathah
hadits-hadits ingkang kénging dipun gondhèli, ingkang nyariyosaken bilih ngantos nalika
panjenenganipun taksih timur andhèrèk ingkang paman dhateng nagari Syam, panjenenganipun sampun
ngatingalaken gethingipun ingkang sanget dhateng lampah panembah-brahala. Kathah cariyos
lalampahanipun Kanjeng Nabi nalika taksih timur ingkang dipun cariyosaken déning ingkang paman,
Abu Thalib, ingkang suka pasaksèn kiyat bilih Kanjeng Nabi boten remen sanget dhateng lampah
panembah-brahala. Bagéndha Abu Thalib punika kalangkung déning tresna dhateng Kanjeng Nabi,
ngantos nalika para titiyang Quraisy sami milawani panjenenganipun, Bagéndha Abu Thalib wau tumut
anduwa panglawaning bangsanipun sadaya. Bagéndha Abu Thalib naté ngandika dhateng Bagéndha
‘Abbas, sadhèrèkipun kakung, bilih panjenenganipun dèrèng naté mrangguli Kanjeng Nabi Muhammad
saw. ngandika dora, makaten ugi inggih dèrèng naté nyipati Kanjeng Nabi kasinungan kabodhoan
Surat 93
Ut. anguningani
Wanci énjing
1653
8 Lan (apa ora) nemu ing sira
kacingkrangan, banjur anyukupi?2757
(jahiliyât); Kanjeng Nabi boten naté tumut dolanan kaliyan laré-laré sanèsipun. Sapunika sumangga
sami nimbang-nimbang suraosing dhawuh, gathukipun kaliyan dhawuh ing nginggil lan ing
ngandhapipun. Ayat 6, 7 lan 8 sambet rapet kaliyan ayat 9, 10 lan 11 satunggal sami satunggal. Ayat 6
mangandikani Kanjeng Nabi bilih panjenenganipun piyambak punika yatim, pupuntoning dhawuh,
supados Kanjeng Nabi inggih boten anyiya-nyiya laré yatim kapacak wonten ing ayat 9. Makaten ugi
ayat 8, mangandikakaken nugrahaning Pangéran ingkang sampun anguwalaken panjenenganipun
saking anggènipun kikirangan; pupuntoning dhawuh kapacak wonten ing ayat 11, inggih punika
panjenenganipun inggih kedah angundhangaken nugrahanipun Pangéran ingkang sampun kaparingaken
dhateng panjenenganipun wau. Dados sampun terang bilih ayat 6 punika sambet rapet kaliyan ayat 9,
ayat 8 kaliyan ayat 11, milanipun ayat 7 lan ayat 10 punika mesthi inggih nunggil ingkang karembag.
Ayat 10 kalayan terang mangandikakaken tiyang ingkang nedha dipun tuntun dhateng yakti, utawi
tiyang papriman limrah ingkang ambetahaken pitulunganipun ngasanès, margi awakipun piyambak
boten saged nindakaken punapa-punapa utawi boten saged nyambut damel punapa-punapa (mirsanana
tafsir sambetipun). Kalayan mengku teges punika Kanjeng Nabi punika inggih sâil. Leres
panjenenganipun boten naté nembah brahala, nanging tanpa pitulungipun Allah panjenenganipun boten
saged ngupados margi piyambak kanggé ambangun umatipun, ingkang sakalangkung déning sanget
dipun prihatosaken. Dados panjenenganipun punika boten pirsa ing margi saking moganipun
piyambak, déné tembung dlall punika tegesipun tiyang ingkang bingung lan boten sumerep ing margi
saking moganipun piyambak, jalaran tembung kriya dlalla (ingkang lingganipun dlâll) punika ateges
dhèwèké bingung lan ora weruh eneré sing bener (Ibnu-s-Sa’id, TA-LL). Dados suraosipun dhawuh
wau makaten: Allah uninga bilih Kanjeng Nabi ngupados margi, nanging panjenenganipun boten saged
damel margi piyambak, milanipun Allah lajeng nuntun panjenenganipun sarana cahya Ilahi. Kalayan
sacara makaten punika Kanjeng Nabi dipun dhawuhi sampun ngantos sengol dhateng sadhéngah tiyang
ingkang nedha, sarta supados maringi pitulungan dhateng piyambakipun, kados déné anggènipun Gusti
Allah sampun mitulungi ing panjenenganipun. Utawi dlall punika ugi ateges tiyang ingkang ketungkul
(TA-LL) nalika ngupadosi sawenèh prakawis, kados déné para putranipun Kanjeng Nabi Ya’qub
anggènipun mastani ingkang rama: dumunung ing dlalâl (Rgh) jawinipun ketungkul ing tresna dhateng
Kanjeng Nabi Yusuf. Dados saged ugi dhawuh punika ateges bilih Kanjeng Nabi kalangkung
anggènipun anjungkung ngupadosaken margi ingkang leres tumrap jagad ngantos panjenenganipun
ketungkul.
Rz anggènipun nerangaken dhawuh punika ngantos warni kalihdasa. Kajawi ingkang sampun
kaandharaken ing nginggil, katranganipun Rz ingkang angka satunggal prayogi dipun pèngeti wonten
ing ngriki. Katrangan wau adhadhasar wawatonipun Ibnu ‘Abbas, Hasan, Dk tuwin sanès-sanèsipun,
inggih punika dlall punika ateges gâfil, jawinipun boten mangertos kenabian tuwin pranatanipun
syara’; sarta katrangan punika cocog kaliyan dhawuh ing 42: 52: “Lan iya kaya mangkéné iki
anggon-Ingsun amahyokaké kitab-winahyu marang sira saka paréntah-Ingsun; mauné sira ora weruh
kitab iku apa, mangkono uga iman, nanging iku Ingsun dadèkaké papadhang. Ingsun agem anuntun
para kawula-Ningsun endi kang dadi kapareng-Ingsun.”
Ayat ingkang kapethik ing nginggil punika ugi ngiyataken katrangan ing ngajeng, awit bakuning
katrangan wau sami kaliyan suraosing dhawuh ing 42: 52, inggih punika bilih Kanjeng Nabi boten
mangertos kados pundi anggènipun badhé anuntun titiyang sanès dhateng margi ingkang leres, nanging
panjenenganipun mrihatosaken sanget dhateng para titiyang wau, milanipun Allah anedahaken margi
dhateng panjenenganipun.
2757. Kanjeng Nabi kacingkrangan, lan dipun uwalaken saking anggènipun kacingkrangan, punika
ingkang dipun karsakaken boten namung kawontenanipun Kanjeng Nabi tumrap prakawis kadonyan
utawi prakawis arta kémawon (manawi kapara nyata prakawis punika kalebet ingkang dipun karsakaken ing dhawuh), nanging ugi kacingkranganipun Kanjeng Nabi menggahing ruhani lan anggènipun
kaluwaraken saking kacingkrangan punika. Utawi inggih saged ugi ingkang dipun karsakaken punika
anggènipun Kanjeng Nabi ing sakawit piyambakan lan anggèning ing pawingkingipun kathah tiyang
ingkang anggolong dhateng panjenenganipun tumut biyantu makarya kaliyan panjenenganipun (Rz).
1654
Wanci énjing
Juz XXX
9 Mulané, marang bocah yatim
aja sira nindhes.2758
10 Lan marang wong anjaluk aja
sira sengol.2759
11 Sarta marang nugrahaning
Pangéranira sira angundhangna.2760
2758. Boten wonten panutan sanès ing jagad punika ingkang ngantos samanten anggènipun
migatosaken ngupakara laré yatim, kados Kanjeng Nabi Muhammad saw. Ing antawising hadits
pangandikanipun ingkang kathah punika, wonten satunggal ingkang makaten: Sing sapa ngupakara
bocah yatim iku karo aku kaya déné loro iki (sarwi ngacungaken drijining astanipun kalih iji
kadèmpètaken) Hadits sanèsipun mangandikakaken makaten: Samangsa bocah yatim iku nangis, eluhé
tètès marang astané Pangéran Ingkang-Mahamurah (Rz).
2759. Limrahipun tembung sâil ing ayat punika dipun muradi mengku teges tiyang papriman.
Nanging wong anjajaluk, utawi wong kang tatakon, punika jarwan ingkang langkung prayogi, awit
raosing tembung ingkang asli, ingkang wiyar punika taksih kawengku wonten ing jarwan wau. Hasan
.
jawinipun wong kang tatakon prakara
anggènipun muradi tembung wau ateges
kawruh, sarta murad punika dipun kiyataken déning lalampahan ingkang kaandharaken wonten ing ayat
wiwitaning surat 80 (Rz). Langkung-langkung malih murad punika laras kaliyan maksudipun ingkang
baku kautusipun Nabi, inggih punika mencaraken ngélmu sajati,
2760. Ni’mat utawi nugraha punika boten sanès kajawi wahyuning Pangéran, awit sampun dipun
akeni wonten ing sagemblenging Quran Suci, wahyu punika nugrahanipun Pangéran ingkang ageng
piyambak. Menggah ing sajatos-jatosipun inggih nugraha gung tanpa sama punika, ingkang tansah
dipun undhang-undhangaken ing salaminipun Kanjeng Nabi sugeng. Mujahid ngandika:
nugraha wau inggih Quran punika (Rz).
____________
SURAT 94
AL-INSYIRÂH
(Anjembaraken)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(8 ayat)
Katerangan gerban
Surat punika, boten prabéda lan surat-surat ingkang sampun, ugi paring panglipur dhateng Kanjeng
Nabi. Panjenenganipun boten badhé lastantun teterusan nandhang rekaos, wangsul tumunten badhé
manggih sakéca. Bab punika kathah titikanipun, inggih punika dhadhanipun Kanjeng Nabi binuka
utawi jinembaraken tumrap yakti (ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika). Sasanggèn ingkang
sakalangkung awrat, ingkang babasan mèh adamel remuking pengkeranipun Kanjeng Nabi, tuwin
prihatosipun Kanjeng Nabi ingkang sanget, mrihatosaken sagung para manusa, sampun kabirat déning
paparingipun Pangéran wahyu dhateng panjenenganipun. Sajatosipun surat punika sasambetan rapet
kaliyan surat ingkang sampun, awit kakalihipun sami déné anedahaken bilih Kanjeng Nabi nandhang
prihatos ingkang sakalangkung sanget margi risakipun sagung para manusa, sarta wahyuning Pangéran,
ingkang wasananipun nuntun astanipun Kanjeng Nabi, nedahaken lampahipun tuwin ngicali
prihatosipun ingkang sanget.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Apa Ingsun ora wus anjembaraké dhadhanira,2761
2761. Punapa tegesipun
utawi anjembaraken dhadha, punika saged cetha
manawi dipun cocogaken kaliyan donganipun Kanjeng Nabi Musa ing 20: 25, ingkang ing ngriku
inggih wonten tetembunganipun ingkang kados makaten wau inggih punika:
“Dhuh Pangéran kawula! mugi Tuwan anjembaraken dhadha kawula.”
Tetembungan ingkang kados makaten punika ugi kasebut wonten ing 6: 126, tur sami tegesipun:
“Mulané, sapa sing dikarsakaké déning Allah bakal katuntun ing dalan bener, Panjenengané
anjembaraké dhadhané marang Islam, sarta minangka kosokwangsulipun dhawuh punika wonten
sambetipun makaten: “Lan sapa sing dikarsakaké bakal kasasaraké, Panjenengané andadèkaké
dhadhané rupak lan sesak.” Wonten satunggaling hadits ingkang nyariyosaken bilih nalika Kanjeng
Nabi taksih timur, nalika taksih dados momonganipun inyanipun Kanjeng Nabi, malaikat Jibril
ambedhèl dhadhanipun Kanjeng Nabi lan masuh panggalihipun. Sahihipun hadits punika manut
panliti-priksanipun Qadli taksih dados pitakenan (Rz). Nanging manut pamanggih kula dalasan
panaliti-priksa wau pisan tuwuh saking kalèntu tampi, jalaran lalampahan ingkang sami plek kados
makaten wau kacariyos inggih kelampahan malih nalika Kanjeng Nabi sampun kapasrahan ayahanipun
Pangéran (sampun kajumenengaken rasul). Milanipun tétéla manawi lalampahan wau kasyf, utawi luyut
ingkang terang, ingkang tegesipun sami plek kaliyan tegesipun anjembaraken dhadha ingkang kasebut
wonten ing dhawuh-dhawuh ingkang sampun kapethik ing nginggil. AH nerangaken: “Anjembaraken
dhadha punika tegesipun nyunari dhadha kalayan kawicaksanan tuwin adamel momotipun dhadha
1656
Ut. anjembaraken
Anjembaraken
Juz XXX
2 Lan angènthèngaké momotanira,
3 Kang angebot-eboti gegerira,2762
Ut. sebutanira
4 Sarta anjunjung kaagunganira?2763
kanggé nampeni wahyu ingkang badhé dipun dhawuhaken dhateng panjenenganipun.” Makaten punika
paham ingkang limrah, nanging kados langkung prayogi manawi tetembungan wau dipun tegesi
ingkang langkung jembar, inggih punika kajawi ingkang sampun katerangaken wau, ugi (kadamel
momot kanggé) cacampuhan anderpati ingkang badhé dipun alami déning Kanjeng Nabi salebetipun
ajak-ajak ing manusa dhateng tauhid tuwin kanggé nandhang kasusahan ingkang saged ugi badhé
tuwuh awit saking panganiayanipun para titiyang kafir. Rgh inggih kados makaten wau anggènipun
nerangaken, inggih punika dipun jembaraken kalayan cahya Ilahi tuwin katentreman. Jembaring
dhadha ingkang mengku suraos kados makaten punika, wonten ing sugengipun Kanjeng Nabi ing
pawingkingipun pinanggih kathah sanget conto-contonipun, kadosta: (1). Saben Kanjeng Nabi dipun
kaniaya déning mengsah-mengsahipun, Kanjeng Nabi lajeng andonga nyuwunaken pangapunten
mengsah-mengsahipun wau, mangka Nabi sanès-sanèsipun, kadosta Kanjeng Nabi Nuh (71: 26) tuwin
Kanjeng Nabi Musa (10: 88) sami nyuwun leburing mengsah-mengsahipun. (2). Nalika sampun
kelampahan panjenenganipun saged ambedhah nagari Makkah, saèstu panjenenganipun ngapunten
mengsah-mengsahipun, dalasan mengsahipun ingkang ageng-ageng; pranyata punika dèrèng naté
kelampahan wonten ing babad, inggih babad umum, inggih babad suci (babadipun para andika Nabi).
(3). Kanjeng Nabi sakalangkung momot budipakertinipun. (4). Salebetipun nandhang cobi ingkang
sakalangkung ageng, kalangkung déning sanget kasabaranipun Kanjeng Nabi, sarta panjenenganipun
boten naté nglairaken tembung panggresah ingkang nandhakaken kirang sabaripun, kados déné para
Nabi sanès-sanèsipun, kadosta tetembungan: Éli, Éli, lama sabakhtani, ingkang dipun pisambataken
déning Kanjeng Nabi ‘Isa. (5). Samangsa manggih babaya ingkang sakalangkung ageng, sumarahipun
Kanjeng Nabi dhateng Pangéran sakalangkung sampurna lan ambabar pisani. (6). Marambah-rambah
panjenenganipun mintonaken kasantosaning panggalihipun ingkang sakalangkung sanget. (7).
Panjenenganipun sakalangkung mituhu lan jangkep langkep anggènipun netepi kawajibanipun ingkang
mawarni-warni punika, kadosta kawajibanipun anggènipun dados guru lan juru-pitedah ruhani, ingkang
yasa undhang-undhang, juru-kukum, sénapatining prang ingkang mandhégani wadyabalanipun dhateng
peperangan, ratu lan ingkang ngasta pusaraning papréntahan, priya ingkang ambeg tresna dhateng
ingkang garwa, rama ingkang asih dhateng putra, mitra, juru-angayomi kawigatosanipun para miskin
tuwin para laré yatim, tuwin kawajibanipun manawi nindakaken prakawis sanès-sanèsipun. Cekakipun,
Kanjeng Nabi jembar dhadhanipun, punika tegesipun luhur panggalihipun.
2762. Momotan ingkang ngawrat-awrati pengkeranipun Kanjeng Nabi, punika tegesipun
sungkawanipun Kanjeng Nabi margi prihatos kados pundi anggènipun badhé ngentas umatipun saking
salebeting kabodhoan lan gugon-tuhon. Kula aturi nocogaken kaliyan 26: 3: “bokmanawa sira bakal
matèni awakira dhéwé marga susah jalaran dhèwèké ora padha angèstu.” Dhawuh punika ugi saged
mengku teges mangandikakaken sungkawanipun Kanjeng Nabi, kados pundi anggènipun badhé
nyangkul sasanggèn kenabian ingkang awrat punika (Rz), (kula aturi nocogaken ugi kaliyan
panyuwunipun Kanjeng Nabi Musa ing 20: 26 “Lan mugi tuwan anggampilaken tumrap kawula
prakawis kawula,” ingkang kaunjukaken sasarengan kaliyan nalika nyuwun kajembaraken
dhadhanipun). Utawi saged mengku teges mangandikakaken anggènipun Kanjeng Nabi kareksa saking
sawarnining dosa tuwin kasucèkaken saking sawarnining rereged.
Déné momotan punika tegesipun ngicali kasusahan margi prihatos, kalayan tembung mubâlagah,
tegesipun tetembungan ingkang mawi dipun langkung-langkungi, kados déné ukara:
jawinipun: aku wus ngilangi rekasaning jiyarah saka kowé,
sanajan boten jiyarah saèstu, dados inggih boten rekaos barang (AH).
2763. Punika piweca ingkang terang, bilih Kanjeng Nabi badhé sinengkakaken ing ngaluhur, awit
Surat 94
Anjembaraken
1657
5 Lah sayekti kalawan angèl
tekaning gampang.
6 Sayekti kalawan angèl tekaning gampang. 2764
7 Mulané samangsa sira wis
luwar, lah banjur nyrempenga,2765
8 Lan marang Pangéranira iku
mligi dadia tujunira.
dhawuh punika kadhawuhaken nalika panjenenganipun taksih piyambakan lan boten kasumerepan ing
ngakathah. Kateranganipun dhikr ingkang mengku teges kaagungan, mirsanana 855. Tembung dhikr
punika dipun tegesana panebut pisan, meksa sami kémawon suraosipun ayat punika.
2764. Laras kaliyan dhawuhipun ayat 4, gampang ing ngriki ingkang dipun karsakaken kamenanganipun wekasan Kanjeng Nabi Suci, déné angèl, punika cobi warni-warni ingkang kasandhang
déning Kanjeng Nabi nalika ing wekdal wau, sanajan dhawuh punika ugi wigatos mahyakaken
angger-anggering kudrat ingkang limrah, inggih punika bilih rekaos punika mesthi dipun tut wingking
ing gampil. Dhawuh pratélan punika dipun ambali kaping kalih; punika anedahaken bilih Islam badhé
ngalami rekaos lan cobi ingkang ageng kaping kalih, sarta ugi kaping kalih ing wasananipun Islam
badhé angsal kamenangan. Ing Quran Suci tuwin ing hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci
wonten ingkang mratélakaken kalayan terang titik-titikanipun cobi tuwin rekaos ingkang badhé dipun
alami déning Islam ing jaman akhir, ingkang agengipun sami kaliyan nalika jaman lahiripun. Dhawuh
punika kadhawuhaken ambal kaping kalih, punika ambokmanawi kémawon mengku karsa nyebutaken
prakawis wau, makaten ugi mengku karsa nyebutaken badhé kamenanganipun Islam kaliyan agami
sanès-sanèsipun ing jagad.
2765. Tembung faraga punika sagedipun genah tegesipun kedah dipun raketi tembung sanès
/
malih. Kadosta
jawinipun wis ludhang, utawi wis rampung, saka pagawéané.
tegesipun wis ngrampungaké prakarané
tegesipun mijèkaké
awaké muhung tumrap dhèwèké (LL). Rèhning tembung faragta ing ayat punika boten dipun raketi
tembung bangsanipun ingkang kados makaten wau, mila para mufassirin lajeng sami suka katrangan
warni-warni. Sawenèh wonten ingkang negesi rampung anggènipun nindakaken prakawis kadonyan,
sawenèhipun malih negesi rampung anggènipun sembahyang, sawenèhipun malih negesi rampung
anggènipun nindakaken sembahyang ingkang wajib, lan sapiturutipun (Rz). Paham kula, luwaripun
kanjeng Nabi wau luwar saking sungkawa, dados wangsul dhateng prakawis ingkang sampun
kapangandikakaken ing ayat-ayat ingkang sampun, awit ayat-ayat wau sadaya anedahaken bilih
sungkawanipun Kanjeng Nabi sampun kasirnakaken babar pisan. Milanipun, rèhning ing sapunika
panjenenganipun sampun luwar saking sadaya prihatos lan sungkawanipun, panjenenganipun
kadhawuhan nyarempeng ambangun umatipun sarta ngemungaken Pangéran piyambak ingkang kedah
kadadosaken tujuan ingkang kaener. Tembung fârig, ingkang ugi ririmbagan saking tembung wau,
ingkang kasebut ing 28: 10 bab ibunipun Kanjeng Nabi Musa punika ugi ateges luwar saking
sungkawa; mirsanana 1872.
_____________
SURAT 95
AT-TIN
(Elo)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(8 ayat)
Katerangan gerban
Saréngatipun Kanjeng Nabi Musa (ingkang mawi pasemon Tîn – Elo – ingkang lajeng kanggé
namakaken surat punika), ingkang dados aking kados déné Tîn ingkang kapratélakaken ing Injil,
katandhing kaliyan saréngat Islam, ingkang mawi pasemon Zaitun (ingkang jalaran boten Wétan boten
Kilèn, lisahipun badhé saged madhangi jagad ing salami-laminipun). Karsanipun surat punika,
tatandhingan punika badhé kanggé anedahaken, bilih manusa punika katitahaken saged anggayuh
tataraning kaluhuran ingkang inggil piyambak, janji piyambakipun purun manut lan nindakaken
piwulang ingkang leres; kosokwangsulipun, piyambakipun badhé keplorod dados asor-asoring titah,
manawi piyambakipun boten angsal tuntunaning piwulang ingkang leres, utawi manawi sasampunipun
angsal tuntunan ingkang leres wau boten lajeng purun nglampahi. Kados makaten wau anggènipun
nyebutaken dhawuh punika bab kasampurnan ingkang badhé ginayuh ing bangsa Arab ingkang remen
gugon-tuhon punika lantaran Kanjeng Nabi Suci, boten prabéda lan kawontenanipun satunggaling
bangsa ingkang sakalangkung asor ngantos dados réncang tumbasan ing Mesir, kadadosaken bangsa
ingkang maréntah déning Kanjeng Nabi Musa. Nanging dhawuh punika ugi mengku pèpènget, bilih
boten prabéda lan bangsa Bani Israil, ingkang margi boten lastantun anggènipun netepi piwulang
ingkang adiluhung, ingkang sampun anjalari piyambakipun manggih kaluhuran, lajeng keplorod malih
dados asor, lah makaten ugi titiyang Muslimin, boten wurung badhé nemahi nasib ingkang kados
makaten wau, manawi piyambakipun boten lastantun anggènipun agogondhèlan pranataning lampah
ingkang minulya, ingkang sampun anjalari piyambakipun saged anggayuh kaluhuran lan kamulyan.
Surat punika kagolong panunggilanipun dhawuh ingkang tumurun nalika jaman wiwitan, kados déné
surat sanès-sanèsipun nginggilipun, sanajan boten kirang-kirang pamanggih ingkang mastani bilih surat
punika katurunaken ing Madinah; nanging pamanggih wau boten perlu dipun ugemi sanget-sanget,
jalaran boten wonten watonipun.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
a. 2099
1 Mramanaknaa marang elo lan
marang zaitun,
2 Lan marang gunung Sinai,
3 Sarta marang kutha kang
sinantosakaké iki.2766
2766. Tîn lan zaitun punika pasemonipun saréngat ingkang katurunaken ing redi Sina tuwin
saréngat ingkang katurunaken ing kitha suci Makkah. Ayat kakalih candhakipun nyethakaken bab
Surat 95
Elo
1659
4 Sayekti, temen Ingsun anitahaké manusa ing dalem becikbeciking dumadi.
5 Banjur Ingsun balèkaké dadi
asoring asor,
6 Kajaba kang padha angèstu
lan anindakaké panggawé becik,
amarga iku bakal olèh ganjaran
kang tanpa pedhot.2767
prakawis punika. Kedah dipun pèngeti bilih Kanjeng Nabi Muhammad katandhing kaliyan Kanjeng
Nabi Musa punika sampun kasebutaken wonten ing dhawuh-dhawuh ingkang tumurun ing jaman
wiwitan sanget, kadosta dhawuh punika tuwin dhawuh ing 52: 1-6 lan 73: 15. Sadaya para mufassir
Bébel sami angakeni, bilih wit tîn punika dados pasemonipun saréngat Yahudi, sarta inggih punika
maksudipun Kanjeng Nabi ‘Isa nglaknati wit tîn ingkang lajeng dados aking punika. Yèn ta boten
mengku teges makaten punika, lalampahan wau nama lalampahan ingkang boten saged dipun
terangaken kajengipun. Kacariyosaken wonten ing Mat. 21: 19, bilih ing satunggaling dinten, wanci
énjing uthuk-uthuk, Kanjeng Nabi ‘Isa rawuh saking Betani; nalika punika panjenenganipun keraos
ngelih, mila lajeng marepeki satunggaling wit tîn perlu badhé metiki wohipun. Nalika panjenenganipun
mirsa bilih wit wau boten wonten punapa-punapanipun kajawi namung ronipun, panjenenganipun
lajeng nglaknati wit wau, sami sanalika wit wau lajeng garing. Dalasan para mufassir Bébel sami
angakeni, bilih lekasipun Kanjeng Nabi ‘Isa wau ateges anggènipun angemohi para titiyang Yahudi.
Pancèn tindakipun Kanjeng Nabi ‘Isa wau mengku teges, bilih para titiyang Yahudi punika serupi
kaliyan wit tîn, wonten godhongipun nanging boten wonten wohipun; malah dalasan ronipun wau
pisan, ingkang tumrap para titiyang Yahudi dados pasemoning pandamelipun lahir bangsa pangibadah,
ing sapunika inggih garing. Anggènipun angemohi titiyang Yahudi wau kasebutaken langkung cetha
déning Kanjeng Nabi ‘Isa wonten ing dalem sanépanipun pakebonan anggur (Mat. 21: 33), ingkang
pinungkasan ing dhawuh: “Karatoning Allah bakal pinundhut saka ing kowé, banjur kaparingaké
marang sawijining bangsa kang angetokaké wohé” (Mat. 21: 43). Dhawuh sabdanipun Quran Suci
mangandikani kula sami, bilih “bangsa kang angetokaké wohé” wau kaum Muslimin. Prayogi dipun
terangaken pisan bilih Nabi Yeremiyah ugi nyanépakaken bangsa Yahudi kados déné woh tîn kalih
wakul, woh tîn ingkang saé ateges para tulus ing antawisipun bangsa Yahudi, woh tîn ingkang awon
ateges para duraka (Yer. Bab 24).
Wondéné wit zaitun, sampun genah sawenèh tafsir Bébel mastani manawi ugi dados pasemonipun
bangsa Yahudi. Nanging Quran Suci wonten ing ngriki ngagem wit zaitun wau dados pasemonipun
saréngatipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. Sarta bab punika wonten ing satunggaling dhawuh
ingkang tumurunipun langkung kantun dipun terangaken saha dipun cethakaken “sanépané papadhangé
kaya déné cagak kang ing dhuwuré ana damaré, damar iku ana ing sajroning gedah, gedahé iki kaya
déné lintang kang gumebyar, diurubaké asal saka ing wit zaitun kang binarkahan, ora wétanan lan ora
kulonan” (24: 35). Ing ngriki kalayan terang Islam kawarna kadi déné wit zaitun, awit saking punika
lisahipun inggih kedah kaanggep dados pasemonipun Islam.
Tatandhingan punika anedahaken, bilih angger-angger (saréngat) ingkang katurunaken ing redi
Sina punika sampun pejah, kados déné wit tîn ing sanépanipun Kanjeng Nabi ‘Isa, nanging papadhang
anyar, ingkang kaurubaken saking wit zaitun ingkang binarkahan, boten saged pejah ing
salami-laminipun, jalaran papadhang wau boten kagolong étan lan boten kagolong kilèn, wangsul
kakarsakaken kanggé sadaya manusa tumrap sadaya jaman, wangsul saréngat Musa kawatesan ing
wekdal lan panggènan. Dados ing dhawuh punika wonten isyarah utawi sasmita bab kautusipun
Kanjeng Nabi kanggé ing sajagad.
2767. Angsal-angsalanipun nglimbang-nglimbang ing kautusipun Kanjeng Nabi Musa lan
kautusipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. punika namung sawarni, satunggal, inggih punika angsal
1660
Elo
Juz XXX
7 Lah sawisé (iki) sapa kang
bisa maido marang sira prakara
putusan?
8 Apa Allah iku dudu becikbeciking juru-hukum?2768
pupuntoning pamanggih, bilih manusa punika titah ingkang sakalangkung saé piyambak; terangipun:
tumitahing manusa punika kinanthènan ing kasantikan utawi kakiyatan ingkang langkung ing
sasamining tumitah kanggé sarananing majeng-majengipun. Nanging manusa inggih saged ngloropaken
awakipun piyambak, ngantos dados asoring asor, kados déné para manembah-brahala, ngantos purun
sujud dhateng barang-barang pejah kadosta séla, utawi kados déné titiyang Israil, ngantos purun
nglirwakaken dhawuh-dhawuh ingkang kaparingaken dhateng piyambakipun lumantar Nabi-Nabi.
Sadaya para Nabi wiwit Kanjeng Nabi Musa dumugi Kanjeng Nabi ‘Isa, tuwin Kanjeng Nabi Suci
Muhammad, sami migatosaken sanget bilih manut miturut dhawuhipun Pangéran punika tuking
kaluhuranipun manusa ingkang sajati. Dhawuh punika ngemot angger-angger ingkang umum tumrap
kamajenganipun manusa saha piweca bab tataraning kasampurnan ingkang sakalangkung inggil,
ingkang badhé dipun gayuh déning bangsa Arab lantaran Kanjeng Nabi Suci, punapa déné nasib
ingkang badhé dipun sandhang déning para mengsah ing Makkah, ingkang badhé dipun dadosaken asor
lan ina wonten ing nagari-nipun, manawi boten sami purun nanggapi pangajakipun Kanjeng Nabi. Ngemungaken gambaring pangangen-angen ingkang kajèrèng sacara okol-okolan kémawon, ingkang saged
numrapaken dhawuh punika dhateng bab prakawis dhumawahipun Adam ing dosa tuwin angsalangsalaning anggènipun dhumawah ing dosa. Katundhungipun Adam saking suwarga punika boten
saged winastan asoring asor, sarta wontenipun barang ingkang dipun kajawèkaken, inggih punika para
angèstu, punika anedahaken bilih dhawuh punika wigatos anyebutaken kawontenanipun limrah para
manusa.
2768. Ayat kakalih punika lan nginggilipun saayat, punika wigatos anyebutaken pancasanipun
Pangéran ingkang calon badhé dhumawah dhateng para ingkang sami ngemohi ing Kanjeng Nabi.
Pancasan wau pancasanipun tiyang duraka tumrap wonten ing gesang sapunika punika tuwin tumrap
gesang ing bénjing.
_____________
SURAT 96
AL-’ALAQ
(Rah anjendhel)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(19 ayat)
Katerangan gerban
Umum angakeni bilih gangsal ayat ingkang wiwitan ing surat punika wahyuning Pangéran ingkang
katampi déning Kanjeng Nabi Suci rumiyin piyambak. Nanging ing tatananing urut-urutanipun surat,
dhawuh punika kapapanaken wonten ing panggènanipun samangké punika. Déné sababipun, awit suratsurat ingkang sampun, punika migatosaken kasampurnan lan kaluhuran ingkang badhé dipun gayuh ing
Kanjeng Nabi, tuwin kasampurnan lan kaluhuran ingkang badhé dipun gayuh déning pandhèrèkipun
lumantar panjenenganipun – inggih punika gagayuhan ingkang boten saged dipun gayuh déning
ikhtiyaripun manusa piyambak. Milanipun, dhawuhipun ingkang wiwitan surat punika andhawuhaken
dhateng panjenenganipun, supados nyuwun pitulungipun Pangéran. Surat punika kasebut Rah
anjendhel margi wontenipun pratélan ing ayat angka kalih, bilih Allah anitahaken manusa saking rah
anjendhel, ingkang mengku sasmita, bilih boten prabéda lan kawujudanipun manusa ingkang éndah
punika tuwuh saking asal kamulan ingkang ina, lah makaten ugi Kanjeng Nabi Suci, saking
kawontenanipun ingkang asor, badhé jinunjung anglenggahi kaluhuran ingkang sakalangkung inggil.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Macaa kalawan asmaning
Pangéranira, Kang anitahaké.2769
Ut. katresnan
2 Panjenengané anitahaké manusa saka getih-anjendhel.2770
2769. Awawaton Bkh tuwin hadits sanès-sanèsipun ingkang kénging pinitados, sadaya sampun
sami sarujuk amastani, bilih gangsal ayat ingkang wiwitan ing surat punika wahyu ingkang rumiyin
piyambak katurunaken dhateng Kanjeng Nabi wonten ing guwa Hira’, nadyan inggih wonten ingkang
mastani bilih surat Fatihah tumurun langkung rumiyin, utawi ayat-ayat ing wiwitaning surat ingkang
angka 74 punika wahyu ingkang tumurun rumiyin piyambak. Pratélan ingkang angka kalih punika
sampun katerangaken lepatipun wonten ing purwakanipun surat 74, déné pratélan ingkang sapisan
(ingkang mastani surat Fatihah wahyu ingkang tumurun rumiyin piyambak), punika inggih boten kiyat
waton-watonipun.
Dhawuh ingkang mungel kalawan asmaning Pangéranira punika tegesipun kalawan pitulunging
Pangéranira. Kawontenan-kawontenan ingkang nyartani tumurunipun wahyu ingkang sapisan punika,
kasebut wonten ing hadits-hadits ingkang kénging pinitados. Miturut hadits-hadits wau, wangsulanipun
Kanjeng Nabi ingkang wiwitan dhateng malaikat ingkang ngampil dhawuh punika, inggih punika bilih
panjenenganipan boten saged maos. Punika nandhakaken kalayan tanpa wonten semang-semangipun
malih, bilih Kanjeng Nabi punika pranyata boten saged maos lan boten saged nyerat.
2770. ‘Alaq punika tegesipun getih anjendhel lan ugi ateges sih lan katresnan (TA-LL). Teges
1662
Rah anjendhel
Juz XXX
3 Macaa, lan Pangéranira iku
Ingkang-Mahamulya,2771
4 Kang mulang (nulis marang
manusa) kalawan qalam,2772
5 Mulang marang manusa apa
kang durung weruh.
6 O, sayekti manusa iku ambalasar temenan,
7 Déné teka rumasané awaké
ora butuh.2773
ingkang rumiyin (getih anjendhel) punika ingkang kelimrah dipun anggé negesi, awit ing panggènan
sanès-sanèsipun ing Quran Suci wonten ingkang nyebutaken ‘alaqah tumrap tumitahipun manusa.
Dipun tegesi makaten punika boten wonten pakèwedipun, awit punika anedahaken bilih asal
kamulanipun manusa punika sepélé, salajengipun nyasmitakaken bilih saking asal asor Kanjeng Nabi
badhé jinunjung ing ngaluhur. Teges satunggalipun wau ugi kula pèngeti wonten ing margin. Wonten
satunggaling hadits ingkang nerangaken bilih Allah Ingkang-Mahaluhur ngandika: Ingsun remen yèn ta
kasumurupana, mulané Ingsun anitahaké manusa. Dados tumitahipun manusa, utawi ingkang langkung
trep: tumitahipun manusa sampurna, kalayan manut citraning Pangéran, punika awit saking sifatipun
Pangéran Mahatresna. Sifat punika dados tatalesipun ngélmu tasawwuf Islam. Pamanggih kula,
manusa punika mengku sasmita ingkang mligi: Manusa sampurna, utawi Kanjeng Nabi.
2771. Kados déné ingkang sampun katerangaken wonten ing katrangan angka 5, Rabb punika
Ingkang-Ngitik-itik; rèhning makaten mila tiyang utawi barang saged anggayuh tataran saking
ngandhap dumugi nginggil, minggah-minggah, ngantos dumugi pantoging kasampurnanipun. Dados
,
ing dalem dhawuh
punika mengku isyarah ingkang nyasmitani pucaking
kamulyan tuwin kaluhuran ingkang kakarsakaken calon badhé dipun gayuh déning Kanjeng Nabi.
2772. Kalam kasebutaken wonten ing dhawuh ingkang katurunaken dhateng Kanjeng Nabi
ingkang rumiyin piyambak, punika mengku teges ingkang lebet, inggih punika kanggé anedahaken
bilih Kanjeng Nabi Suci badhé ngalami manawi kalam punika “dados babantu ingkang kiyat kanggé
mencaraken ngélmu bab kasawijènipun Pangéran” (Rodwell). Kajawi punika ugi mengku suraos bilih
kalam punika badhé dipun pigunakaken kalayan mligi kanggé ngreksa wahyuning Pangéran ingkang
badhé dipun turunaken dhateng Kanjeng Nabi – utawi kanggé ngreksa barang ingkang dèrèng naté
dipun ngertosi ing sadèrèng-dèrèngipun déning tiyang sampurna, ingkang ing sapunika kinarsakaken
badhé dipun paringi piwulang (ayat 5). Nyata, kalam punika boten sakedhik lalabetanipun tumrap sumiyaripun Islam, makaten ugi tumrap kanggé rumeksa Quran saking sawarnining karisakan. Nyerat lan
kalam asring dipun sebutaken wonten ing Quran Suci, langkung-langkung gagandhèngan kaliyan
wahyuning Pangéran ingkang kaampil déning Kanjeng Nabi Suci, punika angéram-éramaken sanget,
manawi angèngeti, bilih migunakaken seratan punika boten namung nama langka kémawon wonten ing
jazirah Arab, nanging dalasan tiyang ingkang andhawuhaken sabda wau piyambak, boten saged nyerat
lan boten saged maos.
2773. Wiwit dhawuh punika dumugi telas-telasanipun surat déning sawenèh hadits dipun
tumrapaken dhateng Abu Jahl, jalaran inggih piyambakipun punika tiyang ingkang ngawisi Kanjeng
Nabi sembahyang wonten ing sacelakipun Ka’bah. Nanging kados déné ingkang sampun katerangaken
wonten ing panggènanipun dhawuh-dhawuh ingkang kados makaten punika, dhawuh ingkang mengku
suraos umum. Boten saged winatesan namung tumrap sawenèh tiyang ingkang sampun katamtokaken.
Sampun boten wonten semang-semangipun malih Abu Jahl punika pancèn dados conto ingkang melok,
ingkang anggambaraken tiyang ingkang sisifatanipun katerangaken wonten ing dhawuh punika, awit
Surat 96
Rah anjendhel
1663
8 Sayekti, marang Pangéranira
bali iku.
9 Apa sira weruh wong kang
menging,
10 Sawijining
salat?2774
abdi
samangsa
11 Apa sira weruh, yèn dhèwèké
iku ana ing dalan bener,
12 Utawa akon njaga diri (saka
ing ala)?
13 Apa sira weruh, yèn dhèwèké
iku anggorohaké lan maléngos?
14 Apa dhèwèké ora weruh, yèn
Allah iku amirsani?
15 O, manawa dhèwèké ora
marèni, masthi bakal Ingsun
tangani bathuké,2775
16 Babathuk doracara, babathuk
dosa.
17 Lah dimèn dhèwèké anekakaké rowangé rerembugan,
18 Ingsun iya bakal anekakaké
para prajurit suraya.2776
piyambakipun punika panuntuning mengsahipun Kanjeng Nabi ing Makkah, sarta kawusananipun Abu
Jahl wau dados tepa tuladha tumrap sadaya panuntun awon tuwin panuntun damel wisuna.
2774. Ing dalem dhawuh ingkang boten winatesan sinten ingkang katuju punika mengku sasmita
ingkang mligi dhateng Kanjeng Nabi.
2775. Bathukipun para panuntun Quraisy ingkang sami mengsahi Kanjeng Nabi, Abu Jahl kalebet
èwonipun, sami kapupuh nalika prang Badr.
2776. An-nâdi tegesipun al-majlis, jawinipun parepatan. Dâru-n-nadwah ing Makkah (ugi asal
saking tembung nada) punika namanipun balé agungipun bangsa Arab, dipun anggé papanipun para
pinisepuh sami parepatan perlu ngrembag prakawis ingkang wigatos-wigatos, ingkang magepokan
kaliyan bangsa Arab ing sagemblengipun, prakawis perang lan sapanunggilanipun. Rz anggancaraken
.
makaten Tumplaken dadi siji wong-wong kang koanggep mulya lan bisa
nandhingi, supaya mitulungi sira. Zabâniyah punika “tumrap bangsa Arab nalika kina,” ateges syurath
1664
a. 978
Rah anjendhel
Juz XXX
19 O, aja sira manut dhèwèké,
sarta sumujuda tuwin mareka (ing
Allah).a
(LL, makaten ugi Kf, Bd, Rz), “ingkang manut suraosipun ing kina kanggé anembungaken para prajurit
prawira, utawi manut suraosipun ing jaman ingkang kantun-kantun kanggé nembungaken para
pangiringipun pangageng pulisi ingkang sami asikep dadamel (S). Punika tegesipun ingkang sakawit
(LL). Dados ayat kakalih punika kalayan terang mangandikakaken peperangan, ingkang ing ngriku
fihak kalih-kalihipun sami badhé ngedalaken titiyangipun ingkang kiyat-kiyat supados sami ngaben
tiyasa. Zabâniyah dipun tegesana malaikating siksa, meksa mathuk tumrap ing alam kakalih, inggih
punika wonten ing gesang sapunika punika tuwin ing akhirat. Rz nerangaken: “kacariyos punika
piweca saking Allah bilih piyambakipun wonten ing donya punika badhé dipun glandhang kados déné
segawon, sarta piyambakipun nyata sampun angsal siksa makaten wau nalika wonten ing prang Badr;
kacariyos malih bilih dhawuh punika piweca bilih bénjing ing akhirat malaikating siksa badhé
angglandhang piyambakipun dhateng naraka.” Ugi kacariyosaken bilih ing satunggaling wekdal Abu
.
Jahl naté umuk sarwi nantang Kanjeng Nabi Suci:
“Lan ing
jujurang ora ana wong kang duwé parepatan kang gedhé saliyané aku.” Salajengipun kacariyosaken
bilih dhawuh ing ayat 17 punika mengku suraos nuju prakawis punika (AH), ingkang ugi lajeng
murugaken dhawuh panantang punika mathuk kanggé tumrap ing gesang sapunika punika.
_____________
SURAT 97
AL-QADR
(Kaagungan)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(5 ayat)
Katerangan gerban
Wahyu Quran ingkang katurunaken rumiyin piyambak, ingkang kasebut wonten ing surat ingkang
sampun, mathis sanget menggah ing urut-urutanipun dipun sambeti ing surat ingkang ngandharaken
nalika wahyu Quran wiwit katurunaken. Daluning kaagungan (salah satunggalipun dalu sadasa ing
wekasanipun wulan Ramadlan), punika ingkang neksèni rumiyin piyambak sumoroting papadhang
ingkang pinasthi badhé nyunari saindhenging jagad. Tumurunipun wahyu ingkang rumiyin piyambak
wonten ing daluning Kaagungan, ingkang salajengipun kagem namakaken surat punika, punika
mengku pitedah bilih wahyuning Pangéran ingkang minulya piyambak, ing samangké sampun
katurunaken dhateng ngalam donya, sarta kaagunganing wahyunipun Pangéran punika punapa déné
kaagunganipun ingkang nampèni wahyu wau, mesthi badhé kajumenengaken wonten ing jagad punika.
Surat punika sampun genah kalebet éwonipun dhawuh ingkang tumurun nalika jaman wiwitan sanget.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Sayekti, iku anggon-Ingsun
anurunaké ana ing wengi kang
agung.2777
2777. Lailatu-l-qadr, ingkang kula jarwani wengi kang agung, lan ingkang wantahipun ateges
bengining kaagungan utawi kaluhuran, punika satunggaling dalu ingkang misuwur ing wulan
Ramadlan, inggih punika dalunipun wulan Ramadlan wau ingkang kaping 21, utawi 23, utawi 25, utawi
27, utawi 29, utawi saged ugi ingkang langkung cepak salah satunggalipun dalu titiga ingkang kasebut
kantun piyambak wau ing 44: 3 dalu wau kasebut wengi kang binarkahan. Nitik dhawuh ing 2: 185,
tétéla bilih Quran Suci punika katurunaken ing wulan Ramadlan, sarta nitik dhawuh ing nginggil
punika, tétéla manawi tumurunipun wau ing wanci dalu ingkang agung. “Tumurun” punika mesthi
kémawon ateges “tumurunipun ingkang rumiyin piyambak,” awit kitab Quran ing sagemblengipun,
punika anggènipun katurunaken sapérangan-sapérangan ing salebetipun wekdal tigalikur taun. Déné
tembung “Quran” punika kénging kanggé mastani sapérangan utawi sagemblengipun kitab. Inggih awit
saking punika déné i’tikâf, utawi mempen wonten ing masjid, punika kadhawuhaken wonten ing sadasa
dinten ing wekasaning wulan Ramadlan. Menggah ing sajatos-jatosipun, wigatosipun lailatu-l-qadr
punika kabekta saking dalu wau dalu tumurunipun ing jagad wahyuning Pangéran ingkang
sakalangkung sampurna piyambak tuwin sakalangkung binarkahan piyambak. Kanjeng Nabi Musa
siyam kawandasa dinten sadèrèngipun tampi wahyu (Pangentasan 24: 18), lan Kanjeng Nabi ‘Isa inggih
siyam kawandasa dinten sadèrènging panjenenganipun kajumenengaken dados Nabi (Mat. 4: 2), punika
anedahaken bilih tumurunipun wahyu punika sinartan siyam; awit saking punika saben taun titiyang
Muslimin kadhawuhan siyam tigangdasa dinten, sarta nugrahanipun Pangéran ingkang mirunggan
1666
Kaagungan
Juz XXX
2 Lan apa kang mangertèkaké
sira, wengi kang agung iku apa?
3 Wengi kang agung iku luwih
becik tinimbang sèwu sasi.2778
4 Ing kono para malaikat sarta
ruh padha tumurun kalawan idining Pangérané, tumrap sarupaning
prakara,2779
5 Rahayu! iku nganti tumeka
metuning gagat bangun.2780
kajanjèkaken dhateng titiyang Muslimin badhé dipun paringaken wonten ing dinten-dintenipun siyam
ingkang wekasan.
Nanging lailatu-l-qadr punika mengku teges sanèsipun malih ingkang lebet. Rawuhipun
satunggaling Nabi punika limrahipun wonten ing jaman peteng; inggih awit saking punika mila ing
Quran Suci jaman wau asring kasanépakaken dalu. Nanging rèhning ing salebetipun pepeteng punika
wonten nugrahaning Pangéran ingkang tumurun, awujud utusanipun Pangéran, mila dadosipun dalu
wau dalu ingkang binarkahan lan linuhung. Dados, jaman rawuhipun satunggaling rasul utusanipun
Pangéran, punika sacara ngibarat kénging kawastanan lailatu-l-qadr. Ing 44: 3 dalu wau pinasti dados
dalu ingkang binarkahan, tur kinanthèn ing dhawuh pratélan bilih ing ngriku “sarupaning prakara
kawicaksanan sinilahaké,” punika anedahaken kalayan terang, bilih tegesipun ingkang satunggal
tembung wau, punika adhadhasar dhawuhipun Quran Suci piyambak, awit inggih salebetipun wekdal
rawuhipun Nabi wau, kawicaksanan sajati kajumenengaken kalayan pratéla.
2778. Sèwu wulan punika kirang langkung sami kaliyan 83 taun, jangkepipun saabad kirang 17
taun. Wonten hadits pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci ingkang mangandikakaken, bilih ing saben
wiwitaning abad badhé wonten Mujaddid, utawi juru-pambangun, ingkang rawuh wonten ing
antawisipun kaum Muslimin. Tegesipun ingkang langkung lebet lailatu-l-qadr ingkang sampun
katerangaken wonten ing katrangan ingkang sampun, dipun kiyataken malih déning kawontenanipun
juru-pambangun wau, ingkang ing salebetipun kawontenan limrah, makarya ngantos watawis
kalihdasanan taun laminipun, awit saking punika dados wekdal punika langkung saé lan langkung
migunani manawi katimbang kaliyan kakantunanipun ingkang wolungdasa taun, ingkang boten
karawuhan juru-pambangun.
2779. Para malaikat lan “ruh” sami tumurun, punika ugi anedahaken bilih lailatu-l-qadr punika
mengku teges ingkang langkung lebet malih, awit sanajan inggih saged ugi satunggaling dalu ing wulan
Ramadlan kapiji ing nugrahanipun Pangéran ingkang ageng, “para malaikat lan ruh” tumurun saking
langit, punika langkung mligi magepokan kaliyan ayahanipun satunggaling tiyang ingkang katimbalan
ing Pangéran ingandikakaken ambangun jagad, jalaran inggih kados makaten punika Allah anggènipun
mitulungi pakaryanipun tiyang pipilihan-Ipun wau. Déné katerangan tegesipun ruh, mirsanana 653,
2181.
2780. “Rahayu,” punika sisifatanipun ingkang miyambaki lailatu-l-qadr ingkang baku piyambak.
Rahayu punika tumedhak dhateng manahipun para ingkang sami bekti tur ingkang sajati, awujud
katentremanipun manah, ingkang lajeng mahanani para titiyang wau pantes tampi nugrahanipun
Pangéran. Teterusan “nganti tumeka metuning gagat-bangun,” punika sampun terang sanget manawi
“dalu” wau dipun suraos wantah. Déné manawi boten katampi walaka, gagat bangun punika ateges
juru-pambangun sampun ngajengaken badhé séda, inggih punika duk kalanipun yakti lir péndah
papadhanging raina, sampun gumelar cetha awéla-wéla.
____________
SURAT 98
AL-BAYYINAH
(Pasaksèn Ingkang Terang)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(8 ayat)
Katerangan gerban
Rèhning sami-sami wahyuning Pangéran wahyu ingkang katampi déning Kanjeng Nabi punika
wahyu ingkang kinawasa piyambak, mila wonten ing ngriki panjenenganipun kasebut Pasaksèn
ingkang terang (ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika), inggih punika ingkang anyilahaken
antawising yakti lan panggorohan (leres lan lepat), awit kados déné ingkang kacetha wonten ing surat
punika, wahyu ingkang katampi déning Panjenenganipun wau mengku sadaya piwulangipun ingkang
murni tuwin enggel kitab suci ingkang rumiyin-rumiyin. Saged ugi dhawuh punika sanès èwonipun
dhawuh ingkang tumurun ing jaman wiwitan, nanging kados sampun boten wonten semangsemangipun malih, bilih dhawuh punika katurunaken ing Makkah, makaten pamanggihipun ngulami
ingkang sabagéan kathah.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Para kang padha kafir saka
golongané pandhèrèking kitab sarta (saka golonganing) para musyrik
ora bisa pilah nganti tekaning
tandha yekti marang dhèwèké:2781
2781. Dhawuh punika wonten angèlipun tumrap ing tembung munfakkîn, ingkang limrahipun
mesthi dipun raketi ing tembung ingkang dados lésanipun pipilahan ingkang kapangandikakaken.
.
Upaminipun ukara
ukara
jawinipun: barang iki pilah karo barang (sijiné), tuwin
jawinipun: aku pipisahan karo kowé (TA-LL). Para mufassirin sami
pakèwed anggènipun badhé ngisèni ukara ingkang boten kasebutaken wau, sarta limrahipun sami
.
gadhah pamanggih bilih sambetipun tembung munfakkîn punika tembung
saka
kakafirané.
Nanging punika ugi nukulaken pakèwed-pakèwed énggal (Rz). Menggah ing sajatos-jatosipun,
boten prabéda lan sadaya ayatipun Quran Suci ingkang wonten ukaranipun ingkang boten dipun
sebutaken, ukara kakiranganipun wau sampun dipun sasmitakaken wonten ing suraosing dhawuh. Kang
padha kafir saka golongané pandhèrèking kitab sarta saka golongané para musyrik, punika sampun
cetha manawi nyasmitakaken titiyang kalih golongan, inggih punika tiyang ingkang kafir dhateng
Kanjeng Nabi Suci sarta tiyang ingkang angèstu ing panjenenganipun; sarta tumrap ingkang kados
makaten wau, namung kasebutaken satunggal punika sampun cekap. Titiyang saé utawi para angèstu
1668
Pasaksèn ingkang terang
Juz XXX
2 Utusan saka ing Allah, kang
maca lembaran-lembaran suci,2782
3 Ing jeroné iki (ngemot sakèhing) kitab kang bener.2783
4 Lan para kang wis kaparingan kitab, ora pecah belah, kajaba
sawisé tandha yekti tumeka marang dhèwèké.2784
5 Lan dhèwèké iku ora diparéntahi apa-apa kajaba laladi ing
Allah, tuhu-tuhu pambangun-turuté
marang Panjenengané, tulus, sarta
anjumenengaké salat, apa déné
awéh zakat, lan mangkono iku
agama kang bener.
lan titiyang awon inggih punika titiyang kafir, boten saged kapilah-pilahaken, manawi Juru-anyilahaken
– al-bayyinah utawi pasaksèn ingkang terang – dèrèng rawuh. Déné bayyinah punika punapa, katerangaken wonten ing ayat candhakipun, inggih punika: utusan saking Allah.
2782 . Kedah dipun pèngeti bilih utusan, punika wonten ing ngriki katerangaken manawi maos
lembaran-lembaran suci, dados punika anedahaken kalayan terang bilih Quran punika nalika jaman
tumurunipun surat punika sampun dipun serat. Lah manawi wahyuning Pangéran ingkang tumurun ing
jaman wiwitan sampun dipun serat kalayan ajeg punika lajeng dados pasaksèn bilih wahyuning
Pangéran ingkang tumurun ing jaman ingkang kantun-kantun mesthi inggih lajeng dipun serati.
2783. Kutub, jama’-ipun tembung kitâb, punika tegesipun pranatan utawi serat. Teges ingkang
pundi kémawon ingkang dipun anggé, sami kémawon suraosipun dhawuh punika, inggih punika bilih
sadaya pitedah leres ingkang pinanggih wonten ing sadhéngah kitab sanès-sanèsipun ingkang asli
wahyuning Pangéran, punika mesthi kamot wonten ing Quran Suci, makaten ugi ingkang dèrèng naté
kawahyokaken ing sadèrèng-dèrèngipun, nanging ingkang perlu sanget kanggé anuntun manusa, ugi
kamot wonten ing Quran Suci. Dados, kitab Quran angundhangaken manawi mengku sadaya bab
ingkang saé-saé, ingkang pinanggih wonten ing kitab suci sanès-sanèsipun, sarta malih anjangkepi
kakiranganipun. Tembung kutub dipun raketi tembung qayyimah, ingkang jawinipun kang bener,
punika kanggé anedahaken bilih kitab suci Quran punika suci saking sawarnining lepat kados ingkang
pinanggih wonten ing kitab suci sanès-sanèsipun wau. Makaten ugi tembung muthahharah (kanggé
.
nyifati Quran), ingkang tegesipun
jawinipun sinucèkaké saka panggo-
rohan (Rz), punika ugi mengku maksud makaten wau.
2784. Pepecahan dados pinten-pinten golongan ingkang kasebutaken ing ngriki, punika mengku
maksud sami kados déné ingkang kapangandikakaken ing ayat 1, utawi mengku maksud, bilih
pandhèrèking kitab ing jaman kina pecah-pecah dados pinten-pinten golongan, sawenèh purun
nampèni, sawenèhipum angemohi, sawenèh manut miturut ing kasaénan, sawenèhipun manut ing awon,
ngantos manawi sampun karawuhan ing tandhayekti ingkang cetha. Dados dhawuh punika wigatos
mangandikakaken, bilih pilihanipun awon lan saé, punika kelampahanipun mesthi ing sasampunipun
wonten juru-milahaken ingkang rawuh sarta bilih barang ingkang ing samangké kelampahan, punika
ugi naté kelampahan ing sadèrèngipun, inggih punika nalika para andika rasul rawuh wonten ing
antawisipun para pandhèrèking kitab.
Surat 98
Pasaksèn ingkang terang
1669
6 Sayekti, para kang kafir saka
golongané pandhèrèking kitab sarta (saka golongané) para musyrik,
iku padha ana ing geni naraka,
manggon ana ing kono; yaiku alaalaning manusa.
7 Déné para kang padha angèstu lan anindakaké panggawé becik,
yaiku becik-beciking manusa.
Ar. ngisoré
8 Ganjarané ana ngarsaning
Pangérané yaiku patamanan kalanggengan, kang ing jeroné kalikaliné padha mili, manggon ing
kono langgeng; Allah rena marang
dhèwèké sarta dhèwèké rena marang Panjenengané;2785 mangkono
iku tumrap sapa sing wedi marang
Pangérané.
2785. Katerangan bab kawontenanipun para sahabat Nabi punika, dados bukti ingkang kiyat,
ingkang nélakaken bilih pangawon-awon ingkang sok katumrapaken dhateng para sahabat wau dora.
_____________
SURAT 99
AZ-ZILZÂL
(Gonjang-ganjing)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(8 ayat)
Katerangan gerban
Gonjang-ganjing ingkang kapangandikakaken ing ayat ingkang wiwitan ing surat punika, ingkang
lajeng kanggé namakaken surat punika, punika piweca bab bilai ageng ingkang anggonjangganjingaken tanah Arab nalika rawuhipun Kanjeng Nabi Suci tuwin bilai ageng ingkang dèrèng naté
wonten saminipun, ingkang anggonjang-ganjingaken saindhenging jagad ing samangké punika.
Rèhning nalika jamanipun Kanjeng Nabi, pambangunan punika wontenipun saking angsal-angsalaning
bilai-bilai wau, milanipun ing sapunika ugi, ébah-ébahan ruhani ingkang ageng ugi kénging dipun
ajeng-ajeng wontenipun.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Samangsa bumi digonjangganjingaké kalawan gonjangganjing kang abanget,
2 Sarta bumi angetokaké momotané,
Ar. dhèwèké
Ar. dhèwèké
Ar. dhèwèké
3 Sarta manusa calathu: Kena
ngapa iki?
4 Ing dina iku bumi anjalèntrèhaké pawartané,
5 Sabab déné Pangéranira aparing wewedhar marang bumi.2786
2786. Manawi dipun limbang-limbang kanthi dipun gathukaken kaliyan gesang sapunika punika,
piweca-piweca punika wigatos amecakaken jaman nalika bumi angedalaken tiyangipun ingkang pejah,
ingkang lajeng kagesangaken malih menggah ing ruhaniyahipun, ing sasampunipun bumi wau dipun
gonjang-ganjingaken kalayan sanget, kados déné ingkang kelampahan wonten ing tanah Arab punika.
Katranganing tegesipun zalzalah utawi gonjang-ganjing ingkang kados makaten wau, kula aturi mirsani
ing 1668. Bumi nyariyosaken pawartosipun, punika ateges dumadosipun kawontenan-kawontenan
Surat 99
Gonjang-ganjing
1671
6 Ing dina iku para manusa
bakal padha metu aprenca-prenca,
perlu padha diweruhaké panggawé-panggawéné.
7 Lah sapa sing nindakaké
panggawé becik (sanadiyan mung)
bobot samendhang, bakal weruh.
8 Lan sapa sing nindakaké
panggawé ala (sanajan mung)
bobot samendhang, (iya) bakal
weruh.2786
ingkang saged adamel melok sabarang tindak awon lan tindak dédé ingkang katindakaken wonten ing
ngriku, kados déné ingkang kacetha ing pangakenipun titiyang Makkah, bilih piyambakipun punika
tukang nindakaken pandamel awon. Sawenèh mufassir wonten ingkang mastani bilih ayat-ayat punika
wigatos nerangaken tandha-tandhanipun dinten akhir, utawi tanda-tandhanipun dinten pancasan
sampun celak. Manawi kasuraos makaten, dhawuh punika mengku teges, bilih lindhu lan babaya sanèssanèsipun badhé anggonjang-ganjingaken bumi. Babaya ingkang maujud lindhu tuwin paperanganpaperangan, ingkang anggènipun anggigirisi ngantos pentog kados déné ingkang kelampahan nalika
prang Éropah ing jaman samangké punika (prang donya ingkang kaping sapisan lan kaping kalih, pen),
punika sadaya wonten ing babading jagad dèrèng naté kelampahan, sarta saèstu anggonjangganjingaken bumi prasasat ngantos dumugi ing dhasaripun. Punika mratandhani bilih kula sadaya
punika ngalami gesang wonten ing jaman ingkang wonten ing serat-serat suci kasebut jaman akhir.
Tumrap panyuraos punika bumi angedalaken momotanipun, punika ateges ngedalaken isèn-isènipun
ingkang sakalangkung ageng pangaosipun, kadosta pepelikan tuwin wulu wedal sanès-sanèsipun.
Mufassir sanès-sanèsipun wonten malih ingkang gadhah pamanggih, bilih dhawuhing ayat punika
sadaya namung mathuk kanggé nyifati dinten akhir utawi dinten kiyamat. Nanging nitik wontenipun
pratélan bilih manusa wicanten: Kena ngapa iki, punika nandhakaken manawi dhawuhing ayat punika
langkung prayogi dipun tafsiri gagandhèngan kaliyan gesang sapunika punika.
2786A. Wohing pandamel awon tuwin pandamel saé ingkang katindakaken ing manusa punika
asring dipun pintonaken dhateng piyambakipun wonten ing gesang sapunika punika, sanajan
gumelaripun ingkang kalayan sampurna, kelampahanipun wonten ing akhirat. Nanging tumrap para
pandhèrèkipun Kanjeng Nabi tuwin mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi, ing gesang sapunika punika
ugi sami dipun paringi icip-icip wohing pandameiipun ingkang katindakaken, punika minangka kanggé
pasaksèn bilih wontenipun ganjaran tuwin siksa ing akhirat punika ugi nyata saèstu.
____________
SURAT 100
AL-‘ÂDIYÂT
(Ingkang nyerang)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(11 ayat)
Katerangan gerban
Surat punika dipun namakaken Ingkang nyerang, pipiridan saking dhawuh piweca ingkang kasebut
ing ayat 1, ingkang nerangaken bilih bilai ageng ingkang kapangandikakaken wonten ing surat ingkang
sampun, punika badhé kelampahan sarana peperangan-peperangan. Kanyataanipun bab prakawis
punika boten namung ing nalika jamanipun Kanjeng Nabi Suci kémawon, nanging dalasan ing jaman
kita samangké inggih tetep nyata, malah kapara langkung pratéla malih. Peperangan-peperangan ing
jaman kita samangké, ingkang dèrèng naté wonten saminipun ing sadèrèng-dèrèngipun, punika sampun
boten wonten semang-semangipun malih manawi dados cacala badhé wontenipun pambangunan ruhani
ingkang ageng, plek kados déné ingkang naté kelampahan wonten ing tanah Arab tigawelas abad
kapengker. Bab ingkang karembag wonten ing surat punika tuwin titimangsa jamaning tumurunipun,
kénging kagolongaken kaliyan surat nginggilipun.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
a. 2099
Ut. nyerang
1 Mramanaknaa kang-ambalap
kalawan menggos-menggos,
2 Sarta kang-amletikaké geni
kalawan panujahé,
3 Lan kang-nyander ing wayah
bangun-ésuk,
4 Tuwin kang-anjalari mabulmabuling lebu,
Ar. golongan
5 Banjur bisa andhesek sumusup mungsuh;
6 Sayekti, manusa iku marang
Pangérané ora sukur,2787
2787. Miturut para mufassirin ingkang sabagéan kathah, pratélan ing ayat 1 dumugi 5 punika
mratélakaken unta utawi kapal. Ingkang mastani nerangaken unta punika adhadhasar kateranganipun
Bagéndha ‘Ali, ingkang mangandikakaken bilih al-‘âdiyât punika tegesipun unta-unta ingkang sami
lumajeng saking Arafah dhateng Muzdalifah, inggih punika namanipun panggènan kakalih ingkang
wonten sasambetanipun kaliyan upacara lampah-lampahipun ngibadah haji.
tumrap panyuraos punika ateges tempuking tracakipun unta wau kaliyan séla nalika lumajeng ririkatan,
Surat 100
Ingkang nyerang
1673
7 Lan sayekti, dhèwèké iku temen anekséni marang prakara iku,
Ut. rosa
8 Lan sayekti, dhèwèké iku
tresnané marang bandha gedhé
temenan.
9 Apa ta dhèwèké ora weruh
samangsané apa kang ana ing
kubur ditangèkaké,
10 Sarta apa kang ana sajroning
dhadha dieblakaké?
11 Sayekti, Pangérané, ing dina
iku marang dhèwèké temen waspada.2787A
ngantos angedalaken latu.
nerangaken plajengipun ingkang rikat sanget
dhateng Mina ing wanci énjingipun dinten riyaya kurban. Déné
ateges dumugi-
nipun wonten ing Muzdalifah, ingkang kasebut al-jam’a, margi para ingkang jiyarah haji sami
nglempak wonten ing ngriku (Rz). Déné katrangan satunggalipun ingkang mastani nerangaken kapal,
punika awawaton kateranganipun I’Ab, Dk, lan para mufassirin sanès-sanèsipun sabagéan kathah;
maksudipun kapal-kapal ingkang dipun anggé wonten ing paprangan, déné suraosing dhawuh, piweca
kénging dipun suraos ugi ingkang dipun karsakaken ing dhawuh punika para prajurit piyambak, déné
tembung dlab-hâ, ingkang asalipun kanggé nembungaken kapal ingkang menggos-menggos, punika ugi
saged ateges ambengok (TA-LL), awit saking punika,
saged ateges Mamranakna
kang nyerang kalawan ambengok, dados saged mengku teges para prajurit ingkang sami perang, boten
ngemungaken ateges kuda peperangan kémawon. Tumrap panyuraos punika, ngedalaken latu punika
ateges andon perang, sarta al-mugirât ateges para ingkang sami anempuh; dados manawi kasuraos
makaten wau, ayat gangsal iji punika dumunung anerangaken anggènipun titiyang Makkah merangi
titiyang Muslimin.
Ayat 6 wigatos dhawuh migatosaken anggènipun para titiyang Makkah boten gadhah panarimah,
déné ngemohi Kanjeng Nabi Suci. Ingkang dipun karsakaken wonten ing dhawuhing ayat 1 dumugi 5
punika (manawi dipun suraos kados déné katrangan ingkang angka satunggal wau), wigatos nyebutaken
bukti kanggé ambuktèkaken ing kayektènipun Kanjeng Nabi. Lumampahipun unta-unta dhateng
Makkah kanthi ambekta para titiyang ingkang sami jiyarah haji, punika anggelar kayektènipun Kanjeng
Nabi, awit Kanjeng Nabi Ibrahim ingkang nyenyuwun dhateng Pangéran supados nagari Makkah
kadadosaken papan kalempakanipun manusa, punika ugi nyuwun supados saking antawising tedhak
turunipun wontena ingkang kajumenengaken Nabi wonten ing ngriku. Katrangan warni kalih
sanèsipun, punika ugi mengku karsa wigatos ambuktèkaken kayektènipun Kanjeng Nabi; inggih punika
badhé gumelar samangsa para titiyang Makkah ingkang boten gadhah panarimah wau merangi ing
panjenenganipun; inggih punika ing nalika Kanjeng Nabi andhatengaken yakti dhateng piyambakipun,
piyambakipun boten sami purun nampèni nanging malah ngacungaken pedhangipun.
2787A. Pangéran Waspada ing dinten wau, punika ateges bilih siksa mesthi andhawahi para
duraka, jalaran tumrap wonten ing donya punika tiyang punika sagedipun sumingkir saking siksa
manawi kalepatanipun tiyang wau boten kauningan fihak ingkang wajib. Nanging Pangéran punika ing
sawanci-wanci Mahawikan, mila manawi dhawuh punika mawi nyebutaken kalayan mligi ing dina iku,
punika perlunipun kanggé nyifati dinten wau dinten dhumawahing siksa, sami ugi, punapa ing gesang
sapunika punapa ing akhirat. Makaten ugi dhawuh apa kang ana ing kubur ditangèkaké. Punika mengku karsa wigatos anyebutaken kiyamat ruhani ingkang badhé dumados ing sasampunipun peperangan.
SURAT 101
AL-QÂRI’AH
(Babaya ingkang anggegeteri)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(11 ayat)
Katerangan gerban
Babaya ingkang anggegetiri ing surat punika, ingkang lajeng dados namanipun, punika sami
kaliyan gonjang-ganjing ing surat nginggilipun let satunggal. Titimangsaning tumurunipun kirang
langkung inggih sami.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Babaya anggegeteri!
Ar. apa
Ar. apa
2 Saiba anggoné anggigirisi
babaya kang anggegeteri iku!
3 Lan apa kang mangertèkaké
ing sira, saiba anggoné anggigirisi
babaya kang anggegeteri iku?2788
4 Dinané manusa padha kaya
sulung pating salebar,
l
2788. Al-qâri’ah (saking tembung qar’, jawinipun nothok kalayan sora) punika tegesipun
babaya ingkang sakalangkung ageng. Tembung punika wonten ing 13: 31
kagem kalayan tanpa karaketan ing al, makaten: “Lan ora bakal lèrèn-lèrèn para kang padha kafir,
anggoné padha ketaman babaya kang anggigirisi (Qâri’ah) amarga saka panggawéné ....... nganti
tumekané janjiné Allah.” Nitik panganggènipun tembung qâr’iah, nedahaken bilih tembung punika
mengku teges salah satunggaling babaya ageng ingkang pijer-pijer andhawahi para titiyang Quraisy
punika. Sarta nadyan inggih sampun boten kénging dipun sélaki malih bilih al-qâri’ah punika salah
satunggaling nama ingkang dipun anggé namakaken dinten kiyamat, namung sabab dipun raketi al,
punika boten saged ngéwahaken tegesipun, wangsul namung murih saya gumathok tegesipun tembung
qâri’ah wau. Dados manawi makaten, tembung wau ateges babaya ingkang kajanjèkaken utawi
ingkang kaancamaken, sarta ingkang makaten punika mengku kalih-kalihipun, inggih punika babaya
ingkang kaancamaken badhé dhumawah nalika ing gesang sapunika punika tuwin ing akhirat. Ing 69: 4
al-qâri’ah ateges babaya ageng ingkang nglebur umat saking lumahing bumi.
Surat 101
Babaya ingkang anggegeteri
1675
5 Sarta gunung-gunungé kaya
wulu wedhus buyar.2789
a. 859, 1732
6 Sabanjuré, sapa sing timbanging panggawéné becika abot,
7 Lah iku bakal seneng uripé.
8 Déné sapa sing timbanging
panggawéné becik ènthèng,
9 Panggonané bakal ana ing
jurang jero.2790
10 Lan apa kang meruhaké sira,
iku apa?
11 Geni kang murub.
2789. Para mengsahipun Kanjeng Nabi dados kados déné kupu ingkang pating salebar, déné
panuntunipun ingkang ageng-ageng, ingkang kasanépakaken kados déné redi. Sami kapracondhang
prangipun. Punika wonten ing 13: 31 kasebut babaya ingkang anggigirisi; mirsanana 1282.
2790. Tembungipun asli
Hâwiyah punika saking tembung
jawinipun nibakaké (LL), déné tegesipun hâwiyah wau panggènan ingkang sakalangkung lebet ngantos
boten saged dipun andhapi dhasaripun (TA-LL). Tembung umm ingkang sakawit ateges biyung,
salajengipun wonten ing sadaya tegesipun ingkang kaping kalih, raosipun teges ingkang sakawit wau
boten kétang sakedhik lastantun. Sawenèh saking tegesipun ingkang kaping kalih ingkang warni-warni
punika kadosta tuk, asal, tatales, uger-uger, sarananing gesang ingkang baku piyambak, barang
ingkang dipun gambloki barang sanès-sanèsipun, péranganipun ingkang baku satunggaling barang,
tiyang ingkang gadhah tanggelan nyukani tedha tuwin lalados ing tiyang kathah (LL). Panggènan
ingkang dipun enggèni utawi padunungan, punika ugi winastan umm (Q-LL), awit panggènan wau
nyukani pangayoman dhateng tiyang, kados déné biyung dhateng anakipun bayi. Naraka wonten ing
ngriki kasebut biyung, punika kanggé anedahaken bilih sasambetanipun manusa kaliyan naraka punika
sami kados déné sasambetanipun bayi kaliyan biyungipun; terangipun anggènipun manusa
kacemplungaken wonten ing naraka, punika kanthi mengku pamrih murih piyambakipun pantes utawi
kongang nglajengaken kamajenganipun wonten ing ngalam ruhani; dados, kados-kados piyambakipun
punika kagulawenthah wonten ing pangkonipun naraka, kados déné laré alit kagulawenthah wonten ing
pangkoning biyungipun, sarta anggènipun manggèn wonten ing naraka punika namung ing sawatawis
wekdal, kados déné laré alit nedha toya sesepaning biyungipun ing sawatawis wekdal. Kf nerangaken:
/
ananging sawenèh mufassir mastani manawi
punika sami kaliyan
inggih punika paribasan Arab kanggé mujèkaken tiyang supados ketaman cilaka, mila lajeng kaanggep
pratélan wau mengku suraos: Sapa sing timbanging panggawéné becik èntèng, dhèwèké bakal nemahi
curna (Kf, Rz).
__________
SURAT 102
AT-TAKÂTSUR
(Arebat ngajeng angathahaken bandha)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(8 ayat)
Katerangan gerban
Surat punika mathis sanget dipun namakaken Arebat ngajeng angathahaken bandha, ingkang
mirid saking tembung ingkang kasebut wonten ing ayat ingkang wiwitan piyambak. Wondéné ingkang
kasebutaken wonten ing surat punika, inggih punika bandha donya ingkang kathah tuwin kasenenngan
donya, punika alangan ageng ingkang sok nyalèwèngaken pamanahanipun manusa saking maksuding
gesang ingkang sajati. Awit saking punika, supados manusa punika ngrumaosi ingkang kados makaten
wau, perlu sanget manusa dipun tebihaken saking sawenèhipun kasenengan-kasenengan wau. Lah
inggih punika sababipun déné kawicaksananipun Pangéran kala-kala sok ngarsakaken babaya-babaya
andhawahi manusa. Dados surat punika rapet sanget sasambetanipun kaliyan surat-surat ingkang
sampun, ingkang mangandikakaken bab babaya-babaya wau. Kayektènipun prakawis ingkang
kasebutaken wonten ing dhawuh punika, wonten ing jagad punika dèrèng naté cumetha kalayan ngégla
ngungkuli ing jaman samangké. Surat punika salah satunggaling wahyuning Pangéran ingkang tumurun
nalika jaman wiwitan.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Brangta angakèhaké bandha
iku anglénakaké marang sira,
2 Nganti
kubur.2791
sira
tumeka
ing
2791. At-takâtsur punika manut rimbag tafâ’ul, saking tembung al-katsrah, tegesinun kathah, déné
tegesipun kajawi mengku teges ungkul-ungkulan kathah-kathahan bandha, lan sapiturutipun, kala-kala
sok mengku teges nindakaken satunggaling barang kalayan rekaos, lan tarkadhang sok ateges fi’l
piyambak (Rz). Mila at-tâkatsur kula tegesi brongta angakèhaké bandha. Tembung alhâ punika mesthi
dipun raketi lésanipun ingkang kagandhèng kalayan tembung ‘an, kanggé nedahaken “nglénakaké”
punika nglénakaken saking punapa. Ing dhawuh ngriki lésanipun wau boten dipun sebutaken, awit
pratélan punika piyambak sampun cekap kanggé anedahaken bilih ingkang dipun karsakaken punaka
nglénakaken saking maksuding gesang ingkang sajati. Miturut Rz, tumeka ing kubur punika tegesipun
.
pejah awit tiyang ingkang pejah punika katembungaken
jawinipun niliki utawi tumeka
ing kuburé. Sanajan anggènipun kadhawuhaken pratélan punika sasambetan kaliyan kawontenanipun
titiyang kafir Makkah, nanging suraosipun umum anyrambahi, awit boten prabéda lan titiyang Makkah
sami léna saking maksuding gesang ingkang sajati déning bandhanipun ingkang sakalangkung kathah,
lah makaten ugi bandha ingkang sakalangkung kathah wau tansah adamel lénanipun tiyang, sarta
dalasan jagading samangké punika ugi léna déning kathahing bandha wau.
Surat 102
arebat ngajeng ngathahaken bandha
1677
3 O, sira bakal énggal weruh,
Ar. manèh
Ar. ngilmu
4 O, temenan, sira bakal énggal
weruh.
5 O, yèn ta kowé weruha
kalawan yakining kawruh,
6 Amasthi sira bakal nyumurupi naraka;
Ar. mripat
7 Banjur sira masthi nyumurupi
iku kalawan yakining pandulu;
8 Tumuli ing dina iku temen
sira bakal dinangu prakara nugraha-nugraha(-ning Pangéran).2792
2792. Ayat 5 dumugi 8 punika kasuraos medharaken kayakinan tigang tataran, inggih punika:
ilmu-l-yaqîn, ‘ainu-l-yaqîn, tuwin haqqu-l-yaqîn, jawinipun: yakining ngilmu, yakining mripat, tuwin
jatos-jatosing yakin. Kalayan ngilmu, inggih punika sarana anglimbang-nglimbang, ing donya ngriki
ugi manusa saged angsal kayakinan ing wontenipun naraka (ayat 4 lan 6). Sasampunipun manusa pejah,
kalayan mripatipun piyambakipun saged nyumerapi naraka (ayat 7). Nanging cumethanipun ingkang
kalayan sampurna naraka punika badhé dipun sipati déning manusa bénjing ing dinten kiyamat (ayat 8),
awit kadangu bab prakawis nugraha, punika ateges ngraosaken siksa ingkang margi boten purun
migunakaken punapa mesthinipun barang ingkang sampun kaparingaken dhateng manusa. Nanging
dhawuh punika ugi kénging kasuraos tumrap ing gesang sapunika punika. Manawi purun manah-manah
dhateng kawontenanipun awon, manusa punika saged angsal kayakinan ing wontenipun naraka.
Makaten punika yakining ngilmu. Lajeng sarana ningali lalampahan ingkang kasandhang ing ngasanès,
piyambakipun saged angsal seserepan ingkang yakin lantaran mripat. Wasana piyambakipun yakin
saèstu ing wontenipun naraka, samangsa kacilakan andhawahi piyambakipun. Lah inggih bab prakawis
punika ingkang dipun pèpèngetaken dhateng titiyang Makkah.
_______________
SURAT 103
AL-’ASHR
(Wanci)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(3 ayat)
Katerangan gerban
Surat punika wigatos dhawuh anggatosaken dhateng pasaksinipun wanci, kanggé nedahaken bilih
ingkang saged subur punika ngemungaken para ingkang sami purun nampèni yakti kémawon, para
ingkang sami angemohi kapitunan ageng; mila surat punika dipun namakaken Wanci. Wondéné
pasaksinipun wanci punika wonten warni tiga. Sapisan wekdal ingkang sampun kelampahan suka
pasaksèn bilih ngemungaken tiyang ingkang boten ambèbècèr wekdalipun ingkang kanggé nindakaken
kasaénan kémawon, ingkang sami angsal piguna. Kaping kalih, papadhang ingkang madhangi ing
sauruting marginipun jaman ingkang sampun kapengker ing kina, suka pitedah dhateng kula sami bilih
para titiyang ingkang sami atindak saé tuwin ajak-ajak dhateng kasaénan, punika sami subur
gesangipun; kosokwangsulipun para ingkang sami nindakaken awon, mesthi nemahi curna. Kaping
tiga, wekdal jamanipun Kanjeng Nabi Muhammad saw. suka pasaksèn papancasan ingkang
sakalangkung déning terang, bilih para angèstu tuwin para ingkang sami nindakaken kasaénan sami
manggih kabegjan, kosokwangsulipun, mengsah-mengsahipun para angèstu wau sami nandhang
kapitunan ingkang pratéla. Surat punika salah satunggaling dhawuh ingkang tumurun jaman wiwitan.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
a. 2099
1 Mramanaknaa marang waktu,
2 Sayekti, manusa iku temen
ana sajroning kapitunan,
3 Kajaba kang padha angèstu
sarta anindakaké panggawé becik,
apa déné weling-wineling ing bener
sarta weling-wineling ing sabar.2793
2793. ‘Ashr punika tegesipun wanci utawi jaman (TA-LL). Sumangga nganggé teges ingkang
angka kalih rumiyin, ingkang déning Fr kaanggep dados tegesipun tembung ‘ashr ing ngriki (LL).
Manawi nganggé teges ingkang angka kalih wau, dhawuh pratélan punika wigatos dhawuh
anggatosaken dhateng jaman ingkang sampun-sampun, ingkang manawi katiti-priksa saèstu sampun
cekap kanggé anedahaken, bilih wekasanipun manusa punika boten sanès kajawi namung karisakan
blaka, kajawi manawi piyambakipun purun angèstu tuwin tumindak miturut yakti lan ajak-ajak dhateng
tiyang sanès netepi yakti. Ngemungaken yakti piyambak ingkang saged suka gesang sajati dhateng
sagung para manusa. Para titiyang Makkah sami dipun paringi dhawuh, bilih kasunyatan ingkang kados
Surat 103
Wanci
1679
makaten punika katingal melok wonten ing jaman ingkang sampun kapengker. Manawi tembung ‘ashr
dipun tegesi wanci, dhawuh punika lajeng mengku suraos dhawuh migatosaken dhateng lampahing
wekdal, ingkang sampun terang anedahaken bilih sok tiyanga ingkang boten purun mempeng
anindakaken sawenèh kasaénan ingkang langgeng, menggah ing sajatos-jatosipun piyambakipun
punika kécalan sadaya wekdal ingkang sampun kelampahan. Nanging sawenèh mufassir wonten
ingkang gadhah paham bilih al-‘ashr punika jamanipun Kanjeng Nabi Suci. Satunggaling hadits
pangandikanipun Kanjeng Nabi Suci ingkang sahih, ingkang nyanépakaken jamanipun Kanjeng Nabi
kaliyan ‘ashr, wanci ngasar, ngiyataken paham wau. Wondéné suraosipun jamanipun Kanjeng Nabi
punika sampun saged dados bukti ingkang anedahaken bilih sinten ingkang boten purun angèstu lan
boten purun nindakaken kasaénan mesthi kapitunan; bukti punika kalayan terang gamblang kagelar
déning sugengipun Kanjeng Nabi. Miturut I’Ab, al-insân ing ngriki ateges sagolonganipun para
manembah brahala ingkang sakalangkung sanget anggènipun milawani ing Kanjeng Nabi Suci (Rz).
Dhawuh ingkang maréntahaken weling-wineling ing yakti, punika dipun sambeti ing dhawuh
ingkang maréntahaken weling-wineling ing kasabaran; awit mulangaken yakti punika mesthi mawi
manggih rekaos warni-wami, manawi boten sabar lan santosa nalika nandhang rekaos, mesthi boten
saged miturut ing yakti.
____________
SURAT 104
AL-HUMAZAH
(Tukang ngawon-awon)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(9 ayat)
Katerangan gerban
Kosokwangsul kaliyan tiyang ingkang kapangandikakaken wonten ing surat ingkang sampun,
inggih punika para titiyang ingkang sami angèstu, nindakaken pandamel saé tuwin ajak-ajak dhateng
yakti lan kasabaran, tiyang ingkang kapangandikakaken ing ngriki inggih punika tiyang ingkang boten
purun nindakaken pandamel saé ingkang langgeng, nanging malah namung manggung ngumpuk-umpuk
bandha, boten weling-wineling ing yakti, nanging malah ngraosi awoning ngasanès. Ing ngriki ugi
mengku piweca, bilih para tukang ngraosi awon dhateng Kanjeng Nabi, punika ing wasananipun mesthi
badhé nemahi cilaka. Dhawuh punika panunggilanipun dhawuh ingkang tumurun ing jaman wiwitan.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Cilaka tumrap sarupaning
tukang ngala-ala, tukang nginakaké,2794
Ut. ditikeltikelaké
2 Kang anglumpukaké bandha
sarta anganggep iki dadi panulaking bilai;2795
3 Anyana, yèn bandhané iku
anglanggengaké awaké.2796
2794. Tukang ngawon-awon lan tukang nginakaken wonten ing ngriki dipun gebyah uyah
kalepataken sadaya; nanging dhawuh punika ugi mengku karsa ingkang mligi nyebutaken titiyang
Makkah, ingkang nalika sami miwiti milawani Kanjeng Nabi sami ngawon-awon lan nginakaken panjenenganipun, pamrihipun supados para ingkang sami dhateng saking panggènan ingkang tebih-tebih
perlu sami jiyarah haji ing Makkah, punika boten sami purun mirengaken piwulangipun Kanjeng Nabi.
2795. ‘Addada-hu, tegesipun nganggep satunggaling barang dados sadhiyan kanggé anjagi
sampun ngantos kataman ing kacilakan (S, Q-LL), asal saking tembung al-‘uddah (Rz). Para
mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi sami gadhah panganggep, bilih piweca-piwecanipun Kanjeng
Nabi bab leburipun para mengsah wau ingkang sampun mèh kelampahan, punika mesthi boten netes,
jalaran bandhanipun punika kaanggep sampun nyekapi kanggé milujengaken awakipun saking
sadhéngah bilai, ingkang kacalonaken badhé andhawahi piyambakipun.
2796. Suraosipun, piyambakipun gadhah panganggep bilih piyambakipun mesthi badhé lastantun
subur makmur, utawi lastantun wonten ing panggènanipun, margi saking bandhanipun wau.
Surat 104
Tukang ngawon-awon
1681
4 O, ora, dhèwèké masthi bakal
dicemplungaké ing bilai kang
ngremukaké,2797
5 Lan apa kang ngretèkaké marang sira, bilai kang ngremukaké
iku apa?
6 Yaiku genining Allah kang
diurubaké,
Ut. nyalad
7 Kang munggah sadhuwuring
ati.2798
8 Sayekti, (geni) iku bakal tinutup ngrukub marang dhèwèké,
9 Ing sajroning papathok saka
kang dhawa.2799
2797. Dhumawahipun bilai ingkang adamel remuk rempu, ingkang kasasmitakaken wonten ing
ayat-ayat ingkang sampun, kalayan ceplos dipun antebaken wonten ing ngriki. Al-huthamah punika asal
saking tembung hathima, jawinipun ajur mumur (LL). Nama al-huthamah punika namanipun naraka
tataran ingkang angka kalih (Rz), gapuranipun naraka (Q-LL), awit al-huthamah punika ngejur
mumur samukawis ingkang kacemplungaken mriku. Tembung punika kula jarwani bilai kang
ngremukaké, murih mengku kalih-kalihipun, inggih punika naraka tuwin bilai sanès-sanèsipun ingkang
kawecakaken badhé ngejur mumur para tukang ngawon-awon Kanjeng Nabi ingkang sami sugih-sugih
punika; déné sababipun mila siksanipun wau kanamakaken makaten punika, awit para titiyang wau
sami kajeng badhé ngremuk Kanjeng Nabi tuwin yakti ingkang kaampil.
2798. Kedah dipun pèngeti bilih latuning naraka punika katerangaken manawi munggah
sadhuwuring ati punika anedahaken bilih latuning naraka punika asalipun saking salebeting manahipun
manusa piyambak. Dados narakanipun manusa punika wonten ing gesang sapunika punika dumunung
wonten ing manahipun piyambak, lah ing gesang ingkang badhé dhateng naraka wau badhé maujud
langkung cetha awewèntèhan.
2799. Papathok saka kang dawa, inggih sakaning latu ingkang mumbul wonten ing sanginggiling
manah. Punika adegipun saking pépénginanipun manusa ingkang dipun uja tanpa mawi wates, temahan
margi boten naté saged marem lajeng dados tuking siksa tumrap manusa wonten ing donya punika.
_______________
SURAT 105
AL-FÎL
(Gajah)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(5 ayat)
Katerangan gerban
Ingkang kagelar wonten ing surat punika makaten: manawi namung dhateng tetengering
Kasawijènipun Allah, ingkang awujud yayasan saking séla, inggih punika Ka’bab, ngantos samanten
anggènipun Allah keraya-raya angayomi, ngantos kepareng nglebur wadyabala ingkang sakalangkung
kiyat karana punika, mangka ing nalika punika Ka’bah wau kadarbé ing para manembah brahala, lah
punapa malih dhateng Nabi-Nipun ingkang pinilih, ingkang kapiji kinèn angundhangaken KasawijènIpun ing saindhenging bawana, boten saya langkung sanget malih anggèning Panjenenganipun
kepareng badhé angayomi. Surat punika dipun namakaken Gajah, awit ing antawisipun wadyabala
ingkang nempuh punika wonten limanipun punapa. Surat punika panunggilanipun dhawuh ingkang
tumurun nalika jaman wiwitan, sarta nedahaken bilih sedyanipun mengsah badhé nglebur titiyang
Muslimin punika sampun wiwit ing jaman wiwitan mila.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Apa sira ora andeleng, kapriyé garapé Pangéranira marang
para kang duwé gajah?2800
2800. Ingkang dipun karsakaken inggih punika panempuhipun Abrahah dhateng kitha Makkah.
Déné Abrahah punika adipatinipun raja Habasyah ing jaman ingkang nganggé agami Nasrani.
Sedyanipun adipati Abrahah badhé nyirnakaken Ka’bah, supados grengsengipun tiyang Arab dhateng
agami pindhah dhateng Sana’aa, ingkang déning adipati Abrahah sampun dipun adegi gréja ageng
(Kathedral) ingkang magrong- magrong anjenggarang, makaten ugi mengku pamrih murih
dadaganganipun titiyang Arab inggih pindhaha mriku. Wonten ing tanah Arab wadyabala punika
misuwuripun winastan Ashâbu l-fîl, jawinipun para kang duwé gajah, margi ing ngriku wonten
limanipun satunggal utawi langkung. Taun nalika adipati Abrahah ngrabasa dhateng Makkah wau
misuwur winastan taun gajah, inggih punika nyarengi taun Maséhi 570, nunggil taun ugi kaliyan taun
miyosipun Kanjeng Nabi Suci. Rumaos boten kecunggah ambélani papan suci saking panempuhipun
wadyabala ageng wau, sarta margi boten angsal damel anggènipun ngrembagi adipati Abrahah supados
murungaken sedyanipun ingkang nerak wawalering kasucian wau, Bagéndha Abdul Muththalib
nyunyuwun dhateng Pangéran kalayan sora, sarwi léndhéan kontening Ka’bah, makaten: “Dhuh
Pangéran! mugi Tuwan rumeksa ing padaleman Tuwan; sarta mugi sampun ngantos Kanjeng Salib
menang kaliyan Ka’bah.” Para titiyang Makkah sadaya lajeng sami késah dhateng paredèn ing
sakubengipun kitha suci, déné adipati Abrahah ing nalika punika makuwon wonten ing satunggaling
panggènan watawis lampahan tigang dinten saking Makkah. Ing wekdal wau wadyabalanipun adipati
Abrahah ketrajang ing ambah-ambah sawarni sasakit cacar ingkang sakalangkung andrawasi, utawi
Surat 105
Gajah
1683
2 Apa Panjenengané ora andadèkaké perangé larut morat-marit,
3 Sarta angutus manuk agolong-golong (supaya mangsa)
marang dhèwèké,
4 Anibani dhèwèké kalawan
watu atos,
5 Banjur Panjenengané andadèkaké dhèwèké kaya godhong
kang dipangan?2801
pageblug sanès, sakalangkung déning sanget ngantos sami lumajeng “larut morat-marit lan sami telas
manahipun temah sami pating bilulung,” kathah ingkang boten saged wangsul margi boten sumerep
marginipun, temah sami pejah wonten ing jujurang, sapérangan malih wonten ingkang larut ketrajang
ing banjir bandhang (mirsanana Life of Muhammad, ing Purwaka, p.c. Déning tuwan Muir)
Lalampahan punika kasebutaken wonten ing ngriki kanggé anedahaken kados pundi anggènipun
Allah ngreksa Ka’bah saking upayaning mengsahipun ingkang kiyat, dados nglastantunaken
panguwaosipun titiyang Quraisy dhateng saindhenging tanah Arab sadaya. Manawi makaten punapa
piyambakipun boten lajeng atur panuwun karana nugraha wau, lan lajeng ngabdi ing Pangéraning
padaleman wau, kados déné ingkang kasebutaken kalayan cetha wonten ing surat candhakipun?
Sajakipun lalampahan punika ugi mengku sasmita, Pangéran Mahaluhur kepareng rumeksa dhateng
Ka’bah saking mengsah, mangka ing nalika punika Ka’bah wau dipun anggé nembah brahala, punika
minangka kanggé anedahaken bilih anggèn-Ipun rumeksa wau kalayan mengku karsa. Taun punika
nyarengi kaliyan taun miyosipun Kanjeng Nabi, punika cetha manawi dumunung anggenahaken karsa
wau, awit bangsa Arab punika boten namung mangertos manawi padaleman suci punika kasinungan
barkahipun Kanjeng Nabi Ibrahim, nanging ugi mangertos bilih Kanjeng Nabi Ibrahim nyuwun dhateng
Pangéran ing rawuhipun satunggaling Nabi saking antawisipun bangsa Arab, ingkang badhé nucèkaken
padaleman wau. Dados lalampahan punika kasebutaken punika kalayan mengku pèpènget dhateng para
titiyang Quraisy, bilih manawi Pangéran sampun nglebur wadyabala margi sumedya badhé nyirnakaken
padaleman-Ipun suci, lah punapa inggih panjenenganipun ngèndelaken kémawon tiyang ingkang
sumedya badhé nyirnakaken Nabinipun ingkang suci?
2801. Para mufassirin sami ngandharaken dodongèngan-dodongèngan ingkang aèng-aèng, ingkang
nyariyosaken kados pundi anggènipun kasirnakaken wadyabalanipun adipati Abrahah, nanging para
ahli babad namung mastani sabab ingkang murugaken wadya wau sami larut morat-marit punika margi
ketrajang ing sasakit cacar utawi ketrajang ing pageblug (mirsanana Waqidi lan Hisyami). Quran boten
ngandharaken kados pundi sirnanipun wadyabala wau. Peksi-peksi kasebutaken punika namung
mengku sedya kanggé anedahaken bilih wadya wau dipun sirnakaken tan mangga puliha sarta
peksi-peksi sami nedha wangkenipun, ngelèti daginging wangké lajeng dipun keplèkaken dhateng séla.
(peksi-peksi dados pasaksèn leburipun wadyabala, punika kateranganipun sampun kasebutaken wonten
ing 1387). Lah inggih awit saking punika mila ing wekasaning dhawuh kasebutaken wangkénipun
kados déné ron-ronan ingkang sampun katedha (ing ama). Dodongèngan ingkang dipun sebutaken
déning para mufassirin anggumujengaken sanget, boten perlu kula sebutaken ing ngriki. Kajawi punika,
dodongèngan-dodongèngan wau boten kasebut wonten ing hadits ingkang kénging pinitados.
______________
SURAT 106
AL-QURAISY
(Bangsa Quraisy)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(4 ayat)
Katerangan gerban
Surat punika sambet rapet kaliyan surat ingkang sampun, sarta menggah ing sajatos-jatosipun surat
punika taksih nglajengaken prakawis ingkang karembag wonten ing surat ingkang sampun inggih
punika ngèngetaken titiyang Quraisy nugraha gung ingkang sampun kaparingaken dhateng
piyambakipun, margi piyambakipun punika dados juru kuncining Ka’bah. Inggih sabab saking punika
déné surat kakalih punika tarkadhang sok kawaos dados satunggal, ingkang mahanani sawenèh
mufassir gadhah pamanggih bilih surat punika péranganipun surat ingkang sampun. Titimangsa
tumurunipun inggih sami.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Minangka
pangayomaning
bangsa Quraisy2802
2802. “Quraisy” punika namanipun pancer turun Nadir bin Kananah (Rz). Miturut sawenèh
tembung Quraisy punika tashgir-ipun (rimbag murih anggadhahi teges alit) tembung qarsy, inggih
punika namanipun kéwan ageng ing saganten, ingkang nedha kéwan sanès, nanging awakipun
piyambak boten kénging katedha. Makaten punika kateranganipun I’Ab, ingkang kanggé ngiyataken
pratélan punika panjenenganipun maos kidung Arab makaten:
jawinipun: “Lan Quraisy iku (kéwan) kang urip ing sagara. Mulané wong Quraisy iku kasebut Quraisy”
ngulami sanès mastani asaling tembung sanèsipun malih (Rz). Pancer Quraisy punika dudunung
wonten ing Makkah sarta dados juru-kuncinipun padaleman suci. Ingkang dipun anggé punjer
klempakanipun para ingkang sami ziyarah haji saking pundi-pundi nagari ing tanah Arab; milanipun
pancer Quraisy punika wonten ing antawisipun pancer-pancer Arab sadaya, angsal kaurmatan ingkang
mligi, inggih margi saking dados juru-kuncining padaleman suci wau.
Ayat ingkang wiwitan ing surat punika sasambetan kaliyan surat ingkang sampun, sarta kanthi
mengku sedya melokaken sasambetan wau, déné sawenèh sahabat Nabi kala-kala maos surat kakalih
punika tanpa mawi kaselanan maos Bismillâh. Dados suraosipun dhawuh punika: Pangéran angreksa
Ka’bah lan nyirnakaken mengsahipun Ka’bah, punika nugraha ingkang mligi tumrap titiyang Quraisy,
awit punika ugi ateges maringi pangayoman dhateng para titiyang Quraisy wau. Nyata, margi titiyang
Quraisy punika juru-kuncinipun Ka’bah, samangsa sami kekésahan wontena ing pundi-pundi
panggènan sami dipun aosi, makaten ugi wonten ing salebeting tanah suci, sami angsal kaamanan tanpa
wonten ingkang nyamèni, kados déné ingkang kasebutaken wonten ing Quran Suci piyambak makaten:
“apa ta padha ora weruh, yèn Ingsun wus andadèkaké slameting tanah suci, mangka wong-wong padha
dibandhang kalawan ruda paripeksa saka ing sakiwa tengené?” (29: 67). Saupami Ka’bah punika dipun
Surat 106
Bangsa Quraisy
1685
2 Pangayomané sajroning lulungané ing mangsa adhem lan
mangsa panas2803
3 Mulané dhéwéké kon padha
ngawula marang Pangéraning
Padaleman iki,
4 Kang aparing pangan dhèwèké (minangka) panulaking luwé
sarta aparing aman minangka
pambirating wedi,2804
risak, sayekti titiyang Quraisy ical wigatosipun, sarta akaliyan punika pangayoman ingkang mligi dados
bebahanipun inggih tumut ical.
2803. Pangayoman ingkang kasebutaken wonten ing katrangan ingkang sampun, punika tumrap
titiyang Quraisy wonten pigunanipun ingkang mligi, kanggé kekésahan mangalèr dhateng tanah Syam
lan mangidul dhateng Yaman. Késahipun dagang mangalèr manawi masa katigen, mangidulipun
manawi masa rendheng.
2804. Dipun paringi tedha minangka panulaking luwé lan dipun paringi aman minangka
pambirating ajrih, punika nugraha mligi warni kalih ingkang kaparingken dhateng titiyang Quraisy
lantaran kasucianipun Ka’bah; kelampahanipun ingkang kados makaten punika kabekta saking
wontenipun tatacara jiyarah dhateng Makkah punika ngramékaken sanget dadaganganipun para titiyang
Quraisy wau, kawimbuhan malih barang-barang ingkang dados kabetahaning gesang kabekta mriku, tur
awakipun piyambak aman saking sawarnining kakuwatosan badhé tinempuh, mangka para pancer Arab
sanès-sanèsipun tansah dados lésaning panempuh.
SURAT 107
AL-MÂ’ÛN
(Dana)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(7 ayat)
Katerangan gerban
Nadyan titiyang Quraisy sami kaparingan nugraha kados déné ingkang kapangandikakaken wonten
ing surat kakalih ingkang sampun, suprandéné para titiyang wau sami maiben ing wontenipun
pancasan, sarta ngicak-icak wewenangipun para laré yatim lan para titiyang miskin. Inggih margi
anggènipun boten sami purun dedana dahteng titiyang miskin wau, mila surat punika dipun namakaken
Dana. Lepat manawi kaanggep bilih surat punika katurunaken ing Madinah. Saged ugi, surat punika
sepuhipun boten sami kaliyan surat kakalih ingkang sampun, nanging prakawis kagolong èwoning
dhawuh ingkang tumurun nalika jaman Makkah wiwitan, punika terang sampun boten wonten semangsemangipun malih.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
Ut. agama
1 Apa sira weruh wong kang
anggorohaké marang pancasan ?
2 Lah yaiku wong kang santak
marang bocah yatim,
3 Lan ora gelem ajak-ajak awèh
pangan wong miskin.2805
4 Mulané, cilaka tumrap wongwong salat,
5 Kang ora tuhu-tuhu ing dalem
salaté,
2805. Ad-din ing ngriki ateges pancasan, inggih punika paugeran bilih sadhéngah pandamel mesthi
wonten wohipun. Milanipun, tiyang kiyat nindhes dhateng sadhèrèkipun ingkang ringkih lan apes, sarta
malih ingkang boten purun nyadhiyakaken sapéranganing bandhanipun kanggé mitulungi sadhèrèksadhèrèkipun ingkang miskin. Punika kaanggep lepat kados déné tiyang ingkang anggorohaken
pancasan. Kados punapa anggènipun Kanjeng Nabi tansah rnrihatosaken kawilujenganipun titiyang
miskin tuwin laré-laré yatim, saged katitik saking dhawuh punika.
Surat 107
Dana
1687
6 Kang padha amurih dineleng
ing liyan (lakune becik),
7 Sarta
dana.2806
padha
anyegah
da-
2806. Al-mâ’un punika asal saking tembung ma’n, tegesipun barang alit utawi sapélé (Rz), sarta
awawaton Bagéndha Abu Bakr, ‘Ali, I’Ab, ‘Ik, Qtd, Dk tuwin sahabat sanès-sanèsipun, kaanggep
mengku teges zakât (jakat), ambokmanawi kémawon margi zakat punika awujud sapérangan alit saking
gunggunging bandha sadaya (Rz, Kf, tuwin sanès-sanèsipun). Kacariyos tegesipun ingkang asli
tembung punika: kabetahaning balegriya ingkang alit-alit, kadosta: latu, toya, sarem, bendho, kuwali,
piring, sapiturutipun (Rz). Teges ingkang angka satunggal wau ingkang langkung prayogi. Wontenipun
pratélan ingkang mungel kang padha amurih dineleng ing liyan lakuné becik, punika boten teka dados
pracihna bilih péranganing surat punika katurunaken ing Madinah, awit kados déné ingkang kacetha
wonten ing ayat ingkang wiwitan, terang bilih ingkang katuju ing dhawuh punika titiyang kafir.
SURAT 108
AL-KAUTSAR
(Kasaénan sakalangkung kathah)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(3 ayat)
Katerangan gerban
Dhawuh punika èwonipun dhawuh ingkang sepuh-sepuh (tumurun ing jaman wiwitan sanget),
sarta anjanjèkaken sawarnining kasaénan ingkang mluwah-mluwah dhateng Kanjeng Nabi.
Salajengipun dhawuh punika anedahaken bilih mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi mesthi badhé
kécalan sadaya kasaénan, kalebet ugi kasaénan ingkang sampun kaparingaken dhateng piyambakipun
ing donya punika minangka nugraha.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Sayekti, Ingsun wus aparing
kabecikan kaliwat akèh marang
sira.2807
2 Mulané salata marang Pangéranira sarta kurbana,2808
2807. Al-kautsar, tegesipun kaliwat akèh, mligi tumrap barang saé, sarta miturut Rz, mengku
kasaénan tumrap ing donya punika tuwin kasaénan tumrap ing akhirat. Ing suwarga wonten lèpèn
ingkang namanipun kautsar, inggih ingkang dados tukipun sadaya lèpèn, punika namung anedahaken
bilih kasaénan ingkang sakalangkung kathah, ingkang kaparingaken dhateng Kanjeng Nabi, punika
inggih badhé dados tuking kasaénan, liripun, tiyang sanès badhé ngalap kasaénan saking
panjenenganipun. Dipun riwayataken I’Ab nerangaken bilih kautsar punika tegesipun kasaénan
ingkang sakalangkung kathah; sareng panjenenganipun dipun wangsuli bilih titiyang kathah mastani
.
manawi kautsar punika lèpèn ing suwarga, panjenenganipun lajeng ngandika:
jawinipun: “Iku iya èwoné kabecikan kang kaliwat akèh.” Kasil ingkang sakalangkung angédab-édabi,
ingkang dipun gayuh déning Kanjeng Nabi salebetipun ambangun satunggaling bangsa ingkang
sampun pejah, inggih punika kawontenan ingkang dèrèng naté wonten saminipun wonten ing babading
donya, punika salah satunggaling cakrikipun kasaénan sakalangkung kathah ingkang dipun janjèkaken
dhateng panjenenganipun tumrap ing gesang sapunika punika.
2808. Sagedipun saèstu tampi kasaénan mluwah-mluwah ingkang kajanjèkaken badhé dipun
paringaken dhateng panjenenganipun, Kanjeng Nabi Suci kadhawuhan salat dhateng Pangéran sarta
akurban. Dados dhawuh punika anedahaken bilih sintena kémawon ingkang kepéngin angsal kasaénan
wonten ing gesang sapunika punika tuwin kesaénan ing akhirat, kedah sembahyang lan akurban.
Surat 108
Kasaénan sakalangkung kathah
1689
3 Sayekti, mungsuhira – iku
kang buntung (saka kabecikan).2809
2809. Tembung abtar (saking batr, jawinipun medhot thel satunggaling barang), punika manawi
dipun anggé tumrap kéwan, ateges kéwan ingkang dipun kethok buntutipun. Manawi dipun anggé
tumrap manusa, tembung wau warni-warni tegesipun, minangka conto kadosta: kaselut ing betah utawi
kikirangan, kapitunan, tiyang ingkang kapedhotan sadaya kasaénanipun utawi kapedhotan subur
makmuripun, margi boten gadhah turun (LL).
Nitik ukaranipun ayat punika, nedahaken bilih pratélan punika minangka wangsulan dhateng
mengsah, ingkang sami mastani Kanjeng Nabi punika abtar. Wondéné suraosipun, manawi mengsah
pejah mesthi boten badhé wonten ingkang anggentosi; piyambakipun mesthi badhé pinedhot boten
angsal damel lan boten saged kadumugen sedyanipun; piyambakipun mesthi boten badhé wonten
ingkang mitulungi, sarta piyambakipun mesthi badhé lastantun dumunung ing ina tuwin asor (Rz).
Dados ayat punika ngemot piweca, sapisan Kanjeng Nabi mesthi badhé sinung sadaya kasaénan
ingkang sakalangkung kathah, kaping kalihipun, mengsah-mengsahipun Kanjeng Nabi mesthi badhé
pinedhot saking sawarnining kasaénan, boten kadumugèn sedyanipun anggèning milawani Kanjeng
Nabi, makaten ugi anak-anakipun boten badhé dados susulihipun ing dalem kakafiranipun tuwin ing
dalem anggèning mengsahi Kanjeng Nabi.
____________
SURAT 109
AL-KÂFIRÛN
(Para kafir)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(6 ayat)
Katerangan gerban
Para kafir (ingkang lajeng kanggé namakaken surat punika) wonten ing surat punika dipun
pangandikani bilih pandamelipun ingkang awon punika mesthi badhé angsal wawales, déné Kanjeng
Nabi badhé ngundhuh ganjaraning pandamelipun. Surat punika kagolong jaman Makkah wiwitan.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Calathua: O, para kafir!
2 Aku ora manembah marang
kang-kosembah,
3 Lan ora (pisan) kowé iku
kang-manembah marang Kangdaksembah;
4 Lan ora (pisan) aku iki kang
manembah
marang
kangkosembah.
5 Lan ora (pisan) kowé iku
kang-manembah marang Kangdaksembah;
6 Kowé bakal olèh wawalesmu,
lan aku bakal olèh wawalesku.2810
2810. Tembung dîn tegesipun wawales utawi ganjaran. Dhawuh punika piweca, inggih punika
amecakaken bilih para ingkang ngabdi ing Allah mesthi badhé angsal ganjaran ingkang saé saking
Pangéran, déné para ingkang ngabdi ing brahala boten badhé angsal pitulung punapa-punapa saking
sesembahanipun ingkang palsu wau. Surat candhakipun nyebutaken ganjaranipun para setya tuhu,
inggih punika pitulungipun Pangéran tuwin kamenangan, punapa déné titiyang ingkang sami lumebet
Surat 109
Para kafir
1691
agami Islam kalayan byuk-byukan;. Déné surat candhakipun malih mratélakaken bilih angsalangsalanipun para menembah brahala, badhé atanpa gina bandhanipun lan sadaya pambudidayanipun.
Panginten bilih dhawuh punika nedahaken manawi Kanjeng Nabi sampun mupus, ketelasan pangajengajeng saged ngislamaken para titiyang kafir, sarta lajeng ngèndelaken kémawon para kafir wau ngantebi
agaminipun. Punika panginten ingkang lepat. Sakedhép nétra kémawon boten panjenenganipun naté
kèndel anggènipun ajak-ajak dhateng para titiyang kafir supados ngrasuk Islam lan supados mantuni
anggènipun nembah brahala.
_______________
SURAT 110
AN-NASHR
(Pitulung)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(3 ayat)
Katerangan gerban
Surat punika mangandikakaken Pitulungipun Pangéran ingkang agung sarta kamenangan (ingkang
lajeng kanggé namakaken surat punika) ingkang dipun paringaken dhateng Kanjeng Nabi Suci
minangka angsal-angsalaning anggènipun makarya ing margining yakti. Miturut I’Ab dhawuh punika
mratandhani bilih Kanjeng Nabi Suci sampun nyelaki kaliyan surutipun (Bkh). Dipun riwayataken,
Ibnu ‘Umar ngandika bilih surat punika anggènipun katurunaken nalika Kanjeng Nabi tindak haji
ingkang wekasan, sarta let wolungdasa dinten sasampunipun katurunan surat punika Kanjeng Nabi séda
(AH). Dados sanajan dhawuh punika kagolong wahyu Madaniyah, menggah ing sajatos wonten ing
Makkah tumurunipun. Sami-sami dhawuh ingkang tumurunipun jangkep sasurat, surat punika kénging
winastan wahyuning Pangéran ingkang tumurun dhateng Kanjeng Nabi wekasan piyambak.
Anggènipun tumurun wonten ing Makkah, punika anedahaken bilih piweca-piweca ingkang
anggumunaken, ingkang kawecakaken ing kalanipun Kanjeng Nabi taksih piyambakipun lan taksih
ringkih, punika ing sapunika sampun dipun tuhoni saèstu wahananipun wonten ing Makkah, inggih
punika déning rawuhipun Kanjeng Nabi dhateng kitha suci wau mawi kadhèrèkaken ing pandhèrèkipun
langkung saking tiyang satus èwu.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Nalika pitulunging Allah lan
kamenangan wis teka,2811
2 Lan sira andeleng wong
malebu agamaning Allah byukbyukan.
2811. Kamenenangan ageng ingkang sampun dhateng, sarta ingkang lajeng tinungka ing Islamipun
bangsa Arab kalayan byuk-byukan, punika bedhahipun nagari Makkah nalika taun 8 Hijrah,
salajengipun ing taun candhakipun para wakilipun pancer-pancer Arab sami tumaruntun dhateng
manjing Islam. Rèhning piweca-piweca ageng lan anggumunaken bab Islamipun tanah Arab lan
telukipun tanah Arab punika sampun ketuhonan wahananipun kalayan cetha awéla-wéla makaten wau,
mila Kanjeng Nabi lajeng kaparingan sumerep, bilih ing sapunika sampun dumugi ing wanci
panjenenganipun sedhiya-sedhiya badhé sowan ing pangayunanipun Pangéran.
Surat 110
Pitulung
1693
3 Banjur mahasucèkna kalawan
pujining Pangéranira, sarta nyuwuna pangapura-Né;2812 sayekti
Panjenengané iku tansah abola-bali
(wilasa-Né).
2812. Ing ngriki Kanjeng Nabi dipun paringi dhawuh, bilih samangsa kamenangan ageng punika
sampun kagayuh, ingkang lajeng mahanani kasunyatanipun lslam sumorot ambalerengi lir péndah
surya ing wanci tengangé, ngantos para titiyang kathah lajeng sami ngrasuk agami Islam, boten kalayan
thar-thir satunggal kalih nanging kalayan byuk-byukan, kados déné ingkang kelampahan ing nalika
jaman bedhahipun nagari Makkah punika, panjenenganipun dipun dhawuhi mahaluhuraken Pangéran,
déné panjenenganipun sampun marengaken éwah-éwahan ingkang anggumunaken wau kelampahan
saèstu, sarta piweca-piweca dipun tuhoni saèstu wahananipun. Kajawi punika panjenenganipun ugi
kadhawuhan supados nyuwunaken pangapuntenipun Pangéran tumrap para titiyang ingkang sami
ngrasuk Islam ing wekdal wau. Awit yektinipun para titiyang wau boten namung dosa déné sampun
atindak sawenang-wenang dhateng Kanjeng Nabi Suci kémawon, nanging ugi atindak duraka
sanès-sanèsipun kathah sanget, ingkang pantes angsal siksaning Pangéran ingkang sanget. Rèhning
Kanjeng Nabi piyambak sampun ngapunten para titiyang wau tumrap sadaya tindak aniayanipun
ingkang katandukaken dhateng panjenenganipun tuwin dhateng para sahabatipun, tur anggènipun
ngapunten wau kalayan ikhlas lan lila-legawa, ingkang sapisan kémawon dèrèng naté wonten
saminipun wonten ing babad, mila Pangéran dhawuh supados panjenenganipun nyuwunaken pisan
pangapuntenipun Pangéran tumrap para mengsahipun ingkang wengis wau. Pranyata ing dalem babad
dèrèng naté wonten saminipun, tindak ingkang tuwuh saking budi luhur kados lekasipun Kanjeng Nabi
punika. Cobi, punapa wonten, tiyang ingkang menang ngapunten walaka sadaya tindak aniayaning
titiyang ingkang kalangkung déning sanget anggènipun nganiaya dhateng piyambakipun, kathik duk
ing kalanipun angsal kamenangan anggènipun ngapunten wau: mangka para ingkang ambeg siya wau
sadaya sampun sami pasrah bongkokan dhateng piyambakipun! Nadyan silih sénapatining prang
ingkang sakalangkung ageng ambegipun welasan, masa sageda ngapunten tanpa mawi midana
mengsahipun ingkang salamining gesang tansah ambudidaya badhé anyirnakaken ngantos tapis dhateng
piyambakipun lan pandhèrèkipun, ing wekdal kados déné nalika Kanjeng Nabi mintonaken
panggalihanipun ingkang ambeg welas wau, inggih punika nalika ngapunten mengsah-mengsahipun,
dalasan ingkang sakalangkung sanget wau. Préntah: “ngapuraa satrumu,” punika gampil kémawon
kaucapaken; nanging cobi kula aturi ngupadosi wonten ing babad, manawi wonten tunggilipun
satunggal kémawon, ngapunten ing satru bubuyutan, tur ing wekdal ingkang kados makaten wau.
Pangapunten ingkang kalubèraken déning Kanjeng Nabi, punika boten namung tumrap dosanipun
dhateng Kanjeng Nabi lan para sahabatipun kémawon, nanging lantaran panyuwunipun Kanjeng Nabi
dhateng Pangéran, ugi pangapuntening kadurakan tuwin dosanipun para titiyang wau dhateng
Pangéran, ingkang boten kénging boten mesthi angsal siksa saupami botena angsal syafa’atipun
Kanjeng Nabi. Ing dhawuh ngriki Kanjeng Nabi kadhawuhan ngecakaken syafa’atipun tumrap para
titiyang wau. Kalayan tentrem rahayu Kanjeng Nabi anggènipun mekasi sugengipun wonten ing
ngalam donya punika, awit nalika surutipun wau boten namung kanthi pamareming panggalih déné
sampun saged anggayuh maksuding sugengipun ingkang adiluhung sarta sampun saged ngangkat ing
ngaluhur para mitra tuwin para pandhèrèkipun nglenggahi papan ingkang inggil piyambak ingkang
saged ginayuh ing janma manusa, nanging langkung gung malih pamareming panggalihipun déné
panjenenganipun boten nandukaken pamales dhateng para titiyang ingkang nganiaya dhateng
panjenenganipun, wangsul ngapunten tur sakecap kémawon tanpa mawi melèhaken dhateng para
titiyang wau, kawimbuhan malih malah kepareng nyafangati para titiyang wau. Punika lo tuladhanipun
syafa’at ingkang boten kanggé nyafangati mitra nanging kanggé nyafangati mengsah! Punapa babad
naté nyebutaken tuladha sanès ingkang nyamèni punika?
____________
SURAT 111
AL-LAHAB
(Urub)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(5 ayat)
Katerangan gerban
Surat ingkang sampun mangandikakaken surutipun tiyang tulus ingkang kalayan tentrem rahayu,
margi sampun kadumugèn maksuding sugengipun. Surat punika nerangaken bilih para mengsahing
yakti ingkang awatek panas baranan, punika sami manggung gesang kalayan ngandhut memengsahan
lan sasatron, ingkang bénjing wonten ing akhirat badhé maujud wewèntèhan dados urubing latu. Awit
saking punika surat punika kanamakaken Urub. Miturut sadaya para ahli, surat punika èwoning dhawuh
ingkang tumurun ing jaman wiwitan.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Rusak tangané bapaking urub
karo pisan, sarta dhèwèké dhéwé
(iya) bakal rusak.2813
2 Bandhané lan pangasilané ora
bakal makolèhi marang dhèwèké.
2813. Tiyang ingkang awatek panas-baranan, kénging sinebut abu-lahab, bapaking urub, kados
déné syarîr utawi tiyang ingkang remen damel piawon punika inggih kénging kasebut abu-sy-syarr,
jawinipun bapaking piala, lan kados déné tiyang saé punika kénging sinebut abu-l-khair, jawinipun
bapaking kabecikan (Rz, AH). Ingkang misuwur nama Abu Lahab punika Abdu-l-‘Uzza, pamanipun
Kanjeng Nabi, inggih punika putranipun ingkang éyang Kanjeng Nabi, Abdul Muththalib. Ambokmanawi anggènipun karan makaten wau margi saking sangeting anggènipun mengsahi ing Kanjeng
Nabi. Dipun riwayataken nalika Kanjeng Nabi tampi dhawuh supados memèngeti krabat-krabatipun
ingkang celak, Kanjeng Nabi lajeng ngempalaken krabat-krabatipun wau sarta lajeng andhatengaken
dhawuhing Pangéran. Ing ngriku Abdul ‘Uzza lajeng wicanten: “Muga kowé nandhang cilaka! mung
perlu mangkéné iki anggonmu ngumpulaké aku kabèh iki?” (Bkh). Kacariyosaken ugi bilih Abdul
‘Uzza wau ngetutaken Kanjeng Nabi manawi panjenenganipun badhé mumulang sarwi wicanten
dhateng titiyang kathah bilih Kanjeng Nabi punika krabatipun ingkang sakit éwah. Dipun riwayataken
Abdul ‘Uzza punika pejahipun let pitung dinten kaliyan sasampunipun mireng pawartos bab asoring
juritipun titiyang Makkah ing paprangan Badr.
Tangan loro punika miturut sawenèh mufassir ateges al-jumlah, inggih punika Abu Lahab
piyambak, kados déné dhawuh Quran ing panggènan sanès: “Kang mangkono iku marga saka
panggawéné tanganira loro biyèn” (22 : 10), tegesipun: panggawénira biyèn. Nanging mufassir sanès
wonten ingkang nerangaken bilih tangan loro punika tegesipun agaminipun tuwin pangajengajengipun bangsa kadonyan (Rz).
Surat 111
Ut. lumebu
ing
Ut. uruburub
Urub
1695
3 Dhèwèké énggal bakal kobong
dadi geni kang murub,2814
4 Sarta rabiné, tukang anggèndhong pangala-ala,2815
5 Ing guluné ana kalungé arupa
dhadung nam-naman kang kukuh.2816
2814. Latu ingkang murub punika mathuk sanget manawi katerangaken dados siksanipun bapaking
urub, inggih punika siksa ingkang cocog kaliyan dosanipun kados déné ingkang kapratélakaken ing 78:
26.
2815. Sémahipun Abu lahab punika namanipun Ummi Jamilah, sadhèrèkipun èstri Abu Sufyan.
Piyambakipun punika wonten ing ngriki kasebut hammâlata-l-hathab, ingkang tegesipun wantah
tukang anggèndhong urub-urub; teges wantah punika limrah dipun anggé. Déné kateranganipun,
piyambakipun punika ageng dosanipun, awit kathah piawon ingkang sampun katindakaken nalika
milawani Kanjeng Nabi; tindakipun ingkang awon wau dados urub-urub, ingkang wasananipun
ngurubaken latu lan inggih punika ingkang dipun sedya. Makaten punika pahamipun Abu Muslim
tuwin Sa’id bin Jubair (Rz). Nanging Bkh nyarujuki kateranganipun Mjd, ingkang anerangaken bilih
;
hammâlata-l-hathab, utawi tukang anggèndhong urub-urub, punika
jawinipun
piyambakipun tukang nyebar-nyebaraken pawartos awon lumawan Kanjeng Nabi. Sarta hathab punika
tegesipun panyanyamah utawi pangawon-awon (Mgh, TA-LL) malah wonten ugi paribasan ingkang
ngepleki ukara ingkang kagem wonten ing ngriki punika, inggih punika tetembungan:
l
jawinipun dhèwèké kiter ana ing antarané wong akèh kalawan
anggawa pangala-ala (A-LL). Sarta hâthibu-l-lail jawinipun tiyang ingkang nyariyosaken barang
awon lan barang saé (TA-LL). Qatadah inggih kados makaten punika anggènipun nafsiri, sarta
panjenenganipun ugi anerangaken bilih Bok Abu Lahab wau damelanipun tukang nyebar-nyebaraken
pawartos awon bab Kanjeng Nabi (Rz).
2816. Tangsul saking dhadhung nam-naman punika ugi mahyakaken siksa ingkang laras kaliyan
dosanipun, awit dipun riwayataken bilih piyambakipun punika asring nglempakaken eri ingkang lajeng
dipun bongkok mawi dhadhung, dipun sunggi, lajeng dipun sebar wonten ing margi ingkang badhé
dipun langkungi déning Kanjeng Nabi.
______________
SURAT 112
AL-IKHLÂSH
(Mahatunggal)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(4 ayat)
Katerangan gerban
Menggah ing sajatos-jatosipun surat punika surat ingkang mangka panutupipun Quran Suci – déné
surat kakalih sambetipun, punika namung anerangaken kados pundi nyuwun pangayomanipun
Pangéran punika – sarta surat punika amahyakaken ringkesan lan pathining piwulangipun Quran Suci,
inggih punika ngundhangaken ing Mahatunggalipun Pangéran, sarta inggih awit saking kawontenan
punika déné surat punika kanamakaken Mahatunggal. Prakawis sanès-sanèsipun dhawah angka kalih
manawi katandhing kaliyan bab punika. Surat punika panunggilanipun dhawuh ingkang tumurun ing
jaman wiwitan, isi pambantah dhateng agami panembah-brahala lan agami Nasrani, makaten ugi
dhateng sawarnining pangandel kamusyrikan (mangéran kathah).
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Calathua: Panjenengané, Allah
iku Sawiji.
2 Allah iku Kang samubarang
iki gumantung marang Panjenengané.
3 Ora puputra lan ora pinutrakaké.
4 Lan ora ana siji-sijia kang
madhani Panjenengané.2817
2817. Pantes pinèngetan, surat Makkiyah jaman wiwitan punika, kalayan ukaranipun sakawan
ingkang cekak, anedahaken lepatipun ingkang enggel-enggel agami warni-warni, kalebet ugi agami
Nasrani. Ingkang wiwitan dhawuh punika ngundhangaken Kasawijènipun Pangéran ingkang murni,
dados angrebahaken sawarnining agami mangéran kathah, kalebet ugi pangandel tiga-tiganing
ngatunggal; awit Tauhid utawi Kasawijènipun Pangéran ingkang dipun karsakaken wonten ing surat
punika, Kasawijènipun Pangéran ingkang murni, lan boten angakeni ing wontenipun sawarnining
sesembahan kathah.
Ingkang kaping kalih, kadhawuhaken bilih Allah punika Ash-Shamâd. Tembung punika warniwarni sanget para mufassirin anggènipun negesi, nanging ingkang prayogi piyambak ingkang dipun
anggé negesi wonten ing ngriki punika, awit dipun riwayataken Kanjeng Nabi ngandikakaken, nalika
Surat 112
Mahatunggal
1697
.
dipun suwuni pirsa Ash-Shamâd punika punapa, makaten
jawinipun: Panjenengané iku Gusti Ingkang dadi paran endoning panyuwun tumrap sawarnining
kabutuhan (AH, Rz). Dhawuh pratélan bilih boten wonten barang satunggal kémawon ingkang boten
gumantung dhateng panjenenganipun, punika mengku karsa kanggé angleresaken lepatipun titiyang
ingkang gadhah panganggep, bilih wonten sawenèh barang, kadosta prakriti (guru bakal) lan jiwaning
manusa, punika wontenipun boten atas saking Pangéran Ingkang-Anitahaken. Piwulang makaten
punika mratah wonten ing India (Hindustan), mesthi botenipun yèn ta kauningan ing Kanjeng Nabi
Suci, jalaran piwulang wau boten kocap wonten ing agami-agami ingkang caket wonten ing
ngarsanipun Kanjeng Nabi.
Ayat ingkang angka tiga, anedahaken lepatipun agami-agami ingkang nyifati Pangéran kadi déné
rama utawi putra, kadosta agami Nasrani, ingkang mulangaken piyandel warni kalih punika sadaya,
utawi agaminipun panembah brahala titiyang Makkah, ingkang manut piwulangipun para malaikat
punika sami putra-putrinipun Allah.
Ayat ingkang angka sakawan nulak piwulang bangsanipun piwulang panitisan (Pangéran
manjalma), ingkang manawi manut piwulang wau manusa limrah dipun samèkaken kaliyan Pangéran.
Malih, syirk, utawi anjèjèri sekuthon dhateng Pangéran, punika wonten warni sakawan. Sapisan,
ngandel ing sesembahan kathah; kaping kalih, ngandel bilih barang-barang sanèsipun Allah wonten
ingkang anggadhahi sifat sampurna kados sifatipun Allah; kaping tiga, ngandel bilih wonten barang
ingkang magepokan sanak kaliyan Panjenenganipun; kaping sakawan, ngandel bilih wonten sanèsipun
malih kajawi Pangéran ingkang saged nindakaken barang rèh, ingkang pancènipun namung Allah
piyambak ingkang kawasa nindakaken. Syirk warni sakawan punika sadaya dipun tulak keras déning
ayat-ayatipun sakawan iji surat punika.
______________
SURAT 113
AL-FALAQ
(Bangun-énjing)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(5 ayat)
Katerangan gerban
Surat punika lan surat satunggalipun candhakipun, punika wigatos mulang ing manusa, nyuwun
reksa dhateng Allah punika kados pundi lan nyuwun pangayoman dhateng Allah punika kados pundi.
Rèhning bab prakawis punika sampun kasebutaken wonten ing dhawuh-dhawuh ingkang katurunaken
ing Makkah, kadosta ing surat 16 lan 41, dados manawi makaten surat kakalih punika mesthi inggih
tumurun ing Makkah, sarta kathah èmperipun kagolong jaman Makkah wiwitan. Dodongèngan warniwarni ingkang kacariyosaken déning sawenèh mufassirin, ingkang ngandharaken asal-usulipun surat
kakalih wau, punika boten pinanggih wonten ing hadits-hadits ingkang kénging dipun gondhèli, dados
awit saking punika dodongèngan wau kedah katulak. Dados, Quran punika kawiwitan kalayan nyuwun
pitulung dhateng Pangéran wonten ing lafadz Bismillâh, sarta pinungkasan kalayan nyuwun reksa ing
Pangéran wonten ing Mu’awwadhatain (saking ‘audhah, jawinipun pangayoman) inggih punika
sesebutanipun surat kakalih punika.
Kalawan
asmaning
Allah,
Ingkang-Mahamurah,
IngkangMahaasih.
1 Munjuka: Kawula nyuwun
ngayom ing Pangéraning bangun
énjing,2818
2 Saking awonipun samukawis
ingkang Katitahaken,
3 Saha saking awonipun dalu
ingkang peteng dhedhet lilimengan
nalikanipun dhateng.2819
2818. Falaq punika tegesipun plethèking raina (LL), wantahipun ateges mlethèk utawi bengkah;
déné mila plethèking raina winastan makaten, awit raina punika nembus pepeteng milanipun tembung
punika lajeng ateges cetha pratélanipun yakti ing sasampunipun katingal surem (TA-LL). Tembung
Pangéraning bangun énjing punika sampun boten wonten semang-semangipun malih mengku sasmita
amahyakaken bilih yakti badhé babar gumelar nadyan kalayan sarenti sarta marginipun Kanjeng Nabi
mesthi badhé menang.
2819. Gâsiq punika asal saking tembung gasaq, ingkang tegesipun peteng ndedhet (Rgh)
milanipun gâsiq punika lajeng ateges wanci dalu samangsa shafaq (utawi layung ing sasampunipun
serap surya) sampun ical (S, O, Q-LL), dados terangipun ateges pepeteng ingkang boten wonten
Surat 113
Bangun-énjing
1699
4 Punapa déné saking awonipun tiyang ingkang niyupaken
bobolèh awon dhateng bubundhelan.2820
5 Saha saking awonipun tiyang
drengki nalikanipun andrengkèni.2821
papadhangipun babar pisan sanajan saclèrètan, sarta ateges pepetenging rekaos ingkang sok dados
kanthining satunggaling prakawis, inggih punika pepeteng ingkang murugaken tiyang boten sumerep
ing margi. Awit saking punika dados mengku suraos bilih rawuhipun yakti, ingkang sapunika sampun
gumelar ngégla, punika boten badhé sinartan ing pepetenging rekaos ingkang saged adamel suremipun.
2820. Ing ngriki wonten tembungipun kalih ingkang perlu katerangaken, ingggih punika tembung
naffâtsât lan tembung ‘uqad tembung naffâtsât punika jama’-ipun tembung naffâts, inggih punika
rimbag isim fâ’il (kriya wacaka) ingkang dipun sangetaken saking tembung kriya nafatsa ingkang
tegesipun sakawit niyup utawi nyebul. Nanging manawi dipun sambeti ing tembung fî lajeng mengku
.
punika tegesipun Allah wus
teges sanès. Kadosta tetembungan
andhawahaké utawi andokok sawijining barang ana ing atiné (Msb-LL); tuwin
jawinipun misik marang atiku (JB, As). ‘Uqad punika jama’-ipun ‘uqadah, tegesipun bundhelan (LL).
Tuwin pancasaning satunggaling prakawis (TA-LL) lan nguwaosi, mranata lan ngruntutaken prakawis
(LL). Sarta ugi ateges janji pambangun turut utawi sumpah setya (LA, TA-LL). Milanipun
.
punika menggah ing sajatos-jatosipun ateges para ingkang masang
bobolèhan awon dhateng kakencenganipun manahing tiyang utawi dhateng pangrèhipun tiyang ing
prakawisipun. Dipun pèngetana nafatsât punika boten mesthi kedah tiyang èstri; tembung punika ugi
kanggé tumrap al-jama’at, utawi gogolonganipun titiyang kathah (Rz). Katrangan ingkang kula anggé
punika sami kaliyan kateranganipun Abu Muslim, namung wonten bédanipun sakedhik. Rz anggènipun
mastani kateranganipun Abu Muslim wau katerangan ingkang saé.
Ayat punika mangandikakaken rekaos ingkang angka kalih nalika mencaraken yakti utawi nalika
mangrèh prakawis ingkang limrah-limrah punika. Rekaos ingkang sapisan inggih punika: kalimputan
ing pepeteng ingkang ndhedhet lilimengan: rekaos ingkang angka kalih inggih punika: pepeteng
sumisih, nanging kekencengan badhé tetep ngantebi yakti punika taksih kémawon kawon kaliyan
bobolèhanipun awon para ingkang sami remen nasaraken ing ngasanès.
2821. Punika rekaos ingkang angka tiga. Sapunika yakti sarnpun menang, nanging tiyang ingkang
bentèr manahipun margi kamenanganipun yakti wau lan tiyang ingkang boten lila yakti lastantun
menang kaliyan panggorohan, punika taksih wonten. Milanipun, pangayomaning Pangéran taksih
kedah kasuwun, samangsa yakti sampun angsal kamenangan.
______________
SURAT 114
AN-NÂS
(Manusa)
KADHAWUHAKEN ING MAKKAH
(6 ayat)
Katerangan gerban
Purwaka ingkang mangka katranganing surat ingkang sampun ugi kénging kawaos wonten ing
ngriki.
Kalawan
asmaning
Allah
Ingkang-Mahamurah,
Ingkang
Mahaasih.
1 Munjuka: Kawula nyuwun
ngayom dhateng Pangéraning
manusa,
2 Ratuning manusa,
3 Sesembahaning manusa,
4 Saking awoning bibisikipun
(sétan) ingkang silib,
Ar.
dhadha
5 Ingkang abisik-bisik
manah-ing manusa,
ing
6 Saking golonganipun jin lan
manusa.2822
2822. Ayat-ayat punika kénging winastan jangkepipun surat ingkang sampun. Ing surat ingkang
sampun-sampun katerangaken piawon warni tiga ingkang saged ugi katindakaken kanggé milawani
margining yakti. Lah ing ngriki ingkang katerangaken piawon ingkang angka sakawan, piawon ingkang
ageng piyambak, inggih punika piawonipun sétan ingkang silib, ingkang dhatengipun kalayan
dhedhemitan lan nglebetaken bobolèhan awon dhateng manahipun manusa. Bibisik awon (panggodha)
saking sétan punika piawon ingkang ageng piyambak, awit tukipun wonten ing manahipun manusa
(ayat 5). Tembung khannâs punika ririmbagan saking khanasa, jawinipun boten ngatingal, lan ugi
ateges umpetan (TA-LL), al-khannâs tegesipun sétan, awit sétan makaten sumingid utawi sumamar
(Msb-LL).
Surat 114
Manusa
1701
Gusti Allah ing ngriki kasebut Pangéraning manusa, Ratuning manusa tuwin Sesembahanipun
manusa. “Pangéran” punika mengku raos “nguwaosi,” kados déné bandara nguwaosi abdinipun. “Ratu”
mengku raos langkung inggil malih, kados déné ratu dhateng rakyatipun. Déné “sesembahan,” punika
mengku raos nguwaosi ingkang kalayan sampurna saha ngudanéni dhateng sagung titah. Utawi, Rabb
punika Ingkang ngitik-itik lan Ingkang anggulawéntah ing manusa, Malik Ingkang nguwaosi manusa,
lan Ilâhi punika sesembahan, inggih punika ingkang kedah kadadosaken enering maksud gesangipun
tiyang.
______________

Similar documents